Mazmur
Kanggo pemimpin musik. Lagu sing digawé Daud.
20 Muga-muga Yéhuwah njawab dongamu wektu kowé susah.
Muga-muga Gusti Allahé Yakub nglindhungi kowé+ wektu kowé nyebut jenengé.
3 Muga-muga Dhèwèké éling karo kabèh persembahanmu.
Muga-muga Dhèwèké seneng nampa persembahan bakaranmu.* (Sela)
5 Aku bakal sorak-sorak merga Njenengan wis nylametké aku.+
Aku bakal ngluhurké jenengé Gusti Allahé awaké dhéwé.+
Muga-muga Yéhuwah nggawé kabèh sing mbok jaluk kelakon.
6 Saiki aku ngerti nèk Yéhuwah nylametké wong sing dilantik.+
Dhèwèké njawab dongané wong kuwi saka panggonané sing suci ing swarga.
Dhèwèké nylametké wong kuwi nganggo kuwasané.*+
7 Ana sing ngendelké kréta perang lan ana sing ngendelké jarané.+
Tapi awaké dhéwé ngendelké jenengé Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé.+
8 Wong-wong kuwi kalah lan tiba,
Ning awaké dhéwé isa tangi lan ngadeg manèh.+
9 Oh Yéhuwah, tulung slametké raja.+