Mazmur
Kanggo pemimpin musik. Lagu sing digawé Daud.
41 Wong sing mbantu wong cilik kuwi bahagia.+
Yéhuwah bakal nylametké dhèwèké pas ana kesusahan.
2 Yéhuwah bakal njaga dhèwèké bèn dhèwèké tetep urip.
Wong liya bakal ngerti nèk dhèwèké bahagia.+
Njenengan ora bakal nyerahké dhèwèké marang mungsuhé.*+
3 Wektu dhèwèké lara, Yéhuwah ora bakal ninggalké dhèwèké.+
Njenengan bakal ngrawat dhèwèké wektu lara.
4 Aku ngomong, ”Oh Yéhuwah, tulung mesakké aku.+
Bantu aku bèn ndang mari,+ merga aku wis dosa marang Njenengan.”+
5 Ning, mungsuh-mungsuhku ngomong sing èlèk soal aku,
”Muga-muga dhèwèké ndang mati bèn ora diéling-éling manèh.”
6 Nèk salah siji mungsuhku kuwi marani aku, sakjané niaté ora tulus.
Dhèwèké ngumpulké keterangan sing ora apik soal aku,
Terus dhèwèké lunga lan nyritakké kuwi ing endi-endi.
7 Kabèh sing sengit karo aku padha bisik-bisik.
Wong-wong kuwi nggawé rencana jahat kanggo aku lan kandha,
8 ”Dhèwèké kena penyakit sing parah.*
Dhèwèké mung isa turonan lan ora bakal isa mari.”+
10 Oh Yéhuwah, tulung mesakké aku lan bantu aku bèn ndang mari,
Bèn aku isa mbales wong-wong kuwi.
11 Aku bakal ngerti nèk Njenengan seneng karo aku
Nèk mungsuh-mungsuhku ora isa menang nglawan aku.+
12 Njenengan ndhukung aku merga aku setya karo Njenengan.+
Njenengan bakal seneng karo aku nganti saklawasé.+
Amin lan Amin.