PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yérémia 23
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Yérémia

      • Gembala sing apik lan sing jahat (1-4)

      • ”Keturunan sing tumindaké bener” bakal mréntah (5-8)

      • Nabi-nabi palsu bakal dihukum (9-32)

      • ”Beban saka Yéhuwah” (33-40)

Yérémia 23:1

Réferènsi Silang

  • +Yér 10:21; 50:6; Yèh 34:2

Yérémia 23:2

Réferènsi Silang

  • +Yèh 34:5

Yérémia 23:3

Réferènsi Silang

  • +Yés 11:11; 35:10; Yér 29:14; 31:8
  • +Yér 50:19; Yèh 34:14; Mi 2:12
  • +PT 30:3, 5; Am 9:14; Za 10:8

Yérémia 23:4

Réferènsi Silang

  • +Yér 3:15; Yoh 21:15; Kis 20:28

Yérémia 23:5

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”tunas”.

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +Yés 11:1; 53:2; Yér 33:15, 16; Za 3:8; Mat 2:23
  • +Luk 1:32, 33
  • +Yés 9:7; 11:3, 4; 32:1

Yérémia 23:6

Réferènsi Silang

  • +Za 10:6
  • +PT 33:28; Yér 32:37; Za 14:11
  • +Yés 54:17

Yérémia 23:7

Réferènsi Silang

  • +Yér 16:14, 15

Yérémia 23:8

Réferènsi Silang

  • +Yés 43:5; Yèh 34:13; Zéf 3:20

Yérémia 23:10

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”wong sing ora setya marang Gusti Allah”.

Réferènsi Silang

  • +Yér 3:8, 9; 5:7; 13:27; Yèh 22:11
  • +Yés 24:4; Yl 1:10
  • +Yér 12:4

Yérémia 23:11

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”padha dadi najis”.

Réferènsi Silang

  • +Yés 28:7; Yér 5:31; 6:13; Yèh 22:25; Zéf 3:4
  • +2Bb 33:1, 5; 36:14; Yér 7:11; Yèh 8:10, 11; 23:39

Yérémia 23:12

Réferènsi Silang

  • +Yér 13:16

Yérémia 23:13

Réferènsi Silang

  • +Yèh 16:46

Yérémia 23:14

Réferènsi Silang

  • +Yér 29:21, 23
  • +Yér 23:26
  • +Yés 3:9
  • +PD 18:20; PT 32:32; Yés 1:10; Yud 7

Yérémia 23:15

Réferènsi Silang

  • +Yér 8:14; 9:15

Yérémia 23:16

Réferènsi Silang

  • +Yér 27:9; 29:8
  • +KP 2:14
  • +Yér 14:14; Yèh 13:3; 22:28

Yérémia 23:17

Réferènsi Silang

  • +Yér 4:10; 6:13, 14; 8:11; Yèh 13:10
  • +Mi 3:11

Yérémia 23:19

Réferènsi Silang

  • +Yér 25:32; 30:23, 24

Yérémia 23:21

Réferènsi Silang

  • +Yér 14:14; 27:15; 29:8, 9

Yérémia 23:22

Réferènsi Silang

  • +Yér 25:4, 5

Yérémia 23:24

Réferènsi Silang

  • +PD 16:7, 13; WB 15:3; Am 9:2; Ibr 4:13
  • +Mzm 139:7

Yérémia 23:25

Réferènsi Silang

  • +PT 18:20; Yér 27:9; 29:21, 23

Yérémia 23:26

Réferènsi Silang

  • +Yér 14:14

Yérémia 23:27

Réferènsi Silang

  • +PH 3:7; 2Raj 21:1, 3

Yérémia 23:29

Réferènsi Silang

  • +Yér 5:14
  • +Ibr 4:12

Yérémia 23:30

Réferènsi Silang

  • +PT 18:20; Yér 14:15; Yèh 13:2, 3

Yérémia 23:31

Réferènsi Silang

  • +Yèh 13:7

Yérémia 23:32

Réferènsi Silang

  • +Zéf 3:4
  • +Yér 7:8; KP 2:14

Yérémia 23:33

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”Berita sing mbebani iki”. Kata Ibraniné artiné isa loro, yaiku ”berita sing penting saka Gusti Allah” lan ”sesuatu sing dadi beban”.

Réferènsi Silang

  • +Yér 12:7

Yérémia 23:40

Réferènsi Silang

  • +Yér 24:9; 42:18; KP 5:20; Dan 9:16

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

Yér. 23:1Yér 10:21; 50:6; Yèh 34:2
Yér. 23:2Yèh 34:5
Yér. 23:3Yés 11:11; 35:10; Yér 29:14; 31:8
Yér. 23:3Yér 50:19; Yèh 34:14; Mi 2:12
Yér. 23:3PT 30:3, 5; Am 9:14; Za 10:8
Yér. 23:4Yér 3:15; Yoh 21:15; Kis 20:28
Yér. 23:5Yés 11:1; 53:2; Yér 33:15, 16; Za 3:8; Mat 2:23
Yér. 23:5Luk 1:32, 33
Yér. 23:5Yés 9:7; 11:3, 4; 32:1
Yér. 23:6Za 10:6
Yér. 23:6PT 33:28; Yér 32:37; Za 14:11
Yér. 23:6Yés 54:17
Yér. 23:7Yér 16:14, 15
Yér. 23:8Yés 43:5; Yèh 34:13; Zéf 3:20
Yér. 23:10Yér 3:8, 9; 5:7; 13:27; Yèh 22:11
Yér. 23:10Yés 24:4; Yl 1:10
Yér. 23:10Yér 12:4
Yér. 23:11Yés 28:7; Yér 5:31; 6:13; Yèh 22:25; Zéf 3:4
Yér. 23:112Bb 33:1, 5; 36:14; Yér 7:11; Yèh 8:10, 11; 23:39
Yér. 23:12Yér 13:16
Yér. 23:13Yèh 16:46
Yér. 23:14Yér 29:21, 23
Yér. 23:14Yér 23:26
Yér. 23:14Yés 3:9
Yér. 23:14PD 18:20; PT 32:32; Yés 1:10; Yud 7
Yér. 23:15Yér 8:14; 9:15
Yér. 23:16Yér 27:9; 29:8
Yér. 23:16KP 2:14
Yér. 23:16Yér 14:14; Yèh 13:3; 22:28
Yér. 23:17Yér 4:10; 6:13, 14; 8:11; Yèh 13:10
Yér. 23:17Mi 3:11
Yér. 23:19Yér 25:32; 30:23, 24
Yér. 23:21Yér 14:14; 27:15; 29:8, 9
Yér. 23:22Yér 25:4, 5
Yér. 23:24PD 16:7, 13; WB 15:3; Am 9:2; Ibr 4:13
Yér. 23:24Mzm 139:7
Yér. 23:25PT 18:20; Yér 27:9; 29:21, 23
Yér. 23:26Yér 14:14
Yér. 23:27PH 3:7; 2Raj 21:1, 3
Yér. 23:29Yér 5:14
Yér. 23:29Ibr 4:12
Yér. 23:30PT 18:20; Yér 14:15; Yèh 13:2, 3
Yér. 23:31Yèh 13:7
Yér. 23:32Zéf 3:4
Yér. 23:32Yér 7:8; KP 2:14
Yér. 23:33Yér 12:7
Yér. 23:40Yér 24:9; 42:18; KP 5:20; Dan 9:16
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
  • 23
  • 24
  • 25
  • 26
  • 27
  • 28
  • 29
  • 30
  • 31
  • 32
  • 33
  • 34
  • 35
  • 36
  • 37
  • 38
  • 39
  • 40
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Yérémia 23:1-40

Yérémia

23 ”Cilaka tenan gembala-gembala sing matèni lan nggawé domba-domba sing ana ing padhang rumput-Ku dadi kesebar,” kandhané Yéhuwah.+

2 Kuwi sebabé iki kandhané Yéhuwah Gusti Allahé Israèl marang para gembala sing mimpin umat-Ku: ”Kowé nggawé domba-domba-Ku kesebar. Kowé terus-terusan nggawé domba-domba-Ku mencar lan ora ngopèni domba-domba kuwi.”+

”Mula Aku bakal ngukum kowé merga tumindakmu sing jahat,” kandhané Yéhuwah.

3 ”Aku bakal ngumpulké domba-domba-Ku sing isih urip sing wis Tak pencarké ing negara-negara liya,+ terus Tak gawa bali menyang padhang rumputé.+ Domba-domba kuwi bakal nduwé anak lan jumlahé saya akèh.+ 4 Aku bakal milih gembala-gembala sing bener-bener ngopèni domba-domba kuwi.+ Domba-domba kuwi bakal seneng, ora ngrasa wedi, lan ora ana sing bakal ilang,” kandhané Yéhuwah.

5 Yéhuwah kandha, ”Bakal tekan wektuné Aku mènèhi Daud keturunan* sing tumindaké bener.+ Ana raja sing bakal mréntah.+ Raja kuwi wicaksana* lan nindakké apa sing adil lan sing bener ing tanah iki.+ 6 Ing jamané, Yéhuda bakal dislametké+ lan Israèl bakal manggon aman.+ Jenengé raja kuwi yaiku ’Sing Bener Kuwi Asalé saka Yéhuwah.’”+

7 Yéhuwah kandha, ”Mula bakal tekan wektuné, wong-wong ora bakal kandha manèh, ’Demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip sing nggawa wong Israèl metu saka Mesir.’+ 8 Ning bakal kandha, ’Demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, sing nggawa metu lan nggawa bali keturunané Israèl saka tanah lor lan saka tanah panggonané wong-wong kuwi disebar.’ Wong-wong kuwi ya bakal manggon ing tanahé dhéwé.”+

9 Aku kandha marang para nabi palsu:

Ing njero dhadhaku, atiku remuk.

Kabèh balungku gemeter.

Wektu krungu soal omongané Yéhuwah sing suci,

Aku dadi kaya wong mabuk lan kaya wong sing kakèhan ngombé anggur.

10 Tanah iki kebak wong sing laku jina.*+

Kutukan nggawé tanah iki dadi sedhih+ lan nggawé padhang rumput ing padhang belantara dadi garing.+

Wong-wong kuwi tumindak jahat lan nggunakké kekuasaané nganggo cara sing ora adil.

11 ”Nabi utawa imam wis padha murtad.*+

Malah ing omah-Ku dhéwé, Aku ndelok kejahatané wong-wong kuwi,”+ kandhané Yéhuwah.

12 ”Mula, dalané wong-wong kuwi bakal dadi lunyu lan peteng.+

Wong-wong kuwi bakal disurung lan tiba.

Aku bakal mènèhi bencana marang wong-wong kuwi

Ing taun wong-wong kuwi dihukum,” kandhané Yéhuwah.

13 ”Aku ndelok nèk para nabi ing Samaria+ kuwi njijiki.

Para nabi kuwi ngramal nganggo jenengé Baal lan nyesatké umat-Ku Israèl.

14 Aku ndelok perkara-perkara sing medèni ing antarané para nabi ing Yérusalèm.

Para nabi kuwi padha laku jina+ lan senengané ngapusi.+

Para nabi kuwi ndhukung wong-wong sing jahat.

Ora ana sing mertobat saka kejahatané.

Kanggo-Ku, wong-wong kuwi kaya Sodom+

Lan penduduké kaya Gomora.”+

15 Kuwi sebabé iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan soal para nabi:

”Aku bakal nggawé para nabi kuwi mangan tanduran pait.

Aku bakal mènèhi para nabi kuwi banyu sing ana racuné bèn diombé.+

Kuwi merga para nabi ing Yérusalèm wis nggawé wong-wong ing kabèh wilayah ing tanah iki dadi murtad.”

16 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan:

”Aja ngrungokké omongané para nabi sing nyampèkké ramalan marang kowé.+

Para nabi kuwi nyesatké kowé.

Wahyu sing diomongké para nabi kuwi asalé saka pikirané dhéwé,+

Dudu saka Yéhuwah.+

17 Para nabi kuwi bola-bali kandha marang wong-wong sing ora ngajèni Aku,

’Yéhuwah kandha, ”Kowé bakal ngrasakké damai.”’+

Marang saben wong sing manut karo atiné sing ndableg, para nabi kuwi kandha,

’Kowé ora bakal kena bencana.’+

18 Sapa sing ngadeg ing antarané wong-wong sing akrab karo Yéhuwah

Bèn isa ngrungokké lan paham omongané Gusti Allah?

Sapa sing nggatèkké omongané Gusti Allah lan ngrungokké kuwi?

19 Nesuné Yéhuwah bakal ujug-ujug teka kaya badai.

Nesuné bakal kaya badai sing ngenani wong jahat.+

20 Yéhuwah bakal nesu terus nganti Dhèwèké isa nindakké lan nggawé bèn karepé kelakon.

Ing dina-dina terakhir, kowé bakal ngerti tenan kabèh iki.

21 Aku ora ngutus para nabi kuwi, ning para nabi kuwi padha mangkat nurut karepé dhéwé.

Aku ora ngomong marang para nabi kuwi, ning para nabi kuwi nyampèkké ramalan.+

22 Misalé wong-wong kuwi ngadeg ing antarané wong-wong sing akrab karo Aku,

Wong-wong kuwi mesthi wis nggawé umat-Ku ngrungokké omongan-Ku lan nggawé umat-Ku ora nindakké manèh apa sing èlèk lan sing jahat.”+

23 Yéhuwah kandha, ”Apa Aku iki Gusti Allah mung pas cedhak karo kowé? Pas adoh saka kowé, Aku ya tetep Gusti Allah.”

24 Yéhuwah takon, ”Apa wong isa ndhelik ing panggonan sing ora kétok lan Aku ora ngerti?”+

Yéhuwah takon, ”Aku isa ndelok kabèh sing ana ing langit lan bumi, ta?”+

25 ”Aku wis krungu omongané para nabi sing mènèhi ramalan palsu nganggo jeneng-Ku lan kandha, ’Aku éntuk mimpi. Aku éntuk mimpi.’+ 26 Nganti kapan para nabi kuwi terus ngomongké ramalan palsu? Wong-wong kuwi nabi sing nyampèkké crita sing ngapusi sing dikarang dhéwé.+ 27 Padha kaya nènèk moyangé sing nyembah Baal+ lan nglalèkké jeneng-Ku, para nabi kuwi péngin nggawé umat-Ku nglalèkké jeneng-Ku liwat mimpiné sing dicritakké ing antarané nabi-nabi kuwi. 28 Bèn waé nabi sing ngimpi nyritakké mimpiné, ning sapa sing ngerti omongan-Ku kudu jujur pas nyampèkké kuwi.”

”Apa jerami isa dipadhakké karo gandum?” kandhané Yéhuwah.

29 Yéhuwah takon, ”Omongan-Ku kan kaya geni+ lan kaya palu sing ngremuk tebing watu, ta?”+

30 Yéhuwah kandha, ”Mula, Aku bakal ngukum para nabi sing nyolong omongan-Ku saka kancané.”+

31 ”Aku bakal ngukum para nabi sing ngomong, ’Iki sing diomongké Gusti Allah,’”+ kandhané Yéhuwah.

32 Yéhuwah kandha, ”Aku bakal ngukum para nabi sing nyampèkké mimpi palsu, sing nyesatké umat-Ku merga omongané sing ngapusi, lan sing rumangsa hébat.”+

”Aku ora ngutus utawa ngongkon wong-wong kuwi. Mula wong-wong kuwi babar blas ora ana gunané kanggo bangsa iki,”+ kandhané Yéhuwah.

33 ”Nèk bangsa iki utawa nabi utawa imam kandha marang kowé, ’Berita iki beban* saka Yéhuwah,’ kowé kudu njawab wong-wong kuwi, ’”Ya kowé kuwi bebané. Aku bakal mbuwang kowé,”+ kandhané Yéhuwah.’ 34 Soal nabi, imam, utawa wong sing kandha, ’Berita saka Yéhuwah kuwi beban.’ Aku bakal ngukum wong kuwi lan kabèh wong sing ana ing omahé. 35 Iki sing kudu mbok omongké marang kanca lan sedulurmu, ’Apa jawabané Yéhuwah? Apa sing diomongké Yéhuwah?’ 36 Ning, aja ngomong manèh nèk berita saka Yéhuwah kuwi beban. Kuwi dadi beban merga omonganmu dhéwé lan merga kowé wis ngubah omongané Gusti Allah sing urip, Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé awaké dhéwé.

37 ”Iki sing kudu mbok omongké marang para nabi: ’Apa jawabané Yéhuwah marang kowé? Apa sing diomongké Yéhuwah? 38 Nèk kowé bola-bali kandha, ”Berita saka Yéhuwah kuwi beban.” iki sing diomongké Yéhuwah: ”Merga kowé bola-bali kandha, ’Omongané Yéhuwah kuwi beban,’ padahal Aku wis kandha, ’Kowé aja kandha: ”Berita saka Yéhuwah kuwi beban.”’ 39 Aku bakal ngangkat kowé lan nyingkirké kowé saka ngarep-Ku, kowé lan kutha sing wis Tak wènèhké marang kowé lan nènèk moyangmu. 40 Aku bakal nggawé kowé dirèmèhké lan digawé isin saklawasé, lan kuwi ora bakal dilalèkké.”’”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim