Kidung Agung
1 Lagu sing paling apik, sing digawé Salomo,+
2 ”Ambungen aku nganggo lambému,
Rasa sayangmu luwih nyenengké timbang anggur.+
3 Ambuné minyak wangimu wangi banget.+
Jenengmu kaya minyak wangi sing diesokké.+
Kuwi sebabé cah-cah wédok seneng karo kowé.
4 Raja wis nggawa aku ing kamaré.
Gawanen aku lunga.* Ayo lunga saka kéné.
Ayo awaké dhéwé seneng-seneng.
Ayo ngomongké rasa sayangmu marang aku, merga kuwi luwih nyenengké timbang anggur.
Pantes waé wong-wong kuwi* seneng karo kowé.
5 Wong-wong wédok Yérusalèm, aku pancèn ireng, ning aku ayu,
6 Aja ndelok aku merga aku ireng.
Aku ireng merga kena sinar matahari.
Kakang-kakangku nyenèni aku
Lan ngongkon aku njaga kebon angguré,
Ning kebon anggurku dhéwé malah ora tak jaga.
7 Wong sing tak sayangi, tulung kandhani aku,
Ing endi kowé njaga ternakmu,+
Lan ing endi ternakmu lèrèn pas awan.
Tulung kandhani aku bèn aku ora wira-wiri ing antarané ternaké kanca-kancamu
Kaya wong wédok sing lagi sedhih.”
8 ”Wong wédok sing ayu dhéwé, nèk kowé ora ngerti,
Mlakua ngetutké dalan sing diliwati ternak,
Lan kowé kudu angon kambing-kambingmu sing isih cilik ing cedhak kémahé para gembala.”
9 ”Sayangku, kowé ayu kaya jaran wédok ing krétané Firaun.+
10 Pipimu apik banget nganggo perhiasan,*
Lan gulumu apik banget nganggo kalung.
11 Aku bakal nggawèkké kowé perhiasan saka emas,
Lan perhiasan saka pérak.”
15 ”Sayangku, kowé ayu banget.
Kowé pancèn ayu banget. Mripatmu kaya mripaté manuk dara.”+
16 ”Sayangku, kowé nggantheng banget lan nyenengké.+
Suket ijo dadi panggonané awaké dhéwé turu.
17 Atap omahé awaké dhéwé* saka kayu aras*
Lan wit juniper.*