PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Babad 23
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku 1 Babad

      • Daud ngatur wong Lèwi (1-32)

        • Harun lan anak-anaké lanang diwènèhi tugas khusus (13)

1 Babad 23:1

Réferènsi Silang

  • +1Raj 1:33, 39; 1Bb 28:5

1 Babad 23:2

Réferènsi Silang

  • +Pa 29:8, 9
  • +Wi 3:6

1 Babad 23:3

Réferènsi Silang

  • +Wi 4:2, 3

1 Babad 23:4

Réferènsi Silang

  • +PT 16:18; 1Bb 26:29; 2Bb 19:8

1 Babad 23:5

Réferènsi Silang

  • +1Bb 26:12
  • +1Bb 6:31, 32

1 Babad 23:6

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”mbagi”.

Réferènsi Silang

  • +2Bb 8:14; 31:2
  • +Pa 6:16

1 Babad 23:8

Réferènsi Silang

  • +1Bb 26:21, 22

1 Babad 23:12

Réferènsi Silang

  • +Pa 6:21
  • +Pa 6:18

1 Babad 23:13

Réferènsi Silang

  • +Pa 4:14
  • +Pa 6:20, 26
  • +Pa 28:1
  • +Km 9:22; Wi 6:23-27; PT 21:5

1 Babad 23:15

Réferènsi Silang

  • +Pa 2:21, 22
  • +Pa 18:3, 4

1 Babad 23:16

Réferènsi Silang

  • +1Bb 26:24

1 Babad 23:17

Réferènsi Silang

  • +1Bb 26:25

1 Babad 23:18

Réferènsi Silang

  • +Wi 3:27
  • +1Bb 24:20, 22

1 Babad 23:19

Réferènsi Silang

  • +1Bb 24:20, 23

1 Babad 23:20

Réferènsi Silang

  • +Pa 6:22

1 Babad 23:21

Réferènsi Silang

  • +Pa 6:19

1 Babad 23:22

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”seduluré”.

1 Babad 23:25

Réferènsi Silang

  • +2Sam 7:1
  • +1Raj 8:12, 13; Mzm 135:21

1 Babad 23:26

Réferènsi Silang

  • +Wi 4:15

1 Babad 23:28

Réferènsi Silang

  • +Wi 3:9
  • +1Raj 6:36

1 Babad 23:29

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”roti susun”.

Réferènsi Silang

  • +Km 24:5, 6; 1Bb 9:32
  • +Pa 29:1, 2; Km 2:4
  • +Km 7:12

1 Babad 23:30

Réferènsi Silang

  • +Pa 29:39
  • +1Bb 16:4, 37

1 Babad 23:31

Réferènsi Silang

  • +Pa 20:10
  • +Wi 10:10; Mzm 81:3
  • +PT 16:16

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

1 Bb. 23:11Raj 1:33, 39; 1Bb 28:5
1 Bb. 23:2Pa 29:8, 9
1 Bb. 23:2Wi 3:6
1 Bb. 23:3Wi 4:2, 3
1 Bb. 23:4PT 16:18; 1Bb 26:29; 2Bb 19:8
1 Bb. 23:51Bb 26:12
1 Bb. 23:51Bb 6:31, 32
1 Bb. 23:62Bb 8:14; 31:2
1 Bb. 23:6Pa 6:16
1 Bb. 23:81Bb 26:21, 22
1 Bb. 23:12Pa 6:21
1 Bb. 23:12Pa 6:18
1 Bb. 23:13Pa 4:14
1 Bb. 23:13Pa 6:20, 26
1 Bb. 23:13Pa 28:1
1 Bb. 23:13Km 9:22; Wi 6:23-27; PT 21:5
1 Bb. 23:15Pa 2:21, 22
1 Bb. 23:15Pa 18:3, 4
1 Bb. 23:161Bb 26:24
1 Bb. 23:171Bb 26:25
1 Bb. 23:18Wi 3:27
1 Bb. 23:181Bb 24:20, 22
1 Bb. 23:191Bb 24:20, 23
1 Bb. 23:20Pa 6:22
1 Bb. 23:21Pa 6:19
1 Bb. 23:252Sam 7:1
1 Bb. 23:251Raj 8:12, 13; Mzm 135:21
1 Bb. 23:26Wi 4:15
1 Bb. 23:28Wi 3:9
1 Bb. 23:281Raj 6:36
1 Bb. 23:29Km 24:5, 6; 1Bb 9:32
1 Bb. 23:29Pa 29:1, 2; Km 2:4
1 Bb. 23:29Km 7:12
1 Bb. 23:30Pa 29:39
1 Bb. 23:301Bb 16:4, 37
1 Bb. 23:31Pa 20:10
1 Bb. 23:31Wi 10:10; Mzm 81:3
1 Bb. 23:31PT 16:16
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
  • 23
  • 24
  • 25
  • 26
  • 27
  • 28
  • 29
  • 30
  • 31
  • 32
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
1 Babad 23:1-32

1 Babad

23 Wektu Daud wis saya tuwa lan arep mati, dhèwèké ndadèkké Salomo anaké dadi raja Israèl.+ 2 Terus, Daud nglumpukké kabèh pejabat Israèl, para imam,+ lan wong Lèwi.+ 3 Wong Lèwi sing umuré 30 taun munggah diétung siji-siji,+ lan jumlahé wong-wong kuwi ana 38.000. 4 Saka antarané wong-wong kuwi, ana 24.000 sing tugasé ngawasi gawéan ing omahé Yéhuwah, ana 6.000 sing dadi pemimpin lan hakim,+ 5 ana 4.000 sing njaga gerbang,+ lan 4.000 sing muji+ Yéhuwah nganggo alat-alat musik. Daud tau kandha soal kuwi, ”Aku nggawé kuwi kanggo mènèhi pujian marang Gusti Allah.”

6 Terus, Daud ngatur* wong-wong kuwi ing kelompok-kelompok+ nurut anak-anaké Lèwi, yaiku Gèrsyon, Kohat, lan Mérari.+ 7 Anak-anaké Gèrsyon, yaiku Ladan lan Syiméi. 8 Anak-anaké Ladan ana telu, yaiku Yéhièl sing dadi ketua, Zétam, lan Yoèl.+ 9 Anak-anaké Syiméi ana telu, yaiku Syélomot, Hazièl, lan Haran. Wong-wong kuwi pemimpin keluarga pihak bapak kanggo Ladan. 10 Anak-anaké Syiméi yaiku Yahat, Zina, Yéus, lan Béria. Wong papat kuwi anak-anaké Syiméi. 11 Yahat sing dadi pemimpin, lan Zizah sing nomer loro. Ning, merga Yéus lan Béria ora nduwé akèh anak lanang, wong-wong kuwi diétung dadi sak keluarga pihak bapak sing tugasé padha.

12 Anak-anaké Kohat ana papat, yaiku Amram, Izhar,+ Hébron, lan Uzièl.+ 13 Anak-anaké Amram yaiku Harun+ lan Musa.+ Ning Harun lan anak-anaké dikhususké sakterusé+ kanggo nyucèkké Ruang Mahasuci, mènèhké korban ing ngarepé Yéhuwah, nglayani Gusti Allah, lan mberkahi wong-wong nganggo jenengé Gusti Allah.+ 14 Anak-anaké lanang Musa abdiné Gusti Allah sing bener dadi bagéan saka suku Lèwi. 15 Anak-anaké lanang Musa yaiku Gèrsyom+ lan Èlièzèr.+ 16 Saka anak-anaké lanang Gèrsyom, Syébuèl+ sing dadi pemimpin. 17 Saka keturunané Èlièzèr, Réhabia+ sing dadi pemimpin. Èlièzèr ora nduwé anak lanang liya, ning Réhabia anaké akèh. 18 Saka anak-anaké lanang Izhar,+ Syélomit+ sing dadi ketua. 19 Saka anak-anaké lanang Hébron, Yéria sing dadi pemimpin, Amaria sing nomer loro, Yahazièl sing nomer telu, lan Yékaméam+ sing nomer papat. 20 Saka anak-anaké lanang Uzièl,+ Mikha sing dadi pemimpin lan Issyia sing nomer loro.

21 Anak-anaké lanang Mérari yaiku Mahli lan Musyi.+ Anak-anaké lanang Mahli yaiku Èléazar lan Kis. 22 Èléazar mati tanpa nduwé anak lanang, mung nduwé anak wédok. Dadi anak-anaké lanang Kis, sepupuné* wong-wong wédok kuwi, ngepèk bojo wong-wong wédok kuwi. 23 Anak-anaké lanang Musyi ana telu yaiku Mahli, Èdèr, lan Yérémot.

24 Wong-wong kuwi kabèh anak-anaké lanang Lèwi sing didaftar sesuai karo keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi lan para pemimpiné. Wong-wong kuwi diétung lan disebutké jenengé kanggo nglayani ing omahé Yéhuwah. Wong-wong kuwi umuré 20 taun munggah. 25 Daud wis tau kandha, ”Yéhuwah Gusti Allahé Israèl wis nggawé umaté tentrem,+ lan Gusti Allah bakal manggon ing Yérusalèm saklawasé.+ 26 Sakliyané kuwi, wong Lèwi ora usah ngusung tabernakel manèh utawa peralatan apa waé sing digunakké kanggo ngibadah.”+ 27 Kaya préntahé Daud sing terakhir, wong Lèwi sing umuré 20 taun munggah ya diétung. 28 Tugasé wong-wong kuwi yaiku mbantu anak-anaké lanang Harun+ nglayani ing omahé Yéhuwah, ngawasi halaman-halaman,+ ruang-ruang makan, nyucèkké kabèh peralatan suci, lan gawéan-gawéan liyané sing dibutuhké kanggo nglayani ing omahé Gusti Allah sing bener. 29 Wong-wong kuwi ya mbantu ngurusi roti persembahan,*+ tepung alus kanggo persembahan biji-bijian, roti tipis tanpa ragi,+ roti sing digawé nganggo wajan datar, adonan campuran,+ lan kabèh takeran lan ukurané. 30 Saben ésuk+ lan bengi,+ wong-wong kuwi ngucap syukur lan muji Yéhuwah. 31 Wong-wong kuwi ya mbantu saben ana korban bakaran dipersembahké marang Yéhuwah pas dina Sabat,+ pas bulan anyar,+ lan saksuwéné musim perayaan,+ sesuai karo aturan sing ditentokké. Wong-wong kuwi ajeg nindakké kuwi ing ngarepé Yéhuwah. 32 Wong-wong kuwi ya nindakké tugasé ing kémah pertemuan lan ing panggonan suci. Wong-wong kuwi ya mbantu para seduluré, yaiku anak-anaké lanang Harun, ing omahé Yéhuwah.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim