Kidung Agung
2 ”Aku iki mung kembang liar* sing ana ing dataran pinggir laut,*
Kembang lili sing ana ing lembah.”+
2 ”Ing antarané cah wédok,
Kekasihku kaya kembang lili ing antarané semak berduri.”
3 ”Ing antarané cah lanang,
Kekasihku kaya wit apel ing antarané wit-witan sing ana ing hutan.
Aku péngin banget ngéyub ing ngisoré,
Lan kanggoku buahé rasané legi.
4 Dhèwèké nggawa aku ing panggonan kanggo pésta.*
Kabèh ngerti nèk rasa sayangé mung kanggo aku.
5 Wènèhana aku roti kismis lan apel,+
Bèn aku seger lan kuwat.
Aku ora nduwé tenaga merga aku lagi jatuh cinta.
6 Tangan kiwané ndemèk sirahku,
Lan tangan tengené ndhekep aku.+
7 Wong-wong wédok ing Yérusalèm, kowé kudu nggawé sumpah
Demi kidang lanang karo kidang wédok+ ing padhang,
Aja ngojok-ojoki aku bèn jatuh cinta sakdurungé wektuné.+
8 Aku krungu swarané kekasihku.
Dhèwèké teka,
Munggah gunung lan mlayu ngliwati bukit-bukit.
9 Kekasihku kaya kidang, kaya anak kidang.+
Dhèwèké ngadeg ing mburi témbok,
Ndelok saka jendhéla,
Saka celah-celah jendhéla.
10 Kekasihku ngomong karo aku,
’Sayangku, ayo mréné,
Kekasihku sing ayu, ayo mèlu aku.
11 Musim udan* wis rampung.
Udané wis mandheg.
12 Kembang-kembangé wis padha mekar ing désa.+
Wis wektuné kanggo ngethoki cabang-cabangé wit anggur,+
Lan swarané manuk derkuku isa dirungokké ing désané awaké dhéwé.+
13 Buah ara wis mateng ing wité.+
Wit anggur ngembang lan wanginé nyebar.
Sayangku, ayo mréné.
Kekasihku sing ayu, ayo mèlu aku.
14 Kowé kaya manuk dara sing ana ing celah tebing watu,+
Ing celahé lèrèng gunung.
15 ”Cekelen rubah-rubah kuwi,
Rubah-rubah cilik sing ngrusak kebon anggur,
Merga kebon anggurku lagi ngembang.”
16 ”Kekasihku kuwi duwèkku, lan aku duwèké.+