Mazmur
Lagu kanggo ngucap syukur.
100 Hé kabèh wong ing bumi, ayo padha sorak-sorak lan muji Yéhuwah.+
2 Kowé kudu ngrasa seneng wektu nyembah Yéhuwah.+
Ayo padha mara ing ngarepé lan sorak-sorak.
3 Kowé kudu ngerti nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah.+
Dhèwèké sing nyiptakké awaké dhéwé, lan awaké dhéwé kuwi duwèké.*+
Awaké dhéwé kuwi umaté lan domba sing diangon Dhèwèké.+
4 Ayo padha mara ing gerbang baité karo ngucap syukur.+
Ayo padha muji Dhèwèké ing halaman baité.+