Ayub
16 Ayub njawab,
2 ”Mbiyèn aku wis kerep krungu soal kuwi.
Kowé ora menghibur, ning malah nggawé aku tambah susah.+
3 Nganti kapan kowé arep neruské omong kosongmu?
Apa kowé*nesu kok nganti ngomong kaya ngono?
4 Nèk kowé dadi aku, lan aku dadi kowé,
Aku ya isa ngomong kaya ngono.
Aku isa waé ngèlèk-èlèk kowé
Lan gèdhèg-gèdhèg wektu ndelok kowé.+
5 Ning, aku ora kaya ngono. Aku bakal nguwatké kowé nganggo omonganku,
6 Nèk aku ngomong, kesusahanku ora ilang.+
Nèk aku mandheg ngomong, aku ya tetep susah.
7 Ning, saiki Gusti Allah nggawé aku kesel.+
Dhèwèké wis njupuk wong-wong sing manggon ing omahku.
8 Dhèwèké ya nggawé aku susah banget, lan wong liya ndelok kuwi.
Aku dadi kuru, mula wong-wong mikir nèk aku sing salah.
9 Merga nesu, Dhèwèké mungsuhi aku lan kaya nyabik-nyabik aku.+
Dhèwèké nesu pas ndelok aku.
Dhèwèké kaya mungsuh sing menthelengi aku.+
10 Wong-wong ngécé aku.+
Wong-wong kuwi ngantem* pipiku merga arep ngrendhahké aku.
Wong-wong kuwi ya ngroyok aku.+
11 Gusti Allah meneng waé wektu aku diserang karo bocah-bocah lanang,
Lan Dhèwèké meneng waé wektu wong jahat padha njahati aku.+
12 Mbiyèn uripku tenang, tapi ujug-ujug Dhèwèké nggawé uripku hancur.+
Aku ngrasa guluku dicekel saka mburi, lan aku dibanting.
Dhèwèké nggawé aku dadi sasaran hukumané.
13 Aku kaya dikepung karo para pemanahé.+
Dhèwèké ora mesakké karo aku, lan panahé nusuk ginjalku.+
Rasané kaya jeroanku metu kabèh.
14 Aku kaya témbok sing bola-bali dijebol,
Dhèwèké nyerang aku kaya prajurit perang.
15 Aku njait kain goni kanggo nutupi kulitku,+
Aku lungguh ing awu. Aku direndhahké lan ora nduwé kekuwatan.+
16 Merga nangis, wajahku dadi abang,+
Lan mripatku abuh.
17 Aku durung tau nyilakani wong liya,
Lan aku tulus ndonga.
18 Bumi, getihku aja mbok tutupi.+
Bèn waé aku terus-terusan mbengok.
19 Aku nduwé seksi ing swarga sing isa mbuktèkké nèk aku ora salah.
Dhèwèké sing ana ing swarga isa mbéla aku.
20 Kanca-kancaku ngécé aku.+
Karo nangis, aku njaluk tulung marang Gusti Allah.+
21 Muga-muga ana sing nengahi wektu manungsa nduwé masalah karo Gusti Allah,
Kaya wong sing nengahi wektu ana wong sing nduwé masalah karo kancané.+
22 Uripku wis ora suwé manèh.
Aku bakal mati lan ora ana manèh.+