Mazmur
99 Yéhuwah wis dadi Raja.+ Takhtané ana ing ndhuwuré* kerub-kerub.+
Bèn waé bumi goncang. Bèn waé bangsa-bangsa padha wedi.
2 Yéhuwah kuwi agung ing Zion,
Lan Dhèwèké mréntah kabèh bangsa.+
3 Muga-muga kabèh bangsa muji jeneng-Mu sing agung.+
Jeneng-Mu kuwi suci lan dihormati.
4 Njenengan kuwi raja sing kuwat lan adil.+
Njenengan nggawé pathokan sing bener.
Njenengan bener lan adil wektu ngadili Yakub.+
5 Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé+ kuwi suci.+
Dhèwèké kudu mbok luhurké, lan kowé kudu sujud*+ ing ngarepé.*
6 Musa lan Harun dadi imamé,+
Lan Samuèl termasuk wong sing nyebut jenengé Gusti Allah wektu ndonga.+
Wong-wong kuwi ndonga marang Yéhuwah,
Lan Dhèwèké njawab dongané.+
7 Dhèwèké ngomong karo wong-wong kuwi saka njeroné tugu méga.*+
Wong-wong kuwi manut karo peraturan lan préntahé.+
8 Oh Yéhuwah Gusti Allahku, Njenengan njawab wong-wong kuwi.+