Mazmur
Miktam* sing digawé Daud.
16 Oh Gusti Allah, tulung lindhungi aku merga aku nggolèk perlindungan marang Njenengan.+
2 Aku kandha karo Yéhuwah, ”Yéhuwah, kabèh sing apik ing uripku asalé saka Njenengan.
3 Wong-wong suci ing bumi,
Yaiku wong-wong sing pantes diajèni, nggawé aku seneng.”+
4 Wong sing péngin ngabdi marang allah-allah liya uripé malah tambah susah.+
Aku ora bakal mènèhké getih dadi persembahan minuman,
Lan aku ora bakal nyebut jenengé allah-allah kuwi.+
5 Yéhuwah sing nyedhiakké kabèh sing tak tampa,*+ lan Dhèwèké kaya gelas+ sing isa tak enggo ngombé nganti puas.
Njenengan njaga warisanku.
6 Njenengan wis nentokké panggonan sing apik kanggo aku.
Aku puas karo warisanku.+
7 Aku bakal muji Yéhuwah sing wis mènèhi aku naséhat.+
Pas bengi, atiku* ngélingké aku.+
8 Aku terus mikirké Yéhuwah.*+
Aku ora bakal kuwatir,+ merga Dhèwèké ana ing sebelah tengenku.
9 Mula, atiku seneng lan aku* bahagia banget.
Aku ya ngrasa aman.
10 Njenengan ora bakal ninggalké aku ing Kuburan.*+
Njenengan ora bakal ngéntukké abdi-Mu sing setya ndelok lubang kubur.+
11 Njenengan ngandhani aku bèn aku isa nindakké préntah-Mu.+
Aku bahagia merga ana ing cedhak-Mu.+
Aku bahagia nganti saklawasé merga ana ing sebelah tengen-Mu.