Mazmur
א [Alef]
Aku bakal muji Yéhuwah sak tulusé atiku+
ב [Bet]
Ing jemaat lan ing antarané wong bener sing padha ngumpul.
ג [Gimel]
2 Ciptaané Yéhuwah kuwi luar biasa.+
ד [Dalet]
Kuwi diselidiki karo wong-wong sing seneng karo ciptaané kuwi.+
ה [He]
3 Saka tumindaké, kétok nèk Dhèwèké mulya lan luar biasa.
ו [Waw]
Keadilané tetep ana nganti sakterusé.+
ז [Zayin]
4 Tumindaké luar biasa banget nganti wong-wong ora isa lali.+
ח [Het]
Yéhuwah kuwi apikan lan gampang mesakké.+
ט [Tet]
5 Dhèwèké mènèhi pangan marang wong sing wedi marang* Dhèwèké.+
י [Yod]
Dhèwèké éling karo perjanjiané nganti saklawasé.+
כ [Kaf]
6 Liwat tumindaké, Dhèwèké nduduhké kuwasané marang umaté,
ל [Lamed]
Yaiku mènèhi umaté tanahé* bangsa-bangsa.+
מ [Mem]
7 Kabèh tumindaké bener lan adil.+
נ [Nun]
Kabèh préntahé isa dipercaya.+
ס [Samekh]
8 Préntahé isa diendelké* nganti saklawasé.
ע [Ayin]
Préntahé kuwi digawé merga Gusti Allah setya lan adil.+
פ [Pe]
9 Dhèwèké wis nebus umaté.+
צ [Tsade]
Dhèwèké nggawé bèn perjanjiané terus ana nganti saklawasé.
ק [Qof]
Jenengé suci lan luar biasa.+
ר [Res]
10 Bèn dadi wicaksana,*+ pertama-tama kudu wedi marang* Yéhuwah.
ש [Sin]
Kabèh wong sing manut karo préntahé* nduwé pemahaman.+
ת [Taw]
Dhèwèké bakal terus dipuji nganti saklawasé.