Para Hakim
16 Wektu kuwi, Simson lunga menyang Gaza. Ing kana, dhèwèké weruh pelacur, terus Simson mlebu ing omahé pelacur kuwi. 2 Wong Gaza dikandhani, ”Simson mara mréné.” Mula, wong Gaza ngepung lan ngentèni Simson sewengi muput ing gerbang kutha arep nyerang dhèwèké. Wong Gaza tetep meneng sewengi muput merga mikir, ”Mengko nèk wis padhang, awaké dhéwé bakal matèni Simson.”
3 Ning, Simson tetep turu ing kono nganti tengah wengi. Bar kuwi, dhèwèké tangi, terus mbedhol gerbang kutha sak cagak-cagaké lan palangé. Terus, Simson manggul lan nggawa kuwi menyang pucuk gunung sing ngadhep Hébron.
4 Sakwisé kuwi, Simson kepéncut karo wong wédok saka Lembah Sorèk. Jenengé Délila.+ 5 Mula, para penguasa Filistin nemoni Délila lan kandha, ”Rayunen Simson+ bèn awaké dhéwé ngerti apa sing marahi dhèwèké kuwat banget lan ngerti carané isa nalèni lan ngalahké dhèwèké. Mengko kowé bakal tak upahi. Saben wong bakal ngupahi kowé 1.100 dhuwit pérak.”
6 Terus Délila kandha marang Simson, ”Tulung ngomong karo aku apa sing marahi kowé kuwat banget. Kowé kudu ditalèni nganggo apa bèn kowé isa dikalahké?” 7 Simson njawab, ”Nèk aku ditalèni nganggo tali busur pitu sing isih anyar,* aku bakal ora nduwé kekuwatan manèh lan dadi kaya wong biasa.” 8 Mula, para penguasa Filistin mènèhi Délila tali busur pitu sing isih anyar, lan Délila nalèni Simson nganggo kuwi. 9 Wong Filistin nunggu ing kamar arep nyerang Simson dadakan. Délila mbengok, ”Simson, ana wong Filistin!” Wektu krungu kuwi, Simson medhot tali-tali kuwi gampang banget kaya medhot benang* sing wis kena geni.+ Rahasia kekuwatané Simson isih durung dingertèni wong-wong kuwi.
10 Terus Délila kandha marang Simson, ”Kowé ngapusi aku. Aku mung mbok enggo dolanan. Tulung ngomong karo aku, kowé isa ditalèni nganggo apa?” 11 Simson njawab, ”Nèk aku ditalèni nganggo tali anyar sing durung tau dienggo, aku bakal ora nduwé kekuwatan lan dadi kaya wong biasa.” 12 Terus, Délila njupuk tali-tali anyar lan nalèni Simson nganggo kuwi. Délila mbengok, ”Simson, ana wong Filistin!” (Wektu kuwi, wong Filistin nunggu ing kamar arep nyerang Simson dadakan.) Wektu krungu kuwi, Simson medhot tali kuwi saka tangané kaya medhot benang.+
13 Sakwisé kuwi, Délila kandha marang Simson, ”Nganti saiki kowé ngapusi aku terus.+ Aku mung mbok enggo dolanan. Mbok aku dikandhani nganggo apa kowé isa ditalèni.” Simson njawab, ”Nèk kowé nenun pitu klabangan rambutku nganggo benang saka alat tenun,* aku bakal kélangan kekuwatanku.” 14 Terus, Délila nindakké kuwi lan ngencengké klabangané Simson nganggo pathok alat tenun. Délila mbengok, ”Simson, ana wong Filistin!” Simson langsung tangi lan nyabut pathok lan benang tenun kuwi.
15 Mula Délila kandha, ”Ngapa kok kowé ngomong, ’Aku sayang kowé,’+ padahal atimu dudu kanggo aku? Iki wis ping teluné aku mbok enggo dolanan lan ora mbok kandhani apa sing marahi kowé kuwat banget.”+ 16 Saben dina Délila ngrèngèk terus lan meksa Simson nganti Simson ora betah lan péngin mati waé.+ 17 Akhiré, Simson nyritakké kabèh marang Délila. Simson kandha, ”Rambutku ora tau dicukur. Kèt lair,*+ aku iki wong Nazir kanggo Gusti Allah. Nèk rambutku dicukur, kekuwatanku bakal ilang. Aku bakal ora nduwé kekuwatan lan dadi kaya wong liyané.”
18 Wektu ngerti nèk Simson wis nyritakké kabèh, Délila cepet-cepet ngundang* para penguasa Filistin.+ Délila kandha, ”Mrénéa saiki, merga dhèwèké wis nyritakké kabèh marang aku.” Mula, para penguasa Filistin nemoni Délila karo nggawa dhuwit. 19 Délila nggawé Simson turu ing pupuné, terus Délila ngundang* wong lan ngongkon wong kuwi nyukur pitu klabangané Simson. Bar kuwi, Délila mulai ngendhalèni Simson merga kekuwatané wis ilang. 20 Terus Délila mbengok, ”Simson, ana wong Filistin!” Simson langsung tangi lan kandha, ”Aku ora bakal cilaka lan bakal isa bébas kaya sakdurungé.”+ Ning, Simson ora ngerti nèk Yéhuwah wis ninggalké dhèwèké. 21 Mula, wong Filistin nangkep Simson lan nyungkil mripaté loro-loroné. Terus, wong Filistin nggawa Simson menyang Gaza lan ngranté dhèwèké nganggo ranté tembaga loro. Bar kuwi, Simson dikongkon nggiling gandum ing penjara. 22 Ning, rambuté mulai thukul manèh sakwisé dicukur.+
23 Bar kuwi, para penguasa Filistin ngumpul bareng arep pésta lan mènèhké korban sing akèh banget marang Dagon+ déwané. Wong Filistin kandha, ”Déwané awaké dhéwé wis nggawé awaké dhéwé menang nglawan Simson mungsuhé awaké dhéwé.” 24 Wektu weruh kuwi,* wong Filistin muji déwané lan kandha, ”Déwané awaké dhéwé wis nggawé awaké dhéwé menang nglawan mungsuhé awaké dhéwé, mungsuh sing ngrusak negara iki+ lan matèni kanca-kancané awaké dhéwé.”+
25 Merga atiné lagi padha seneng, wong Filistin kandha, ”Undangen* Simson bèn dhèwèké nggawé awaké dhéwé seneng.” Terus, Simson digawa metu saka penjara bèn isa diécé. Wong Filistin ngongkon Simson ngadeg ing antarané cagak-cagak. 26 Bar kuwi, Simson kandha marang wong lanang enom sing nuntun dhèwèké, ”Aku tak ndemèk cagak-cagak sing nyangga bangunan iki bèn aku isa sèndhèran.” 27 (Wektu kuwi, bangunan kuwi kebak wong lanang lan wong wédok. Kabèh penguasa Filistin ya ana ing kana. Ing atap, kira-kira ana 3.000 wong lanang lan wong wédok sing nonton wektu Simson diécé.)
28 Terus Simson+ njaluk marang Yéhuwah, ”Oh Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa, tulung éling-élingen aku lan kuwatna aku,+ pisan iki waé. Oh Gusti Allah, tulung aku éntuk mbales wong Filistin, paling ora kanggo siji mripatku.”+
29 Bar kuwi, Simson nyurung cagak loro sing ana ing tengah, sing nyangga bangunan kuwi. Siji nganggo tangané tengen lan sing sijiné nganggo tangané kiwa. 30 Simson mbengok, ”Bèn waé aku mati karo wong Filistin.” Terus, Simson nyurung cagak loro kuwi sak kuwat-kuwaté. Bangunan kuwi dadi rubuh ngambruki para penguasa lan kabèh wong sing ana ing kono.+ Mula, sing dipatèni Simson wektu kuwi luwih akèh timbang sing dipatèni saksuwéné uripé.+
31 Terus, sedulur-seduluré Simson lan kabèh keluargané bapaké teka arep nggawa bali dhèwèké. Wong-wong kuwi ngubur Simson ing antarané Zora+ lan Èstaol, yaiku ing kuburané Manoah+ bapaké. Simson dadi hakimé Israèl 20 taun suwéné.+