Mazmur
3 Aku kaya digubed taliné kematian.+
Aku sedhih lan susah.
Aku ngrasa nèk wis arep mati.+
4 Aku ndonga marang Yéhuwah lan nyebut jenengé,+
”Oh Yéhuwah, tulung slametna aku.”
5 Yéhuwah kuwi bener lan apikan.*+
Gusti Allahé awaké dhéwé kuwi gampang mesakké.+
6 Yéhuwah nuntun wong sing ora nduwé pengalaman.+
Dhèwèké nylametké aku pas aku ngrasa putus asa.
7 Aku ora bakal kuwatir manèh
Merga Yéhuwah apikan karo aku.
8 Njenengan nylametké aku bèn aku ora mati.
Njenengan nggawé aku ora nangis manèh lan njaga aku bèn ora ambruk.+
9 Uripku bakal tak gunakké kanggo ngabdi marang Yéhuwah.*
10 Merga nduwé iman, aku ngomongké apa sing tak percayani,+
Senajan aku ngrasa susah banget,
11 Saking wediné, aku nganti ngomong,
”Kabèh manungsa kuwi tukang ngapusi.”+
12 Piyé carané aku isa mbales Yéhuwah
Merga Dhèwèké wis apikan karo aku?
13 Aku bakal ngombé nganggo* gelas bèn isa ngucap syukur merga Dhèwèké wis nylametké aku.
Aku bakal muji jenengé Yéhuwah.
14 Aku bakal nepati janjiku marang Yéhuwah
Ing ngarepé kabèh umaté.+
16 Oh Yéhuwah, aku njaluk tulung
Merga aku iki abdi-Mu.
Aku ngabdi marang Njenengan, kaya ibuku sing ngabdi marang Njenengan.
Njenengan mbébaské aku saka tali sing nggubed aku.+
17 Aku bakal mènèhi persembahan yaiku ucapan syukur.+
Aku bakal muji jenengé Yéhuwah.