Mazmur
BUKU PERTAMA
(Mazmur 1-41)
1 Wong sing bahagia kuwi wong sing ora manut karo naséhaté wong jahat.
2 Dhèwèké seneng karo hukumé Yéhuwah.+
Dhèwèké maca lan mikirké tenanan* hukum kuwi awan lan bengi.+
3 Dhèwèké bakal kaya wit sing ditandur ing pinggir kali,
Sing metu buahé pas musimé,
Lan sing godhongé ora layu.
Kabèh sing ditindakké mesthi bakal berhasil.+
4 Ning, wong jahat ora kaya ngono.
Wong-wong kuwi kaya kulit biji-bijian sing kabur kena angin.
5 Wong jahat mesthi bakal dihukum.+
Wong dosa ora bakal ana ing antarané wong bener.+