Ayub
25 Bildad+ wong Syuah kuwi njawab,
2 ”Dhèwèké nduwé kuwasa, lan Dhèwèké nggawé wong dadi wedi.
Dhèwèké nggawé swarga* dadi tentrem.
3 Apa kabèh pasukané isa diétung?
Apa ana sing ora disinari cahayané?
4 Apa mungkin manungsa isa dianggep bener karo Gusti Allah?+
Apa mungkin manungsa isa dianggep ora salah?*+
5 Malah bulan waé ora dianggep padhang karo Dhèwèké,
Lan bintang ya ora padhang kanggoné Dhèwèké.
6 Apa manèh manungsa, sing mung kaya sèt,
Lan anaké manungsa, sing kaya cacing.”