Mazmur
Lagu wektu peresmian omah. Lagu sing digawé Daud.
30 Oh Yéhuwah, aku bakal ngluhurké Njenengan, merga Njenengan wis nylametké aku.
Njenengan ora meneng waé wektu mungsuh-mungsuhku seneng pas aku susah.+
2 Oh Yéhuwah Gusti Allahku, Aku njaluk tulung marang Njenengan, lan Njenengan nggawé aku kuwat manèh.+
3 Oh Yéhuwah, Njenengan ngetokké aku saka Kuburan.*+
Njenengan nggawé aku tetep urip. Njenengan nylametké aku bèn ora sida mati.*+
4 Wong-wong sing setya, kowé kudu nyanyi lagu pujian* kanggo Yéhuwah,+
Kowé kudu maturnuwun kanggo jenengé sing suci.+
5 Gusti Allah kuwi nesuné mung sedhéla,+
Lan Dhèwèké apikan karo wong sing disenengi nganti saklawasé.+
Mungkin pas bengi ana tangisan, ning pas ésuk padha sorak-sorak merga seneng.+
6 Pas aku ngrasa ayem, aku kandha,
”Ora bakal ana masalah.”
7 Oh Yéhuwah, nèk pas Njenengan seneng karo aku, Njenengan nggawé aku kuwat kaya gunung.+
Tapi nèk pas Njenengan ninggalké aku,* aku dadi wedi banget.+
8 Oh Yéhuwah, aku terus njaluk tulung marang Njenengan.+
Oh Yéhuwah, aku terus njaluk bèn Njenengan mesakké aku.
9 Apa gunané nèk aku mati? Apa gunané nèk aku mlebu ing kuburan?+
Apa debu isa muji Njenengan+ utawa nyritakké nèk Njenengan setya?+
10 Oh Yéhuwah, rungokna aku lan tulung mesakké aku.+
Oh Yéhuwah, tulungana aku.+
11 Njenengan nggawé aku ora sedhih manèh lan isa nari-nari merga seneng.
Njenengan nyopot kain goni sing tak enggo, lan Njenengan nggawé aku seneng kaya nèk Njenengan nganggokké klambi pésta marang aku.
12 Bèn aku* ora meneng waé lan isa nyanyi lagu pujian kanggo Njenengan.
Oh Yéhuwah Gusti Allahku, aku bakal muji Njenengan saklawasé.