Ayub
35 Èlihu neruské omongané,
2 ”Apa njenengan wis rumangsa paling bener nganti njenengan ngomong,
’Aku luwih bener timbang Gusti Allah?’+
3 Njenengan ngomong, ’Apa gunané* nèk aku bener?
Apa keadaanku bakal luwih pénak nèk aku ora nggawé dosa?’+
4 Aku bakal njawab njenengan
Lan kanca-kancané njenengan.+
5 Coba deloken langit,
Deloken méga-méga+ sing ana ing ndhuwuré njenengan.
6 Nèk njenengan nggawé dosa, apa Gusti Allah bakal rugi?+
Nèk njenengan nggawé akèh pelanggaran, apa ana pengaruhé kanggo Dhèwèké?+
7 Nèk njenengan bener, apa manfaaté kanggo Dhèwèké?
Dhèwèké bakal éntuk apa saka njenengan?+
8 Nèk njenengan jahat, kuwi mung ana pengaruhé kanggo manungsa kaya njenengan.
Nèk njenengan bener, kuwi mung ana pengaruhé kanggo manungsa.
9 Wong-wong sambat merga akèh ditindhes.
Wong-wong kuwi njaluk dibébaské saka wong-wong sing nduwé kuwasa.+
10 Ning ora ana sing ngomong, ’Ayo nggolèki Gusti Allah sing hébat, Sing Nyiptakké awaké dhéwé,+
Sing nggawé wong-wong nyanyi lagu pujian pas bengi.’+
11 Dhèwèké mulang awaké dhéwé+ bèn isa nduwé luwih akèh pengetahuan timbang kéwan ing bumi,+
Lan Dhèwèké nggawé awaké dhéwé luwih wicaksana timbang manuk ing langit.
13 Gusti Allah ora mungkin ngrungokké sambaté wong-wong sing ora tulus.*+
Sing Mahakuwasa ora perduli.
14 Apa manèh wektu njenengan sambat nèk Gusti Allah ora perduli karo njenengan.+
Dhèwèké wis ngerti kasusé njenengan, dadi njenengan kudu ngentèni Dhèwèké.+
15 Sebab Dhèwèké ora nesu lan ora ngukum njenengan,
Lan omongané njenengan sing kasar banget ora dilebokké ing atiné.+
16 Dadi, ora ana gunané Ayub ngomong,
Merga omongané kuwi ora dipikir dhisik.”+