PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Maléakhi 1
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku Maléakhi

      • Katresnané Yéhuwah marang umaté (1-5)

      • Para imam mènèhké korban sing èlèk (6-14)

        • Jenengé Gusti Allah bakal diluhurké bangsa-bangsa (11)

Maléakhi 1:1

Cathetan Ngisor

  • *

    Artiné ”Utusan-Ku”.

Maléakhi 1:2

Réferènsi Silang

  • +PT 10:15
  • +PD 25:25, 26

Maléakhi 1:3

Réferènsi Silang

  • +Rm 9:13
  • +Yér 49:20; Yl 3:19
  • +Yés 34:10, 13

Maléakhi 1:4

Cathetan Ngisor

  • *

    Jeneng liyané yaiku Ésau.

Réferènsi Silang

  • +Yés 34:5; Ob 18

Maléakhi 1:6

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”ora ngajèni”.

Réferènsi Silang

  • +Pa 20:12
  • +Pa 4:22
  • +Yés 1:2
  • +Yèh 22:26

Maléakhi 1:7

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”roti”.

  • *

    Maksudé, mézbahé Yéhuwah.

Réferènsi Silang

  • +Yèh 41:21, 22; 1Kor 10:21

Maléakhi 1:8

Réferènsi Silang

  • +Km 22:20, 22; PT 15:21

Maléakhi 1:10

Réferènsi Silang

  • +2Bb 23:4
  • +Yér 6:13; Mi 3:11
  • +Yés 1:11; Yér 6:20

Maléakhi 1:11

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”Saka matahari terbit nganti matahari terbenam”.

Réferènsi Silang

  • +Mzm 113:3; Yés 45:6; 59:19
  • +Mzm 22:27; Zéf 3:9; Mat 28:19; Why 15:4

Maléakhi 1:12

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa mungkin ”Aku”.

Réferènsi Silang

  • +Yèh 22:26
  • +Mal 1:7

Maléakhi 1:13

Réferènsi Silang

  • +Km 22:20, 22; PT 15:21; 17:1

Maléakhi 1:14

Réferènsi Silang

  • +Mzm 47:2; Yér 10:10
  • +Why 15:4

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

Mal. 1:2PT 10:15
Mal. 1:2PD 25:25, 26
Mal. 1:3Rm 9:13
Mal. 1:3Yér 49:20; Yl 3:19
Mal. 1:3Yés 34:10, 13
Mal. 1:4Yés 34:5; Ob 18
Mal. 1:6Pa 20:12
Mal. 1:6Pa 4:22
Mal. 1:6Yés 1:2
Mal. 1:6Yèh 22:26
Mal. 1:7Yèh 41:21, 22; 1Kor 10:21
Mal. 1:8Km 22:20, 22; PT 15:21
Mal. 1:102Bb 23:4
Mal. 1:10Yér 6:13; Mi 3:11
Mal. 1:10Yés 1:11; Yér 6:20
Mal. 1:11Mzm 113:3; Yés 45:6; 59:19
Mal. 1:11Mzm 22:27; Zéf 3:9; Mat 28:19; Why 15:4
Mal. 1:12Yèh 22:26
Mal. 1:12Mal 1:7
Mal. 1:13Km 22:20, 22; PT 15:21; 17:1
Mal. 1:14Mzm 47:2; Yér 10:10
Mal. 1:14Why 15:4
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Maléakhi 1:1-14

Maléakhi

1 Berita saka Gusti Allah:

Iki omongané Yéhuwah marang Israèl liwat Maléakhi:*

2 Yéhuwah kandha, ”Aku wis nresnani kowé.”+

Ning kowé kandha, ”Apa buktiné?”

Yéhuwah njawab, ”Ésau kuwi kan kakangé Yakub, ta?+ Ning, Aku nresnani Yakub 3 lan sengit karo Ésau.+ Mula, pegunungané Tak gawé dadi telantar+ lan tanah warisané dadi padhang belantara, panggonané asu liar.”+

4 ”Senajan Édom* kandha, ’Aku wis hancur, ning aku bakal bali lan mbangun manèh reruntuhan kuwi.’ Tapi Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ’Wong-wong kuwi bakal mbangun, ning Aku bakal ngrubuhké. Dhaérahé wong-wong kuwi bakal disebut ”dhaérah kejahatan”, lan wong-wong ing kono bakal disebut ”wong-wong sing saklawasé dikutuk Yéhuwah”.+ 5 Mripatmu dhéwé bakal ndelok kuwi lan kowé bakal kandha, ”Muga-muga Yéhuwah diluhurké ing dhaérahé Israèl.”’”

6 ”’Anak ngajèni bapaké,+ lan pelayan ngajèni majikané. Nèk Aku iki bapak,+ kok kowé ora ngajèni Aku?+ Nèk Aku iki majikan, kok kowé ora wedi karo* Aku?’ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan marang kowé yaiku para imam sing ngrèmèhké jeneng-Ku.+

”’Ning kowé takon, ”Apa buktiné aku ngrèmèhké jenengé Njenengan?”’

7 ”’Kowé mènèhi persembahan panganan* sing najis ing mézbah-Ku.’

”’Terus kowé takon, ”Kok isa aku nggawé Njenengan najis?”’

”’Merga kowé kandha, ”Méjané Yéhuwah*+ kuwi ora penting.” 8 Pas kowé mènèhké kéwan sing wuta dadi korban, kowé kandha, ”Iki ora apa-apa.” Pas kowé mènèhké kéwan sing pincang utawa lara, kowé kandha, ”Iki ora apa-apa.”’”+

”Coba gawanen kuwi marang gubernurmu. Apa dhèwèké bakal seneng lan gelem nampa kowé?” kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.

9 ”Mula saiki njaluka marang Gusti Allah bèn Dhèwèké mesakké awaké dhéwé. Nèk kowé nggawa persembahan sing kaya ngono, apa Dhèwèké bakal seneng karo kowé?” kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.

10 ”Sapa ing antaramu sing gelem nutup lawang-lawang ing bait?+ Ngurubké geni ing mézbah-Ku waé kowé ora gelem, kecuali nèk dibayar.+ Aku ora seneng karo kowé lan ora seneng karo persembahan sing mbok wènèhké,”+ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.

11 ”Saka wétan nganti kulon,* jeneng-Ku bakal diluhurké bangsa-bangsa.+ Ing endi-endi, wong-wong bakal ngobong korban lan mènèhké persembahan kanggo ngluhurké jeneng-Ku, merga jeneng-Ku bakal diluhurké bangsa-bangsa,”+ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.

12 ”Ning kuwi* mbok gawé najis+ merga kowé kandha, ’Méjané Yéhuwah kuwi wis najis. Persembahan sing ana ing ndhuwuré kuwi ora penting.’+ 13 Kowé ya kandha, ’Iki mboseni!’ Terus kuwi mbok rèmèhké,” kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan. ”Kowé nggawa kéwan colongan, kéwan sing pincang, lan kéwan sing lara. Kuwi mbok wènèhké dadi persembahan. Mosok Aku kudu nampa persembahan kaya ngono kuwi?”+ kandhané Yéhuwah.

14 ”Cilaka wong licik sing sakjané nduwé kéwan-kéwan sing séhat, ning dhèwèké malah nggawé janji lan mènèhké kéwan sing cacad marang Yéhuwah. Padahal Aku iki Raja sing agung,+ lan jeneng-Ku bakal dihormati bangsa-bangsa,”+ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim