Yésaya
64 Nèk misalé Njenengan nyuwèk langit, terus mudhun,
Nganti gunung-gunung goncang merga Njenengan,
2 Nèk misalé Njenengan kaya geni sing ngobong semak belukar
Lan nggawé banyu dadi umub,
Mungsuh-mungsuh-Mu bakal ngerti jeneng-Mu
Lan bangsa-bangsa bakal ngrasa wedi ing ngarep-Mu.
3 Pas Njenengan nindakké kabèh sing hébat sing ora tak sangka,+
Njenengan mudhun lan gunung-gunung dadi goncang merga Njenengan.+
4 Kèt mbiyèn, ora ana sing ngrungokké, nggatèkké,
Lan ndelok Gusti Allah liya sakliyané Njenengan.
Njenengan tumindak kanggo kepentingané wong-wong sing berharap marang* Njenengan.+
5 Njenengan nulungi wong sing seneng nindakké apa sing bener,+
Sing éling karo Njenengan lan manut karo préntah-Mu.
Aku terus nggawé dosa,+ mula Njenengan nesu.
Wis suwé banget aku nggawé dosa.
Apa mungkin aku isa dislametké?
Aku bakal dadi kaya godhong sing layu.
Merga kesalahanku, aku bakal dadi kaya godhong sing kabur kena angin.
7 Ora ana sing muji jeneng-Mu,
Ora ana sing ngupaya njaluk tulung marang Njenengan.
8 Tapi saiki, oh Yéhuwah, Njenengan kuwi Bapakku.+
Aku iki tanah liat, lan Njenengan sing dadi pengrajiné.*+
Njenengan sing nggawé aku.
9 Oh Yéhuwah, aja terus-terusan nesu.+
Aja ngéling-éling kesalahanku terus.
Tulung éling nèk aku iki umat-Mu.
10 Kutha-kutha-Mu sing suci wis dadi padhang belantara.
Zion wis dadi padhang belantara,
Lan Yérusalèm wis dadi tanah sing gersang.+
11 Baitku sing suci lan apik,
Sing dienggo nènèk moyangku kanggo muji Njenengan,
Wis diobong nganti entèk.+
Kabèh barangku sing berharga wis hancur.
12 Oh Yéhuwah, pas ndelok kabèh iki, apa Njenengan tetep ora gelem nulungi aku?
Apa Njenengan bakal tetep meneng waé wektu aku susah banget?+