PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yèhèzkièl 9
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Yèhèzkièl

      • Wong lanang enem lan wong lanang siji sing nduwé wadhah alat tulis (1-11)

        • Penghakiman dimulai saka panggonan suci (6)

Yèhèzkièl 9:1

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”Celuken”.

Yèhèzkièl 9:2

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”wadhah tinta sekretaris”.

Réferènsi Silang

  • +Yér 20:2; Yèh 8:3
  • +2Bb 4:1

Yèhèzkièl 9:3

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”nyeluk”.

Réferènsi Silang

  • +Yèh 3:23; 8:3, 4; 11:22
  • +Yèh 10:4

Yèhèzkièl 9:4

Réferènsi Silang

  • +Mzm 119:53; 2Ptr 2:7, 8
  • +Yèh 5:11

Yèhèzkièl 9:5

Réferènsi Silang

  • +Pa 32:26, 27; Yèh 7:4

Yèhèzkièl 9:6

Réferènsi Silang

  • +2Bb 36:17
  • +Pa 12:23; Yos 2:17-19; Why 9:4
  • +2Raj 25:18, 21; Yér 25:29
  • +Yèh 8:11

Yèhèzkièl 9:7

Réferènsi Silang

  • +KP 2:21

Yèhèzkièl 9:8

Réferènsi Silang

  • +PD 18:23; Yèh 11:13

Yèhèzkièl 9:9

Réferènsi Silang

  • +2Bb 36:14; Yés 1:4
  • +2Raj 21:16; Yér 2:34; Mat 23:30
  • +Yèh 22:29
  • +Yés 29:15; Yèh 8:12

Yèhèzkièl 9:10

Réferènsi Silang

  • +Yèh 5:11; 7:4

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

Yèh. 9:2Yér 20:2; Yèh 8:3
Yèh. 9:22Bb 4:1
Yèh. 9:3Yèh 3:23; 8:3, 4; 11:22
Yèh. 9:3Yèh 10:4
Yèh. 9:4Mzm 119:53; 2Ptr 2:7, 8
Yèh. 9:4Yèh 5:11
Yèh. 9:5Pa 32:26, 27; Yèh 7:4
Yèh. 9:62Bb 36:17
Yèh. 9:6Pa 12:23; Yos 2:17-19; Why 9:4
Yèh. 9:62Raj 25:18, 21; Yér 25:29
Yèh. 9:6Yèh 8:11
Yèh. 9:7KP 2:21
Yèh. 9:8PD 18:23; Yèh 11:13
Yèh. 9:92Bb 36:14; Yés 1:4
Yèh. 9:92Raj 21:16; Yér 2:34; Mat 23:30
Yèh. 9:9Yèh 22:29
Yèh. 9:9Yés 29:15; Yèh 8:12
Yèh. 9:10Yèh 5:11; 7:4
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Yèhèzkièl 9:1-11

Yèhèzkièl

9 Terus, aku krungu Dhèwèké ngomong nganggo swara sing banter, ”Undangen* wong-wong sing bakal ngukum kutha iki. Saben wong kuwi kudu nggawa senjata kanggo ngancurké.”

2 Aku ndelok wong lanang enem teka saka arah gerbang ndhuwur+ sing madhep ngalor. Saben wong lanang kuwi nggawa senjata kanggo ngancurké. Ana manèh wong lanang siji sing nganggo klambi linèn, lan ing pinggangé ana wadhah alat tulis sekretaris.* Pas mlebu, kabèh wong lanang kuwi ngadeg ing sampingé mézbah tembaga.+

3 Terus, kemuliaané Gusti Allahé Israèl+ munggah saka panggonané, yaiku ing ndhuwuré kerub-kerub, lan pindhah ing lawang bait.+ Bar kuwi, Gusti Allah ngundang* wong lanang sing nganggo klambi linèn lan sing ing pinggangé ana wadhah alat tulis sekretaris mau. 4 Yéhuwah kandha marang wong kuwi, ”Mlakua ngubengi kutha Yérusalèm, terus wènèhana tandha ing bathuké wong-wong sing padha sambat lan susah+ merga kabèh perkara njijiki sing ditindakké ing kutha kuwi.”+

5 Bar kuwi, Dhèwèké kandha marang wong lanang enem mau, ”Mlakua ngetutké wong kuwi ngubengi kutha Yérusalèm, terus serangen wong-wong ing kono. Aja ngrasa mesakké, lan aja perduli karo bangsa kuwi.+ 6 Patènana kabèh wong lanang, embuh kuwi sing tuwa utawa sing enom, prawan, cah cilik, lan wong wédok.+ Ning, wong sing ana tandhané aja mbok patèni.+ Kowé kudu mulai saka panggonan suci-Ku.”+ Mula, wong-wong kuwi matèni dhisik para pemimpin sing ana ing ngarep bait.+ 7 Terus Dhèwèké kandha marang wong-wong kuwi, ”Gawénen bait kuwi dadi najis, lan kebakana halamané nganggo mayat-mayat.+ Wis ndang mangkata.” Mula, wong-wong kuwi mangkat lan matèni kabèh wong ing kutha.

8 Wong-wong padha dipatèni, mung aku thok sing ora dipatèni. Pas kuwi, aku langsung sujud lan mbengok, ”Adhuh, Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. Pas Njenengan nesu banget karo Yérusalèm,+ apa Njenengan bakal matèni kabèh wong Israèl sing isih urip?”

9 Mula Dhèwèké kandha marang aku, ”Kesalahané wong Israèl lan Yéhuda kuwi gedhé, gedhé banget.+ Ing tanah iki, akèh banget sing dipatèni,+ lan ing kutha iki ya akèh banget sing tumindaké bejat.+ Wong-wong padha kandha, ’Yéhuwah wis ninggalké tanah iki. Yéhuwah ora bakal ngerti.’+ 10 Aku ora bakal ngrasa mesakké, lan Aku ya ora bakal perduli karo bangsa kuwi.+ Aku bakal mbales bangsa kuwi sesuai karo kelakuané.”

11 Terus, aku ndelok wong lanang sing nganggo klambi linèn lan sing ing pinggangé ana wadhah alat tulis sekretaris kuwi bali lan mènèhi laporan, ”Aku wis nindakké persis kaya sing Njenengan préntahké.”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim