Mazmur
Lagu sing digawé Daud.
101 Oh Yéhuwah, aku bakal nyanyi lagu pujian* kanggo Njenengan.
Aku bakal nyanyi soal katresnan* lan keadilan-Mu.
2 Kapan Njenengan bakal nulungi aku?
Aku bakal dadi wong sing setya* lan wicaksana wektu tumindak.
Pas aku ing njero omahku, aku bakal nindakké sing bener.+
3 Aku ora bakal ndelok apa sing jahat.
Aku sengit karo kelakuané wong sing ora bener.+
Aku ora sudi urusan karo wong kuwi.*
4 Aku ora bergaul karo wong jahat.
Aku ora mèlu-mèlu nindakké* sing jahat.
5 Wong sing meneng-meneng mitnah wong liya+
Bakal tak gawé ora isa ngomong apa-apa manèh.
Aku ora bakal meneng waé
Nèk ana wong sing sombong lan angkuh.
6 Aku bakal nggatèkké wong sing setya ing bumi,
Bèn wong kuwi isa manggon karo aku.
Wong sing terus nindakké sing bener bakal dadi abdiku.
7 Wong sing seneng ngapusi ora éntuk manggon ing omahku
Lan wong sing ora jujur ora éntuk ngadeg ing ngarepku.*
8 Saben ésuk, aku bakal nyingkirké kabèh wong jahat saka bumi
Lan matèni kabèh wong sing nindakké kejahatan ing kuthané Yéhuwah.+