Wulang Bebasan
30 Kata-kata sing penting saka Agur anaké Yaké, sing disampèkké marang Itièl lan Ukal.
2 Aku luwih bodho timbang sapa waé,+
Lan ora nduwé pemahaman sing kuduné diduwèni manungsa.
3 Aku durung sinau soal kawicaksanan,*
Lan aku ora nduwé pengetahuan soal Sing Mahasuci.
4 Apa kowé ngerti, sapa sing wis tau munggah swarga lan mudhun saka kono?+
Sapa sing tau nggegem angin nganggo tangané?
Sapa sing tau mbungkus banyu nganggo klambiné?+
Sapa sing nentokké* ujung-ujungé bumi?+
Sapa jenengé? Sapa jenengé anaké lanang?
5 Saben omongané Gusti Allah kuwi murni.+
Dhèwèké kuwi tamèng kanggoné wong-wong sing nggolèk perlindungan marang Dhèwèké.+
6 Aja nambahké apa-apa ing omongané,+
Bèn Dhèwèké ora ngukum kowé
Lan mbuktèkké nèk kowé tukang ngapusi.
7 Gusti Allah, ana loro sing tak jaluk saka Njenengan.
Mung kuwi sing tak péngini saksuwéné aku urip, ora ana liyané.
8 Bantu aku bèn ora ngapusi lan ora ngomongké sing ora bener.+
Aja nggawé aku mlarat utawa sugih.
Tulung wènèhana aku panganan sing cukup kanggo aku,+
9 Bèn aku ora dadi wareg lan ora ngakoni Njenengan, terus kandha, ”Yéhuwah kuwi sapa?”+
Lan aja nganti aku dadi mlarat lan nyolong, merga kuwi isa nggawé jenengé Gusti Allahku dirèmèhké.*
10 Aja mitnah pembantu ing ngarepé majikané,
Bèn dhèwèké ora ngutuk kowé lan nganggep kowé salah.+
13 Ana wong-wong* sing sombong banget.
Wong-wong kuwi ngrendhahké wong liya.+
14 Ana wong-wong* sing untuné kaya pedhang
Lan rahangé kaya pisau kanggo mbelèh.
Wong-wong kuwi nindhes wong cilik sing ana ing bumi
Lan wong mlarat sing ana ing antarané manungsa.+
15 Lintah nduwé anak wédok loro sing bengok-bengok, ”Aku njaluk. Aku njaluk.”
Ana telu sing ora tau puas,
Ana papat sing ora tau kandha, ”Cukup,”
16 Yaiku Kuburan*+ lan kandungan sing mandhul,
Lemah sing gersang,
Lan geni sing ora tau kandha, ”Cukup.”
17 Nèk wong ngécé bapaké lan ora manut karo ibuné,+
Mripaté bakal dithothol manuk gagak sing ana ing lembah,*
Terus dipangan anak-anaké manuk elang.+
18 Ana telu sing ora isa tak pahami,*
Lan ana papat sing ora isa tak ngertèni:
19 Manuk elang sing mabur ing langit,
Ula sing mlaku ing watu-watu,
Kapal sing ngliwati tengah laut,
Lan kelakuané wong lanang wektu lagi bareng karo wong wédok.
20 Iki sing ditindakké wong wédok sing selingkuh:
Dhèwèké mangan lan ngelapi cangkemé.
Terus dhèwèké kandha, ”Aku ora salah.”+
21 Ana telu sing nggawé bumi dadi goncang,
Lan ana papat sing nggawé wong-wong ora tahan:
22 Wektu budhak mréntah dadi raja,+
Wektu wong bodho mangan akèh banget,
23 Wektu wong wédok sing disengiti* didadèkké bojo,
Lan wektu pembantu wédok nggantèni kedudukané majikané wédok.+
28 Tekèk+ nèmpèl ing témbok nganggo sikilé,
Lan dhèwèké mlebu ing istanané raja.
29 Ana telu sing mlakuné nggawé nggumun,
Ana papat sing kétok gagah wektu mlaku:
30 Singa, sing paling kuwat ing antarané kéwan
Lan ora wedi karo sapa waé.+
31 Anjing pemburu, kambing lanang,
Lan raja sing bareng karo pasukané.
32 Nèk saking bodhoné kowé nganti nyombongké awakmu dhéwé,+
Utawa nduwé rencana kanggo tumindak kaya ngono,
Kowé kudu nutup cangkemmu lan menenga.+
33 Kaya susu sing dikocok dadi mentéga
Lan irung sing dipencèt dadi metu getihé,
Wong isa padu nèk dipancing bèn nesu.+