Mazmur
Lagu pujian sing digawé Daud.
א [Alef]
145 Oh Gusti Allahku lan Rajaku,+ aku bakal ngluhurké Njenengan.
Aku bakal muji jeneng-Mu saklawasé.+
ב [Bet]
2 Saben dina aku bakal muji Njenengan.+
Aku bakal muji jeneng-Mu saklawasé.+
ג [Gimel]
3 Yéhuwah kuwi hébat lan pantes dipuji.+
Tumindaké hébat banget lan ora isa dipahami.+
ד [Dalet]
4 Wektu ndelok tumindak-Mu, wong-wong bakal muji Njenengan nganti turun-temurun.
Wong-wong kuwi bakal nyritakké soal tumindak-Mu sing hébat.+
ה [He]
5 Wong-wong kuwi bakal nyritakké soal kekuwatan-Mu sing hébat,+
Lan aku bakal mikirké soal tumindak-Mu sing luar biasa.
ו [Waw]
6 Wong-wong kuwi bakal nyritakké soal tumindak-Mu* sing luar biasa,
Lan aku bakal nyritakké nèk Njenengan kuwi hébat banget.
ז [Zayin]
7 Wong-wong kuwi bakal muji Njenengan merga Njenengan wis apikan banget,+
Lan wong-wong kuwi bakal sorak-sorak merga Njenengan adil.+
ח [Het]
ט [Tet]
9 Yéhuwah kuwi apikan karo kabèh ciptaané,+
Lan sifaté sing gampang mesakké kétok saka kabèh tumindaké.
י [Yod]
10 Oh Yéhuwah, kabèh ciptaan-Mu bakal ngluhurké Njenengan,+
Lan para abdi-Mu sing setya bakal muji Njenengan.+
כ [Kaf]
מ [Mem]
13 Pamréntahan-Mu bakal ana sakterusé,
Lan Njenengan bakal mréntah nganti saklawasé.+
ס [Samekh]
ע [Ayin]
15 Kabèh wong njaluk tulung marang Njenengan.
Njenengan mènèhi pangan wong-wong kuwi pas wektuné.+
פ [Pe]
צ [Tsade]
17 Yéhuwah mesthi nindakké sing bener,+
Lan kabèh sing ditindakké mbuktèkké nèk Dhèwèké setya.+
ק [Qof]
18 Yéhuwah cedhak karo kabèh wong sing njaluk tulung marang Dhèwèké,+
Yaiku sing tulus njaluk tulung marang Dhèwèké.+
ר [Res]
19 Dhèwèké mènèhi kabèh sing dipéngini wong-wong sing wedi marang* Dhèwèké.+
Dhèwèké ngrungokké dongané lan nylametké wong-wong kuwi.+
ש [Syin]
20 Yéhuwah nglindhungi kabèh wong sing sayang karo Dhèwèké,+
Ning kabèh wong sing jahat bakal dipatèni.+
ת [Taw]
21 Aku bakal muji Yéhuwah.+
Kabèh sing urip* bakal muji jenengé sing suci nganti saklawasé.+