Ayub
13 ”Aku wis ndelok kuwi kabèh,
Aku wis krungu lan wis paham soal kuwi.
2 Aku ngerti apa sing mbok ngertèni,
Aku ora kalah karo kowé.
3 Nèk aku, mendhing aku ngomong karo Sing Mahakuwasa,
Aku péngin mbéla awakku dhéwé ing ngarepé Gusti Allah.+
4 Kowé ngapusi bèn isa ngrusak jenengku.
Kowé kabèh kuwi dokter sing ora ana gunané.+
5 Nèk misalé kowé meneng waé,
Kowé malah isa dianggep wicaksana.+
6 Tulung rungokna penjelasanku,
Lan gatèkna pembélaanku.
7 Apa kowé bakal ora jujur demi kepentingané Gusti Allah?
Apa kowé bakal ngapusi demi Gusti Allah?
8 Apa kowé bakal mbéla Dhèwèké?
Apa kowé bakal ndhukung kasusé Gusti Allah sing bener?
9 Nèk Gusti Allah ndelok kowé, apa Dhèwèké bakal seneng?+
Apa mbok pikir kowé isa ngapusi Dhèwèké kaya kowé ngapusi manungsa?
10 Dhèwèké mesthi bakal nyenèni kowé
Nèk kowé éthok-éthok mbélani Dhèwèké ning ora adil karo aku.+
11 Apa kowé ora wedi karo kemuliaané?
Apa kowé ora wedi karo Dhèwèké?
12 Omonganmu sing wicaksana kuwi kaya peribahasa sing ora ana gunané.*
Omonganmu kuwi kaya tamèng saka tanah liat sing gampang remuk.
13 Menenga bèn aku isa ngomong,
Sing bakal tak alami, bèn waé tak alami.
14 Ngapa aku nggawé uripku ngalami bahaya,
Lan ngapa aku nganti gelem toh nyawa?
15 Senajan Dhèwèké isa waé matèni aku, ning aku bakal tetep percaya karo Dhèwèké,+
Aku bakal mbuktèkké ing ngarepé Dhèwèké nèk aku ora salah.
17 Rungokna tenanan omonganku.
Gatèkna sing tak omongké.
18 Aku wis nyiapké kasusku bèn isa tak gawa ing pengadilan.
Aku ngerti nèk aku bener.
19 Apa ana sing isa nudhuh aku?
Aku bakal mati nèk meneng waé.*
20 Oh Gusti Allah, ana loro sing tak jaluk saka Njenengan,
Sakwisé kuwi, aku ora bakal ndhelik manèh saka Njenengan:
22 Tulung Njenengan ngomong dhisik, lan aku bakal njawab,
Utawa aku sing ngomong dhisik, lan Njenengan sing njawab.
23 Apa salah lan dosaku?
Tulung kandhani aku apa pelanggaran lan dosaku.
25 Aku mung kaya godhong sing obah merga kena angin lan kaya jerami sing garing.
Ngapa Njenengan ngoyak* aku lan nggawé aku wedi?
26 Njenengan terus-terusan nulis tudhuhan soal aku,
Lan Njenengan nggawé aku susah merga dosa-dosaku pas aku isih enom.
27 Njenengan ngukum aku,*
Njenengan ngamati kabèh tumindakku,
Lan Njenengan kaya ngetutké aku ing endi waé aku lunga.