1 Yohanes
1 Aku nulis surat marang kowé soal dhèwèké sing wis ana kèt mbiyèn, yaiku sing mènèhi omongan sing marahi urip.+ Aku wis ngrungokké, ndelok, ngamati, lan ndemèk dhèwèké. 2 (Urip saklawasé wis diduduhké marang aku. Aku wis ndelok, martakké,+ lan ngandhani kowé soal urip saklawasé+ sing asalé saka Bapak, sing wis diduduhké marang aku.) 3 Apa sing wis tak delok lan tak rungokké kuwi tak critakké marang kowé+ bèn kowé bersatu karo aku, kaya aku bersatu karo Bapak lan Anaké, yaiku Yésus Kristus.+ 4 Aku nulis soal iki bèn awaké dhéwé isa bener-bener bahagia.
5 Iki berita sing tak rungokké saka Yésus, lan saiki tak critakké marang kowé: Gusti Allah kuwi sumberé cahaya+ lan ora ana petengé babar blas. 6 Nèk awaké dhéwé kandha, ”Aku bersatu karo Gusti Allah,” ning tetep mlaku ing petengan,* kuwi artiné awaké dhéwé ngapusi lan ora nindakké apa sing bener.+ 7 Ning, nèk awaké dhéwé mlaku ing cahaya,* kaya Gusti Allah ya ana ing cahaya, awaké dhéwé bakal bersatu. Getihé Anaké, yaiku Yésus, ngresiki awaké dhéwé saka kabèh dosa.+
8 Nèk awaké dhéwé kandha, ”Aku ora nduwé dosa,” kuwi artiné awaké dhéwé ngapusi*+ lan ora percaya karo ajaran sing bener. 9 Gusti Allah kuwi setya lan adil. Mula, nèk awaké dhéwé ngakoni dosa, Dhèwèké bakal ngapura dosané awaké dhéwé lan ngresiki awaké dhéwé saka kabèh tumindak sing jahat.+ 10 Nèk awaké dhéwé kandha, ”Aku ora tau nindakké dosa,” kuwi artiné awaké dhéwé nganggep nèk Gusti Allah kuwi tukang ngapusi, lan omongané ora ana ing atiné awaké dhéwé.