Mazmur
Lagu sing digawé Daud pas dhèwèké ana ing padhang belantara Yéhuda.+
63 Oh Gusti Allah, Njenengan kuwi Gusti Allahku.+
Aku péngin banget ngabdi marang Njenengan.+
Ing tanah sing tandus, sing ora ana banyuné,+
Aku terus nggolèki Njenengan merga aku kangen banget karo Njenengan.
2 Iki perasaanku wektu aku ndelok Njenengan ing panggonan suci.
Iki sing tak rasakké wektu aku ndelok kekuwatan lan kemuliaan-Mu.+
4 Aku bakal muji Njenengan sakjegé uripku.
Pas aku ndonga, aku bakal nyebut jeneng-Mu.
5 Aku bakal puas kaya wong sing wareg merga mangan panganan sing paling apik.*
Aku bakal muji Njenengan karo rasa seneng.+
6 Aku mikirké Njenengan pas aku ana ing panggonanku turu.
Sewengi muput, aku mikirké tenanan soal Njenengan.+
7 Njenengan kuwi sing nulungi aku.+
Ing ngisoré sayap-Mu, aku bakal sorak-sorak merga seneng.+
8 Aku terus cedhak karo Njenengan.
Tangan-Mu tengen nyekel kenceng aku.+
9 Wong sing péngin matèni aku
Bakal mati.
10 Wong-wong kuwi bakal dipatèni nganggo pedhang
Lan dipangan asu liar.*
11 Ning, raja bakal ngrasa seneng merga dadi kancané Gusti Allah.
Wong sing sumpah nganggo jenengé Gusti Allah bakal muji Dhèwèké,*
Merga Dhèwèké bakal mbungkem cangkemé wong sing seneng ngapusi.