2 Para Raja
21 Pas mréntah dadi raja, Manasyé+ umuré 12 taun lan mréntah 55 taun suwéné ing Yérusalèm.+ Ibuné jenengé Hèfziba. 2 Manasyé nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah. Dhèwèké nindakké kabèh kebiasaan njijiki sing ditindakké bangsa-bangsa+ sing wis diusir Yéhuwah saka ngarepé Israèl.+ 3 Dhèwèké mbangun manèh panggonan-panggonan dhuwur* sing wis dihancurké Hizkia bapaké,+ lan dhèwèké ya mbangun mézbah-mézbah Baal lan nggawé cagak suci,*+ kaya sing ditindakké Ahab raja Israèl.+ Dhèwèké ya sujud lan nglayani kabèh pasukan langit.+ 4 Dhèwèké ya nggawé mézbah-mézbah ing omahé Yéhuwah,+ padahal Yéhuwah wis kandha, ”Ing Yérusalèm, Aku bakal ndèlèhké jeneng-Ku.”+ 5 Manasyé nggawé mézbah-mézbah kanggo kabèh pasukan langit+ ing loro halaman omahé Yéhuwah.+ 6 Dhèwèké ngobong anak-anaké lanang dadi korban. Dhèwèké nggunakké ilmu gaib, nggolèk tandha,+ lan ngangkat para peramal+ lan wong-wong sing isa ngundang* arwah. Manasyé nindakké akèh banget perkara sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah, mula kuwi nglarani atiné Gusti Allah.
7 Dhèwèké ndèlèhké patung cagak suci*+ gawéané ing omahé Gusti Allah, padahal Yéhuwah wis kandha marang Daud lan Salomo anaké, ”Ing omah iki lan ing Yérusalèm, yaiku kutha sing Tak pilih saka antarané wilayah suku-suku Israèl, Aku bakal ndèlèhké jeneng-Ku kanggo sakterusé.+ 8 Aku ora bakal nggawé wong Israèl ninggalké manèh tanah sing wis Tak wènèhké marang nènèk moyangé,+ ning wong-wong kuwi kudu bener-bener nindakké kabèh préntah-Ku,+ yaiku kabèh Hukum sing wis dipréntahké Musa abdi-Ku.” 9 Ning wong-wong kuwi ora manut, lan Manasyé terus mblasukké wong-wong kuwi. Mula, wong-wong kuwi nindakké sing luwih jahat timbang bangsa-bangsa sing wis disingkirké Yéhuwah saka ngarepé wong Israèl.+
10 Yéhuwah bola-bali ngomong liwat para abdiné, yaiku para nabi,+ kandhané, 11 ”Manasyé raja Yéhuda nindakké kabèh perkara sing njijiki iki, lan tumindaké luwih jahat timbang kabèh wong Amori+ sing ana sakdurungé dhèwèké.+ Dhèwèké nggawé Yéhuda nindakké dosa nganggo brahala-brahalané sing njijiki.* 12 Kuwi sebabé Yéhuwah Gusti Allahé Israèl kandha kaya ngéné: ’Aku bakal nyebabké Yérusalèm+ lan Yéhuda kena bencana. Wong sing krungu soal kuwi bakal kagèt.*+ 13 Tali kanggo ngukur sing wis digunakké kanggo Samaria+ lan unting-unting*+ sing wis digunakké kanggo keluargané Ahab,+ bakal Tak gunakké marang Yérusalèm. Aku bakal ngresiki Yérusalèm, padha kaya wong sing ngelap mangkok nganti resik, terus malik lan ngurebké kuwi.+ 14 Aku bakal ninggalké umat-Ku*+ sing isih urip lan nyerahké wong-wong kuwi marang para mungsuhé. Wong-wong kuwi bakal ditawan lan dijarah para mungsuhé+ 15 merga wis nindakké apa sing jahat nurut pandhangan-Ku lan terus nglarani ati-Ku kèt nènèk moyangé metu saka Mesir nganti saiki.’”+
16 Manasyé ya matèni akèh banget wong sing ora salah nganti getihé wong-wong kuwi ngebaki Yérusalèm saka pucuk nganti tekan pucuk.+ Sakliyané kuwi, dhèwèké dosa merga nyebabké Yéhuda dosa, yaiku nindakké sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah. 17 Sejarah liyané soal Manasyé, yaiku soal kabèh sing wis ditindakké lan dosa-dosané, kuwi ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Yéhuda. 18 Akhiré, Manasyé mati* lan dikubur ing taman istanané, yaiku taman Uza,+ lan Amon anaké dadi raja nggantèni dhèwèké.
19 Pas mréntah dadi raja, Amon+ umuré 22 taun lan mréntah rong taun suwéné ing Yérusalèm.+ Ibuné jenengé Mésyulèmèt anaké Haruz saka Yotba. 20 Amon terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah, kaya sing ditindakké Manasyé bapaké.+ 21 Dhèwèké terus niru tumindaké bapaké. Dhèwèké terus nglayani lan sujud marang brahala-brahala sing njijiki* sing tau dilayani bapaké.+ 22 Dhèwèké ninggalké Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé lan ora mlaku ing dalané Yéhuwah.+ 23 Terus, para abdiné Amon sekongkol nglawan dhèwèké lan matèni Raja ing istanané dhéwé. 24 Ning, rakyat negara kuwi matèni kabèh wong sing sekongkol nglawan Raja Amon, terus wong-wong kuwi ngangkat Yosia anaké dadi raja nggantèni dhèwèké.+ 25 Sejarah liyané soal Amon, yaiku soal kabèh sing wis ditindakké, kuwi ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Yéhuda. 26 Amon dikubur ing kuburané ing taman Uza,+ lan Yosia anaké+ dadi raja nggantèni dhèwèké.