Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar Intiné Buku Ayub AYUB INTINÉ BUKU 1 Ayub setya lan sugih (1-5) Sétan nganggep nèk Ayub ora tulus (6-12) Ayub kélangan harta lan anak-anaké (13-19) Ayub ora nyalahké Gusti Allah (20-22) 2 Sétan isih nganggep nèk Ayub ora tulus (1-5) Sétan éntuk nggawé Ayub lara (6-8) Bojoné Ayub kandha, ”Kowé kuduné nyumpahi Gusti Allah, terus mati waé” (9, 10) Telu kancané Ayub teka (11-13) 3 Ayub nyumpahi dina lairé (1-26) Ayub takon ngapa dhèwèké sengsara (20, 21) 4 Omongané Èlifaz sing pertama (1-21) Nudhuh nèk Ayub ora setya (7, 8) Nyritakké mimpiné (12-17) ”Gusti Allah ora percaya karo para abdiné” (18) 5 Èlifaz neruské omongané (1-27) ’Gusti Allah njebak wong wicaksana nganggo rencana liciké wong-wong kuwi dhéwé’ (13) ’Ayub kuduné ora nolak naséhaté Gusti Allah’ (17) 6 Jawabané Ayub (1-30) Ayub kandha nèk dhèwèké nduwé hak kanggo sambat (2-6) Kanca-kancané Ayub ora isa dipercaya (15-18) ”Omongan sing bener ora nglarani ati” (25) 7 Ayub neruské omongané (1-21) Uripé manungsa kaya kerja paksa (1, 2) ”Ngapa kok aku dadi sasaran-Mu?” (20) 8 Omongané Bildad sing pertama (1-22) Bildad kandha nèk anak-anaké Ayub wis nggawé dosa (4) ’Nèk kowé pancèn tulus, Gusti Allah mesthi bakal nglindhungi kowé’ (6) Bildad kandha nèk Ayub kuwi wong jahat (13) 9 Jawabané Ayub (1-35) Manungsa ora isa nglawan Gusti Allah (2-4) ’Sing ditindakké Gusti Allah angèl dipahami’ (10) Manungsa ora isa nglawan Gusti Allah (32) 10 Ayub neruské omongané (1-22) ’Ngapa Gusti Allah mungsuhi aku?’ (2) Gusti Allah béda banget karo Ayub (4-12) ’Muga-muga aku rada tenang’ (20) 11 Omongané Zofar sing pertama (1-20) Nudhuh nèk Ayub mung omong kosong (2, 3) Ngandhani Ayub bèn ora nindakké sing jahat manèh (14) 12 Jawabané Ayub (1-25) ”Aku ora kalah karo kowé” (3) ”Aku diguyu karo kanca-kancaku” (4) ’Sing nduwé kawicaksanan kuwi Gusti Allah’ (13) Gusti Allah luwih unggul timbang para hakim lan raja (17, 18) 13 Ayub neruské omongané (1-28) ’Mendhing aku ngomong karo Gusti Allah’ (3) ”Kowé kabèh kuwi dokter sing ora ana gunané” (4) ”Aku ngerti nèk aku bener” (18) Ayub takon ngapa Gusti Allah mungsuhi dhèwèké (24) 14 Ayub neruské omongané (1-22) Manungsa uripé singkat lan kebak masalah (1) ’Wit bakal thukul manèh’ (7) ”Tulung Njenengan ndhelikké aku ing njero Kuburan” (13) ”Nèk manungsa mati, apa dhèwèké isa urip manèh?” (14) Gusti Allah bakal kangen karo ciptaané (15) 15 Omongané Èlifaz sing keloro (1-35) Ngomong nèk Ayub ora wedi marang Gusti Allah (4) Ngomong nèk Ayub lancang (7-9) ’Gusti Allah ora percaya karo para malaékaté’ (15) ’Wong jahat bakal ngrasakké kesusahan’ (20-24) 16 Jawabané Ayub (1-22) ”Kowé ora menghibur, ning malah nggawé aku tambah susah” (2) Nganggep nèk Gusti Allah nggawé dhèwèké dadi sasarané (12) 17 Ayub neruské omongané (1-16) ”Wong-wong sing ngécé aku ana ing sekitarku” (2) ’Gusti Allah nggawé bèn wong-wong ngécé aku’ (6) ”Kuburan bakal dadi omahku” (13) 18 Omongané Bildad sing keloro (1-21) Hukuman kanggo wong sing dosa (5-20) Nudhuh nèk Ayub ora kenal Gusti Allah (21) 19 Jawabané Ayub (1-29) Ayub ora trima disalahké ”kanca-kancané” (1-6) Ayub kandha nèk dhèwèké diedohi (13-19) ”Ana sing bakal nebus aku” (25) 20 Omongané Zofar sing keloro (1-29) Zofar jèngkèl karo Ayub (2, 3) Nudhuh nèk Ayub kuwi jahat (5) Nudhuh nèk Ayub seneng nggawé dosa (12, 13) 21 Jawabané Ayub (1-34) ’Ngapa kok wong jahat dadi sugih?’ (7-13) Ayub nyenèni ”kanca-kancané” (27-34) 22 Omongané Èlifaz sing ketelu (1-30) ”Apa manungsa ana gunané kanggo Gusti Allah?” (2, 3) Nudhuh nèk Ayub srakah lan ora adil (6-9) ’Nèk mertobat marang Gusti Allah, kowé bakal kaya mbiyèn manèh’ (23) 23 Jawabané Ayub (1-17) Péngin ngomongké alesané nèk dhèwèké ora salah (1-7) Kandha nèk dhèwèké ora isa ketemu Gusti Allah (8, 9) ”Aku terus manut lan ora nyimpang” (11) 24 Ayub neruské omongané (1-25) ’Apa sebabé Gusti Allah ora nentokké wektu kanggo ngukum manungsa?’ (1) Ngomong nèk Gusti Allah meneng waé wektu ana kejahatan (12) Wong dosa seneng nindakké kejahatan pas bengi (13-17) 25 Omongané Bildad sing ketelu (1-6) ’Apa mungkin manungsa isa dianggep ora salah karo Gusti Allah?’ (4) Ngomong nèk ora ana gunané manungsa setya (5, 6) 26 Jawabané Ayub (1-14) ”Kowé wis kerep mbantu wong sing susah” (1-4) ’Gusti Allah nggantung bumi tanpa canthèlan’ (7) ”Kuwi mung sithik saka hasil gawéané” (14) 27 Tékadé Ayub kanggo tetep setya (1-23) ”Ora mungkin nèk aku ora setya marang Gusti Allah” (5) Wong sing jahat ora nduwé harapan (8) ”Ngapa kok sing mbok omongké kuwi ora ana gunané?” (12) Kekayaané wong jahat bakal ilang (13-23) 28 Ayub mbandhingké harta ing bumi karo kawicaksanan (1-28) Manungsa ngupaya nambang (1-11) Kawicaksanan luwih berharga timbang mutiara (18) ”Nèk wedi marang Yéhuwah, kuwi berarti nduwé kawicaksanan” (28) 29 Ayub ngéling-éling wektu dhèwèké durung ngalami masalah (1-25) Diajèni karo wong-wong sing ana ing gerbang kutha (7-10) Sing wis ditindakké Ayub kanggo nulungi wong liya (11-17) Kabèh wong ngrungokké naséhaté Ayub (21-23) 30 Ayub kandha nèk uripé wis berubah (1-31) Dirèmèhké karo wong sing ora ana gunané (1-15) Ora dibantu karo Gusti Allah (20, 21) ”Kulitku dadi ireng” (30) 31 Ayub nduduhké nèk dhèwèké tetep setya (1-40) Ayub nggawé perjanjian karo mripaté (1) Njaluk Gusti Allah ndelok tumindaké (6) Ora selingkuh (9-12) Ora mburu dhuwit (24, 25) Ora nyembah liyané (26-28) 32 Èlihu sing isih enom mulai ngomong (1-22) Nesu karo Ayub lan kanca-kancané Ayub (2, 3) Ngentèni sing liyané rampung ngomong (6, 7) Wong sing tuwa durung mesthi wicaksana (9) Èlihu péngin banget ngomong (18-20) 33 Èlihu mènèhi Ayub naséhat merga Ayub terlalu percaya diri (1-33) Wis éntuk tebusan (24) Dadi kuwat manèh kaya pas isih enom (25) 34 Èlihu mbéla tumindak lan keadilané Gusti Allah (1-37) Ayub kandha nèk Gusti Allah ora adil marang dhèwèké (5) Gusti Allah sing bener ora tau tumindak jahat (10) Ayub ora nduwé akèh pengetahuan (35) 35 Èlihu ngandhani nèk pikirané Ayub salah (1-16) Ayub ngomong nèk dhèwèké luwih bener timbang Gusti Allah (2) Gusti Allah luhur banget, dosa ora ana pengaruhé kanggo Dhèwèké (5, 6) Ayub kuduné ngentèni Gusti Allah (14) 36 Èlihu muji Gusti Allah sing hébat (1-33) Sing manut bakal makmur, sing jahat bakal ditolak (11-13) ’Apa ana guru sing kaya Gusti Allah?’ (22) Ayub kuduné ngluhurké Gusti Allah (24) ”Ora isa ngerti sepira gedhéné kuwasané Gusti Allah” (26) Gusti Allah ngendhalèni udan lan kilat (27-33) 37 Kekuatan alam nduduhké nèk Gusti Allah hébat (1-24) Gusti Allah isa ngendhegké kegiatané manungsa (7) ’Mikirké hasil gawéan lan tumindaké Gusti Allah sing luar biasa’ (14) Manungsa ora isa paham sak kabèhé soal Gusti Allah (23) Manungsa kuduné ora rumangsa pinter (24) 38 Yéhuwah njelaské nèk manungsa kuwi ora ana apa-apané (1-41) ’Wektu bumi digawé, kowé ana ing endi?’ (4-6) Anak-anaké Gusti Allah sorak-sorak mènèhi pujian (7) Pitakonan soal alam (8-32) ”Hukum-hukum sing ngatur kabèh sing ana ing langit” (33) 39 Saka kéwan sing diciptakké, kuwi nduduhké nèk manungsa ora ngerti apa-apa (1-30) Kambing gunung lan kidang (1-4) Keledai liar (5-8) Sapi lanang liar (9-12) Manuk unta (13-18) Jaran (19-25) Manuk alap-alap lan manuk elang (26-30) 40 Pitakonan-pitakonané Yéhuwah (1-24) Ayub ngakoni nèk dhèwèké ora ngerti kudu ngomong apa (3-5) ’Apa kowé ora percaya nèk Aku adil?’ (8) Gusti Allah njelaské kekuwatané kuda nil (15-24) 41 Gusti Allah njelaské kekuwatané baya sing luar biasa (1-34) 42 Ayub njawab Yéhuwah (1-6) Gusti Allah nesu karo telu kancané Ayub (7-9) Yéhuwah nggawé keadaané Ayub dadi apik manèh (10-17) Anak-anaké Ayub (13-15)