Mazmur
Maskil.* Lagu sing digawé Étan+ keturunané Ézrah.
89 Aku bakal nyanyi soal katresnané Yéhuwah* nganti saklawasé.
Aku bakal nyritakké soal kesetiaan-Mu marang kabèh wong nganti turun-temurun.
2 Aku kandha, ”Katresnan* bakal ana saklawasé,+
Lan Njenengan wis nggawé kesetiaan-Mu terus ana ing langit.”
3 Njenengan kandha, ”Aku wis nggawé perjanjian karo Daud, abdi sing wis Tak pilih.+
Aku wis nggawé sumpah marang dhèwèké,+
4 ’Aku bakal nggawé keturunanmu*+ terus ana nganti saklawasé,
Aku bakal nggawé kerajaanmu* tetep ana nganti turun-temurun.’”+ (Sela)
5 Oh Yéhuwah, langit bakal muji tumindak-Mu sing luar biasa,
Lan jemaat sing suci* muji kesetiaan-Mu.
6 Ing swarga, sapa sing isa nandhingi Yéhuwah?+
Apa ana anak-anaké Gusti Allah*+ sing isa nandhingi Yéhuwah?
7 Gusti Allah diajèni banget ing kelompok sing suci.+
Kabèh sing ana ing sekitaré+ ngakoni nèk Dhèwèké hébat lan luar biasa.
8 Oh Yéhuwah Gusti Allah pemimpiné pasukan,
Sapa sing isa nandhingi kekuwatan-Mu, oh Yah?+
Njenengan kuwi terus setya.+
9 Njenengan nguwasani laut sing ombaké gedhé banget.+
Njenengan nggawé ombak sing gedhé dadi tenang.+
10 Rahab*+ wis mbok kalahké lan mbok patèni.+
Nganggo kekuwatan-Mu, Njenengan nggawé mungsuh-mungsuh-Mu kocar-kacir.+
11 Langit lan bumi kuwi duwèk-Mu.+
Njenengan sing nggawé bumi sak isiné.+
12 Njenengan sing nggawé lor lan kidul.
Gunung Tabor+ lan Gunung Hèrmon+ seneng banget muji jeneng-Mu.
13 Lengen-Mu kuwi kuwat.+
Tangan-Mu ya kuwat.+
Tangan tengen-Mu mbok angkat.+
14 Apa sing bener lan sing adil dadi dhasaré takhta-Mu.+
Katresnan* lan kesetiaan ana ing ngarep-Mu.+
15 Wong sing sorak-sorak merga seneng kuwi bahagia.+
Oh Yéhuwah, wong kuwi manut karo Njenengan, lan wong kuwi nggawé Njenengan seneng.
16 Saben dina dhèwèké ngrasa seneng merga jeneng-Mu,
Dhèwèké diajèni merga keadilané Gusti Allah.
17 Njenengan nggawé umat-Mu kuwat+ lan diajèni.
Merga Njenengan mberkahi aku, kekuwatanku dadi saya tambah.+
18 Tamèngku kuwi duwèké Yéhuwah,
Lan rajaku kuwi duwèké Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci.+
19 Jaman mbiyèn, Njenengan ngomong karo abdi-Mu sing setya liwat wahyu,
”Aku wis mènèhi kekuwatan marang wong sing kuwat.+
Aku wis ngunggulké wong sing Tak pilih saka antarané umat-Ku.+
20 Aku wis milih Daud abdi-Ku.+
Aku nglantik dhèwèké nganggo minyak suci.+
21 Aku bakal ndhukung dhèwèké,+
Lan Aku bakal nguwatké dhèwèké.
22 Ora ana mungsuh sing bakal meksa dhèwèké mbayar pajeg,
Lan ora ana wong jahat sing bakal nindhes dhèwèké.+
25 Aku bakal nggawé dhèwèké nguwasani laut
Lan nguwasani kali.+
26 Dhèwèké bakal ngomong karo Aku, ’Njenengan kuwi Bapakku,
Gusti Allahku, lan Gunung Watu sing nylametké aku.’+
28 Aku bakal terus sayang karo* dhèwèké nganti saklawasé,+
Lan perjanjian-Ku karo dhèwèké bakal ana nganti saklawasé.+
29 Aku bakal nggawé keturunané* ana saklawasé.
Kerajaané* bakal tetep ana, kaya langit sing ana nganti saklawasé.+
30 Nèk keturunané ora nindakké hukum-Ku
Lan ora manut karo peraturan-Ku,
31 Nèk wong-wong kuwi nglanggar hukum-Ku
Lan ora manut karo préntah-Ku,
32 Wong-wong kuwi bakal Tak hukum nganggo tongkat+ merga padha ora manut.*
Wong-wong kuwi ya bakal Tak gebug merga kesalahané.
35 Aku, Sing Mahasuci, wis nggawé sumpah kanggo sakterusé.
Aku ora bakal ngapusi Daud.+
36 Keturunané* bakal ana saklawasé.+
Kerajaané* bakal tetep ana, kaya matahari sing ana nganti saklawasé.+
37 Kerajaané bakal ana sakterusé,
Kaya bulan sing terus ana* ing langit.” (Sela)
38 Ning, Njenengan wis ninggalké lan ora gelem nampa wong sing wis mbok lantik.+
Njenengan nesu karo dhèwèké.
39 Njenengan mbatalké perjanjian karo abdi-Mu.
Njenengan nggawé mahkotané dadi najis, lan kuwi mbok uncalké ing lemah.
40 Témbok-témboké sing digawé saka watu
Lan bèntèng-bèntèngé mbok ambrukké.
41 Kabèh wong sing liwat ngrampok dhèwèké,
Lan dhèwèké diécé tangga-tanggané.+
42 Njenengan nggawé mungsuh-mungsuhé menang.*+
Njenengan nggawé kabèh mungsuhé seneng.
43 Njenengan nggawé pedhangé dadi ora ana gunané
Lan nggawé dhèwèké kalah perang.
44 Njenengan nggawé dhèwèké ora diajèni manèh
Lan nggawé dhèwèké ora isa mréntah manèh.
45 Njenengan nggawé dhèwèké cepet tuwa.
Njenengan nggawé dhèwèké isin. (Sela)
46 Oh Yéhuwah, nganti kapan Njenengan ora perduli karo aku? Apa nganti saklawasé?+
Nganti kapan Njenengan nesu kaya geni sing ngobong?
47 Tulung élinga nèk umurku ora dawa.+
Apa ora ana tujuané Njenengan nyiptakké manungsa?
48 Apa ana manungsa sing isa urip sakterusé lan ora mati?+
Apa ana manungsa sing isa nylametké dhèwèké dhéwé bèn ora mati?* (Sela)
49 Oh Yéhuwah, kok Njenengan ora nresnani* aku kaya mbiyèn manèh?
Padahal Njenengan kuwi setya lan wis sumpah karo Daud.+
50 Oh Yéhuwah, tulung élinga nèk para abdi-Mu wis diécé.
Élinga nèk aku susah banget merga diécé wong-wong saka kabèh bangsa.
51 Oh Yéhuwah, élinga nèk mungsuh-mungsuh-Mu ngécé wong sing wis mbok lantik.
Élinga nèk ing endi waé dhèwèké lunga, dhèwèké diécé.
52 Muga-muga Yéhuwah dipuji saklawasé. Amin lan Amin.+