Mazmur
Lagu.
Nganggo tangan tengené, yaiku tangané sing suci, Dhèwèké wis nylametké umaté.*+
2 Yéhuwah nggawé wong-wong ngerti nèk Dhèwèké kuwi sing nylametké umaté.+
Ing ngarepé bangsa-bangsa, Dhèwèké wis nduduhké nèk Dhèwèké adil.+
3 Dhèwèké éling karo janjiné kanggo nresnani* lan setya marang keturunané Israèl.+
Kabèh wong ing bumi wis ndelok wektu Gusti Allahé awaké dhéwé nylametké umaté.+
4 Hé kabèh wong ing bumi, ayo padha sorak-sorak lan muji Yéhuwah.
Kowé kudu sorak-sorak lan nyanyi lagu pujian.*+
5 Ayo nyanyi lagu pujian* kanggo Yéhuwah
Nganggo harpa lan nyanyian.
6 Kowé kudu sorak-sorak ing ngarepé Raja, yaiku Yéhuwah,
Nganggo trompèt sing béda-béda.+
7 Muga-muga laut sak isiné padha sorak-sorak.
Muga-muga bumi lan sing manggon ing kono ya sorak-sorak.
8 Muga-muga kali padha keplok-keplok.
Dhèwèké bakal adil wektu ngadili wong-wong ing bumi.+
Dhèwèké setya wektu ngadili bangsa-bangsa.+