Yunus
2 Ing njero wetengé iwak,+ Yunus ndonga marang Yéhuwah Gusti Allahé. 2 Yunus kandha,
”Wektu susah, aku ndonga marang Yéhuwah, terus Dhèwèké njawab aku.+
Pas arep mati,* aku njaluk tulung.+
Njenengan ngrungokké swaraku.
3 Pas Njenengan nguncalké aku ing panggonan sing jero, ing njero laut,
Aku langsung kleleb.+
Aku digulung ombak sing gedhé.+
4 Aku kandha, ’Aku wis diusir saka ngarep-Mu.
Piyé aku isa ndelok manèh bait-Mu sing suci?’
5 Aku kleleb lan arep mati.+
Aku kleleb ing laut sing jero.
Sirahku kegubed rumput laut.
6 Aku kleleb ing dhasar laut.*
Bumi wis nutup gerbang-gerbangé lan ndadèkké aku tawanané nganti saklawasé.
Ning, njenengan ngetokké aku saka panggonan sing jero kuwi, oh Yéhuwah Gusti Allahku.+
7 Wektu arep mati, sing tak éling-éling kuwi Yéhuwah.+
Terus, Njenengan ngrungokké aku saka bait-Mu sing suci.+
8 Wong-wong sing nyembah brahala sing ora ana gunané ninggalké Gusti Allah sing nduduhké katresnan sing langgeng.*
9 Ning, aku bakal mènèhi korban karo ngucap syukur marang Njenengan.
Kabèh janjiku bakal tak tepati.+
Mung Yéhuwah sing isa nylametké.”+
10 Akhiré, Yéhuwah mréntahké iwak kuwi bèn muntahké Yunus ing daratan, lan kuwi kelakon.