PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Samuèl 11
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku 2 Samuèl

      • Daud laku jina karo Bat-syéba (1-13)

      • Daud nggawé rencana bèn Uria mati (14-25)

      • Daud ndadèkké Bat-syéba dadi bojoné (26, 27)

2 Samuèl 11:1

Cathetan Ngisor

  • *

    Maksudé, musim semi.

Réferènsi Silang

  • +2Sam 12:26
  • +1Bb 20:1

2 Samuèl 11:2

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”wis arep peteng”.

2 Samuèl 11:3

Réferènsi Silang

  • +2Sam 12:24; 1Raj 1:11
  • +1Bb 3:5, 9
  • +2Sam 23:8, 39; 1Raj 15:5
  • +PD 10:15; PT 20:17

2 Samuèl 11:4

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”njemput”.

  • *

    Mungkin najis merga mènstruasi.

Réferènsi Silang

  • +Pa 20:14, 17
  • +Km 18:20; 20:10; WB 6:32; Ibr 13:4
  • +Km 12:2; 15:19; 18:19

2 Samuèl 11:8

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”lan wisuh sikilmu”.

  • *

    Utawa ”jatah raja”, yaiku jatah sing dikirim marang tamu penting.

2 Samuèl 11:11

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”demi uripé njenengan”.

Réferènsi Silang

  • +2Sam 6:17; 7:2
  • +Km 15:16; 1Sam 21:5

2 Samuèl 11:15

Réferènsi Silang

  • +Mzm 51:14; WB 3:29

2 Samuèl 11:17

Réferènsi Silang

  • +2Sam 12:9

2 Samuèl 11:21

Cathetan Ngisor

  • *

    Maksudé, Gidéon utawa Yérubaal. Deloken PH 6:32.

  • *

    Maksudé, bagéan ndhuwur saka watu gilingan tangan.

Réferènsi Silang

  • +PH 9:50-53
  • +PH 6:32; 7:1

2 Samuèl 11:24

Réferènsi Silang

  • +2Sam 11:17

2 Samuèl 11:25

Réferènsi Silang

  • +2Sam 12:26

2 Samuèl 11:27

Réferènsi Silang

  • +2Sam 5:13; 12:9
  • +PD 39:7-9; 1Raj 15:5; Mzm 5:6; 11:4; Ibr 13:4

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

2 Sam. 11:12Sam 12:26
2 Sam. 11:11Bb 20:1
2 Sam. 11:32Sam 12:24; 1Raj 1:11
2 Sam. 11:31Bb 3:5, 9
2 Sam. 11:32Sam 23:8, 39; 1Raj 15:5
2 Sam. 11:3PD 10:15; PT 20:17
2 Sam. 11:4Pa 20:14, 17
2 Sam. 11:4Km 18:20; 20:10; WB 6:32; Ibr 13:4
2 Sam. 11:4Km 12:2; 15:19; 18:19
2 Sam. 11:112Sam 6:17; 7:2
2 Sam. 11:11Km 15:16; 1Sam 21:5
2 Sam. 11:15Mzm 51:14; WB 3:29
2 Sam. 11:172Sam 12:9
2 Sam. 11:21PH 9:50-53
2 Sam. 11:21PH 6:32; 7:1
2 Sam. 11:242Sam 11:17
2 Sam. 11:252Sam 12:26
2 Sam. 11:272Sam 5:13; 12:9
2 Sam. 11:27PD 39:7-9; 1Raj 15:5; Mzm 5:6; 11:4; Ibr 13:4
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
  • 23
  • 24
  • 25
  • 26
  • 27
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
2 Samuèl 11:1-27

2 Samuèl

11 Ing awal taun,* pas raja-raja padha maju perang, Daud ngutus Yoab, para abdiné, lan kabèh pasukan Israèl kanggo matèni wong Ammon. Pasukan kuwi ngepung Raba,+ ning Daud tetep ana ing Yérusalèm.+

2 Pas soré-soré,* Daud tangi turu terus mlaku-mlaku ing atap istanané. Saka atap, dhèwèké ndelok ana wong wédok sing lagi adus. Wong wédok kuwi ayu banget. 3 Terus, Daud ngongkon wong bèn takon wong wédok kuwi sapa. Wong kuwi mènèhi laporan, ”Dhèwèké Bat-syéba+ anaké Èliam.+ Dhèwèké kuwi bojoné Uria+ wong Hèt.”+ 4 Bar kuwi, Daud ngirim utusan bèn methuk* wong wédok kuwi.+ Mula wong wédok kuwi mara, lan Daud turu karo dhèwèké.+ (Iki kelakon wektu wong wédok kuwi lagi ngresiki awaké merga najis.)*+ Bar kuwi, wong wédok mau bali menyang omahé.

5 Terus, wong wédok kuwi meteng, lan dhèwèké ngirim pesen marang Daud, ”Aku meteng.” 6 Wektu krungu kuwi, Daud ngirim pesen marang Yoab, ”Kongkonen Uria wong Hèt kuwi ngadhep aku.” Mula, Yoab ngongkon Uria ngadhep Daud. 7 Pas Uria teka, Daud takon soal keadaané Yoab, para prajurit, lan perangé. 8 Terus Daud kandha karo Uria, ”Mendhing saiki kowé mulih lan lèrèn.”* Pas Uria metu saka istana, Raja ngirim hadiah* marang dhèwèké. 9 Ning, Uria malah turu ing gerbang istana bareng karo para abdiné Raja. Dhèwèké ora bali ing omahé. 10 Daud éntuk laporan, ”Uria ora bali ing omahé.” Mula Daud nakoni Uria, ”Kowé kan lagi waé bali saka perjalanan, ta? Ngapa kok kowé ora bali ing omahmu?” 11 Uria njawab Daud, ”Pethiné Gusti Allah+ lan pasukan Israèl karo Yéhuda ana ing kémah-kémah. Yoab majikanku lan anak buahé ya lagi kémah ing padhang. Mosok aku malah bali ing omahku kanggo mangan lan ngombé, lan turu karo bojoku?+ Aku sumpah marang njenengan,* aku ora bakal kaya ngono.”

12 Terus Daud kandha marang Uria, ”Dina iki kowé kudu tetep manggon ing kéné. Sésuk aku bakal ngéntukké kowé lunga.” Mula, Uria tetep manggon ing Yérusalèm dina kuwi lan sésuké. 13 Bar kuwi, Daud ngundang Uria mangan lan ngombé bareng karo dhèwèké, terus Uria digawé mabuk. Ning benginé, Uria turu karo para abdiné Raja, lan ora mulih ing omahé. 14 Sésuké, Daud nulis surat kanggo Yoab lan ngirim surat kuwi liwat Uria. 15 Daud nulis, ”Kowé kudu ngatur bèn Uria ana ing barisan sing ngarep dhéwé, sing paling bahaya, terus kowé kudu ninggalké Uria ing kana bèn dhèwèké diserang lan mati.”+

16 Wektu kuwi, Yoab wis ngamati tenan kutha kuwi. Yoab ngerti ing endi ana mungsuh-mungsuh sing kuwat. Terus, Uria dikongkon bèn ana ing kono. 17 Pas wong-wong ing kutha kuwi metu lan nyerang Yoab, sebagéan prajurité Daud mati, termasuk Uria wong Hèt kuwi.+ 18 Bar kuwi, Yoab kandha marang Daud soal perang kuwi. 19 Yoab kandha marang wong sing dikongkon nemoni Daud, ”Sakwisé kowé rampung nglaporké kabèh soal perang iki marang Raja, 20 mungkin Raja bakal nesu lan kandha, ’Ngapa kok kowé maju perang nganti cedhak banget karo kutha? Apa kowé ora ngerti nèk wong-wong kuwi bakal manah saka ndhuwur témbok? 21 Sapa sing marahi Abimèlèkh+ anaké Yérubèsyèt*+ mati? Dhèwèké mati ing Tèbèz merga ana wong wédok sing nguncalké watu gilingan* saka ndhuwur témbok. Ngapa kok kowé nganti cedhak banget karo témbok?’ Nèk Raja kandha kaya ngono, jawaben, ’Uria abdimu, wong Hèt, ya mati.’”

22 Terus, utusan kuwi mangkat lan nyampèkké marang Daud kabèh sing wis dipréntahké Yoab mau. 23 Bar kuwi, utusan kuwi kandha marang Daud, ”Pasukané mungsuh luwih kuwat. Wong-wong kuwi metu kanggo nglawan aku kabèh nganti tekan padhang. Ning, wong-wong kuwi isa tak gawé mundur tekan gerbang kutha. 24 Terus, wong-wong sing ana ing ndhuwur témbok manah para abdimu iki. Dadi, ana sebagéan sing mati. Uria wong Hèt kuwi ya mati.”+ 25 Pas krungu kuwi, Daud kandha marang utusan mau, ”Kowé kudu ngomong ngéné karo Yoab, ’Kowé ora usah kuwatir soal iki, merga sapa waé isa mati pas perang. Kowé kudu luwih tenanan nyerang lan ngremuk kutha kuwi.’+ Kowé kudu nyemangati Yoab.”

26 Pas bojoné Uria krungu nèk Uria wis mati, dhèwèké nangisi bojoné. 27 Sakwisé dhèwèké ora nduduhké rasa sedhihé manèh, Daud ngutus wong kanggo nggawa wong wédok kuwi menyang istana. Terus, wong wédok kuwi dadi bojoné Daud+ lan nglairké anak lanang. Ning, tumindaké Daud iki bener-bener nggawé Yéhuwah ora seneng.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim