Mazmur
Kanggo pemimpin musik. Lagu sing digawé Daud.
64 Gusti Allah, aku kuwatir banget, tulung rungokna aku.+
Tulung lindhungi aku saka serangané mungsuhku sing medèni banget.
2 Muga-muga Njenengan nglindhungi aku saka rencana jahaté wong sing jahat+
Lan saka grombolan wong sing jahat.
3 Omongané nglarani ati kaya pedhang sing landhep.*
Omongané kejem kaya panah
4 Sing dipanahké saka panggonané ndhelik marang wong sing ora salah.
Tanpa rasa wedi, wong jahat kuwi ujug-ujug manah wong sing ora salah mau.
5 Wong-wong kuwi ngotot nindakké rencanané sing jahat*
Lan ngomongké carané ndhelikké jebakané.
Wong-wong kuwi kandha, ”Ora bakal ana sing ndelok jebakan kuwi.”+
6 Wong-wong kuwi nggolèk cara liya kanggo nindakké sing jahat
Lan meneng-meneng nggawé rencana licik.+
Pikiran lan atiné wong-wong kuwi angèl dipahami.
7 Ning, ujug-ujug wong-wong kuwi bakal luka kena panah
Merga dipanah Gusti Allah.+
8 Wong-wong kuwi bakal dihancurké merga omongané* dhéwé.+
Kabèh wong sing ndelok bakal ngécé karo gèdhèg-gèdhèg.
9 Kabèh wong bakal wedi
Lan bakal nyritakké sing wis ditindakké Gusti Allah.
Kabèh wong kuwi bakal paham karo sing ditindakké Gusti Allah.+
10 Wong sing bener bakal ngrasa seneng merga Yéhuwah lan bakal berlindung marang Dhèwèké.+
Wong sing atiné tulus bakal bahagia.*