Mazmur
Lagu sing digawé Daud, kanggo ngélingké wong-wong.
38 Oh Yéhuwah, aja nesu wektu ngélikké aku.
Aja ngamuk wektu mènèhi aku naséhat.+
2 Panah-Mu wis nancep ing awakku.
Aku ngrasakké lara merga Njenengan ngukum aku.+
3 Awakku lara kabèh* merga Njenengan nesu.
Aku* ngrasa ora tenang merga dosaku.+
4 Kesalahanku akèh banget nganti aku kewalahan,+
Kaya beban sing abot sing ora sanggup tak tanggung.
5 Luka-lukaku mambu lan metu nanahé
Merga dosaku.
6 Aku sedhih lan susah banget.
Saka ésuk nganti bengi aku ngrasa sedhih.
7 Awakku rasané kaya diobong.*
Awakku lara kabèh.+
8 Aku sedhih banget nganti ora isa ngrasakké apa-apa.
Aku njerit merga atiku susah banget.
9 Oh Yéhuwah, Njenengan ngerti kabèh kepénginanku,
Lan Njenengan terus ngrungokké aku wektu aku sambat.
11 Wong sing tak tresnani lan kancaku ora gelem kekancan manèh karo aku merga penyakitku.
Kanca akrabku ngedohi aku.
12 Wong-wong masang jebakan kanggo matèni aku.
Wong sing arep nyilakani aku ngomong nèk arep nyingkirké aku.+
Saka ésuk nganti bengi, wong-wong kuwi nggawé rencana kanggo ngapusi aku.
13 Ning, aku ora bakal ngrungokké, kaya wong budheg.+
Aku ora bakal ngomong apa-apa, kaya wong bisu.+
14 Aku kaya wong sing ora isa ngrungokké
Lan ora isa ngomong apa-apa kanggo mbéla awakku dhéwé.
15 Oh Yéhuwah, aku ngentèni Njenengan nulungi aku,+
Lan Njenengan nulungi aku, oh Yéhuwah Gusti Allahku.+
16 Aku ngomong, ”Muga-muga wong-wong kuwi ora ngrasa seneng nèk aku susah
Lan ora nyombongké dhiri nèk aku nindakké dosa.”*
17 Aku wis ora kuwat manèh,
Lan aku ngrasakké lara terus.+
18 Aku ngakoni kesalahanku.+
Aku ora tenang merga dosaku.+
19 Ning, mungsuh-mungsuhku kuwat banget.*
Wong-wong sing sengit karo aku tanpa alesan dadi saya akèh.
20 Wong-wong kuwi mbales tumindakku sing apik nganggo kejahatan.
Wong-wong kuwi mungsuhi aku merga aku péngin nindakké sing apik.
21 Oh Yéhuwah, aja ninggalké aku.
Oh Gusti Allah, aja adoh-adoh saka aku.+
22 Oh Yéhuwah, Njenengan sing nylametké aku,+
Cepet tulungi aku.