Mazmur
Laguné wong sing munggah menyang kutha.*
2 Oh Yéhuwah, tulung slametna aku saka wong sing ngomong ora bener soal aku
Lan saka wong sing seneng ngapusi.
3 Hé kowé tukang ngapusi,+ apa kowé ngerti sing bakal ditindakké Gusti Allah marang kowé?
Apa kowé ngerti Gusti Allah bakal mènèhi hukuman apa marang kowé?*
4 Kowé bakal dihukum nganggo panahé prajurit sing landhep+
Lan nganggo bara saka semak-semak sing diobong.+
5 Aku cilaka banget merga aku manggon ing Mèsyèkh+ dadi wong asing.
Aku manggon ing antarané perkémahané wong Kédar.+
6 Aku wis suwé banget
Manggon karo wong-wong sing ora seneng rukun.+
7 Aku seneng rukun.
Tapi nèk kuwi tak omongké, wong-wong kuwi péngin perang.