Mazmur
Lagu sing digawé keturunané Korah.+ Kanggo pemimpin musik: Nurut Mahalat.* Nyanyiné gantian. Maskilé* Héman+ keturunané Ézrah.
2 Aku ndonga marang Njenengan.+
Tulung rungokna* wektu aku njaluk tulung.+
4 Aku dianggep kaya wong sing wis mati.*+
Aku wis ora nduwé tenaga manèh.+
5 Aku kaya ana ing antarané wong mati,
Kaya mayat sing ana ing njero kuburan,
Sing ora mbok éling-éling manèh
Lan ora mbok lindhungi.
6 Aku mbok dèlèhké ing lubang sing paling jero,
Ing panggonan sing peteng, ing lubang sing gedhé lan jero banget.
7 Aku tertekan merga Njenengan nesu banget karo aku.+
Tumindak-Mu kaya ombak gedhé sing nerjang aku. (Sela)
8 Njenengan nggawé kanca-kancaku ninggalké aku.+
Njenengan nggawé aku disengiti kanca-kancaku.
Aku ngrasa kaya dikurung lan ora isa metu.
9 Mripatku nganti ora isa ndelok jelas manèh merga kesusahanku.+
Oh Yéhuwah, saben dina aku njaluk tulung marang Njenengan.+
Aku ndonga marang Njenengan.
10 Apa wong mati isa ndelok mukjijaté Njenengan?
Apa wong mati isa tangi lan muji Njenengan?+ (Sela)
12 Apa mukjijat-Mu isa didelok ing panggonan sing peteng?
Apa keadilan-Mu isa didelok ing panggonané wong-wong sing wis dilalèkké?+
13 Oh Yéhuwah, aku isih tetep njaluk tulung marang Njenengan.+
Saben ésuk, aku ndonga marang Njenengan.+
14 Oh Yéhuwah, ngapa kok Njenengan nolak aku?+
Ngapa kok Njenengan ninggalké aku?*+
15 Kèt aku isih enom,
Aku wis susah lan arep mati.+
Njenengan meneng waé wektu aku ngalami kesusahan nganti aku ngrasa putus asa.
16 Aku susah merga Njenengan nesu banget karo aku.+
Serangan-Mu nggawé aku wedi banget nganti aku mèh mati.
17 Saben dina, rasa wedi kuwi kaya banyu sing ngubengi aku,
Nerjang aku saka ngendi waé.
18 Njenengan nggawé wong-wong sing tak tresnani lan kanca-kancaku ninggalké aku.+
Mung petengan sing dadi kancaku.