Mazmur
Lagu sing digawé keturunané Korah.+
48 Yéhuwah kuwi hébat lan pantes dipuji
Ing gunungé sing suci, ing kuthané Gusti Allahé awaké dhéwé.
2 Gunung Zion ing ujung lor, kuthané Raja sing agung,+
Kuwi kutha sing apik sing ana ing pegunungan
Lan nggawé kabèh wong ing bumi seneng.+
4 Raja-raja padha ngumpul*
Lan maju bareng-bareng.
5 Wektu ndelok kutha kuwi, raja-raja kuwi kagèt,
Terus padha bingung lan mlayu merga wedi.
6 Ing kana, raja-raja kuwi ndredheg merga wedi
Lan susah banget kaya wong wédok sing arep nglairké.
7 Njenengan ngremuk kapal-kapal Tarsyis nganggo badai saka wétan.
8 Mauné aku mung krungu, saiki aku ndelok dhéwé
Ing kuthané Gusti Allahé awaké dhéwé, ing kuthané Yéhuwah pemimpiné pasukan.
Gusti Allah bakal nggawé kutha kuwi aman nganti saklawasé.+ (Sela)
10 Oh Gusti Allah, muga-muga Njenengan dipuji nganti ujung bumi,
Kaya jeneng-Mu sing wis dikenal nganti ujung bumi.+
Njenengan mesthi nggunakké kekuwatan-Mu kanggo nindakké sing bener.+
11 Muga-muga Gunung Zion+ bahagia,
Muga-muga kutha-kutha ing* Yéhuda bahagia merga keputusan-Mu sing adil.+
12 Ayo mlaku ngubengi Zion.
Étungen menarané.+
13 Gatèkna témboké sing kuwat.+
Gatèkna menarané sing ana bèntèngé,
Bèn kuwi isa mbok critakké marang keturunanmu sukmbèn.
14 Gusti Allah sing wis nylametké kuwi Gusti Allahé awaké dhéwé+ nganti saklawasé.