PANGANDHARING TORÈT
1 Iki sing diomongké Musa marang wong Israèl ing padhang belantara cedhaké Kali Yordan, yaiku padhang belantara sing ana ing ngarepé Suf, ing antarané Paran, Tofèl, Laban, Hazérot, lan Dizahab. 2 (Perjalanan saka Horèb tekan Kadès-barnéa+ liwat Gunung Séir suwéné 11 dina.) 3 Ing dina pertama sasi ke-11 taun ke-40,+ Musa ngandhani wong Israèl kabèh préntahé Yéhuwah sing kudu diomongké marang wong Israèl. 4 Kuwi kelakon ing Édréi+ sakwisé dhèwèké* ngalahké Sihon+ raja Amori sing manggon ing Hésbon lan Og+ raja Basyan sing manggon ing Astarot. 5 Ing wilayah Kali Yordan, ing tanah Moab, Musa njelaské Hukumé+ Gusti Allah. Dhèwèké kandha,
6 ”Ing Horèb, Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé kandha, ’Kowé wis suwé manggon ing dhaérah pegunungan iki.+ 7 Kowé kudu lunga ing dhaérah pegunungané wong Amori+ lan kabèh dhaérah sekitaré, yaiku Araba,+ wilayah pegunungan, Syéféla, Nègèb, lan dhaérah pinggir laut.+ Kowé kudu lunga menyang tanahé wong Kanaan. Kowé kudu lunga tekan Lébanon+ lan kali gedhé, yaiku Éfrat.+ 8 Aku wis mènèhké tanah iki marang kowé. Kowé kudu ngrebut tanah sing wis dijanjèkké Yéhuwah marang nènèk moyangmu, yaiku Abraham, Ishak,+ lan Yakub.+ Gusti Allah wis nggawé sumpah nèk bakal mènèhké tanah iki marang wong-wong kuwi lan keturunané.’*+
9 ”Wektu kuwi aku ngomong karo kowé, ’Aku ora isa mimpin kowé dhèwèkan.+ 10 Yéhuwah Gusti Allahmu wis nggawé keturunanmu dadi akèh banget, lan saiki jumlahmu padha akèhé karo bintang ing langit.+ 11 Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangmu nggawé jumlahé+ keturunanmu ping sèwuné jumlahmu saiki. Muga-muga Dhèwèké mberkahi kowé kaya janjiné marang kowé.+ 12 Aku ora mungkin isa ngrampungi masalahmu nèk aku dhèwèkan. Aku ya ora isa ngatasi nèk kowé padu.*+ 13 Saka suku-sukumu, pilihen wong-wong lanang sing wicaksana, trampil, lan nduwé akèh pengalaman. Aku bakal ndadèkké wong-wong kuwi pemimpinmu.’+ 14 Terus kowé njawab, ’Saranmu apik.’ 15 Mula, aku milih para kepala suku saka suku-sukumu, yaiku wong-wong lanang sing wicaksana lan nduwé akèh pengalaman. Wong-wong kuwi tak dadèkké pemimpiné wong sèwu, pemimpiné wong satus, pemimpiné wong sèket, pemimpiné wong sepuluh, lan pemimpiné suku-sukumu.+
16 ”Wektu kuwi aku ngandhani para hakim sing ana ing antaramu, ’Nèk ana wong sing nduwé masalah karo wong liya, terus dhèwèké marani kowé, kowé kudu adil+ wektu ngadili kasusé wong kuwi, embuh kuwi masalahé karo sing padha-padha wong Israèl utawa karo wong asing sing manggon karo kowé.+ 17 Aja pilih kasih wektu ngadili.+ Wong cilik utawa wong penting kudu padha-padha mbok rungokké.+ Aja wedi karo manungsa,+ merga kowé dadi wakilé Gusti Allah wektu ngadili.+ Nèk kasusé angèl banget, kowé isa nggawa kasus kuwi marang aku. Mengko kasus kuwi tak tangani.’+ 18 Wektu kuwi aku ngandhani kowé soal kabèh sing kudu mbok tindakké.
19 ”Terus, persis kaya sing dipréntahké Yéhuwah, awaké dhéwé mangkat saka Horèb lan mlaku ngliwati padhang belantara+ sing gedhé lan medèni, sing mbok delok wektu ing perjalanan menyang wilayah pegunungané wong Amori,+ lan akhiré awaké dhéwé tekan ing Kadès-barnéa.+ 20 Terus aku kandha, ’Kowé wis tekan ing wilayah pegunungané wong Amori, sing diwènèhké Yéhuwah marang awaké dhéwé. 21 Yéhuwah Gusti Allahmu wis mènèhké tanah iki marang kowé. Mangkata lan rebuten tanah kuwi, kaya sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangmu.+ Aja wedi.’
22 ”Ning, kowé kabèh malah nemoni aku lan kandha, ’Ayo ngirim utusan kanggo ndelok tanah kuwi bèn awaké dhéwé isa ngerti kudu liwat dalan endi lan ngerti kaya apa kutha sing bakal ditekani.’+ 23 Menurutku saranmu apik, mula aku milih wong lanang 12. Wong siji saka saben suku.+ 24 Wong-wong kuwi lunga menyang dhaérah pegunungan+ lan tekan ing Lembah Éskol, terus wong-wong kuwi dadi mata-mata ing kono. 25 Wong-wong kuwi njupuk buah-buahan sing ana ing tanah kuwi, terus digawa bali. Wong-wong kuwi kandha, ’Tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé marang awaké dhéwé kuwi subur banget.’+ 26 Ning, kowé wegah mrono lan malah nglawan préntahé Yéhuwah Gusti Allahmu.+ 27 Kowé terus sambat ing njero kémahmu lan kandha, ’Yéhuwah sengit karo awaké dhéwé, mula awaké dhéwé digawa metu saka Mesir bèn dipatèni wong Amori. 28 Ngapa kok awaké dhéwé ndadak mrono? Sedulur-seduluré awaké dhéwé nggawé awaké dhéwé wedi+ lan kandha, ”Wong-wong ing kono luwih gedhé lan luwih dhuwur timbang awaké dhéwé. Kutha-kuthané gedhé lan bèntèngé dhuwuré tekan langit.+ Ing kono ya ana wong Anakim.”’+
29 ”Terus aku ngomong karo kowé, ’Aja wedi karo wong-wong kuwi.+ 30 Yéhuwah Gusti Allahmu bakal ana ing ngarepmu lan bakal perang kanggo kowé,+ kaya sing wis tau ditindakké ing ngarepmu wektu ing Mesir.+ 31 Ing padhang belantara, kowé ndelok dhéwé nèk Yéhuwah Gusti Allahmu wis nggatèkké* kowé kaya bapak sing nggatèkké* anaké, wektu kowé ana ing endi waé nganti kowé tekan ing panggonan iki.’ 32 Ning, kowé tetep ora nduwé iman marang Yéhuwah Gusti Allahmu.+ 33 Dhèwèké ana ing ngarepmu kanggo nggolèkké panggonan bèn kowé isa ngedegké kémahmu. Dhèwèké nuntun kowé nganggo geni pas bengi lan nganggo méga pas awan, bèn isa nduduhké dalan sing kudu mbok liwati.+
34 ”Yéhuwah ngrungokké sambatmu, terus Dhèwèké dadi nesu banget lan nggawé sumpah,+ 35 ’Ora ana siji-sijia saka antarané wong-wong* sing jahat iki sing bakal ndelok tanah sing apik sing wis Tak janjèkké marang nènèk moyangmu,+ 36 kecuali Kalèb anaké Yéfuné. Dhèwèké bakal ndelok tanah kuwi, lan Aku bakal mènèhké tanah sing wis diparani kuwi marang dhèwèké lan keturunané, merga dhèwèké manut karo Yéhuwah saktulusé ati.+ 37 (Gara-gara kowé, Yéhuwah dadi nesu karo aku lan kandha, ”Kowé ya ora bakal mlebu ing tanah kuwi.+ 38 Yosua anaké Nun, pelayanmu,*+ sing bakal mlebu ing tanah kuwi.+ Kowé kudu nguwatké dhèwèké,+ merga dhèwèké sing bakal mimpin wong Israèl ngrebut tanah kuwi.”) 39 Kowé kandha nèk anak-anakmu bakal dadi tawanan.+ Ning, anak-anakmu sing mbok critakké kuwi, sing saiki durung isa mbédakké sing apik lan sing èlèk, sing bakal mlebu ing tanah kuwi, lan Aku bakal mènèhké tanah kuwi marang bocah-bocah kuwi.+ 40 Ning, kowé kudu mbalik ing padhang belantara liwat dalan sing nuju Laut Merah.’+
41 ”Terus kowé kandha karo aku, ’Aku wis dosa marang Yéhuwah. Saiki aku bakal munggah gunung lan ngalahké dhaérah kuwi, kaya sing dipréntahké Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé.’ Mula, kowé padha nggawa senjata perang lan mikir nèk munggah gunung kuwi gampang.+ 42 Ning, Yéhuwah kandha karo aku, ’Kowé kudu ngomong karo wong-wong kuwi, ”Aja munggah gunung lan perang, merga Aku ora bakal mbantu kowé.+ Nèk kowé ngèyèl, kowé bakal dikalahké mungsuh-mungsuhmu.”’ 43 Kowé wis tak kandhani, ning ora gelem ngrungokké. Kowé malah nglawan préntahé Yéhuwah. Kowé wis lancang munggah gunung kuwi. 44 Terus, wong Amori sing manggon ing gunung kuwi nglawan kowé lan ngoyak* kowé kaya tawon nganti kowé mencar-mencar ing Séir tekan Horma. 45 Terus kowé bali lan nangis ing ngarepé Yéhuwah. Ning, Yéhuwah ora ngrungokké lan ora nggatèkké kowé. 46 Kuwi sebabé kowé suwé banget manggon ing Kadès.
2 ”Terus awaké dhéwé mbalik ing padhang belantara liwat dalan sing nuju Laut Merah, kaya préntahé Yéhuwah marang aku.+ Awaké dhéwé wis suwé dadi pengembara ing sekitaré Gunung Séir. 2 Sakwisé kuwi Yéhuwah kandha karo aku, 3 ’Wis suwé kowé dadi pengembara ing sekitaré gunung iki. Saiki, kowé kudu ménggok ngalor. 4 Kowé kudu mènèhi préntah iki marang bangsa kuwi, ”Kowé bakal ngliwati Séir,+ wilayah sing dienggoni sedulur-sedulurmu, yaiku keturunané Ésau.+ Wong-wong kuwi bakal wedi karo kowé,+ lan kowé kudu ngati-ati banget. 5 Aja mungsuhan karo wong-wong kuwi, merga Aku ora bakal mènèhké tanahé wong-wong kuwi marang kowé, sithik waé ora.* Aku wis mènèhké Gunung Séir marang Ésau.+ 6 Kowé kudu mbayar panganan sing bakal mbok pangan lan banyu sing bakal mbok ombé.+ 7 Yéhuwah Gusti Allahmu wis mberkahi kabèh sing mbok tindakké. Gusti Allah ngerti tenan perjalananmu ing padhang belantara iki. Saksuwéné 40 taun, Yéhuwah Gusti Allahmu wis ngancani kowé, lan kowé ora kekurangan apa-apa.”’+ 8 Mula, awaké dhéwé ngliwati wilayahé sedulur-seduluré awaké dhéwé sing manggon ing Séir, yaiku keturunané Ésau.+ Awaké dhéwé ngedoh saka dalan sing nuju Araba, saka Élat lan Ézion-gèbèr.+
”Terus, awaké dhéwé mbalik liwat dalan sing nuju Padhang Belantara Moab.+ 9 Terus Yéhuwah ngomong karo aku, ’Aja mungsuhan utawa perang karo Moab, merga tanahé wong-wong kuwi blas ora bakal Tak wènèhké marang kowé. Ar wis Tak wènèhké marang keturunané Lot.+ 10 (Mbiyèn wong Èmim+ manggon ing kono. Wong-wong kuwi kuwat, jumlahé akèh, lan dhuwur kaya wong Anakim. 11 Wong Réfaim+ ya dianggep kaya wong Anakim,+ lan wong Moab nyebut wong-wong kuwi wong Èmim. 12 Mbiyèn wong Hori+ manggon ing Séir, ning keturunané Ésau ngrebut tanah kuwi, matèni wong-wong ing kono, terus manggon ing tanah kuwi.+ Wong Israèl ya bakal ngrebut tanah sing bakal dadi duwèké, yaiku tanah sing bakal diwènèhké Yéhuwah marang wong Israèl.) 13 Saiki, kowé kudu nyabrang Lembah Zèrèd.’* Mula, awaké dhéwé nyabrang Lembah Zèrèd.+ 14 Suwéné lunga saka Kadès-barnéa nganti nyabrang Lembah Zèrèd kuwi 38 taun, nganti kabèh wong lanang sing mèlu perang mati, kaya sumpahé Yéhuwah marang wong-wong kuwi.+ 15 Nganggo kuwasané,* Yéhuwah matèni kabèh wong kuwi nganti entèk resik.+
16 ”Sakwisé kabèh wong lanang sing mèlu perang mati,+ 17 Yéhuwah ngomong manèh karo aku, 18 ’Dina iki kowé bakal ngliwati wilayahé wong Moab, yaiku Ar. 19 Pas kowé wis tekan ing cedhak wilayahé wong Ammon, aja ngganggu utawa nggawé masalah karo wong-wong kuwi, merga Aku ora bakal mènèhké tanahé wong Ammon marang kowé. Aku wis mènèhké tanahé wong-wong kuwi marang keturunané Lot.+ 20 Mbiyèn, kuwi ya dianggep tanahé wong Réfaim.+ (Wong Réfaim mbiyèn manggon ing kono, lan wong Ammon nyebut wong-wong kuwi Zamzumim. 21 Wong-wong kuwi kuwat lan jumlahé akèh. Wong-wong kuwi dhuwur kaya wong Anakim.+ Ning, Yéhuwah matèni wong-wong kuwi ing ngarepé wong Ammon, terus wong Ammon ngrebut tanah kuwi lan manggon ing kono. 22 Kuwi sing ditindakké Gusti Allah kanggo keturunané Ésau, sing saiki manggon ing Séir,+ wektu Gusti Allah nyingkirké wong Hori+ saka ngarepé keturunané Ésau, bèn wong-wong kuwi isa ngrebut tanahé wong Hori lan manggon ing kono nganti saiki. 23 Wong Awim manggon ing wilayah Gaza+ nganti wong Kaftorim+ matèni wong-wong kuwi. Wong Kaftorim kuwi asalé saka Kaftor.)*
24 ”Mangkata ngliwati Lembah Arnon.*+ Aku wis mènèhké Sihon+ raja Hésbon wong Amori kuwi marang kowé. Mula, kowé kudu perang karo dhèwèké lan ngrebut tanahé. 25 Mulai dina iki, Aku bakal nggawé wong-wong ing bumi sing krungu soal kowé dadi wedi. Wong-wong kuwi bakal kuwatir lan ndredheg merga kowé.’+
26 ”Terus, aku ngutus wong-wong saka padhang belantara Kédémot+ marang Sihon raja Hésbon kanggo ngejak damai lan ngomong ngéné,+ 27 ’Apa aku éntuk ngliwati tanahmu? Aku mung bakal ngliwati dalan gedhé. Aku ora bakal ménggok ngiwa nengen.+ 28 Aku mung bakal mangan panganan lan ngombé banyu sing mbok edol marang aku. Aku mung péngin liwat 29 nganti aku nyabrang Kali Yordan lan lunga menyang tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahku marang aku. Keturunané Ésau sing manggon ing Séir lan wong Moab sing manggon ing Ar ya ngéntukké aku ngliwati tanahé.’ 30 Ning, Sihon raja Hésbon ora ngéntukké awaké dhéwé liwat merga Yéhuwah Gusti Allahmu sengaja meneng waé wektu Sihon tetep ndableg,+ bèn dhèwèké isa diwènèhké ing tanganmu kaya sing kelakon saiki.+
31 ”Terus Yéhuwah kandha karo aku, ’Aku mènèhké Sihon lan tanahé marang kowé. Kowé kudu mulai ngrebut tanahé.’+ 32 Wektu Sihon lan pasukané perang karo awaké dhéwé ing Yahaz,+ 33 Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé mènèhké Sihon marang awaké dhéwé bèn awaké dhéwé ngalahké dhèwèké, anak-anaké lanang, lan pasukané. 34 Wektu kuwi, awaké dhéwé ngrebut lan ngremuk kutha-kuthané, terus matèni wong lanang, wong wédok, lan bocah-bocah. Ora ana sing slamet.+ 35 Awaké dhéwé njarah ternak mung kanggo awaké dhéwé, lan njarah barang-barang saka kutha sing wis direbut. 36 Saka Aroèr,+ sing ana ing pinggiré Lembah Arnon (termasuk kutha sing ana ing lembah kuwi) nganti tekan Giléad, ora ana kutha sing ora isa dikalahké. Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé wis mènèhké kabèh kutha kuwi marang awaké dhéwé.+ 37 Ning, kowé ora nyedhaki tanahé wong Ammon,+ kabèh wilayah Lembah Yabok,*+ lan kutha-kutha sing ana ing wilayah pegunungan, utawa panggonan liyané sing ora éntuk dicedhaki, kaya préntahé Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé.
3 ”Terus, awaké dhéwé mbalik lan lunga ngliwati dalan menyang Basyan. Og raja Basyan lan kabèh pasukané arep perang nglawan awaké dhéwé ing Èdrèi.+ 2 Mula Yéhuwah kandha karo aku, ’Aja wedi karo dhèwèké, merga Aku bakal mènèhké dhèwèké, pasukané, lan tanahé marang kowé. Kowé bakal ngalahké Og, kaya kowé ngalahké Sihon rajané wong Amori sing manggon ing Hésbon.’ 3 Mula, Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé mènèhké Og raja Basyan marang awaké dhéwé, terus awaké dhéwé nyerang dhèwèké nganti ora ana pasukané sing slamet. 4 Awaké dhéwé ngrebut kabèh kuthané. Ora ana sing kliwatan. Kabèh ana 60 kutha ing wilayah Argob, kerajaané Og ing Basyan.+ 5 Kabèh kutha kuwi nduwé témbok sing dhuwur, gerbang, palang, lan nduwé akèh kutha-kutha cilik. 6 Ning, awaké dhéwé ngremuk kabèh kutha kuwi,+ kaya awaké dhéwé ngremuk kabèh kuthané Sihon raja Hésbon. Awaké dhéwé ngremuk kabèh kutha. Kabèh wong lanang, wong wédok, lan bocah-bocah dipatèni.+ 7 Awaké dhéwé ya njarah ternak lan barang-barang ing kutha kuwi.
8 ”Terus, awaké dhéwé ngrebut tanahé loro raja Amori+ sing ana ing wilayah Kali Yordan, saka Lembah Arnon* nganti tekan Hèrmon+ 9 (wong Sidon nyebut gunung kuwi Sirion, lan wong Amori nyebut gunung kuwi Sénir). 10 Awaké dhéwé ya ngrebut kabèh kutha ing dataran tinggi, kabèh wilayah Giléad, lan kabèh wilayah Basyan nganti tekan Saléka lan Édréi,+ yaiku kutha-kutha ing kerajaané Og ing Basyan. 11 Og raja Basyan kuwi wong Réfaim terakhir sing isih urip. Tandhu jenazahé digawé saka wesi, lan kuwi isih ana ing Raba, kuthané wong Ammon. Dawané 9 hasta* lan ambané 4 hasta, sesuai karo ukuran hasta umumé. 12 Wektu kuwi, awaké dhéwé ngrebut tanah saka dhaérah Aroèr+ sing ana ing pinggiré Lembah Arnon* lan setengahé wilayah pegunungan Giléad. Aku mènèhké kutha-kutha kuwi marang suku Rubèn lan suku Gad.+ 13 Wilayah Giléad sing liyané lan kabèh wilayah Basyan kerajaané Og wis tak wènèhké marang setengahé suku Manasyé.+ Kabèh wilayah Argob, sing ana ing Basyan, mbiyèn disebut tanahé wong Réfaim.
14 ”Yair+ anaké Manasyé ngrebut kabèh wilayah Argob+ nganti tekan batas dhaérahé wong Gésyur lan wong Maakat.+ Dhèwèké njenengi désa-désa ing Basyan nganggo jenengé dhéwé, yaiku Hawot-yair,*+ nganti dina iki. 15 Aku wis mènèhké Giléad marang Makhir.+ 16 Aku wis mènèhké wilayah saka Giléad tekan Lembah Arnon marang suku Rubèn lan suku Gad,+ lan batasé yaiku tengah-tengahé lembah kuwi nganti tekan Yabok, yaiku lembah sing dadi batas dhaérahé wong Ammon. 17 Aku ya mènèhké Araba, Kali Yordan, lan dhaérah perbatasan, saka Khinèrèt tekan Laut Araba, yaiku Laut Garam,* ing ngisor lèrèng Pisga ing arah wétan.+
18 ”Terus aku mènèhi kowé préntah iki, ’Yéhuwah Gusti Allahmu wis mènèhi kowé tanah iki bèn mbok rebut. Kabèh wong lanang sing kendel bakal siap-siap kanggo perang lan nyabrang ing ngarepé sedulur-sedulurmu, yaiku wong Israèl.+ 19 Mung bojomu, anak-anakmu, lan ternakmu (aku ngerti nèk kowé nduwé ternak sing akèh banget) sing bakal tetep manggon ing kutha-kutha sing tak wènèhké marang kowé, 20 nganti Yéhuwah mènèhi sedulur-sedulurmu urip sing tentrem, kaya sing wis ditindakké marang kowé. Wong-wong kuwi ya bakal ngrebut tanah sing wis diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang wong-wong kuwi ing sabrangé Kali Yordan. Terus, kowé bakal bali menyang tanahmu dhéwé-dhéwé sing wis tak wènèhké marang kowé.’+
21 ”Wektu kuwi, aku mènèhi préntah iki marang Yosua,+ ’Kowé wis ndelok dhéwé apa sing ditindakké Yéhuwah Gusti Allahmu marang raja loro iki. Yéhuwah ya bakal nindakké kuwi marang kabèh kerajaan sing bakal mbok tekani.+ 22 Aja wedi karo wong-wong kuwi, merga Yéhuwah Gusti Allahmu sing bakal perang kanggo kowé.’+
23 ”Wektu kuwi, aku njaluk marang Yéhuwah, 24 ’Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa, Njenengan wis nduduhké kuwasa lan kekuwatan-Mu sing gedhé+ marang abdi-Mu iki. Ora ana allah liyané ing langit lan bumi sing tumindaké hébat kaya Njenengan.+ 25 Tulung aku éntuk nyabrang lan ndelok tanah sing apik sing ana ing sabrangé Kali Yordan kuwi, yaiku Lébanon lan wilayah pegunungan sing apik kuwi.’+ 26 Ning, Yéhuwah isih nesu karo aku merga kowé,+ lan Dhèwèké ora gelem ngrungokké aku. Yéhuwah malah kandha karo aku, ’Wis cukup! Aja ngomongké iki manèh. 27 Munggaha menyang puncak Pisga,+ lan deloken ing arah lor, kidul, wétan, lan kulon. Deloken tenanan tanah kuwi, merga kowé ora bakal nyabrang Kali Yordan iki.+ 28 Yosua kudu mbok dadèkké pemimpin,+ terus kudu mbok semangati lan mbok kuwatké, merga dhèwèké sing bakal nyabrang+ ing ngarepé bangsa iki lan sing bakal mimpin bangsa iki menyang tanah sing mbok delok kuwi bèn bangsa iki isa manggon ing kono.’ 29 Kabèh iki kelakon wektu awaké dhéwé isih manggon ing lembah sing ana ing ngarepé Bèt-péor.+
4 ”Israèl, saiki rungokna peraturan lan hukum sing tak wulangké marang kowé. Kowé kudu manut karo peraturan lan hukum kuwi bèn kowé isa urip+ lan ngrebut tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangmu marang kowé. 2 Apa sing tak préntahké marang kowé iki aja mbok tambahi utawa mbok kurangi.+ Kowé kudu manut karo préntahé Yéhuwah Gusti Allahmu sing tak omongké marang kowé.
3 ”Kowé wis ndelok dhéwé apa sing ditindakké Yéhuwah merga Baal Péor. Yéhuwah Gusti Allahmu matèni kabèh wong ing antaramu sing nyembah Baal Péor.+ 4 Ning, kowé sing tetep setya karo Yéhuwah Gusti Allahmu isih urip nganti saiki. 5 Aku wis ngandhani kowé soal peraturan lan hukum,+ kaya sing dipréntahké Yéhuwah Gusti Allahku marang aku, bèn kowé isa manut karo kabèh kuwi ing tanah sing bakal mbok rebut. 6 Kowé kudu bener-bener manut,+ merga wong-wong sing ngrungokké kabèh peraturan iki bakal ngerti nèk kowé wicaksana+ lan nduwé pemahaman.+ Wong-wong kuwi bakal kandha, ’Bangsa sing gedhé iki pancèn wicaksana lan nduwé pemahaman.’+ 7 Apa ana allahé bangsa liya sing cedhak karo umaté, kaya Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé sing cedhak karo awaké dhéwé saben awaké dhéwé ndonga?+ 8 Apa ana bangsa liya sing nduwé peraturan sing adil lan hukum kaya kabèh Hukum sing tak wènèhké marang kowé dina iki?+
9 ”Kowé kudu ngati-ati lan waspada bèn kowé ora lali karo kabèh sing wis mbok delok lan bèn kuwi tetep ana ing atimu nganti saklawasé. Kowé ya kudu nyritakké soal kuwi marang anak putumu.+ 10 Wektu kowé ngadeg ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu ing Horèb, Yéhuwah kandha marang aku, ’Wong-wong kuwi kudu mbok kumpulké ing ngarep-Ku bèn isa ngrungokké omongan-Ku,+ supaya wong-wong kuwi wedi karo Aku+ saksuwéné uripé ing bumi lan mulangké soal kuwi marang anak-anaké.’+
11 ”Mula, kowé nyedhak lan ngadeg ing ngisoré gunung. Ana geni ing gunung kuwi, lan geniné tekan langit. Ing kono ana mendhung sing peteng banget.+ 12 Yéhuwah ngomong karo kowé saka geni kuwi.+ Kowé krungu swarané, ning ora ndelok wujudé.+ Mung ana swara thok.+ 13 Terus, Dhèwèké ngandhani kowé soal perjanjian+ sing kudu mbok lakoni, yaiku Sepuluh Préntah.+ Sakwisé kuwi, Dhèwèké nulis préntah kuwi ing lèmpèngan watu loro.+ 14 Wektu kuwi, Yéhuwah mréntahké aku bèn mulang kowé soal peraturan lan hukum. Kowé kudu manut karo kabèh kuwi ing tanah sing bakal mbok rebut.
15 ”Wektu Yéhuwah ngomong karo kowé ing Horèb saka tengah-tengahé geni, kowé ora ndelok wujudé. Mula, kowé kudu ngati-ati, 16 bèn kowé aja nganti nindakké dosa. Aja nggawé patung bentuk apa waé, embuh kuwi sing bentuké kaya wong lanang utawa wong wédok,+ 17 kaya kéwan ing bumi utawa manuk sing mabur ing langit,+ 18 kaya kéwan ing lemah utawa kaya iwak ing banyu.+ 19 Wektu kowé ndelok matahari, bulan, bintang, lan kabèh sing ana ing langit, aja kepéngin sujud lan nyembah kabèh kuwi.+ Kuwi kabèh wis diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kabèh bangsa ing bumi. 20 Yéhuwah wis nggawa kowé metu saka Mesir, panggonan kanggo nglebur wesi,* bèn kowé dadi umat duwèké Gusti Allah,+ kaya sing kelakon saiki.
21 ”Yéhuwah dadi nesu karo aku gara-gara kowé,+ lan Dhèwèké sumpah nèk aku ora bakal nyabrang Kali Yordan utawa mlebu ing tanah sing apik sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé bèn dadi warisanmu.+ 22 Aku bakal mati ing tanah iki. Aku ora bakal nyabrang Kali Yordan.+ Ning, kowé bakal nyabrang lan ngrebut tanah sing apik kuwi. 23 Aja nganti kowé lali karo perjanjiané Yéhuwah Gusti Allahmu sing digawé karo kowé,+ lan aja nggawé patung sing bentuké kaya apa waé, merga kuwi kabèh dilarang karo Yéhuwah Gusti Allahmu.+ 24 Yéhuwah Gusti Allahmu kuwi kaya geni sing isa ngobong apa waé,+ lan Dhèwèké péngin kowé ngabdi mung marang Dhèwèké.+
25 ”Nèk kowé nduwé anak putu lan manggon suwé ing tanah kuwi, terus kowé nindakké dosa lan nggawé patung sing bentuké apa waé,+ lan kowé nindakké apa sing jahat kanggoné Yéhuwah Gusti Allahmu nganti nglarani atiné,+ 26 dina iki langit lan bumi dadi seksiku, nèk kowé bakal langsung mati ing tanah sing mbok rebut sakwisé nyabrang Kali Yordan. Kowé ora bakal manggon suwé ing kono, ning kowé mesthi bakal disingkirké.+ 27 Yéhuwah bakal nggawé kowé mencar-mencar ing antarané bangsa-bangsa+ lan mung sithik sing bakal urip+ ing antarané bangsa-bangsa. Yéhuwah bakal ngusir kowé. 28 Ing kana, kowé bakal nyembah allah-allah saka kayu lan watu sing digawé manungsa.+ Allah-allah kuwi ora isa ndelok, ora isa ngrungokké, ora isa mangan, lan ora isa ngambu.
29 ”Nèk ing kana kowé nggolèki Yéhuwah Gusti Allahmu, lan nèk kowé nggolèki Dhèwèké+ saktulusé atimu lan sepenuh jiwamu,*+ kowé mesthi bakal nemokké Dhèwèké. 30 Nèk kuwi kabèh sukmbèn mbok alami lan kowé dadi susah banget, kowé mesthi bakal bali marang Yéhuwah Gusti Allahmu lan ngrungokké omongané.+ 31 Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing apikan.+ Dhèwèké ora bakal ninggalké lan nyingkirké kowé, utawa nglalèkké perjanjiané sing wis digawé* karo nènèk moyangmu.+
32 ”Saiki, pikirna soal jaman mbiyèn wektu kowé durung ana, wektu Gusti Allah mulai nyiptakké manungsa ing bumi. Coba golèka saka pucuk langit kana tekan pucuk langit kéné, apa tau kelakon sing luar biasa kaya ngéné iki? Apa ana sing tau krungu sing kaya ngéné iki?+ 33 Apa ana wong liya sing tau krungu swarané Gusti Allah saka njero geni, padha kaya sing mbok rungokké, lan tetep urip?+ 34 Apa Gusti Allah tau milih bangsa siji saka antarané bangsa-bangsa liya bèn dadi duwèké? Apa Dhèwèké tau perang,+ mènèhi hukuman, tumindak sing nggawé wong-wong wedi,+ nggawé mukjijat,+ nduduhké kuwasa sing gedhé,+ lan nduduhké kekuwatan bèn isa ndadèkké bangsa kuwi dadi duwèké kaya sing ditindakké Yéhuwah Gusti Allahmu ing Mesir ing ngarepmu? 35 Kuwi wis diduduhké marang kowé bèn kowé ngerti nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener.+ Ora ana allah liya sakliyané Dhèwèké.+ 36 Dhèwèké ngomong karo kowé saka swarga bèn isa ngélikké kowé. Ing bumi, Dhèwèké nggawé kowé ndelok geniné sing gedhé, lan saka geni kuwi kowé krungu omongané.+
37 ”Merga nresnani nènèk moyangmu lan wis milih keturunané,*+ Gusti Allah ngancani kowé wektu nggawa kowé metu saka Mesir nganggo kuwasané sing gedhé. 38 Gusti Allah ngusir bangsa-bangsa sing luwih gedhé lan luwih kuwat timbang kowé saka ngarepmu, terus nggawa kowé menyang tanahé bangsa-bangsa kuwi lan mènèhké tanah kuwi marang kowé bèn dadi warisan kanggo kowé, kaya sing kelakon dina iki.+ 39 Dina iki, kowé kudu ngerti lan ngéling-éling nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener ing langit lan ing bumi.+ Ora ana allah liyané.+ 40 Kowé kudu manut karo hukum lan préntahé Gusti Allah sing tak omongké marang kowé dina iki, bèn kowé lan keturunanmu diberkahi lan isa manggon suwé ing tanah sing wis diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé.”+
41 Wektu kuwi, Musa milih telung kutha ing sisih wétané Kali Yordan.+ 42 Nèk ana sing ora sengaja matèni wong liya lan sakdurungé ya ora sengit karo wong mau,+ dhèwèké kudu mlayu ing salah siji kutha iki bèn isa tetep urip:+ 43 Kanggo suku Rubèn yaiku kutha Bèzèr+ ing padhang belantara sing ana ing dataran tinggi. Kanggo suku Gad yaiku kutha Ramot+ ing Giléad. Kanggo suku Manasyé+ yaiku kutha Golan+ ing Basyan.
44 Iki Hukum+ sing diomongké Musa marang wong Israèl. 45 Iki pangéling-éling, préntah, lan hukum sing disampèkké Musa marang wong Israèl sakwisé metu saka Mesir,+ 46 ing wilayah Kali Yordan, ing lembah Bèt-péor,+ ing tanahé Sihon raja Amori sing manggon ing Hésbon.+ Musa lan wong Israèl wis ngalahké raja kuwi sakwisé metu saka Mesir.+ 47 Sakwisé kuwi, wong Israèl ngrebut tanahé Sihon lan tanahé Og+ raja Basyan, yaiku loro raja Amori sing ana ing sisih wétané Kali Yordan, 48 saka Aroèr+ sing ana ing pinggiré Lembah Arnon* nganti Gunung Zion, yaiku Gunung Hèrmon,+ 49 termasuk Araba ing sisih wétané Kali Yordan nganti tekan Laut ing Araba,* sing ana ing lèrèng Pisga.+
5 Terus Musa ngundang* kabèh wong Israèl lan kandha, ”Israèl, rungokna peraturan lan hukum sing tak omongké marang kowé dina iki. Kuwi kudu mbok gatèkké tenanan lan kudu mbok tindakké. 2 Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé nggawé perjanjian karo awaké dhéwé ing Horèb.+ 3 Yéhuwah nggawé perjanjian karo awaké dhéwé sing ana ing kéné dina iki, dudu karo nènèk moyangé awaké dhéwé. 4 Yéhuwah ngomong langsung karo kowé ing gunung, saka njero geni.+ 5 Wektu kuwi, aku ngadeg ing antarané Yéhuwah lan kowé+ kanggo nyampèkké omongané Yéhuwah merga kowé wedi karo geni kuwi lan kowé ora munggah ing gunung.+ Gusti Allah kandha,
6 ”’Aku Yéhuwah Gusti Allahmu, sing nggawa kowé metu saka tanah Mesir, yaiku panggonan wektu kowé dadi budhak.+ 7 Aja nyembah allah-allah liyané. Mung Aku dhéwé sing kudu mbok sembah.+
8 ”’Aja nggawé patung+ utawa liyané sing bentuké mirip karo apa waé sing ana ing langit, ing bumi, utawa ing njero banyu. 9 Aja sujud lan aja nyembah kabèh kuwi,+ merga Aku, Yéhuwah Gusti Allahmu, péngin kowé mung nyembah Aku waé.+ Aku bakal ngukum wong-wong sing sengit karo Aku. Anak-anaké, putuné, lan buyuté* bakal mèlu nanggung kesalahané.+ 10 Aku bakal nresnani* keturunané wong sing nresnani Aku lan manut karo préntah-Ku nganti keturunané sing kesèwu.
11 ”’Aja nggunakké jenengé Yéhuwah Gusti Allahmu nganggo cara sing ora bener,+ merga Yéhuwah mesthi ngukum sapa waé sing nggunakké jenengé nganggo cara sing ora bener.+
12 ”’Aja lali ngrayakké dina Sabat bèn kuwi tetep suci kaya sing dipréntahké Yéhuwah Gusti Allahmu.+ 13 Kowé éntuk kerja nem dina,+ 14 tapi ing dina kepitu kowé ora éntuk kerja merga kuwi sabat kanggo Yéhuwah Gusti Allahmu.+ Anakmu lanang, anakmu wédok, budhakmu lanang, budhakmu wédok, sapimu, keledaimu, ternakmu, lan wong asing sing manggon ing kuthamu*+ ya ora éntuk kerja,+ bèn budhakmu lanang lan wédok isa lèrèn kaya kowé.+ 15 Élinga nèk kowé mbiyèn dadi budhak ing Mesir, terus Yéhuwah Gusti Allahmu mbébaské kowé nganggo kekuwatan lan kuwasa sing gedhé.+ Kuwi sebabé Yéhuwah Gusti Allahmu mréntahké kowé bèn ngrayakké dina Sabat.
16 ”’Kowé kudu ngajèni bapakmu lan ibumu,+ kaya sing dipréntahké Yéhuwah Gusti Allahmu, bèn umurmu dawa lan uripmu makmur ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé.+
17 ”’Aja matèni wong.+
18 ”’Aja laku jina.+
19 ”’Aja nyolong.+
20 ”’Aja mènèhi keterangan sing ora bener soal wong liya.+
21 ”’Aja péngin ngepèk bojoné wong liya.+ Aja péngin ngepèk omahé, ladhangé, budhaké lanang, budhaké wédok, sapiné, keledainé, utawa kabèh duwèké wong kuwi.’+
22 ”Préntah iki sing diomongké Yéhuwah marang kowé kabèh sing ngumpul ing gunung. Gusti Allah ngomong nganggo swara sing banter saka njero geni lan mendhung sing peteng banget.+ Gusti Allah ora nambahké préntah liyané manèh. Gusti Allah nulis kabèh préntah kuwi ing lèmpèngan watu loro, terus diwènèhké marang aku.+
23 Sakwisé kowé krungu omongan kuwi saka njero mendhung, wektu gunung kuwi ana geniné,+ para kepala suku lan para pemimpin* nemoni aku. 24 Terus kowé kandha, ’Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé wis nduduhké kemuliaan lan kuwasané. Awaké dhéwé wis krungu swarané saka njero geni.+ Dina iki awaké dhéwé ngerti nèk manungsa isa tetep urip senajan Gusti Allah omongan karo dhèwèké.+ 25 Ning, aku ora gelem mati. Geni sing gedhé kuwi isa ngobong aku nèk aku terus ngrungokké swarané Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé. Awaké dhéwé mesthi mati. 26 Apa ana wong sing tetep urip sakwisé ngrungokké swarané Gusti Allah* saka njero geni? 27 Njenengan waé sing nemoni lan ngrungokké omongané Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé. Sakwisé kuwi, njenengan sing bakal ngandhani aku soal kabèh omongané Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé. Terus, aku bakal ngrungokké lan nindakké kuwi.’+
28 ”Yéhuwah ngrungokké sing mbok omongké marang aku. Terus Yéhuwah kandha, ’Aku wis ngrungokké kabèh sing diomongké wong-wong kuwi marang kowé. Kabèh sing diomongké wong-wong kuwi apik.+ 29 Nèk wong-wong kuwi nduwé rasa wedi marang* Aku+ ing atiné lan manut karo kabèh préntah-Ku,+ wong-wong kuwi lan keturunané bakal diberkahi.+ 30 Omonga karo wong-wong kuwi, ”Balia ing kémahmu.” 31 Ning, kowé kudu tetep ing kéné karo Aku. Aku bakal ngandhani kowé soal kabèh préntah, peraturan, lan hukum sing kudu mbok wulangké marang wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi kudu manut karo kabèh kuwi ing tanah sing Tak wènèhké marang wong-wong kuwi.’ 32 Kowé kudu tenanan nindakké kabèh kuwi, kaya sing dipréntahké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé.+ Aja nganti ora manut.+ 33 Kowé kudu bener-bener manut karo kabèh sing dipréntahké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé+ bèn uripmu makmur lan umurmu dawa ing tanah sing bakal mbok rebut.+
6 ”Iki préntah, peraturan, lan hukum saka Yéhuwah Gusti Allahmu sing kudu tak wulangké marang kowé. Kowé kudu manut karo kabèh kuwi ing tanah sing bakal mbok rebut sakwisé kowé nyabrang. 2 Dadi, saksuwéné kowé urip, kowé bakal wedi karo Yéhuwah Gusti Allahmu lan manut karo kabèh peraturan lan préntahé sing tak omongké marang kowé lan anak putumu+ bèn umurmu dawa.+ 3 Israèl, kowé kudu ngrungokké lan tenanan manut karo kuwi kabèh bèn uripmu makmur lan jumlahmu dadi saya akèh ing tanah sing akèh susu lan maduné, kaya sing dijanjèkké Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangmu marang kowé.
4 ”Israèl, rungokna. Yéhuwah kuwi Gusti Allahé awaké dhéwé, Yéhuwah kuwi mung siji.+ 5 Kowé kudu nresnani Yéhuwah Gusti Allahmu saktulusé atimu, sepenuh jiwamu,*+ lan nganggo kabèh kekuwatanmu.+ 6 Apa sing tak omongké marang kowé dina iki kudu mbok simpen ing njero atimu, 7 lan kudu bola-bali mbok omongké marang anakmu.+ Kuwi kudu mbok critakké marang anakmu wektu kowé lungguh ing omahmu, wektu kowé mlaku ing dalan, wektu kowé turonan, lan wektu kowé tangi.+ 8 Talèkna kuwi ing tanganmu bèn isa terus mbok éling-éling, lan kuwi kudu dadi kaya tandha* ing bathukmu.+ 9 Kuwi kudu mbok tulis ing kusèn lawang omahmu lan ing gerbangmu.
10 ”Sukmbèn Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nggawa kowé menyang tanah sing dijanjèkké marang Abraham, Ishak, lan Yakub, sing bakal diwènèhké marang kowé,+ yaiku kutha-kutha sing gedhé lan apik sing ora mbok bangun,+ 11 omah-omah sing kebak karo barang-barang sing apik sing dudu hasil kerja kerasmu, sumur sing ora mbok gali, lan kebon anggur lan wit zaitun sing ora mbok tandur. Kowé ya bakal mangan nganti puas.+ 12 Nèk kuwi wis kelakon, aja nganti nglalèkké Yéhuwah Gusti Allahmu,+ sing wis nggawa kowé metu saka tanah Mesir, yaiku panggonan wektu kowé dadi budhak. 13 Kowé kudu wedi karo Yéhuwah Gusti Allahmu.+ Kowé kudu ngabdi marang Dhèwèké,+ lan kowé kudu sumpah nganggo jenengé.+ 14 Kowé ora éntuk nyembah allah-allah liyané, yaiku allahé bangsa-bangsa sing ana ing sekitarmu,+ 15 merga Yéhuwah Gusti Allahmu sing ana ing antaramu péngin kowé mung nyembah Dhèwèké.+ Nèk kowé ora manut, Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nesu banget karo kowé+ lan Dhèwèké bakal nyingkirké kowé saka bumi iki.+
16 ”Aja nguji Yéhuwah Gusti Allahmu+ kaya sing wis tau mbok tindakké ing Masa.+ 17 Préntahé Yéhuwah Gusti Allahmu kudu tenanan mbok tindakké. Pangéling-éling lan peraturan sing wis diwènèhké marang kowé ya kudu tenanan mbok tindakké. 18 Kowé kudu nindakké apa sing bener lan sing apik kanggoné Yéhuwah bèn uripmu makmur, terus kowé isa mlebu lan ngrebut tanah sing apik. Yéhuwah Gusti Allahmu wis sumpah karo nènèk moyangmu+ nèk bakal mènèhké tanah sing apik kuwi. 19 Kowé bakal ngusir kabèh mungsuhmu saka ngarepmu, kaya sing dijanjèkké Yéhuwah.+
20 ”Sukmbèn nèk anakmu takon, ’Ngapa kok Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé mènèhi pangéling-éling, peraturan, lan hukum iki?’ 21 Kowé kudu njawab, ’Aku dadi budhaké Firaun ing Mesir, ning Yéhuwah mbébaské aku saka Mesir nganggo kuwasané sing gedhé. 22 Mula, ing ngarepé awaké dhéwé, Yéhuwah terus nggawé mukjijat sing hébat lan medèni sing nggawé susah wong Mesir,+ Firaun, lan kabèh wong sing ana ing omahé.+ 23 Terus, awaké dhéwé dibébaské bèn isa digawa mréné lan diwènèhi tanah sing dijanjèkké marang nènèk moyangé awaké dhéwé.+ 24 Terus, Yéhuwah ngongkon awaké dhéwé nindakké kabèh peraturan iki lan wedi karo Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé,+ bèn awaké dhéwé tetep urip+ lan makmur kaya saiki. 25 Nèk tenanan nindakké kabèh préntah iki lan manut karo Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé, kaya sing dipréntahké marang awaké dhéwé,+ awaké dhéwé bakal dianggep bener.’
7 ”Wektu Yéhuwah Gusti Allahmu nggawa kowé menyang tanah sing bakal mbok tekani lan mbok rebut,+ Dhèwèké ya bakal nyingkirké bangsa pitu sing gedhé,+ yaiku wong Hèt, wong Girgasyi, wong Amori,+ wong Kanaan, wong Pèriz, wong Hèwi, lan wong Yébus.+ Bangsa-bangsa kuwi luwih akèh lan luwih kuwat timbang kowé.+ 2 Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nyerahké bangsa-bangsa kuwi marang kowé bèn isa mbok kalahké.+ Kowé kudu bener-bener nyingkirké bangsa-bangsa kuwi.+ Aja nggawé perjanjian lan aja mesakké karo bangsa-bangsa kuwi.+ 3 Aja nikah karo wong saka bangsa-bangsa kuwi. Aja nikahké anak-anakmu wédok karo anak-anaké lanang bangsa kuwi, lan aja nikahké anak-anakmu lanang karo anak-anaké wédok bangsa kuwi.+ 4 Anaké wédok bangsa kuwi bakal nggawé anakmu lanang nyembah allah-allahé bangsa kuwi.+ Terus, Yéhuwah bakal nesu banget karo kowé, lan Dhèwèké bakal langsung nyingkirké kowé.+
5 ”Ning, iki sing kudu mbok tindakké: Kowé kudu ngremuk mézbah-mézbahé, tugu-tugu suciné,*+ cagak-cagak suciné,*+ lan kowé kudu ngobong patung-patungé sing diukir.+ 6 Kowé kuwi bangsa sing suci kanggoné Yéhuwah Gusti Allahmu. Saka antarané kabèh bangsa ing bumi,+ Yéhuwah Gusti Allahmu wis milih kowé dadi umaté, yaiku umaté sing istiméwa.*
7 ”Yéhuwah nresnani kowé lan milih kowé+ dudu merga jumlahmu sing paling akèh ing antarané kabèh bangsa. Malah, jumlahmu kuwi sing paling sithik.+ 8 Ning, kuwi merga Yéhuwah nresnani kowé lan nepati sumpahé marang nènèk moyangmu.+ Mulané, nganggo kuwasané sing gedhé, Yéhuwah mbébaské* kowé saka panggonan wektu kowé dadi budhak,+ saka kuwasané* Firaun raja Mesir. 9 Kowé ngerti tenan nèk Yéhuwah Gusti Allahmu kuwi Gusti Allah sing bener lan setya. Dhèwèké nepati perjanjiané lan nresnani* keturunané wong sing nresnani Dhèwèké lan nindakké préntahé.+ 10 Ning, Dhèwèké bakal langsung mbales wong sing sengit karo Dhèwèké lan nyingkirké wong kuwi.+ Dhèwèké bakal langsung ngukum lan mbales wong sing sengit karo Dhèwèké. 11 Mula, kowé kudu tenanan manut karo préntah, peraturan, lan hukum sing tak omongké marang kowé dina iki. Kuwi kabèh kudu mbok tindakké.
12 ”Nèk kowé terus ngrungokké, manut, lan nindakké kabèh hukum iki, Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nepati janjiné lan nresnani* kowé, kaya sumpahé marang nènèk moyangmu. 13 Dhèwèké bakal nresnani kowé, mberkahi kowé, lan nggawé keturunanmu dadi akèh.+ Dhèwèké bakal mènèhi kowé akèh keturunan, hasil tanah, biji-bijian, anggur anyar, minyak,+ anak sapi, lan anak domba ing tanah sing bakal diwènèhké marang kowé, sing wis dijanjèkké marang nènèk moyangmu.+ 14 Kowé bakal dadi sing paling diberkahi ing antarané kabèh bangsa.+ Kabèh wong lanang, wong wédok, lan ternakmu bakal nduwé keturunan.+ 15 Yéhuwah bakal nyingkirké penyakit saka bangsamu, lan Dhèwèké ora bakal nggawé kowé kena penyakit sing medèni sing mbok delok ing Mesir.+ Ning, Dhèwèké bakal nggawé kabèh wong sing sengit karo kowé kena penyakit kuwi. 16 Kabèh bangsa sing wis diserahké Yéhuwah marang kowé kudu mbok singkirké.+ Aja mesakké karo wong-wong kuwi,+ lan aja nyembah allah-allahé,+ merga wong-wong kuwi bakal nggawé kowé nindakké dosa.+
17 ”Mungkin kowé mbatin, ’Bangsa-bangsa iki jumlahé luwih akèh timbang awaké dhéwé. Apa awaké dhéwé isa ngusir wong-wong kuwi?’+ 18 Ning, aja wedi karo wong-wong kuwi.+ Kowé kudu éling karo apa sing wis ditindakké Yéhuwah Gusti Allahmu marang Firaun lan kabèh wong Mesir.+ 19 Kowé kudu éling karo mukjijat+ lan hukuman sing abot sing mbok delok. Kowé ya kudu éling nèk Yéhuwah Gusti Allahmu wis mbébaské kowé+ nganggo kuwasa lan kekuwatané sing gedhé. Yéhuwah Gusti Allahmu ya bakal nglawan kabèh bangsa sing mbok wedèni.+ 20 Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nggawé wong-wong kuwi wedi,* lan Dhèwèké bakal nyingkirké wong-wong sing isih ana+ lan sing ndhelik saka ngarepmu. 21 Aja wedi karo wong-wong kuwi, merga Yéhuwah Gusti Allahmu ndhukung kowé.+ Dhèwèké kuwi Gusti Allah sing hébat lan luar biasa.+
22 ”Bangsa-bangsa kuwi ora langsung kabèh disingkirké+ Yéhuwah Gusti Allahmu. Kowé ora éntuk langsung nyingkirké kabèh bangsa kuwi, bèn kéwan liar ora tambah akèh lan matèni kowé. 23 Yéhuwah Gusti Allahmu wis nyerahké wong-wong kuwi marang kowé, lan Dhèwèké bakal terus mbantu kowé nganti kabèh mungsuhmu mati.+ 24 Raja-rajané bakal diserahké marang kowé,+ lan ora ana sing bakal éling karo jenengé raja-raja kuwi.+ Ora ana sing isa nglawan kowé.+ Wong-wong kuwi bakal mbok patèni.+ 25 Patung allah-allahé sing diukir kudu mbok obong.+ Aja péngin njupuk pérak utawa emasé wong-wong kuwi,+ merga kuwi isa nggawé kowé ora setya lan kuwi disengiti Yéhuwah Gusti Allahmu.+ 26 Aja nggawa mlebu barang-barang sing njijiki kanggoné Gusti Allah menyang omahmu, bèn Gusti Allah ora nyingkirké kowé bareng karo barang-barang kuwi. Kowé kudu bener-bener sengit karo barang-barang kuwi, merga barang-barang kuwi kudu dihancurké.
8 ”Kowé kudu tenanan nindakké saben préntah sing tak wènèhké marang kowé dina iki, bèn kowé isa tetep urip,+ jumlahmu tambah akèh, lan kowé isa mlebu lan ngrebut tanah sing dijanjèkké Yéhuwah marang nènèk moyangmu.+ 2 Kowé kudu éling nèk Yéhuwah Gusti Allahmu wis nuntun kowé mlaku adoh banget ing padhang belantara 40 taun suwéné+ merga péngin nglatih kowé bèn rendah hati+ lan péngin ngerti apa sing ana ing njero atimu,+ apa kowé bakal manut utawa ora. 3 Gusti Allah nglatih kowé bèn rendah hati. Dhèwèké meneng waé wektu kowé kelaparan,+ terus akhiré mènèhi kowé manna.+ Kowé lan nènèk moyangmu ora ngerti kuwi apa. Kuwi bèn kowé ngerti nèk manungsa urip ora mung saka panganan* waé, ning saka saben omongané Yéhuwah.+ 4 Klambi sing mbok enggo ora rusak, lan sikilmu ora abuh saksuwéné 40 taun iki.+ 5 Kowé ngerti tenan nèk Yéhuwah ngélikké kowé, kaya bapak ngélikké anaké.+
6 ”Kowé kudu manut karo kabèh préntahé Yéhuwah Gusti Allahmu. Kowé kudu nindakké préntahé lan wedi karo Dhèwèké. 7 Yéhuwah wis nggawa kowé menyang tanah sing apik,+ tanah sing ana kaliné, lan mata air sing mili ing lembah lan ing wilayah pegunungan. 8 Ing tanah kuwi ana akèh gandum, barli, anggur, buah ara, delima,+ minyak zaitun, lan madu.+ 9 Ing tanah kuwi ya ana akèh banget panganan, lan kowé ora bakal kekurangan apa-apa. Watu-watu ing tanah kuwi ana wesiné, lan kowé bakal nambang tembaga ing gunung-gunungé.
10 ”Nèk kowé wis mangan nganti wareg, kowé kudu muji Yéhuwah Gusti Allahmu merga wis mènèhi kowé tanah sing apik kuwi.+ 11 Aja nganti kowé nglalèkké Yéhuwah Gusti Allahmu lan ora manut karo préntah, hukum, lan peraturané sing tak omongké marang kowé dina iki. 12 Nèk kowé wis mangan nganti wareg, mbangun omah sing apik lan manggon ing kono,+ 13 terus ternakmu tambah akèh, pérak lan emasmu tambah akèh, lan bandhamu tambah akèh, 14 aja dadi sombong+ lan aja nglalèkké Yéhuwah Gusti Allahmu, sing wis nggawa kowé metu saka tanah Mesir, panggonan wektu kowé dadi budhak.+ 15 Gusti Allah wis nuntun kowé mlaku ngliwati padhang belantara sing amba, medèni,+ lan garing ora ana banyuné. Ing kono ya akèh kalajengking lan ulané. Terus, Gusti Allah nggawé watu sing atos metu banyuné,+ 16 lan mènèhi kowé manna+ ing padhang belantara, sing ora dikenal nènèk moyangmu, merga Gusti Allah péngin nglatih kowé bèn rendah hati+ lan péngin ngerti kowé manut apa ora, bèn sukmbèn kuwi ana gunané kanggo kowé.+ 17 Nèk kowé mbatin, ’Aku dadi sugih merga kuwasa lan kekuwatanku dhéwé,’+ 18 kowé kudu éling nèk Yéhuwah Gusti Allahmu sing mènèhi kuwasa marang kowé bèn isa dadi sugih.+ Kuwi merga Gusti Allah nepati sumpahé marang nènèk moyangmu, kaya sing wis ditindakké dina iki.+
19 ”Nèk kowé nglalèkké Yéhuwah Gusti Allahmu, terus nyembah, ngabdi, lan sujud marang allah-allah liya, aku ngandhani kowé dina iki nèk kowé mesthi bakal mati.+ 20 Kowé mesthi bakal disingkirké kaya bangsa-bangsa sing disingkirké Yéhuwah saka ngarepmu, merga kowé ora ngrungokké omongané Yéhuwah Gusti Allahmu.+
9 ”Israèl, rungokna. Dina iki kowé bakal nyabrang Kali Yordan+ kanggo ngrebut tanahé bangsa-bangsa sing luwih gedhé lan luwih kuwat timbang kowé.+ Kutha-kuthané gedhé lan bèntèngé dhuwuré tekan langit,+ 2 lan penduduké gedhé dhuwur, yaiku wong Anakim.+ Kowé wis ngerti lan wis krungu omongan iki, ’Ora ana sing isa nglawan wong Anakim.’ 3 Ning, dina iki kowé kudu ngerti nèk Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nyabrang ing ngarepmu.+ Dhèwèké kuwi kaya geni+ sing ngobong nganti entèk, lan Dhèwèké bakal nyingkirké bangsa-bangsa kuwi. Dhèwèké bakal ngalahké wong-wong kuwi ing ngarepmu, bèn wong-wong kuwi isa langsung mbok usir lan mbok patèni, kaya sing dijanjèkké Yéhuwah marang kowé.+
4 ”Wektu Yéhuwah Gusti Allahmu ngusir wong-wong kuwi saka ngarepmu, aja mbatin, ’Yéhuwah wis nggawa aku mréné bèn isa ngrebut tanah iki+ merga aku wis nindakké apa sing bener.’ Sakjané Yéhuwah ngusir bangsa-bangsa kuwi saka ngarepmu merga bangsa kuwi jahat.+ 5 Kowé bakal mlebu lan ngrebut tanah iki dudu merga kowé nindakké apa sing bener utawa merga atimu tulus. Ning, Yéhuwah nyingkirké bangsa-bangsa kuwi merga bangsa kuwi jahat+ lan merga Yéhuwah nepati sumpahé marang nènèk moyangmu yaiku Abraham,+ Ishak,+ lan Yakub.+ 6 Kowé kudu ngerti nèk Yéhuwah Gusti Allahmu mènèhké tanah sing apik iki bèn dadi duwèkmu dudu merga kowé wis nindakké sing bener, merga sakjané kowé kuwi bangsa sing ndableg.+
7 ”Kowé kudu terus éling nèk kowé wis nggawé Yéhuwah Gusti Allahmu nesu ing padhang belantara.+ Kèt kowé metu saka Mesir nganti tekan ing panggonan iki, kowé terus nglawan Yéhuwah.+ 8 Malah ing Horèb kowé nggawé Yéhuwah nesu. Yéhuwah nesu banget nganti péngin matèni kowé.+ 9 Wektu aku munggah gunung kuwi, aku nampa lèmpèngan watu+ sing isiné perjanjian antarané Yéhuwah karo kowé.+ Aku tetep ana ing gunung kuwi 40 dina 40 bengi,+ ora mangan lan ora ngombé. 10 Terus, Yéhuwah mènèhi aku lèmpèngan watu loro sing ditulis nganggo tangané* Gusti Allah. Lèmpèngan watu loro kuwi ditulisi kabèh sing diomongké Yéhuwah marang kowé ing gunung saka njero geni, wektu kowé padha ngumpul ing kono.+ 11 Sakwisé 40 dina 40 bengi, Yéhuwah mènèhi lèmpèngan watu loro, yaiku lèmpèngan watu perjanjian. 12 Terus Yéhuwah kandha, ’Ndang mudhuna, merga bangsa sing mbok gawa metu saka Mesir wis tumindak jahat.+ Cepet banget wong-wong kuwi ora manut karo préntah-Ku. Wong-wong kuwi wis nggawé patung logam.’*+ 13 Yéhuwah ngomong karo aku, ’Aku wis ngerti nèk bangsa iki pancèn ndableg.+ 14 Bèn waé wong-wong kuwi Tak patèni kabèh, bèn jenengé ora diéling-éling manèh. Keturunanmu waé sing bakal Tak dadèkké bangsa sing gedhé.’+
15 ”Terus, aku mudhun saka gunung pas gunungé isih metu geniné,+ lan aku nyekel loro lèmpèngan watu perjanjian.+ 16 Terus aku ngerti nèk kowé pancèn wis nggawé dosa marang Yéhuwah Gusti Allahmu. Kowé wis nggawé patung logam anak sapi.* Cepet banget kowé ora manut karo préntahé Yéhuwah.+ 17 Dadi, lèmpèngan watu loro sing tak gawa kuwi tak banting ing ngarepmu nganti remuk.+ 18 Terus, aku sujud ing ngarepé Yéhuwah 40 dina 40 bengi, kaya sing sakdurungé. Aku ora mangan lan ora ngombé,+ merga kowé wis nggawé dosa marang Yéhuwah. Kowé wis nindakké apa sing jahat kanggoné Dhèwèké lan wis nglarani atiné. 19 Aku wedi banget merga Yéhuwah nesu banget karo kowé,+ nganti Dhèwèké arep matèni kowé. Ning, wektu kuwi Yéhuwah gelem ngrungokké aku.+
20 ”Yéhuwah ya nesu banget karo Harun nganti arep matèni dhèwèké,+ ning wektu kuwi aku ya ndonga bèn Gusti Allah ora matèni Harun. 21 Terus, aku njupuk patung anak sapi+ sing nggawé kowé dadi dosa. Patung kuwi tak obong lan tak remuk nganti dadi awu sing alus kaya debu, terus awu kuwi tak sebar ing kali sing mili saka gunung.+
22 ”Sakliyané kuwi, kowé ya nggawé Yéhuwah nesu ing Tabéra,+ Masa,+ lan Kibrot-hataawa.+ 23 Wektu Yéhuwah ngongkon kowé lunga saka Kadès-barnéa+ lan kandha, ’Kowé kudu ngrebut tanah sing mesthi bakal Tak wènèhké marang kowé,’ kowé nglawan préntahé Yéhuwah Gusti Allahmu.+ Kowé ora nduwé iman+ lan ora manut marang Dhèwèké. 24 Pas pertama aku kenal kowé, kowé wis mbrontak marang Yéhuwah.
25 ”Aku terus sujud marang Yéhuwah 40 dina 40 bengi.+ Aku terus sujud marang Yéhuwah merga Dhèwèké kandha nèk arep matèni kowé. 26 Aku ndonga marang Yéhuwah lan kandha, ’Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa, aja nyingkirké umat-Mu, merga wong-wong kuwi duwèk-Mu+ sing wis ditebus nganggo kuwasa-Mu. Njenengan ya wis mbébaské wong-wong kuwi saka Mesir nganggo kuwasa sing gedhé.+ 27 Tulung Njenengan éling karo abdi-Mu yaiku Abraham, Ishak, lan Yakub.+ Tulung bangsa sing ndableg, sing jahat, lan sing dosa iki diapura.+ 28 Nèk ora, penduduké tanah sing wis tak tinggalké sakwisé Njenengan mbébaské aku bakal kandha, ”Yéhuwah ora isa nggawa wong-wong kuwi ing tanah sing dijanjèkké. Merga sengit karo wong-wong kuwi, Dhèwèké nggawa metu wong-wong kuwi bèn isa dipatèni ing padhang belantara.”+ 29 Wong-wong kuwi umat-Mu lan duwèk-Mu,+ sing wis mbok bébaské nganggo kekuwatan lan kuwasa sing gedhé.’+
10 ”Wektu kuwi Yéhuwah kandha karo aku, ’Kowé kudu nggawé lèmpèngan watu loro kaya sing sakdurungé,+ lan munggaha ing gunung bèn isa nemoni Aku. Kowé ya kudu nggawé pethi saka kayu. 2 Lèmpèngan watu kuwi bakal Tak tulisi kaya lèmpèngan watu sing sakdurungé, sing wis mbok banting nganti remuk. Terus, kuwi kudu mbok lebokké ing njero pethi.’ 3 Mula, aku nggawé pethi saka kayu akasia lan nggawé lèmpèngan watu loro kaya sing sakdurungé, terus aku munggah ing gunung karo nggawa lèmpèngan watu loro kuwi.+ 4 Yéhuwah nulisi lèmpèngan watu kuwi sing isiné padha karo sing sakdurungé,+ yaiku Sepuluh Préntah,+ sing diomongké Yéhuwah marang kowé ing gunung saka njero geni+ wektu kowé ngumpul ing kana.+ Terus, Dhèwèké mènèhké lèmpèngan watu kuwi marang aku. 5 Sakwisé kuwi, aku mudhun saka gunung+ lan ndèlèhké lèmpèngan watu mau ing njero pethi sing tak gawé, lan kuwi tetep ana ing kono, kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang aku.
6 ”Terus wong Israèl lunga saka Béèrot Béné-yaakan menyang Moséra. Ing kana, Harun mati lan dikubur.+ Èléazar, anaké Harun, dadi imam nggantèni dhèwèké.+ 7 Terus, wong Israèl lunga saka kana menyang Gudgoda, lan saka Gudgoda menyang Yotbata,+ tanah sing akèh kaliné.
8 ”Wektu kuwi, Yéhuwah misahké suku Lèwi+ kanggo nggawa pethi perjanjiané Yéhuwah,+ nglayani ing ngarepé Yéhuwah, lan mberkahi bangsa iki nganggo jenengé Gusti Allah,+ kaya sing ditindakké nganti saiki. 9 Kuwi sebabé, wong Lèwi ora dikèki warisan kaya sedulur-seduluré. Yéhuwah sing bakal nyedhiakké kebutuhané,* kaya sing wis diomongké Yéhuwah Gusti Allahmu marang wong-wong kuwi.+ 10 Aku ana ing gunung 40 dina 40 bengi,+ kaya sing sakdurungé. Wektu kuwi, Yéhuwah gelem ngrungokké aku manèh.+ Yéhuwah ora sida matèni kowé. 11 Terus Yéhuwah kandha karo aku, ’Kowé kudu siap-siap mangkat lan mimpin wong-wong kuwi, bèn wong-wong kuwi isa mlebu lan ngrebut tanah sing bakal Tak wènèhké marang wong-wong kuwi, kaya sumpah-Ku marang nènèk moyangé wong-wong kuwi.’+
12 ”Israèl, Yéhuwah njaluk apa saka kowé?+ Mung iki: Kowé kudu wedi karo Yéhuwah Gusti Allahmu,+ nindakké kabèh sing dikarepké,*+ nresnani Yéhuwah, lan ngabdi saktulusé atimu lan sepenuh jiwamu.*+ 13 Kowé ya kudu manut karo préntah lan peraturané Yéhuwah sing tak omongké marang kowé dina iki, bèn kowé diberkahi.+ 14 Yéhuwah Gusti Allahmu kuwi sing nduwé langit, malah langit sing paling dhuwur, lan sing nduwé bumi sak isiné.+ 15 Ning, Yéhuwah nyedhak lan nduduhké katresnané mung marang nènèk moyangmu, lan Dhèwèké wis milih kowé, yaiku keturunané nènèk moyangmu,+ saka antarané kabèh bangsa, kaya sing kelakon saiki. 16 Dadi, atimu kudu resik*+ lan aja ndableg manèh.+ 17 Yéhuwah Gusti Allahmu kuwi Gusti Allah sing luwih unggul timbang allah-allah liyané,+ lan Gusti sing luwih unggul timbang gusti liyané, Gusti Allah sing hébat, kuwat, lan luar biasa, sing ora pilih kasih+ lan ora nampa suap. 18 Dhèwèké tumindak adil marang anak yatim lan randha.+ Dhèwèké nresnani wong asing+ lan nyedhiakké panganan lan klambi kanggo wong-wong kuwi. 19 Kowé kudu nresnani wong asing, merga kowé mbiyèn wis tau dadi penduduk asing ing tanah Mesir.+
20 ”Kowé kudu wedi marang* Yéhuwah Gusti Allahmu lan ngabdi marang Dhèwèké.+ Kowé kudu setya marang Dhèwèké. Nèk nggawé sumpah, kowé kudu sumpah nganggo jenengé. 21 Mung Dhèwèké sing kudu dipuji.+ Dhèwèké kuwi Gusti Allahmu. Kowé wis ndelok dhéwé nèk kabèh sing wis ditindakké Gusti Allah kuwi hébat lan luar biasa.+ 22 Mbiyèn wektu nènèk moyangmu lunga menyang Mesir,+ jumlahé mung 70. Saiki, Yéhuwah Gusti Allahmu wis nggawé jumlahmu akèh banget, kaya bintang-bintang ing langit.+
11 ”Kowé kudu nresnani Yéhuwah Gusti Allahmu+ lan terus nindakké kewajibanmu marang Gusti Allah. Kowé kudu manut karo peraturan, hukum, lan préntahé. 2 Dina iki kowé ngerti nèk aku omongan karo kowé, dudu karo anak-anakmu sing durung ngerti lan durung ndelok hukuman saka Yéhuwah Gusti Allahmu.+ Anak-anakmu ya durung tau ndelok wektu Gusti Allah nduduhké kuwasané sing gedhé+ lan kekuwatané.+ 3 Anak-anakmu ora ndelok tumindak lan mukjijat sing ditindakké Gusti Allah marang tanah Mesir lan Firaun raja Mesir,+ 4 lan marang pasukané Mesir, jaran-jarané Firaun, lan kréta perangé, sing kleleb ing Laut Merah wektu ngoyak* kowé. Yéhuwah nyingkirké kabèh wong kuwi.+ 5 Anak-anakmu ora ndelok apa sing ditindakké Gusti Allah kanggo kowé wektu kowé ing padhang belantara nganti kowé tekan ing panggonan iki. 6 Anak-anakmu ya ora ndelok apa sing ditindakké Gusti Allah marang Datan lan Abiram, yaiku anak-anaké lanang Èliab, keturunané Rubèn. Wektu kuwi lemahé mbelah ing ngarepé wong-wong Israèl, terus Datan lan Abiram nyemplung ing kono bareng karo keluargané, kémahé, kéwané, lan kabèh wong sing ndhukung wong-wong kuwi.+ 7 Kowé wis ndelok dhéwé kabèh tumindaké Yéhuwah sing luar biasa.
8 ”Kowé kudu manut karo kabèh préntah sing tak omongké marang kowé dina iki bèn kowé dadi saya kuwat, terus isa nyabrang lan ngrebut tanah kuwi, 9 lan bèn umurmu dawa+ ing tanah sing akèh susu lan maduné,+ kaya sing dijanjèkké Yéhuwah marang nènèk moyangmu lan keturunané.*+
10 ”Tanah sing bakal mbok rebut kuwi ora kaya tanah Mesir sing wis mbok tinggalké. Mbiyèn pas ing kana, kowé biasané nyebar benih lan kudu kerja keras nyirami ladhang,* kaya nèk kowé nyirami kebon sayuran. 11 Ning, tanah sing bakal mbok parani lan mbok rebut kuwi tanah ing wilayah pegunungan lan lembah.+ Tanah kuwi éntuk banyu saka udan.+ 12 Kuwi tanah sing dirawat karo Yéhuwah Gusti Allahmu. Yéhuwah terus nggatèkké tanah kuwi, saka awal taun nganti akhir taun.
13 ”Nèk kowé tenanan manut karo préntah sing tak omongké marang kowé dina iki, lan nèk kowé nresnani Yéhuwah Gusti Allahmu saktulusé atimu lan sepenuh jiwamu,*+ 14 Dhèwèké* bakal mènèhi udan ing tanahmu ing wektuné, yaiku udan pas musim gugur lan udan pas musim semi. Terus, kowé bakal ngumpulké biji-bijian, anggur anyar, lan minyak.+ 15 Aku bakal nggawé suket thukul ing ladhangmu bèn isa dipangan ternakmu. Kowé ya bakal mangan nganti puas.+ 16 Kowé kudu ngati-ati, aja nganti kowé gelem dipengaruhi, terus nyembah lan sujud marang allah-allah liya.+ 17 Nèk kowé nyembah allah-allah liya, Yéhuwah bakal nesu banget karo kowé. Dhèwèké bakal nutup langit, dadi ora bakal ana udan.+ Terus, tanah ya ora bakal ngetokké hasil, lan kowé bakal cepet disingkirké saka tanah sing apik sing diwènèhké Yéhuwah marang kowé.+
18 ”Omonganku iki kudu mbok simpen ing ati lan pikiranmu. Kuwi kudu mbok talèkké ing tanganmu bèn isa dadi pangéling-éling, lan kuwi kudu dadi kaya tandha* ing bathukmu.+ 19 Kuwi kudu mbok wulangké marang anak-anakmu wektu kowé lungguh ing omahmu, wektu kowé mlaku ing dalan, wektu kowé turonan, lan wektu kowé tangi.+ 20 Kuwi kudu mbok tulis ing kusèn lawang omahmu lan ing gerbangmu, 21 bèn umurmu lan umuré anak-anakmu dawa+ ing tanah sing dijanjèkké Yéhuwah marang nènèk moyangmu,+ saksuwéné langit ana ing ndhuwuré bumi.
22 ”Nèk kowé tenanan manut* lan nindakké préntah sing tak omongké marang kowé, yaiku terus nresnani Yéhuwah Gusti Allahmu+ lan setya marang Dhèwèké,+ 23 Yéhuwah bakal ngusir kabèh bangsa iki saka ngarepmu,+ lan kowé bakal ngalahké bangsa-bangsa sing luwih kuwat lan sing jumlahé luwih akèh timbang kowé.+ 24 Saben panggonan sing mbok tekani bakal dadi duwèkmu.+ Batas dhaérahmu+ yaiku saka padhang belantara tekan Lébanon, saka kali, yaiku Kali Éfrat, tekan laut sisih kulon.* 25 Ora bakal ana sing isa nglawan kowé.+ Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nggawé kabèh wong ing tanah sing mbok tekani wedi karo kowé,+ kaya sing dijanjèkké marang kowé.
26 ”Dina iki, kowé tak kongkon milih, berkah apa kutuk.+ 27 Kowé bakal éntuk berkah nèk kowé manut karo préntahé Yéhuwah Gusti Allahmu sing tak omongké marang kowé dina iki,+ 28 ning kowé bakal dikutuk nèk kowé ora manut karo préntahé Yéhuwah Gusti Allahmu,+ ora manut karo sing tak préntahké marang kowé dina iki, lan nyembah allah-allah sing ora mbok kenal.
29 ”Wektu Yéhuwah Gusti Allahmu nggawa kowé menyang tanah sing bakal dadi duwèkmu, kowé kudu ngucapké berkah ing Gunung Gérizim lan ngucapké kutuk ing Gunung Ébal.+ 30 Gunung-gunung kuwi ana ing kuloné Kali Yordan, ing tanahé wong Kanaan sing manggon ing Araba, ing ngarepé Gilgal, cedhak wit-wit gedhé ing Moré.+ 31 Kowé bakal nyabrang Kali Yordan bèn isa mlebu lan ngrebut tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé.+ Wektu kowé ngrebut tanah kuwi lan manggon ing kono, 32 kowé kudu tenanan nindakké kabèh peraturan lan hukum sing tak omongké marang kowé dina iki.+
12 ”Kowé kudu tenanan nindakké kabèh peraturan lan hukum iki saksuwéné kowé urip ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangmu marang kowé. 2 Ing kabèh wilayahé bangsa-bangsa sing bakal mbok kalahké, kowé kudu ngremuk kabèh panggonan sing dienggo nyembah allah-allahé,+ embuh kuwi ing gunung sing dhuwur, ing bukit, utawa ing ngisor wit sing rimbun. 3 Kowé kudu ngremuk kabèh mézbah lan tugu suciné.*+ Kowé ya kudu ngobong cagak suciné* lan ngremuk patung-patung allahé,+ bèn jenengé allah-allahé ora diéling-éling manèh.+
4 ”Aja nyembah Yéhuwah Gusti Allahmu nganggo carané wong-wong kuwi nyembah allah-allahé.+ 5 Ning, wektu arep nyembah Yéhuwah Gusti Allahmu, kowé kudu lunga menyang panggonan sing dipilih Gusti Allahmu ing antarané wilayahé suku-sukumu bèn dadi panggonané lan bèn jenengé dimulyakké.+ 6 Persembahan bakaran,+ korban, sepersepuluhan,+ sumbangan,+ persembahan merga nggawé janji, persembahan sukaréla,+ lan anak pertama saka ternakmu kudu mbok gawa mrana.+ 7 Kowé lan keluargamu kudu mangan ing kana ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu.+ Merga Yéhuwah Gusti Allahmu wis mberkahi kowé, kowé kudu ngrasa seneng merga hasil kerja kerasmu.+
8 ”Aja nindakké sing kaya ngéné manèh, yaiku nindakké apa sing bener manut karepmu dhéwé, 9 merga kowé durung tekan ing panggonan+ sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé. 10 Wektu kowé nyabrang Kali Yordan+ lan manggon ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé, Dhèwèké mesthi bakal nglindhungi kowé saka kabèh mungsuhmu sing ana ing sekitarmu, lan kowé ya bakal aman manggon ing kono.+ 11 Kowé kudu nggawa kabèh sing tak préntahké menyang panggonan sing dipilih Yéhuwah Gusti Allahmu kanggo mulyakké jenengé,+ yaiku persembahan bakaran, korban, sepersepuluhan,+ sumbangan, lan kabèh persembahan merga nggawé janji marang Yéhuwah. 12 Kowé kudu ngrasa seneng ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu,+ bareng karo anak-anakmu lanang, anak-anakmu wédok, budhakmu lanang, budhakmu wédok, lan bareng karo wong Lèwi sing ana ing kutha-kuthamu, sing ora dikèki warisan kaya kowé.+ 13 Aja nganti kowé mènèhké persembahan bakaran ing panggonan liyané sing mbok senengi.+ 14 Kowé kudu mènèhké persembahan bakaran mung ing panggonan sing dipilih Yéhuwah, yaiku ing salah siji wilayahé suku-sukumu. Ing kana, kowé kudu nindakké kabèh sing tak préntahké marang kowé.+
15 ”Ning, kapan waé kowé péngin mangan daging,+ kowé éntuk mbelèh kéwan. Kowé éntuk mangan daging, sesuai karo sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu ing kabèh kuthamu. Wong sing najis lan sing ora najis éntuk mangan kuwi, kaya nèk kowé mangan daging antelop lan daging kidang. 16 Ning, kowé ora éntuk mangan getihé.+ Kowé kudu ngesokké getihé ing lemah kaya nèk ngesokké banyu.+ 17 Ing kutha-kuthamu, kowé ora éntuk mangan utawa ngombé sepersepuluh saka jumlahé biji-bijianmu, saka anggurmu sing anyar, lan saka minyakmu. Kowé ya ora éntuk mangan anak pertama saka ternakmu,+ persembahan merga nggawé janji, persembahan sukarélamu, utawa sumbanganmu. 18 Ning, kuwi kabèh kudu mbok pangan ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu ing panggonan sing dipilih Yéhuwah Gusti Allahmu,+ bareng karo anak-anakmu lanang, anak-anakmu wédok, budhakmu lanang, budhakmu wédok, lan wong Lèwi sing ana ing kutha-kuthamu. Kowé kudu ngrasa seneng ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu merga hasil kerja kerasmu. 19 Aja nganti kowé ora nggatèkké wong Lèwi+ saksuwéné kowé manggon ing tanahmu.
20 ”Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nggawé wilayahmu saya amba,+ kaya sing dijanjèkké marang kowé.+ Wektu kuwi, nèk kowé kandha, ’Aku péngin mangan daging,’ merga kowé péngin banget mangan daging, kowé éntuk mangan daging kapan waé kowé péngin.+ 21 Nèk panggonan sing dipilih Yéhuwah Gusti Allahmu kanggo mulyakké jenengé+ kuwi adoh banget, kowé kudu mbelèh kéwan ternak sing diwènèhké Yéhuwah marang kowé, kaya sing tak préntahké marang kowé, terus kuwi kudu mbok pangan ing kutha-kuthamu* kapan waé kowé péngin. 22 Kuwi éntuk mbok pangan kaya nèk kowé mangan daging antelop lan daging kidang.+ Kuwi ya éntuk dipangan wong sing najis lan sing ora najis. 23 Ning, kowé babar blas ora éntuk mangan getihé,+ merga getih kuwi nyawa. Kowé ora éntuk mangan daging sing isih ana nyawané.+ 24 Kowé ora éntuk mangan getihé. Kowé kudu ngesokké getihé ing lemah kaya nèk kowé ngesokké banyu.+ 25 Kowé ora éntuk mangan getih, bèn kowé lan anak-anakmu urip makmur, merga kowé wis nindakké apa sing bener kanggoné Yéhuwah. 26 Wektu kowé teka ing panggonan sing dipilih Yéhuwah, kowé mung éntuk njupuk barang-barangmu sing suci lan persembahan merga nggawé janji. 27 Ing kana, kowé kudu mènèhké persembahan bakaran, yaiku daging lan getihé,+ ing ndhuwuré mézbahé Yéhuwah Gusti Allahmu. Getihé korban kuwi kudu mbok esokké ing mézbahé+ Yéhuwah Gusti Allahmu, ning dagingé éntuk mbok pangan.
28 ”Kowé kudu tenanan manut karo préntah sing tak omongké marang kowé, bèn kowé lan anak-anakmu urip makmur merga kowé nindakké apa sing apik lan bener kanggoné Yéhuwah.
29 ”Wektu Yéhuwah Gusti Allahmu matèni wong-wong saka bangsa-bangsa sing bakal mbok kalahké,+ terus kowé manggon ing tanahé, 30 aja nganti kowé mèlu-mèlu tumindaké wong-wong kuwi sakwisé wong-wong kuwi disingkirké saka ngarepmu. Aja takon ngéné soal allah-allahé, ’Biasané, piyé bangsa iki nyembah allah-allahé? Aku péngin mèlu-mèlu.’+ 31 Aja nyembah Yéhuwah Gusti Allahmu kaya carané wong-wong kuwi nyembah allahé, merga Yéhuwah Gusti Allahmu jijik karo tumindak sing kaya ngono, malah wong-wong kuwi ngobong anak-anaké lanang lan wédok kanggo korban marang allah-allahé.+ 32 Kowé kudu bener-bener nindakké saben préntah sing tak omongké marang kowé.+ Aja mbok tambahi utawa mbok kurangi.+
13 ”Nèk ing antaramu ana nabi utawa wong sing ngramal merga éntuk mimpi, lan dhèwèké mènèhi tandha utawa ramalan, 2 terus tandha utawa ramalan sing diomongké kuwi kelakon tenan lan dhèwèké kandha, ’Ayo nyembah lan nglayani allah-allah liya,’ yaiku allah-allah sing ora mbok kenal, 3 aja ngrungokké nabi utawa wong sing ngramal merga éntuk mimpi kuwi,+ merga Yéhuwah Gusti Allahmu péngin ngerti apa kowé+ bener-bener nresnani Yéhuwah Gusti Allahmu saktulusé atimu lan sepenuh jiwamu.*+ 4 Kowé kudu nyembah Yéhuwah Gusti Allahmu, lan kowé kudu wedi marang* Dhèwèké. Kowé kudu manut karo préntahé lan ngrungokké omongané. Kowé kudu ngabdi mung marang Dhèwèké, lan kowé kudu terus setya marang Dhèwèké.+ 5 Ning, nabi utawa wong sing ngramal merga éntuk mimpi kuwi kudu mbok patèni,+ merga wong kuwi isa nggawé kowé mbrontak marang Yéhuwah Gusti Allahmu, bèn kowé ora manut karo préntahé Yéhuwah Gusti Allahmu. Gusti Allahmu wis nggawa kowé metu saka tanah Mesir lan mbébaské kowé saka panggonan wektu kowé dadi budhak. Kowé kudu nyingkirké kabèh sing jahat saka antaramu.+
6 ”Nèk kakangmu, adhimu, anakmu lanang, anakmu wédok, bojomu sing mbok sayangi, utawa kanca akrabmu meneng-meneng ngejak kowé nyembah allah-allah liya,+ yaiku allah-allah sing ora mbok kenal lan ora dikenal karo nènèk moyangmu, 7 allahé bangsa-bangsa sing ana ing sekitarmu, embuh kuwi sing cedhak utawa sing adoh, sing ana ing kabèh wilayah ing tanah iki, 8 aja gelem dipengaruhi wong kuwi lan aja ngrungokké dhèwèké.+ Aja mbok mesakké, lan aja mbok lindhungi. 9 Ning, wong kuwi kudu mbok patèni.+ Kowé kudu dadi sing pertama mbandhemi* wong kuwi, lagi sing liyané mèlu mbandhemi.+ 10 Wong kuwi kudu mbok bandhemi* watu nganti mati,+ merga dhèwèké wis ngojok-ojoki kowé bèn ora manut karo* Yéhuwah Gusti Allahmu sing wis mbébaské kowé saka tanah Mesir, panggonan wektu kowé dadi budhak. 11 Kabèh wong Israèl bakal krungu soal kuwi lan dadi wedi, terus wong-wong kuwi ora bakal tumindak jahat kaya ngono manèh.+
12 ”Wektu kowé manggon ing salah siji kutha sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé, mungkin kowé krungu kabar nèk 13 wong-wong sing ora ana gunané ngojok-ojoki penduduké kutha kuwi bèn nyembah allah-allah liya lan kandha, ’Ayo nyembah allah-allah liya,’ yaiku allah-allah sing ora mbok kenal. 14 Mula, kowé kudu nggolèki apa masalahé, terus mbok selidiki tenanan, lan takon karo wong liya.+ Nèk pancèn bener ing antaramu ana tumindak sing njijiki kanggoné Gusti Allah, 15 kowé kudu matèni penduduké kutha kuwi nganggo pedhang.+ Kowé kudu matèni kabèh sing ana ing kono,+ termasuk ternaké. 16 Terus, kowé kudu ngumpulké kabèh barang jarahan ing tengah-tengahé lapangané kutha kuwi, lan kutha kuwi kudu mbok obong. Barang-barang jarahan kuwi bakal dadi kaya persembahan kanggo Yéhuwah Gusti Allahmu. Kutha kuwi bakal dadi reruntuhan nganti saklawasé. Kutha kuwi ora éntuk dibangun manèh. 17 Aja njupuk barang-barang sing kudu dihancurké,+ bèn Yéhuwah ora nesu manèh, lan bèn Dhèwèké mesakké karo kowé lan nggawé jumlahmu dadi akèh, kaya sumpahé marang nènèk moyangmu.+ 18 Kowé kudu manut karo Yéhuwah Gusti Allahmu lan nindakké kabèh préntahé sing tak omongké marang kowé dina iki. Nèk kuwi mbok tindakké, berarti kowé wis nindakké apa sing bener kanggoné Yéhuwah Gusti Allahmu.+
14 ”Kowé kuwi anak-anaké Yéhuwah Gusti Allahmu. Aja nggawé luka ing awakmu nganggo pisau,+ lan aja nyukur alismu* nganti entèk kanggo wong mati.+ 2 Kuwi merga kowé bangsa sing suci+ kanggoné Yéhuwah Gusti Allahmu, lan Yéhuwah wis milih kowé saka antarané kabèh bangsa ing bumi bèn dadi umaté,+ yaiku umaté sing istiméwa.*
3 ”Aja mangan apa waé sing njijiki kanggoné Gusti Allah.+ 4 Iki kéwan sing éntuk mbok pangan:+ Sapi, domba, kambing, 5 kidang, antelop, kambing liar, domba liar, lan domba gunung. 6 Kowé éntuk mangan kéwan sing kukuné mbelah lan sing memamah biak.* 7 Ning, kowé ora éntuk mangan kéwan sing mung memamah biak utawa kéwan sing mung nduwé kuku belah, yaiku unta, kelinci, lan hiraks,* merga kéwan-kéwan kuwi mung memamah biak tapi kukuné ora mbelah. Mula, kéwan-kéwan kuwi haram.+ 8 Kowé ya ora éntuk mangan babi, merga babi mung nduwé kuku belah tapi ora memamah biak. Babi kuwi haram. Aja mangan dagingé lan aja ndemèk bathangé.
9 ”Saka antarané kéwan-kéwan sing urip ing banyu, kowé mung éntuk mangan kéwan sing nduwé sisik lan sirip.+ 10 Ning, kowé ora éntuk mangan kéwan sing ora ana sisik lan siripé. Kuwi haram.
11 ”Kowé éntuk mangan manuk apa waé sing ora haram. 12 Ning, kowé ora éntuk mangan manuk elang, elang laut, manuk bangkai hitam,+ 13 elang abang, elang ireng, kabèh elang liyané, 14 kabèh jenis manuk gagak, 15 manuk unta, burung hantu, camar, kabèh jenis manuk alap-alap, 16 burung hantu cilik, burung hantu sing kupingé dawa, angsa, 17 manuk pelikan, manuk bangkai, manuk pecuk padi, 18 bangau, kabèh jenis manuk kuntul, manuk hupo, lan kelélawar. 19 Kabèh jenis serangga sing ana sayapé ya haram lan ora éntuk mbok pangan. 20 Kabèh kéwan mabur sing ora haram éntuk mbok pangan.
21 ”Nèk kowé nemu kéwan sing wis mati, aja mbok pangan.+ Kuwi éntuk mbok wènèhké marang wong asing sing ana ing kutha-kuthamu, lan wong kuwi éntuk mangan. Kuwi ya éntuk mbok edol marang wong asing. Kowé kuwi umat sing suci kanggoné Yéhuwah Gusti Allahmu.
”Aja nggodhog anak kambing nganggo susuné emboké.+
22 ”Saben taun, kowé kudu mènèhi sepersepuluh saka hasil benih sing mbok tandur ing kebon.+ 23 Kowé kudu mangan sepersepuluh saka biji-bijianmu, anggurmu sing anyar, minyakmu, lan anak pertamané sapi, kambing, lan dombamu ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu,+ ing panggonan sing dipilih kanggo mulyakké jenengé, bèn kowé isa terus wedi marang* Yéhuwah Gusti Allahmu.+
24 ”Ning, nèk panggonan sing dipilih Yéhuwah Gusti Allahmu kanggo mulyakké jenengé+ kuwi adoh banget lan mbutuhké wektu suwé banget bèn isa tekan kana, lan nèk gawanmu akèh banget (merga Yéhuwah Gusti Allahmu mberkahi kowé), 25 kowé éntuk ngedol sepersepuluhan kuwi, terus dhuwité kudu mbok gawa menyang panggonan sing dipilih Yéhuwah Gusti Allahmu. 26 Kowé éntuk nggunakké dhuwit kuwi kanggo tuku apa waé sing mbok péngini, misalé sapi, domba, kambing, anggur, minuman keras, lan apa waé sing mbok senengi. Kuwi kudu mbok pangan ing kana, ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu. Kowé kudu ngrasa seneng bareng karo keluargamu.+ 27 Kowé kudu nggatèkké wong Lèwi sing ana ing kutha-kuthamu,+ merga wong-wong kuwi ora dikèki warisan kaya kowé.+
28 ”Saben akhir taun ketelu, kowé kudu nggawa kabèh sepersepuluh saka hasil panèn ing taun kuwi lan kudu mbok simpen ing kutha-kuthamu.+ 29 Sakwisé kuwi, wong Lèwi sing ora dikèki warisan kaya kowé, wong asing, anak yatim,* lan randha, sing ana ing kutha-kuthamu bakal teka lan mangan nganti wareg.+ Terus, Yéhuwah Gusti Allahmu bakal mberkahi kabèh sing mbok tindakké.+
15 ”Saben akhir pitung taun, kowé kudu mbébaské utangé wong liya.+ 2 Iki carané mbébaské: Wong sing mènèhi utang kudu mbébaské wong liya saka utangé. Dhèwèké ora éntuk nagih utang marang wong liya utawa seduluré, merga utang kuwi wis dianggep lunas kanggo mulyakké Yéhuwah.+ 3 Kowé éntuk nagih utang marang wong asing,+ ning kowé kudu nganggep lunas utangé sedulurmu. 4 Kowé ora bakal dadi mlarat merga Yéhuwah mesthi bakal mberkahi kowé+ ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé bèn dadi warisan kanggo kowé. 5 Ning, kowé kudu bener-bener manut karo omongané Yéhuwah Gusti Allahmu lan nindakké kabèh préntah sing tak omongké marang kowé dina iki.+ 6 Yéhuwah Gusti Allahmu bakal mberkahi kowé kaya janjiné marang kowé. Akèh bangsa bakal utang* marang kowé, ning kowé dhéwé ora bakal utang karo sapa-sapa.+ Kowé bakal nguwasani akèh bangsa, ning bangsa-bangsa kuwi ora bakal nguwasani kowé.+
7 ”Nèk ana sedulurmu sing dadi mlarat ing salah siji kutha ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé, kowé aja pelit lan kudu mesakké marang wong kuwi.+ 8 Kowé kudu seneng mènèhi,+ lan kowé kudu nyilihi dhèwèké apa waé sing dibutuhké. 9 Aja nganti kowé nduwé pikiran jahat iki, ’Taun kepitu, yaiku wektu kanggo mbébaské utang, wis cedhak,’+ terus kowé ora gelem mènèhi marang sedulurmu sing mlarat lan ora mènèhi dhèwèké apa-apa. Nèk wong kuwi wadul marang Yéhuwah soal kowé, kowé bakal dianggep dosa.+ 10 Kowé kudu seneng mènèhi marang dhèwèké,+ lan kowé* kudu ikhlas mènèhi bèn Yéhuwah Gusti Allahmu mberkahi saben tumindak lan kerja kerasmu.+ 11 Ing tanah kuwi, wong mlarat mesthi bakal terus ana.+ Kuwi sebabé aku mènèhi kowé préntah iki, ’Kowé kudu seneng mènèhi marang sedulurmu sing susah lan sing mlarat ing tanahmu.’+
12 ”Nèk ana sedulurmu, yaiku wong lanang utawa wong wédok Ibrani, sing diedol marang kowé lan wis enem taun dadi pembantumu, ing taun kepitu wong kuwi kudu mbok bébaské.+ 13 Wektu kowé mbébaské wong kuwi, aja ngongkon wong kuwi lunga tanpa mbok gawani apa-apa. 14 Ternakmu, hasil panènmu, minyakmu, lan anggurmu kudu ana sing mbok wènèhké marang dhèwèké. Yéhuwah Gusti Allahmu wis mberkahi kowé, mula kowé kudu seneng mènèhi marang wong kuwi. 15 Kowé kudu éling nèk mbiyèn kowé dadi budhak ing tanah Mesir lan Yéhuwah Gusti Allahmu wis mbébaské kowé. Kuwi sebabé aku mènèhi kowé préntah iki.
16 ”Ning, nèk budhak kuwi kandha, ’Aku ora péngin metu saka kéné,’ merga dhèwèké nresnani kowé lan keluargamu, lan dhèwèké seneng dadi budhakmu,+ 17 kowé kudu ngongkon budhak kuwi ngadeg ing lawang, lan kupingé kudu mbok tindhik. Budhak kuwi bakal dadi budhakmu saklawasé. Budhak sing wédok ya kudu ditindhik kaya ngono. 18 Kowé kudu ikhlas wektu kowé mbébaské dhèwèké lan dhèwèké ninggalké kowé, merga dhèwèké wis kerja kanggo kowé enem taun suwéné, lan kerja kerasé kuwi padha karo ping pindhoné kerjané buruh upahan, lan Yéhuwah Gusti Allahmu wis mberkahi kabèh sing mbok tindakké.
19 Kowé kudu mènèhké anak lanang pertamané sapi, domba, lan kambingmu marang Yéhuwah Gusti Allahmu.+ Anak pertamané sapimu aja mbok gunakké kanggo kerja, lan aja nyukur wuluné anak pertamané dombamu. 20 Saben taun, kowé lan keluargamu kudu mangan dagingé anak lanang pertamané sapi, domba, lan kambingmu ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu, ing panggonan sing bakal dipilih Yéhuwah.+ 21 Ning, nèk kéwan kuwi pincang, wuta, utawa nduwé cacad liyané, aja mbok wènèhké dadi persembahan marang Yéhuwah Gusti Allahmu.+ 22 Dagingé kéwan mau kudu mbok pangan ing kutha-kuthamu. Wong sing najis lan ora najis kudu mangan daging kuwi kaya nèk mangan daging antelop lan daging kidang.+ 23 Ning, getihé aja mbok pangan.+ Getihé kudu mbok esokké ing lemah kaya nèk kowé ngesokké banyu.+
16 ”Kowé kudu éling nèk sasi Abib* kuwi penting banget. Kowé kudu ngrayakké Paskah kanggo Yéhuwah Gusti Allahmu,+ merga ing sasi Abib, bengi-bengi Yéhuwah Gusti Allahmu nggawa kowé metu saka Mesir.+ 2 Kowé kudu mènèhké korban Paskah marang Yéhuwah Gusti Allahmu,+ yaiku kambing, domba, lan sapi,+ ing panggonan sing dipilih Yéhuwah kanggo mulyakké jenengé.+ 3 Kowé kudu mangan kéwan kuwi karo roti tanpa ragi.+ Pitung dina suwéné kowé ora éntuk mangan apa waé sing ana raginé. Kowé mung éntuk mangan roti tanpa ragi kaya pas kowé mangan roti tanpa ragi wektu kowé kesusu metu saka Mesir.+ Kuwi kudu mbok tindakké bèn kowé éling karo kesusahan sing mbok alami. Kowé ya bakal terus éling wektu kowé dibébaské saka Mesir.+ 4 Saksuwéné pitung dina,+ ora éntuk ana ragi* ing kabèh wilayahmu. Daging kéwan sing bakal mbok korbanké pas bengi ing dina pertama ora éntuk turah nganti sésuk ésuké.+ 5 Kowé ora éntuk mènèhké korban Paskah ing kutha-kutha sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé. 6 Ning, korban kuwi kudu mbok wènèhké ing panggonan sing dipilih Yéhuwah Gusti Allahmu kanggo mulyakké jenengé. Korban Paskah kudu mbok wènèhké pas bengi sakwisé matahari terbenam,+ ing tanggal sing padha wektu kowé metu saka Mesir. 7 Korban kuwi kudu mbok masak lan mbok pangan+ ing panggonan sing bakal dipilih Yéhuwah Gusti Allahmu.+ Ésuké, kowé éntuk bali ing kémahmu. 8 Enem dina kowé kudu mangan roti tanpa ragi. Ing dina kepitu, kowé kudu ngumpul bareng kanggo ngluhurké Yéhuwah Gusti Allahmu. Kowé ora éntuk nyambut gawé.+
9 ”Kowé kudu ngétung pitung minggu, sing dimulai saka sepisanan kowé ngethok biji-bijian ing ladhang.+ 10 Kowé kudu ngrayakké Perayaan Sakwisé Pitung Minggu kanggo Yéhuwah Gusti Allahmu,+ lan kowé kudu mènèhi persembahan sukaréla, sesuai karo berkah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé.+ 11 Ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu, ing panggonan sing dipilih Yéhuwah kanggo mulyakké jenengé,+ kowé kudu ngrasa seneng bareng karo anak-anakmu, budhakmu lanang lan wédok, wong Lèwi sing manggon ing kutha-kuthamu,* wong asing, anak yatim,* lan randha, sing ana ing antaramu. 12 Kowé kudu éling nèk mbiyèn kowé ya dadi budhak ing Mesir.+ Kowé kudu manut lan nindakké kabèh peraturan iki.
13 ”Kowé kudu ngrayakké Perayaan Pondok+ pitung dina suwéné wektu kowé ngumpulké hasil panèn saka panggonan kanggo nggiles biji-bijian* lan saka panggonan kanggo meres minyak lan anggur. 14 Wektu perayaan kuwi, kowé kudu ngrasa seneng+ bareng karo anak-anakmu, budhakmu lanang lan wédok, wong Lèwi, wong asing, anak yatim, lan randha, sing manggon ing kutha-kuthamu. 15 Kuwi kudu mbok rayakké+ kanggo Yéhuwah Gusti Allahmu ing panggonan sing dipilih Yéhuwah, merga Yéhuwah Gusti Allahmu bakal mberkahi kabèh hasil panènmu+ lan kabèh sing mbok tindakké. Kowé bakal ngrasa seneng banget.+
16 ”Setaun ping telu, kabèh wong lanang kudu ngadhep Yéhuwah Gusti Allahmu ing panggonan sing dipilih, yaiku pas Perayaan Roti Tanpa Ragi,+ Perayaan Minggu-Minggu,+ lan Perayaan Pondok.+ Kabèh wong sing teka kudu nggawa persembahan kanggo Yéhuwah. 17 Saben wong kudu mènèhi persembahan sing sesuai karo berkah sing diwènèhké Yéhuwah marang kowé.+
18 ”Kowé kudu milih hakim+ lan pemimpin saka saben suku ing kabèh kutha* sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé. Wong-wong kuwi kudu adil wektu ngadili. 19 Aja nganti kowé ora adil,+ pilih kasih,+ utawa nampa suap, merga suap isa nggawé wong sing wicaksana+ dadi ora perduli karo apa sing bener lan nggawé wong sing bener ngubah keputusané. 20 Kowé kudu ngupaya bèn tetep adil,+ supaya kowé tetep urip lan isa ngrebut tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé.
21 ”Aja nandur wit sing didadèkké cagak suci*+ ing cedhaké mézbah sing mbok gawé kanggo Yéhuwah Gusti Allahmu.
22 ”Kowé ya aja nggawé tugu suci*+ merga kuwi disengiti Yéhuwah Gusti Allahmu.
17 ”Aja mènèhké sapi utawa domba sing cacad utawa luka kanggo korban marang Yéhuwah Gusti Allahmu, merga Yéhuwah Gusti Allahmu jijik karo tumindak sing kaya ngono.+
2 ”Nèk ing kutha sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu ana wong lanang utawa wédok sing nindakké apa sing jahat kanggoné Yéhuwah Gusti Allahmu lan nglanggar perjanjiané Gusti Allahmu,+ 3 terus dhèwèké ninggalké Gusti Allah lan nyembah allah-allah liya lan sujud marang allah-allah kuwi utawa marang matahari, bulan, utawa kabèh sing ana ing langit,*+ padahal kuwi wis tak larang,*+ 4 terus ana sing nglaporké soal kuwi marang kowé lan kowé ngerti soal kuwi, kowé kudu nyelidiki tenanan kasus kuwi. Nèk kuwi kebukti bener,+ berarti ing Israèl pancèn ana tumindak sing njijiki kanggoné Gusti Allah, 5 lan kowé kudu nggawa wong lanang utawa wong wédok kuwi ing gerbang kutha, lan wong kuwi kudu mbok bandhemi* watu nganti mati.+ 6 Wong kuwi isa dihukum mati nèk ana keterangan saka seksi loro utawa telu.+ Wong kuwi aja dihukum mati nèk seksiné mung siji.+ 7 Seksi loro utawa telu kuwi sing kudu pertama mbandhemi* wong mau nganggo watu, lagi sing liyané mèlu mbandhemi. Kabèh sing jahat kudu mbok singkirké saka antaramu.+
8 ”Nèk ing salah siji kuthamu ana kasus sing angèl ditangani lan kowé ora isa nggawé keputusan, misalé kasus pembunuhan,+ kasus kekerasan, gugatan hukum, utawa kasus liyané, kowé kudu lunga menyang panggonan sing dipilih Yéhuwah Gusti Allahmu.+ 9 Kowé kudu nemoni lan nyritakké masalah kuwi marang para imam Lèwi lan para hakim+ sing nindakké tugasé wektu kuwi. Wong-wong mau sing bakal nggawé keputusan kanggo ngrampungi masalah kuwi.+ 10 Keputusan sing digawé ing panggonan sing dipilih Yéhuwah mau kudu mbok tindakké. Kabèh kuwi kudu bener-bener mbok tindakké. 11 Kowé kudu manut karo hukum sing diduduhké wong-wong kuwi marang kowé lan manut karo keputusan sing wis digawé.+ Aja nganti kowé ora manut karo keputusan kuwi.+ 12 Nèk ana sing wani nglawan lan ora gelem ngrungokké imam utawa hakim sing nindakké tugas saka Yéhuwah Gusti Allahmu, wong kuwi kudu dipatèni.+ Kabèh sing jahat kudu mbok singkirké saka Israèl.+ 13 Kabèh wong bakal ngerti soal kuwi lan dadi wedi. Wong-wong kuwi ora bakal wani nglawan manèh.+
14 ”Nèk kowé wis mlebu lan ngrebut tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu lan manggon ing kono, terus kowé kandha nèk kowé péngin dipréntah raja kaya bangsa-bangsa liyané sing ana ing sekitarmu,+ 15 kowé kudu nglantik raja sing dipilih Yéhuwah Gusti Allahmu.+ Raja kuwi kudu dipilih saka bangsamu. Kowé ora éntuk milih wong asing sing dudu bangsamu. 16 Raja kuwi ora éntuk nduwé jaran akèh+ utawa ngongkon rakyaté bali ing Mesir bèn isa éntuk jaran luwih akèh,+ merga Yéhuwah kandha, ’Wong-wong kuwi ora éntuk bali ing Mesir.’ 17 Dhèwèké ora éntuk nduwé bojo akèh bèn dhèwèké ora ninggalké Gusti Allah.+ Dhèwèké ya ora éntuk nduwé akèh pérak utawa emas.+ 18 Nèk dhèwèké dadi raja, dhèwèké kudu nulis manèh Hukum iki ing buku,* yaiku Hukum sing disimpen para imam Lèwi.+
19 ”Dhèwèké kudu terus nggawa lan maca buku kuwi,+ bèn dhèwèké terus wedi marang* Yéhuwah Gusti Allahé lan nindakké kabèh Hukum lan peraturan iki.+ 20 Nèk kuwi ditindakké, dhèwèké ora bakal rumangsa luwih unggul timbang wong Israèl liyané lan dhèwèké mesthi bakal manut karo préntah-préntah kuwi. Dhèwèké lan anak-anaké lanang ya isa dadi raja Israèl nganti suwé.
18 ”Para imam Lèwi lan kabèh suku Lèwi ora bakal dikèki warisan kaya wong Israèl liyané.+ Wong-wong kuwi bakal mangan persembahan kanggo Yéhuwah sing diobong nganggo geni. Kuwi sing dadi bagéané wong-wong kuwi. 2 Dadi, wong-wong kuwi ora bakal éntuk warisan kaya sedulur-seduluré. Yéhuwah sing bakal nyukupi kebutuhané,* kaya sing wis diomongké Gusti Allah marang wong-wong kuwi.
3 ”Saka persembahané wong Israèl, iki sing bakal dadi haké para imam: Wong sing mènèhi korban, embuh kuwi sapi utawa domba, kudu mènèhké pupu ngarep, rahang, lan wetengé kéwan kuwi kanggo imam. 4 Hasil panèn pertama saka biji-bijianmu, anggur anyarmu, minyakmu, lan wulu dombamu sing dicukur kudu mbok wènèhké marang imam.+ 5 Yéhuwah Gusti Allahmu wis milih wong Lèwi saka antarané suku-sukumu bèn wong-wong kuwi lan anak-anaké lanang isa nindakké tugas kanggo jenengé Yéhuwah.+
6 ”Tapi, nèk ana wong Lèwi sing pindhah saka panggonané sing ana ing salah siji kutha Israèl+ lan dhèwèké péngin manggon ing panggonan sing dipilih Yéhuwah,*+ 7 dhèwèké éntuk nindakké tugas ing panggonan kuwi kanggo jenengé Yéhuwah Gusti Allahé padha kaya kabèh seduluré, yaiku wong Lèwi, sing nindakké tugas ing kana, ing ngarepé Yéhuwah.+ 8 Sakliyané éntuk hasil saka ngedol hartané nènèk moyangé, dhèwèké bakal nampa bagéan panganan sing padha karo wong Lèwi liyané.+
9 ”Wektu kowé wis mlebu ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé, aja nganti kowé coba-coba niru tumindaké bangsa-bangsa kuwi merga Gusti Allah jijik karo tumindak sing kaya ngono.+ 10 Ing antaramu aja nganti ana wong sing ngobong anaké lanang utawa wédok,+ wong sing ngramal,+ dhukun, wong sing nggunakké ilmu gaib+ kanggo nggolèk tandha,+ ahli ilmu gaib,+ 11 wong sing nggunakké guna-guna marang wong liya, wong sing takon karo dhukun sing ngundang* arwah+ utawa wong sing isa ndelok masa depan,+ lan wong sing takon karo wong mati.+ 12 Yéhuwah jijik karo sapa waé sing nindakké kuwi. Bangsa-bangsa kuwi diusir saka ngarepmu merga nindakké sing disengiti Yéhuwah Gusti Allahmu. 13 Kowé kudu bener-bener resik ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu.+
14 ”Bangsa-bangsa sing bakal mbok rebut biasané manut karo ahli ilmu gaib+ lan tukang ngramal.+ Ning, Yéhuwah Gusti Allahmu nglarang kowé tumindak kaya ngono. 15 Yéhuwah Gusti Allahmu bakal milih nabi sing kaya aku saka antaramu. Kowé kudu manut karo dhèwèké.+ 16 Kuwi jawaban saka apa sing mbok jaluk marang Yéhuwah Gusti Allahmu wektu kowé ngumpul+ ing Horèb lan kandha, ’Aja nganti aku krungu swarané Yéhuwah Gusti Allahku lan ndelok manèh geniné sing gedhé bèn aku ora mati.’+ 17 Terus Yéhuwah kandha karo aku, ’Saran saka wong-wong kuwi apik. 18 Aku bakal milih nabi sing kaya kowé+ saka antarané wong-wong kuwi. Aku bakal ngandhani dhèwèké apa sing kudu diomongké,+ lan dhèwèké bakal nyampèkké kabèh sing Tak préntahké marang wong-wong kuwi.+ 19 Wong sing ora manut karo omongan-Ku, sing Tak sampèkké liwat nabi kuwi, kudu tanggung jawab karo Aku.+
20 ”’Nèk ana nabi sing lancang ngaku-ngaku dadi wakil-Ku lan nyampèkké omongan-Ku, padahal sakjané Aku ora tau ngongkon ngomong ngono, utawa dhèwèké ngomong dadi wakilé allah-allah liya, nabi kuwi kudu dipatèni.+ 21 Ning, mungkin kowé mbatin, ”Apa buktiné nèk kuwi dudu omongané Yéhuwah?” 22 Nèk nabi kuwi ngaku-ngaku dadi wakilé Yéhuwah ning sing disampèkké mau ora kelakon tenan, berarti kuwi dudu omongané Yéhuwah. Nabi kuwi wis lancang. Aja wedi karo dhèwèké.’
19 ”Wektu Yéhuwah Gusti Allahmu matèni wong-wong saka bangsa-bangsa sing tanahé diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé, lan kowé wis ngrebut tanah kuwi, terus manggon ing kutha-kutha lan omah-omahé,+ 2 kowé kudu milih kutha telu ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé.+ 3 Tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé kudu mbok bagi dadi telung wilayah, lan kowé kudu nggawé dalan menyang kutha-kutha kuwi bèn wong sing matèni wong liya isa mlayu ing salah siji kutha kuwi.
4 ”Iki sing kudu ditindakké wong sing matèni wong liya, sing mlayu ing salah siji kutha kuwi bèn ora dipatèni: Nèk wong kuwi ora sengaja matèni wong liya lan sakdurungé ora sengit karo wong kuwi,+ 5 misalé wektu dhèwèké lunga menyang hutan karo wong kuwi merga arep nggolèk kayu, terus kapak sing disabetké ucul saka gagangé lan ngenani wong kuwi nganti mati, dhèwèké kudu mlayu menyang salah siji kutha kuwi bèn ora dipatèni.+ 6 Ning, nèk kutha kuwi adoh banget, wong sing nduwé hak kanggo mbales,+ sing lagi nesu banget,* isa waé ngoyak,* nangkep, lan matèni dhèwèké. Ning, sakjané wong sing matèni kuwi kuduné ora dipatèni merga sakdurungé ora sengit karo wong mau.+ 7 Mula, kowé tak kongkon milih kutha telu.
8 ”Nèk Yéhuwah Gusti Allahmu nggawé wilayahmu saya amba kaya sumpahé marang nènèk moyangmu,+ lan nèk Dhèwèké wis mènèhi kowé kabèh tanah sing dijanjèkké marang nènèk moyangmu,+ 9 kowé kudu milih kutha telu manèh.+ (Gusti Allah bakal mènèhi kabèh kuwi nèk kowé tenanan manut karo kabèh préntah sing tak omongké marang kowé dina iki, yaiku kowé kudu nresnani Yéhuwah Gusti Allahmu lan nindakké préntahé.)*+ 10 Kuwi bèn ora ana wong sing ora salah sing dipatèni+ ing tanah sing wis diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé bèn dadi warisan kanggo kowé, lan kowé ora bakal dianggep matèni wong.+
11 ”Nèk ana wong sing sengit karo wong liya+ lan nggolèk kesempatan kanggo nyerang lan ngantemi* wong kuwi nganti mati, terus dhèwèké mlayu menyang salah siji kutha kuwi, 12 para pemimpin* ing kutha kuwi kudu nggawa dhèwèké metu saka kutha kuwi lan nyerahké dhèwèké marang wong sing nduwé hak kanggo mbales. Dhèwèké kudu dipatèni.+ 13 Kowé aja mesakké karo dhèwèké. Wong sing matèni wong sing ora salah+ kudu mbok singkirké saka Israèl bèn uripmu ayem.
14 ”Wektu kowé nampa warisan ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé, aja mindhah batas tanahé tanggamu,+ sing wis ditentokké nènèk moyangmu.
15 ”Wong ora isa dianggep salah utawa dosa nèk seksiné mung siji.+ Kudu ana keterangan saka seksi loro utawa telu kanggo mbuktèkké nèk wong kuwi salah.+ 16 Nèk ana wong sing mènèhi keterangan sing ora bener soal wong liya lan nudhuh wong kuwi nindakké kejahatan,+ 17 wong loro sing padu kuwi kudu ngadhep ing ngarepé Yéhuwah, yaiku ing ngarepé para imam lan para hakim sing nindakké tugasé wektu kuwi.+ 18 Para hakim kudu nyelidiki tenanan kasus kuwi.+ Nèk wong sing nudhuh kuwi ngapusi lan mènèhi keterangan sing ora bener soal wong sing sijiné, 19 wong kuwi kudu mbok hukum sesuai karo kejahatan sing direncanakké marang wong sing sijiné.+ Kowé kudu nyingkirké kejahatan saka antaramu.+ 20 Wong liya sing krungu soal kuwi bakal wedi, lan wong-wong kuwi ora bakal wani nindakké kejahatan kaya ngono manèh ing antaramu.+ 21 Aja mesakké karo wong kuwi,+ merga nyawa ganti nyawa, mripat ganti mripat, untu ganti untu, tangan ganti tangan, lan sikil ganti sikil.+
20 ”Wektu kowé perang nglawan mungsuhmu, terus kowé ndelok jarané, kréta perangé, lan pasukané luwih akèh timbang kowé, aja wedi, merga Yéhuwah Gusti Allahmu sing nggawa kowé metu saka tanah Mesir mbantu kowé.+ 2 Wektu kowé arep perang, imam kudu nemoni lan ngomong karo para prajurit.+ 3 Dhèwèké kudu ngomong ngéné, ”Israèl, rungokna. Ora suwé manèh kowé bakal perang nglawan mungsuhmu. Kowé kudu wani. Aja wedi karo wong-wong kuwi, 4 merga Yéhuwah Gusti Allahmu bakal mimpin kowé. Dhèwèké sing bakal perang nglawan mungsuhmu lan nylametké kowé.’+
5 ”Para pemimpin prajurit kudu takon karo para prajurit, ’Apa ana sing bar mbangun omah, ning durung sempat ngenggoni? Nèk ana, wong kuwi kudu bali ing omahé. Merga nèk dhèwèké mati pas perang, omahé bakal dienggoni wong liya. 6 Apa ana wong sing lagi nandur wit anggur, ning durung manèn buahé? Nèk ana, wong kuwi kudu bali ing omahé. Merga nèk dhèwèké mati pas perang, buahé bakal dipangan wong liya. 7 Apa ana wong sing wis tunangan, ning durung nikah karo wong wédok kuwi? Nèk ana, wong kuwi kudu bali ing omahé.+ Merga nèk dhèwèké mati pas perang, wong lanang liya bakal nikah karo tunangané mau.’ 8 Para pemimpin prajurit kuwi ya kudu takon karo para prajurit, ’Apa ana sing wedi lan ora wani perang?+ Nèk ana, wong kuwi kudu bali ing omahé bèn ora nggawé sedulur-seduluré wedi kaya dhèwèké.’+ 9 Sakwisé para pemimpin prajurit rampung ngomong karo para prajurit, para prajurit kuwi kudu milih wong sing bakal mimpin wektu perang.
10 ”Nèk kowé arep nyerang salah siji kutha, kowé kudu ngandhani wong-wong ing kutha kuwi syarat-syaraté bèn ora diserang.+ 11 Nèk wong-wong kuwi gelem nampa syarat-syaraté lan ngéntukké kowé mlebu ing kuthané, wong-wong sing ana ing kutha kuwi bakal dadi budhakmu. Wong-wong kuwi bakal kerja kanggo kowé.+ 12 Ning, nèk wong-wong kuwi ora gelem nampa syarat-syaraté lan malah péngin perang karo kowé, kutha kuwi kudu dikepung. 13 Yéhuwah Gusti Allahmu bakal mènèhké wong-wong kuwi ing tanganmu. Kabèh wong lanang sing ana ing kono kudu mbok patèni nganggo pedhang. 14 Ning wong wédok, bocah-bocah, ternak, lan kabèh sing ana ing kutha kuwi, yaiku sing isa dijarah, isa mbok gawa.+ Kowé isa njupuk kabèh hartané mungsuhmu, sing wis diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu kanggo kowé.+
15 ”Kuwi sing kudu mbok tindakké marang kutha-kutha sing adoh saka kowé, dudu kutha-kutha sing dadi wilayahé bangsa-bangsa cedhak kéné. 16 Ning, kowé kudu matèni kabèh wong* sing ana ing kutha-kutha ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu bèn dadi warisan kanggo kowé.+ 17 Wong Hèt, wong Amori, wong Kanaan, wong Pèriz, wong Hèwi, lan wong Yébus+ kudu mbok patèni kabèh, kaya sing dipréntahké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé, 18 bèn wong-wong kuwi ora nggawé kowé mèlu-mèlu tumindaké wong-wong kuwi wektu ngibadah marang déwa-déwané. Gusti Allahmu jijik karo tumindak kuwi, lan kuwi isa nggawé kowé dosa marang Yéhuwah Gusti Allahmu.+
19 ”Nèk kowé ngepung kutha merga arep ngrebut kutha kuwi, lan kowé wis perang nganti pirang-pirang dina, wit-wit sing ana ing kono aja mbok tegor. Buahé éntuk mbok pangan, ning wité aja mbok tegor.+ Wit kuwi ora perlu mbok serang merga kuwi dudu manungsa. 20 Kowé éntuk negor wit sing ora metu buahé utawa sing buahé ora isa dipangan. Kowé éntuk negor wité, lan kuwi isa mbok gunakké kanggo ngepung kutha sing arep mbok serang nganti kutha kuwi mbok kuwasani.
21 ”Nèk ana wong sing dipatèni ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu kanggo kowé lan ora ana sing ngerti sapa sing matèni wong kuwi, 2 para pemimpin* lan hakimmu+ kudu ngukur jarak antarané mayat kuwi karo kutha-kutha ing sekitaré. 3 Para pemimpin saka kutha sing paling cedhak karo mayat kuwi kudu njupuk sapi enom sing durung tau digunakké kanggo kerja lan durung tau narik beban. 4 Para pemimpin kuwi kudu nggawa sapi enom mau ing lembah* sing ana banyuné, sing lemahé durung tau digarap utawa disebari benih. Para pemimpin mau kudu nugel guluné sapi kuwi ing kono.+
5 ”Para imam Lèwi ya kudu mrono merga wong-wong kuwi wis dipilih Yéhuwah Gusti Allahmu bèn nindakké tugas saka Dhèwèké,+ supaya wong-wong kuwi isa mènèhi berkah nganggo jenengé Yéhuwah.+ Wong-wong kuwi ya bakal nangani masalah wektu ana sing padu nganti antem-anteman.*+ 6 Para pemimpin saka kutha sing paling cedhak karo mayat kuwi kudu wisuh+ ing ndhuwuré sapi enom sing guluné ditugel ing lembah mau. 7 Wong-wong kuwi kudu kandha, ’Aku ora matèni wong iki.* Aku ya ora weruh dhèwèké dipatèni. 8 Yéhuwah, aja nyalahké umat-Mu Israèl, sing wis mbok tebus.+ Aja nganti umat-Mu Israèl disalahké merga wong sing ora salah kuwi mati.’+ Kuwi kudu ditindakké bèn wong Israèl ora disalahké. 9 Nèk kuwi mbok tindakké, kowé nindakké apa sing bener kanggoné Yéhuwah.* Kowé ora bakal disalahké.
10 ”Nèk kowé perang nglawan mungsuhmu lan Yéhuwah Gusti Allahmu ngalahké wong-wong kuwi kanggo kowé, lan kowé nggawa wong-wong kuwi dadi tawananmu,+ 11 terus saka para tawanan kuwi kowé ndelok ana wong wédok sing ayu lan kowé seneng karo dhèwèké, terus péngin mbok dadèkké bojo, 12 wong wédok kuwi éntuk mbok gawa ing omahmu. Dhèwèké kudu nyukur rambuté nganti gundhul lan ngethoki kukuné. 13 Dhèwèké kudu nyopot klambiné sing dienggo wektu dhèwèké dadi tawanan, lan dhèwèké ya kudu manggon ing omahmu. Dhèwèké bakal nangisi bapak lan ibuné sesasi suwéné.+ Sakwisé kuwi, kowé isa nindakké hubungan sèks karo dhèwèké. Kowé bakal dadi bojoné, lan dhèwèké bakal dadi bojomu. 14 Ning, nèk kowé ora seneng manèh karo dhèwèké, dhèwèké éntuk lunga+ ing endi waé sing dipéngini. Dhèwèké aja mbok edol, lan aja mbok kasari, merga kowé wis meksa dhèwèké bèn dadi bojomu.
15 ”Nèk ana wong lanang sing nduwé bojo loro, lan dhèwèké luwih sayang karo sing sijiné, terus loro-loroné nduwé anak lanang, ning anaké lanang sing pertama lair saka bojo sing ora disayangi,+ 16 wektu dhèwèké mbagi warisané marang anak-anaké lanang, anak saka bojo sing disayangi ora éntuk dianggep dadi anak sing pertama, merga kuwi bakal nggawé rugi anaké lanang sing pertama, yaiku anak saka bojo sing ora disayangi. 17 Dhèwèké kudu ngakoni nèk anak saka bojo sing ora disayangi kuwi anaké sing pertama. Saka kabèh duwèké, dhèwèké kudu mènèhi bocah kuwi warisan ping loroné bagéané anak-anaké liyané, merga bocah lanang kuwi anaké sing nomer siji.* Bocah kuwi nduwé hak dadi anak sing pertama.+
18 ”Nèk ana wong sing nduwé anak lanang sing ndableg, seneng mbrontak, lan ora manut karo bapak lan ibuné,+ terus bapak utawa ibuné kuwi wis ngupaya ngandhani bocah kuwi, ning bocah kuwi ora gelem manut,+ 19 bapak lan ibuné kudu nggawa bocah kuwi nemoni para pemimpin ing gerbang kutha, 20 terus kandha karo para pemimpin kuwi, ’Anakku iki ndableg, seneng mbrontak, lan ora manut karo aku. Dhèwèké nggragas+ lan seneng mabuk.’+ 21 Kabèh wong lanang ing kuthané kudu mbandhemi* dhèwèké nganggo watu nganti mati. Kabèh sing jahat kudu mbok singkirké saka antaramu. Kabèh wong Israèl bakal krungu soal kuwi lan dadi wedi.+
22 ”Nèk ana wong sing nindakké dosa lan éntuk hukuman mati,+ dhèwèké kudu digantung ing cagak sakwisé dipatèni,+ 23 lan mayaté aja nganti ana ing cagak tekan ésuk.+ Mayaté kudu mbok kubur dina kuwi, merga wong sing digantung kuwi dikutuk Gusti Allah.+ Tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu bèn dadi warisan kanggo kowé aja mbok gawé najis.+
22 ”Nèk kowé ndelok sapi utawa dombané sedulurmu keblasuk, aja meneng waé.+ Sapi utawa domba kuwi kudu mbok balèkké marang sedulurmu. 2 Ning, nèk wong kuwi omahé adoh saka omahmu, utawa kowé ora kenal karo sing nduwé, kéwan kuwi kudu mbok gawa bali menyang omahmu nganti sing nduwé nggolèki. Terus, kéwan kuwi kudu mbok balèkké marang sing nduwé.+ 3 Kuwi sing kudu mbok tindakké nèk kowé nemokké keledai, klambi, lan kabèh duwèké sedulurmu sing ilang. Kowé aja meneng waé.
4 ”Nèk kowé ndelok sapi utawa keledainé sedulurmu tiba ing dalan, kowé aja meneng waé. Kowé kudu mbantu kéwan kuwi ngadeg manèh.+
5 ”Wong wédok ora éntuk nganggo klambiné wong lanang, lan wong lanang ya ora éntuk nganggo klambiné wong wédok. Yéhuwah Gusti Allahmu jijik banget karo wong sing kaya ngono.
6 ”Wektu kowé mlaku ing dalan, terus kowé ndelok susuh manuk sing ana anak manuk utawa endhogé, embuh kuwi ing wit utawa ing lemah, lan emboké manuk ana ing ndhuwuré anak-anaké utawa endhogé, manuk kuwi aja mbok jupuk sak anaké.+ 7 Ning emboké kudu mbok eculké, bar kuwi anak-anaké éntuk mbok jupuk. Kuwi kudu mbok tindakké bèn uripmu pénak lan dawa umurmu.
8 ”Nèk kowé mbangun omah anyar, kowé kudu nggawé pager ing atap omah kuwi,+ bèn kowé lan keluargamu ora dianggep salah* nèk ana sing tiba saka atap kuwi.
9 ”Ing kebon anggurmu, aja nandur benih liyané+ sing ngasilké panènan bareng karo tanduran anggur. Nèk kuwi mbok tindakké, kabèh hasil saka kebon kuwi kudu diwènèhké ing tabernakel.
10 ”Aja nggunakké sapi bareng-bareng karo keledai kanggo mbajak.+
11 ”Aja nganggo klambi sing digawé saka benang wol sing dicampur karo benang linèn.+
12 ”Pinggirané klambimu bagéan ngisor kudu mbok wènèhi benang-benang sing diplintir.+
13 ”Nèk ana wong lanang sing nikah karo wong wédok lan nindakké hubungan sèks karo dhèwèké, ning akhiré sengit karo wong wédok kuwi,* 14 terus wong lanang mau nudhuh nèk bojoné wis tumindak ora bener lan nggawé èlèk jenengé wong wédok kuwi lan kandha, ’Aku wis nikah karo wong wédok iki, lan aku wis nindakké hubungan sèks karo dhèwèké, ning jebulé dhèwèké wis ora prawan,’ 15 bapak lan ibuné wong wédok mau kudu nduduhké bukti marang para pemimpin* ing gerbang kutha nèk anaké isih prawan. 16 Bapaké wong wédok kuwi kudu kandha karo para pemimpin mau, ’Aku wis ngéntukké anakku nikah karo wong lanang kuwi, tapi wong lanang kuwi sengit karo anakku.* 17 Terus, dhèwèké nudhuh anakku tumindak sing ora bener lan kandha, ”Jebulé anakmu wis ora prawan.” Iki buktiné nèk anakku isih prawan.’ Terus, wong tuwané wong wédok kuwi kudu nduduhké kain sing dadi buktiné ing ngarepé para pemimpin kutha kuwi. 18 Para pemimpin+ mau kudu nggawa lan nggebugi wong lanang kuwi.+ 19 Wong lanang kuwi kudu didenda 100 syèkel* pérak, terus kuwi kudu diwènèhké marang bapaké wong wédok kuwi, merga wong lanang mau wis ngèlèk-èlèk wong wédok Israèl sing isih prawan.+ Wong wédok kuwi bakal terus dadi bojoné. Nganti kapan waé, wong lanang kuwi ora éntuk megat bojoné.
20 ”Tapi, nèk tudhuhané mau bener lan ora ana bukti nèk wong wédok kuwi isih prawan, 21 para pemimpin kuwi kudu nggawa wong wédok mau ing ngarepé omahé bapaké. Wong-wong lanang sing ana ing kutha kuwi kudu mbandhemi* wong wédok kuwi nganggo watu nganti mati, merga wong wédok kuwi nggawé èlèk+ jenengé Israèl. Dhèwèké nindakké hubungan sèks sing ora pantes* wektu dhèwèké isih manggon ing omahé bapaké.+ Kabèh sing jahat kudu mbok singkirké saka antaramu.+
22 ”Nèk ana wong lanang sing konangan lagi nindakké hubungan sèks karo bojoné wong liya, loro-loroné kudu dipatèni, yaiku wong lanang lan wong wédok sing nindakké hubungan sèks kuwi.+ Kabèh sing jahat kudu mbok singkirké saka Israèl.
23 ”Nèk ana wong wédok sing isih prawan lan wis tunangan, terus ana wong lanang ketemu wong wédok kuwi ing kutha lan ngejak wong wédok kuwi nindakké hubungan sèks, 24 wong loro kuwi kudu mbok gawa metu saka gerbang kutha lan kudu mbok bandhemi* watu nganti mati. Wong wédok kuwi kudu dipatèni merga ing kutha kuwi dhèwèké ora bengok-bengok njaluk tulung. Wong lanang kuwi kudu dipatèni merga wis nggawé isin bojoné* wong liya.+ Kabèh sing jahat kudu mbok singkirké saka antaramu.
25 ”Ning, nèk wong lanang mau ketemu karo wong wédok sing wis tunangan kuwi ing njaba kutha lan memperkosa wong wédok kuwi, wong lanang mau kudu dipatèni. 26 Tapi, wong wédok kuwi aja diapak-apakké merga dhèwèké ora nggawé dosa lan ora pantes mati. Kuwi kasusé padha kaya wong lanang sing nyerang wong liya nganti mati.+ 27 Wong lanang kuwi ketemu karo wong wédok mau ing njaba kutha, lan wong wédok kuwi wis bengok-bengok, tapi ora ana sing nulungi.
28 ”Nèk ana wong lanang ketemu karo wong wédok sing isih prawan lan durung tunangan, terus wong lanang kuwi meksa* wong wédok mau nindakké hubungan sèks karo dhèwèké, lan akhiré konangan,+ 29 wong lanang sing ngejak wong wédok mau nindakké hubungan sèks kudu mènèhi 50 syèkel pérak marang bapaké wong wédok kuwi,+ lan wong wédok kuwi bakal dadi bojoné. Nganti kapan waé, wong lanang mau ora éntuk megat wong wédok kuwi merga dhèwèké wis nggawé isin wong wédok kuwi.
30 ”Ora ana sing éntuk nikah karo bojoné bapaké, bèn ora nggawé isin bapaké.+
23 ”Wong lanang sing dikebiri, yaiku sing buah zakaré diremuk utawa alat kelaminé dikethok,* ora éntuk dadi umaté Yéhuwah.+
2 ”Anak haram ora éntuk dadi bagéan umaté* Yéhuwah.+ Keturunané ya ora ana sing éntuk dadi bagéan umaté Yéhuwah.
3 ”Wong Ammon lan wong Moab ora éntuk dadi bagéan umaté Yéhuwah.+ Keturunané ya ora ana sing éntuk dadi bagéan umaté Yéhuwah, 4 merga wong-wong kuwi ora mènèhi kowé pangan lan banyu wektu kowé lunga saka Mesir,+ lan merga wong-wong kuwi mbayar Biléam anaké Béor saka Pétor sing ana ing Mésopotamia kanggo ngutuki* kowé.+ 5 Yéhuwah Gusti Allahmu ora gelem ngrungokké Biléam.+ Ning, Yéhuwah Gusti Allahmu malah ngubah kutukan kuwi dadi berkah kanggo kowé,+ merga Yéhuwah Gusti Allahmu nresnani kowé.+ 6 Nganti kapan waé, aja nganti kowé mbantu wong-wong kuwi bèn uripé tentrem lan makmur.+
7 ”Aja sengit karo wong Édom merga wong-wong kuwi sedulurmu.+
”Aja sengit karo wong Mesir merga kowé tau dadi wong asing ing negarané.+ 8 Keturunané wong-wong kuwi sing ketelu, yaiku buyuté, éntuk dadi bagéan umaté* Yéhuwah.
9 ”Wektu perang nglawan mungsuhmu, aja nganti kowé dadi najis.+ 10 Nèk ana wong lanang sing dadi najis merga bengi-bengi metu air maniné,+ wong kuwi kudu metu saka perkémahan lan ora éntuk mlebu manèh. 11 Pas arep bengi, dhèwèké kudu adus. Terus, dhèwèké éntuk bali ing perkémahan pas matahari terbenam.+ 12 Kowé kudu nggawé panggonan kanggo ngising ing njaba perkémahan. Dadi, nèk arep ngising kudu mrono. 13 Kowé kudu nduwé sekop cilik. Nèk kowé arep ngising,* kowé kudu nggali lubang nganggo sekop kuwi, terus kotorané kudu mbok tutup. 14 Perkémahanmu kudu suci merga Yéhuwah Gusti Allahmu ana ing perkémahan+ kanggo mbébaské kowé lan mènèhké mungsuhmu marang kowé.+ Aja nganti Dhèwèké ndelok ana sing ora pantes ing antaramu, terus akhiré ninggalké kowé.
15 ”Budhak sing mlayu saka majikané lan mara ing panggonanmu aja mbok balèkké marang majikané. 16 Budhak kuwi éntuk milih arep manggon ing kutha endi waé sing disenengi. Budhak kuwi aja mbok tindhes.+
17 ”Wong wédok Israèl ora éntuk dadi pelacur.*+ Wong lanang Israèl ya ora éntuk dadi pelacur.*+ 18 Aja mènèhi sumbangan ing omahé Yéhuwah Gusti Allahmu saka bayarané pelacur wédok utawa pelacur lanang kanggo nepati janji, merga kuwi njijiki kanggoné Yéhuwah Gusti Allahmu.
19 ”Wektu nyilihi dhuwit, panganan, utawa apa waé marang sedulurmu, aja njaluk bunga saka dhèwèké.+ 20 Kowé éntuk njaluk bunga saka wong asing,+ ning ora éntuk njaluk bunga saka sedulurmu,+ bèn Yéhuwah Gusti Allahmu mberkahi kerja kerasmu ing tanah sing bakal mbok enggoni.+
21 ”Nèk nggawé janji marang Yéhuwah Gusti Allahmu,+ kuwi kudu cepet-cepet mbok tepati,+ merga Yéhuwah Gusti Allahmu mesthi bakal nagih janji kuwi. Nèk ora mbok tepati, kowé bakal dosa.+ 22 Ning nèk sisan ora nggawé janji, kowé ora bakal dosa.+ 23 Janjimu kuwi kaya persembahan sukaréla.+ Kowé kudu nepati apa sing wis mbok janjèkké marang Yéhuwah Gusti Allahmu.+
24 ”Nèk kowé mlebu ing kebon angguré wong liya, kowé éntuk mangan angguré nganti wareg, ning angguré aja mbok lebokké ing wadhah.+
25 ”Nèk kowé mlebu ing ladhang biji-bijiané wong liya, kowé éntuk methik biji-bijian sing wis mateng, ning gagangé wit biji-bijian kuwi aja mbok kethok.+
24 ”Nèk ana wong lanang sing nikah, terus akhiré ora seneng manèh karo bojoné merga tumindaké bojoné ora pantes, wong lanang kuwi kudu nulis surat cerai,+ terus mènèhké surat cerai kuwi marang bojoné lan ngongkon bojoné lunga saka omahé.+ 2 Sakwisé wong wédok kuwi lunga saka omahé wong lanang mau, dhèwèké isa nikah karo wong lanang liya.+ 3 Nèk wong lanang sing nikah karo wong wédok mau sengit karo wong wédok kuwi, terus nulis surat cerai lan diwènèhké marang wong wédok kuwi lan ngongkon wong wédok kuwi lunga saka omahé, utawa nèk wong lanang kuwi mati, 4 bojoné sing pertama mau ora éntuk nikah manèh karo wong wédok kuwi, merga wong wédok kuwi najis, lan Yéhuwah jijik karo tumindak sing kaya ngono. Kowé aja nggawé dosa ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu bèn dadi warisan kanggo kowé.
5 ”Wong lanang sing lagi waé nikah ora éntuk lunga perang utawa diwènèhi tugas liya. Wong lanang kuwi kudu dibébaské saka tugas-tugasé setaun suwéné. Dhèwèké kudu manggon ing omahé lan nggawé seneng bojoné.+
6 ”Aja njupuk gilingan* utawa bagéan ndhuwuré gilingan kanggo jaminan utang,+ merga kuwi padha waé njupuk sumber penghasilané wong liya.
7 ”Nèk ana wong sing konangan nyulik wong liya sing padha-padha wong Israèl, terus nindhes lan ngedol wong mau,+ wong sing nyulik kuwi kudu dipatèni.+ Kabèh sing jahat kudu mbok singkirké saka antaramu.+
8 ”Nèk ana wabah kusta,* kowé kudu nggatèkké petunjuké para imam Lèwi.+ Kowé kudu manut karo kabèh sing tak préntahké marang wong-wong kuwi. 9 Kowé kudu éling karo sing ditindakké Yéhuwah marang Miriam wektu ing perjalanan metu saka Mesir.+
10 ”Nèk ana sing utang karo kowé,+ aja mlebu ing omahé kanggo njupuk apa sing didadèkké jaminan utangé. 11 Kowé kudu ngentèni ing njaba nganti wong sing utang metu kanggo mènèhké apa sing didadèkké jaminan kuwi marang kowé. 12 Ning, nèk sing utang kuwi wong mlarat, klambi sing dadi jaminan kuwi aja mbok simpen nganti sésuké.+ 13 Klambi kuwi kudu mbok balèkké wektu matahari terbenam bèn dhèwèké isa turu nganggo klambi kuwi.+ Dhèwèké bakal njaluk karo Gusti Allah bèn mberkahi kowé, lan kowé bakal dianggep bener karo Yéhuwah Gusti Allahmu.
14 ”Aja curang wektu mbayar buruhmu sing lagi susah lan mlarat, embuh kuwi sedulurmu utawa wong asing sing ana ing tanahmu, ing kutha-kuthamu.*+ 15 Upahé kudu mbok bayar dina kuwi,+ sakdurungé matahari terbenam, merga dhèwèké mlarat lan uripé bergantung karo upahé. Nèk ora mbok bayar, dhèwèké bakal sambat soal kowé marang Yéhuwah, lan kowé bakal dianggep dosa.+
16 ”Bapak aja nganti dipatèni merga kesalahané anaké. Anak ya aja nganti dipatèni merga kesalahané bapaké.+ Wong kudu dipatèni merga kesalahané dhéwé.+
17 ”Aja nganti kowé ora adil marang wong asing utawa anak yatim.*+ Kowé ya aja nganti njupuk klambiné randha kanggo jaminan utang.+ 18 Kowé kudu éling nèk mbiyèn kowé dadi budhak ing Mesir, lan Yéhuwah Gusti Allahmu wis mbébaské kowé saka kono.+ Kuwi sebabé iki tak préntahké marang kowé.
19 ”Nèk kowé lagi panèn ing ladhang lan ana panènan sing ketinggalan, aja bali mrono kanggo njupuk manèh panènan kuwi. Bèn waé kuwi kanggo wong asing, anak yatim, lan randha,+ supaya Yéhuwah Gusti Allahmu mberkahi kabèh sing mbok tindakké.+
20 ”Nèk kowé wis njupuk* buah zaitun saka wité, buah sing isih ana ing cabang-cabangé aja mbok jupuki manèh. Kuwi kudu mbok turahké kanggo wong asing, anak yatim, lan randha.+
21 ”Nèk kowé ngumpulké anggur ing kebon anggurmu, aja bali mrono manèh kanggo njupuk panènan sing isih ana ing kebon anggur kuwi. Kuwi kudu mbok turahké kanggo wong asing, anak yatim, lan randha. 22 Kowé kudu éling nèk mbiyèn kowé dadi budhak ing Mesir. Kuwi sebabé iki tak préntahké marang kowé.
25 ”Nèk ana wong sing padu, wong-wong kuwi kudu nemoni para hakim,+ terus para hakim kuwi bakal ngadili lan nentokké sapa sing bener lan sing salah.+ 2 Nèk wong sing jahat kuwi kudu digebugi,+ hakim bakal ngongkon wong kuwi mengkurep ing lemah, terus dhèwèké kudu digebugi ing ngarepé hakim kuwi. Akèhé dhèwèké digebugi kudu sesuai karo kejahatané. 3 Dhèwèké éntuk digebugi nganti ping 40,+ ning ora éntuk luwih saka kuwi. Nèk luwih saka 40, kuwi bakal nggawé dhèwèké direndhahké ing ngarepmu.
4 ”Aja nutupi cangkemé sapi sing lagi ngidak-idak biji-bijian.+
5 ”Nèk ana kakang adhi manggon bareng,* terus salah sijiné mati sakdurungé nduwé anak, bojoné wong lanang sing mati kuwi ora éntuk nikah karo wong sing dudu keluargané sing lanang. Adhiné* wong lanang sing mati kuwi kudu nikah karo bojoné kakangé. Dhèwèké kudu nindakké kewajibané dadi ipar lan nikah karo wong wédok kuwi.+ 6 Anak pertama sing bakal dilairké wong wédok kuwi bakal dianggep dadi anaké wong lanang sing wis mati mau,+ bèn jenengé wong lanang kuwi ora dihapus saka Israèl.+
7 ”Nèk wong lanang kuwi ora gelem nikah karo mbakyu iparé, wong wédok kuwi kudu nemoni para pemimpin* ing gerbang kutha lan kandha, ’Adhiné* bojoku ora gelem neruské jenengé kakangé ing Israèl. Dhèwèké ora gelem nindakké kewajibané dadi ipar lan ora gelem nikah karo aku.’ 8 Para pemimpin ing kutha kuwi kudu ngundang* wong lanang kuwi lan omongan karo dhèwèké. Nèk wong lanang kuwi tetep kandha, ’Aku ora gelem nikah karo mbakyu iparku,’ 9 wong wédok kuwi kudu nyedhaki adhi iparé ing ngarepé para pemimpin kuwi, nyopot sandhalé adhi iparé,+ terus ngidoni rainé lan kandha, ’Iki sing kudu ditindakké marang wong lanang sing ora gelem neruské keturunané kakangé.’ 10 Sakwisé kuwi, keluargané wong lanang kuwi ing Israèl bakal disebut ’Keluargané wong lanang sing sandhalé dicopot’.
11 ”Nèk ana wong lanang loro sing lagi gelut, terus bojoné salah siji wong lanang kuwi péngin nglindhungi bojoné, lan wong wédok kuwi nyekel alat kelaminé wong sing nyerang bojoné, 12 kowé kudu motong tangané wong wédok kuwi. Aja mesakké karo wong wédok kuwi.
13 ”Aja nyimpen rong jenis watu timbangan ing tasmu,+ yaiku sing gedhé lan sing cilik. 14 Aja nganti ana rong jenis takeran*+ ing omahmu, sing gedhé lan sing cilik. 15 Kowé kudu nggunakké timbangan lan takeran sing bener bèn dawa umurmu ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé.+ 16 Yéhuwah Gusti Allahmu jijik karo saben wong sing tumindak kaya ngono lan sing ora jujur.+
17 ”Kowé kudu éling karo sing ditindakké wong Amalèk marang kowé wektu kowé lagi ing perjalanan metu saka Mesir.+ 18 Wong-wong kuwi marani kowé lan nyerang wong-wong sing mlaku ing mburimu wektu kowé kesel lan kentèkan tenaga. Wong-wong kuwi ora wedi karo Gusti Allah. 19 Nèk Yéhuwah Gusti Allahmu wis mbébaské kowé saka kabèh mungsuhmu sing ana ing sekitarmu, ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu bèn dadi warisan kanggo kowé,+ kowé kudu matèni kabèh wong Amalèk bèn wong-wong kuwi ora diéling-éling manèh ing bumi iki.+ Kowé aja nganti lali.
26 ”Nèk kowé akhiré wis mlebu ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé bèn dadi warisan kanggo kowé, terus kowé wis ngrebut tanah kuwi lan manggon ing kono, 2 kowé kudu njupuk hasil panèn pertama saka tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé, terus kuwi kudu mbok dèlèhké ing kranjang lan mbok gawa menyang panggonan sing dipilih Yéhuwah Gusti Allahmu bèn jenengé dimulyakké.+ 3 Kowé kudu nemoni imam sing nindakké tugasé wektu kuwi lan kandha, ’Dina iki aku ngomong karo Yéhuwah Gusti Allahmu nèk aku wis tekan ing tanah sing dijanjèkké Yéhuwah marang nènèk moyangé awaké dhéwé bèn diwènèhké marang awaké dhéwé.’+
4 ”Imam mau bakal njupuk kranjang sing mbok gawa, lan kuwi bakal didèlèhké ing ngarep mézbahé Yéhuwah Gusti Allahmu. 5 Kowé kudu ngomong ngéné ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu, ’Nènèk moyangku kuwi wong Aram+ sing dadi pengembara, terus dhèwèké lunga menyang Mesir+ lan manggon ing kana dadi wong asing bareng karo keluargané sing jumlahé sithik.+ Tapi, ing kana keturunané dadi bangsa sing kuwat lan jumlahé akèh.+ 6 Terus, wong Mesir nggawé aku sengsara lan nindhes aku.+ 7 Mula, aku njaluk tulung marang Njenengan, Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangku. Yéhuwah ngrungokké aku lan ndelok kesusahan lan masalahku. Njenengan ya ndelok aku ditindhes.+ 8 Akhiré Njenengan, Yéhuwah, nggawa aku metu saka Mesir nganggo kekuwatan lan kuwasané sing gedhé,+ mukjijat,+ lan tumindak sing nggawé wong-wong wedi. 9 Terus, Njenengan nggawa aku ing panggonan iki lan mènèhi aku tanah iki, tanah sing akèh susu lan maduné.+ 10 Saiki, aku nggawa hasil panèn pertama saka tanah sing diwènèhké Yéhuwah marang aku.’+
”Kuwi kudu mbok dèlèhké ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu, lan kowé kudu sujud ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu. 11 Kowé kudu ngrasa seneng merga kabèh sing apik sing wis diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé lan keluargamu. Kowé kudu ngrasa seneng bareng karo wong Lèwi lan wong asing sing manggon ing antaramu.+
12 ”Sakwisé kowé rampung njupuk sepersepuluhan+ saka kabèh hasil panènmu ing taun ketelu, yaiku taun sepersepuluhan, kuwi kudu mbok wènèhké marang wong Lèwi, wong asing, anak yatim,* lan randha. Wong-wong kuwi bakal mangan nganti wareg ing kutha-kuthamu.*+ 13 Terus kowé kudu ngomong ngéné ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu, ’Aku wis nggawa bagéan sing suci saka omahku lan wis tak wènèhké marang wong Lèwi, wong asing, anak yatim, lan randha,+ kaya préntah-Mu marang aku. Préntah-Mu tak gatèkké lan ora tak langgar. 14 Bagéan sing suci kuwi ora tak pangan wektu aku sedhih* lan ora tak demèk wektu aku najis. Kuwi ya ora tak wènèhké marang wong mati. Aku wis manut karo omongané Yéhuwah Gusti Allahku lan nindakké kabèh préntah-Mu. 15 Tulung Njenengan ndelok menyang ngisor saka panggonan-Mu sing suci, yaiku swarga. Tulung Njenengan mberkahi Israèl umat-Mu lan tanah sing wis mbok wènèhké marang aku,+ tanah sing akèh susu lan maduné,+ kaya janjiné Njenengan marang nènèk moyangku.’+
16 ”Dina iki Yéhuwah Gusti Allahmu mréntahké kowé bèn nindakké peraturan lan hukum iki. Kowé kudu manut lan nindakké kabèh kuwi saktulusé atimu+ lan sepenuh jiwamu.* 17 Dina iki kowé wis éntuk jaminan saka Yéhuwah. Dhèwèké bakal dadi Gusti Allahmu nèk kowé nindakké kabèh sing dikarepké,* ngrungokké omongané, lan manut karo peraturané,+ préntahé,+ lan hukumé.+ 18 Dina iki Yéhuwah ya éntuk jaminan saka kowé nèk kowé bakal dadi umaté, duwèké sing istiméwa,+ kaya janjiné marang kowé, lan nèk kowé bakal manut karo kabèh préntahé. 19 Terus, Dhèwèké bakal nggawé kowé luwih unggul timbang bangsa liya sing digawé.+ Nèk kowé isa mbuktèkké kowé kuwi umat sing suci kanggoné Yéhuwah Gusti Allahmu,+ Dhèwèké bakal nggawé kowé dadi terkenal, dipuji, lan dimulyakké, kaya janjiné marang kowé.”
27 Terus, Musa karo para pemimpiné* Israèl mènèhi préntah marang bangsa kuwi, ”Kowé kudu manut karo préntah sing tak omongké marang kowé dina iki. 2 Sakwisé kowé nyabrang Kali Yordan lan tekan ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé, kowé kudu ngedegké watu-watu gedhé, terus kuwi kudu mbok lapisi semèn.*+ 3 Wektu kowé wis nyabrang, kowé kudu nulis Hukum iki ing watu-watu kuwi bèn kowé isa mlebu ing tanah sing diwènèké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé, tanah sing akèh susu lan maduné, kaya sing dijanjèkké Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangmu marang kowé.+ 4 Nèk kowé wis nyabrang Kali Yordan, kowé kudu ngedegké watu-watu kuwi ing Gunung Ébal,+ terus kuwi kudu mbok lapisi semèn,* kaya sing tak préntahké marang kowé dina iki. 5 Ing kono, kowé ya kudu nggawé mézbah saka watu kanggo Yéhuwah Gusti Allahmu. Aja nganggo alat-alat saka wesi wektu nggawé mézbah kuwi.+ 6 Kowé kudu nggawé mézbah kanggo Yéhuwah Gusti Allahmu saka watu-watu sing wutuh, lan kowé kudu mènèhké persembahan bakaran kanggo Yéhuwah Gusti Allahmu ing ndhuwuré mézbah kuwi. 7 Kowé kudu mènèhké korban kerukunan,+ lan kuwi kudu mbok pangan ing kono.+ Kowé kudu ngrasa seneng ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu.+ 8 Kabèh isiné Hukum iki kudu mbok tulis sing jelas ing watu-watu kuwi.”+
9 Terus, Musa lan para imam Lèwi ngomong karo kabèh wong Israèl, ”Wong Israèl, gatèkna lan rungokna. Dina iki, kowé wis dadi umaté Yéhuwah Gusti Allahmu.+ 10 Kowé kudu ngrungokké omongané Yéhuwah Gusti Allahmu, lan nindakké préntah+ lan peraturané sing tak omongké marang kowé dina iki.”
11 Dina kuwi, Musa mènèhi préntah marang bangsa kuwi, 12 ”Sakwisé kowé nyabrang Kali Yordan, suku-suku sing bakal ngadeg ing Gunung Gérizim+ kanggo mberkahi bangsa iki yaiku suku Siméon, Lèwi, Yéhuda, Isakhar, Yusuf, lan Bènyamin. 13 Suku-suku sing bakal ngadeg ing Gunung Ébal+ kanggo ngucapké kutukan yaiku suku Rubèn, Gad, Asyèr, Zébulon, Dan, lan Naftali. 14 Wong Lèwi kudu ngomong marang kabèh wong Israèl nganggo swara sing banter:+
15 ”’Wong sing nggawé patung+ utawa patung logam*+ lan ndhelikké patung-patung kuwi bakal dikutuk. Yéhuwah jijik karo hasil gawéané tukang sing nggawé barang-barang* kuwi.’+ (Bangsa kuwi kudu njawab, ’Amin.’)*
16 ”’Wong sing ngrendhahké bapaké utawa ibuné bakal dikutuk.’+ (Bangsa kuwi kudu njawab, ’Amin.’)
17 ”’Wong sing mindhah batas tanahé wong liya bakal dikutuk.’+ (Bangsa kuwi kudu njawab, ’Amin.’)
18 ”’Wong sing nyebabké wong wuta keblasuk bakal dikutuk.’+ (Bangsa kuwi kudu njawab, ’Amin.’)
19 ”’Wong sing nggawé keputusan+ sing ora adil kanggo wong asing, anak yatim,* lan randha bakal dikutuk.’+ (Bangsa kuwi kudu njawab, ’Amin.’)
20 ”’Wong sing nindakké hubungan sèks karo bojoné bapaké bakal dikutuk, merga wong kuwi wis nggawé isin bapaké.’+ (Bangsa kuwi kudu njawab, ’Amin.’)
21 ”’Wong sing nindakké hubungan sèks karo kéwan bakal dikutuk.’+ (Bangsa kuwi kudu njawab, ’Amin.’)
22 ”’Wong sing nindakké hubungan sèks karo mbakyuné utawa adhiné wédok, embuh kuwi anaké bapaké utawa ibuné, bakal dikutuk.’+ (Bangsa kuwi kudu njawab, ’Amin.’)
23 ”’Wong sing nindakké hubungan sèks karo ibu maratuwané bakal dikutuk.’+ (Bangsa kuwi kudu njawab, ’Amin.’)
24 ”’Wong sing nggolèk kesempatan kanggo nyerang lan matèni wong liya bakal dikutuk.’+ (Bangsa kuwi kudu njawab, ’Amin.’)
25 ”’Wong sing gelem nampa bayaran kanggo matèni wong sing ora salah bakal dikutuk.’+ (Bangsa kuwi kudu njawab, ’Amin.’)
26 ”’Wong sing ora nindakké Hukum iki bakal dikutuk.’+ (Bangsa kuwi kudu njawab, ’Amin.’)
28 ”Nèk kowé tenanan ngrungokké omongané Yéhuwah Gusti Allahmu lan tenanan nindakké kabèh préntahé sing tak omongké marang kowé dina iki, Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nggawé kowé luwih unggul timbang kabèh bangsa liya ing bumi.+ 2 Nèk kowé ngrungokké omongané Yéhuwah Gusti Allahmu, kowé bakal nampa berkah sing akèh iki:+
3 ”Kowé bakal diberkahi wektu kowé ana ing kutha lan wektu kowé ana ing ladhang.+
4 ”Anak-anakmu bakal diberkahi.+ Hasil ladhangmu, anak-anaké ternakmu, anaké sapimu, lan anaké dombamu ya bakal diberkahi.+
5 ”Kranjangmu+ lan wadhah adonanmu+ bakal diberkahi.
6 ”Kabèh sing mbok tindakké bakal diberkahi.
7 ”Yéhuwah bakal nggawé mungsuh sing nglawan kowé kalah ing ngarepmu.+ Mungsuhmu bakal nyerang kowé bareng-bareng, ning wong-wong kuwi bakal mlayu kocar-kacir saka ngarepmu.+ 8 Yéhuwah bakal ngebaki gudhang-gudhangmu+ lan mberkahi kabèh usahamu, lan Dhèwèké mesthi bakal mberkahi kowé ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé. 9 Yéhuwah bakal ndadèkké kowé umaté sing suci,+ kaya janjiné marang kowé,+ merga kowé terus manut lan nindakké préntahé Yéhuwah Gusti Allahmu.* 10 Kabèh bangsa ing bumi bakal ngerti nèk kowé disebut nganggo jenengé Yéhuwah,+ lan bangsa-bangsa kuwi bakal wedi karo kowé.+
11 ”Yéhuwah bakal mènèhi kowé akèh keturunan, ternak, lan hasil tanah+ ing tanah sing diwènèhké marang kowé, kaya janjiné Yéhuwah marang nènèk moyangmu.+ 12 Yéhuwah bakal mbukak gudhangé sing kebak, yaiku langit, bèn ing tanahmu ana udan pas musimé.+ Kabèh sing mbok tindakké bakal diberkahi. Akèh bangsa bakal utang marang kowé, ning kowé dhéwé ora bakal utang marang sapa-sapa.+ 13 Nèk kowé terus manut karo préntahé Yéhuwah Gusti Allahmu sing tak omongké marang kowé dina iki, Yéhuwah bakal nggawé kowé luwih unggul timbang bangsa liya,+ lan bangsa liya ora bakal nguwasani kowé. Kowé bakal luwih hébat timbang liyané, lan kowé ora bakal direndhahké. 14 Aja nganti kowé ora manut karo kabèh préntah sing tak omongké marang kowé dina iki,+ lan aja nyembah allah-allah liya.+
15 ”Ning, nèk kowé ora ngrungokké omongané Yéhuwah Gusti Allahmu lan ora nindakké préntah lan peraturané sing tak omongké marang kowé dina iki, kowé mesthi bakal kena kabèh kutukan iki:+
16 ”Kowé bakal dikutuk wektu kowé ana ing kutha lan wektu kowé ana ing ladhang.+
17 ”Kranjangmu+ lan wadhah adonanmu+ bakal dikutuk.
18 ”Anak-anakmu bakal dikutuk.+ Hasil ladhangmu, anak-anaké ternakmu, anaké sapimu, lan anaké dombamu+ ya bakal dikutuk.
19 ”Kabèh sing mbok tindakké bakal dikutuk.
20 ”Yéhuwah bakal ngutuk kabèh sing mbok usahakké. Dhèwèké bakal nggawé kowé kuwatir lan bakal ngukum kowé nganti kowé dipatèni lan disingkirké, merga kowé wis nindakké sing jahat lan ninggalké Dhèwèké.*+ 21 Yéhuwah bakal nggawé kowé kena penyakit sing parah nganti Dhèwèké nyingkirké kowé saka tanah sing bakal mbok rebut.+ 22 Yéhuwah bakal ngukum kowé nganggo tuberkulosis, demam sing parah,+ radang, panas tinggi, pedhang,+ angin panas, lan hama tanduran.+ Kowé bakal kena kabèh wabah iki nganti kowé mati. 23 Dhèwèké bakal nutup langit bèn ora ana udan lan bakal nggawé lemah dadi gersang.*+ 24 Yéhuwah bakal nggawé udan pasir lan debu saka langit nganti kowé disingkirké. 25 Yéhuwah bakal nggawé kowé dikalahké mungsuh-mungsuhmu.+ Kowé bakal nyerang mungsuhmu bareng-bareng, ning kowé bakal mlayu kocar-kacir saka ngarepé wong-wong kuwi. Kabèh kerajaan ing bumi bakal wedi+ wektu ndelok kesusahan sing mbok alami. 26 Mayatmu bakal dipangan manuk ing langit lan kéwan ing darat, lan ora ana sing isa nggusah kéwan-kéwan kuwi.+
27 ”Yéhuwah bakal ngukum kowé nganggo bisul sing nyerang wong Mesir, ambèien, èksim, lan lara gatel, sing ora isa ditambani. 28 Yéhuwah bakal nggawé kowé édan, wuta,+ lan bingung. 29 Pas awan, kowé bakal mlaku grayah-grayah,* kaya wong wuta sing mlaku grayah-grayah ing petengan.+ Kabèh sing mbok tindakké ora bakal berhasil. Kowé bakal terus diapusi lan dirampok, lan ora bakal ana sing nulungi kowé.+ 30 Kowé bakal tunangan karo wong wédok, ning dhèwèké bakal diperkosa wong lanang liya. Kowé bakal mbangun omah, ning kowé ora bakal manggon ing kono.+ Kowé bakal nandur anggur, ning kowé ora bakal mangan hasilé.+ 31 Sapimu bakal dibelèh ing ngarepmu, ning kowé ora bakal mangan dagingé. Keledaimu bakal dicolong ing ngarepmu, lan kuwi ora bakal dibalèkké. Dombamu bakal dijupuk mungsuhmu, lan ora bakal ana sing nulungi kowé. 32 Anakmu lanang lan wédok bakal dijupuk wong liya+ ing ngarepmu lan kowé bakal kangen karo anak-anakmu, ning kowé ora isa ngapa-ngapa. 33 Hasil panèn lan hasil kerja kerasmu bakal dipangan wong liya sing ora mbok kenal.+ Kowé bakal terus diapusi lan ditindhes. 34 Kowé bakal dadi édan merga apa sing mbok delok.
35 ”Yéhuwah bakal ngukum kowé nganggo bisul sing lara banget lan ora isa ditambani ing dhengkul lan sikilmu, saka tlapak sikilmu tekan sirahmu. 36 Kowé lan raja sing mbok pilih bakal diusir Yéhuwah menyang bangsa sing ora mbok kenal lan ora dikenal nènèk moyangmu.+ Ing kana, kowé bakal nyembah allah-allah liya, sing digawé saka kayu lan watu.+ 37 Wektu Yéhuwah ngusir kowé mrana, wong-wong bakal wedi merga ndelok apa sing mbok alami. Wong-wong kuwi bakal ngrendhahké lan ngécé kowé.+
38 ”Kowé bakal nyebar benih akèh ing ladhang, ning hasil panèn sing mbok kumpulké mung sithik,+ merga kabèh entèk dipangan walang. 39 Kowé bakal nandur lan ngurus kebon anggur, ning kowé ora bakal manèn utawa ngombé anggur,+ merga kabèh entèk dipangan uler. 40 Kowé bakal nduwé wit zaitun ing kabèh wilayahmu, ning kowé ora bakal ngolèsi awakmu nganggo minyaké, merga buahé bakal rontok kabèh. 41 Kowé bakal nduwé anak lanang lan wédok, ning anak-anakmu ora bakal terus dadi duwèkmu, merga anak-anakmu bakal dadi tawanan.+ 42 Grombolan walang bakal ngrusak kabèh witmu lan hasil tanahmu. 43 Wong asing sing manggon ing antaramu bakal nduwé kuwasa sing saya gedhé, ning saya suwé kuwasamu bakal saya ilang. 44 Kowé bakal utang marang wong-wong kuwi, ning wong-wong kuwi ora bakal utang marang kowé.+ Wong-wong kuwi bakal luwih unggul timbang kowé, lan kowé bakal dikuwasani wong-wong kuwi.+
45 ”Kowé mesthi bakal kena kabèh kutukan iki+ nganti kowé kabèh disingkirké,+ merga kowé ora ngrungokké omongané Yéhuwah Gusti Allahmu lan ora nindakké préntah lan peraturané sing diwènèhké marang kowé.+ 46 Kowé lan keturunanmu bakal terus ngalami kuwi kabèh, bèn kuwi dadi tandha lan pangéling-éling nganti saklawasé,+ 47 merga pas kowé nampa akèh berkah, kowé ora ngrasa seneng wektu ngabdi marang Yéhuwah Gusti Allahmu.+ 48 Yéhuwah bakal nggawé mungsuh-mungsuhmu nyerang kowé, lan kowé bakal dadi budhaké+ wektu kowé ngelih,*+ ngelak, ora nganggo klambi, lan ora nduwé apa-apa. Mungsuhmu bakal kejem banget nindhes kowé nganti kowé disingkirké.
49 ”Yéhuwah bakal nggawé bangsa+ sing adoh banget saka pucuké bumi nyerang kowé. Bangsa kuwi, yaiku bangsa sing basané ora mbok ngertèni,+ bakal dadi kaya manuk elang+ sing nyerang mangsané. 50 Bangsa kuwi kejem, ora perduli karo wong sing wis tuwa, lan ora mesakké karo sing enom.+ 51 Bangsa kuwi bakal mangan ternakmu lan hasil tanahmu nganti kowé disingkirké. Ora ana biji-bijian, anggur anyar, minyak, anak sapi, utawa anak domba sing diturahké wong-wong kuwi kanggo kowé nganti wong-wong kuwi nyingkirké kowé.+ 52 Wong-wong kuwi bakal ngepung lan ngurung kowé ing njeroné kutha-kutha* sing ana ing tanahmu nganti témbok-témbok dhuwur lan kuwat sing mbok andalké kuwi ambruk. Wong-wong kuwi bakal ngepung kowé ing kutha-kuthamu sing ana ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé.+ 53 Merga dikepung lan ditindhes mungsuh-mungsuhmu, kowé dadi susah banget nganti kudu mangan anak-anakmu dhéwé,+ dagingé anakmu lanang lan wédok, yaiku anak-anak sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé.
54 ”Malah, wong lanang sing paling lembut lan biasa urip pénak ora bakal mesakké karo seduluré, bojoné sing ditresnani, utawa anak-anaké sing isih ana. 55 Merga dikepung lan ditindhes mungsuh-mungsuhmu, dhèwèké bakal susah banget lan ora nduwé apa-apa manèh, mula dhèwèké bakal mangan dagingé anaké dhéwé, lan daging kuwi ora bakal dibagi karo sing liyané.+ 56 Wong wédok sing paling lembut lan biasa urip pénak, sing ora péngin sikilé kena lemah merga saking manjané,+ ora bakal mesakké karo bojoné sing ditresnani utawa karo anaké lanang utawa wédok. 57 Merga dikepung lan ditindhes mungsuh-mungsuhmu, dhèwèké bakal susah banget nganti meneng-meneng mangan anaké sing dilairké lan ari-ari sing metu saka wetengé, lan kuwi ora bakal dibagi karo liyané.
58 ”Nèk kowé ora tenanan nindakké kabèh Hukum sing ditulis ing buku+ iki lan ora ngajèni jenengé+ Yéhuwah+ Gusti Allahmu sing mulya lan luar biasa, 59 Yéhuwah bakal nggawé kowé lan keturunanmu kena bencana, yaiku bencana sing hébat lan ora ana entèké, lan penyakit+ sing nggawé susah lan ora isa mari. 60 Dhèwèké bakal mènèhi kowé penyakit sing mbiyèn mbok wedèni, yaiku penyakit ing Mesir, lan kowé ora bakal mari saka penyakit-penyakit kuwi. 61 Yéhuwah ya bakal mènèhi kowé penyakit utawa bencana sing ora ana ing buku Hukum iki nganti kowé disingkirké. 62 Senajan jumlahmu akèh banget kaya bintang ing langit,+ ning mung sithik sing isa slamet,+ merga kowé ora ngrungokké omongané Yéhuwah Gusti Allahmu.
63 ”Kaya Yéhuwah seneng banget nggawé kowé makmur lan nggawé keturunanmu saya akèh, Yéhuwah ya bakal seneng banget nyingkirké lan matèni kowé. Kowé bakal diusir saka tanah sing bakal mbok enggoni.
64 ”Yéhuwah bakal nggawé kowé mencar-mencar ing antarané kabèh bangsa, saka pucuké bumi tekan pucuké bumi,+ lan ing kana kowé bakal nyembah allah-allah saka kayu lan watu, yaiku allah-allah sing ora mbok kenal lan ora dikenal nènèk moyangmu.+ 65 Kowé ora bakal urip ayem ing antarané bangsa-bangsa+ kuwi, lan kowé ora bakal nduwé panggonan ing kana. Yéhuwah bakal nggawé atimu kuwatir+ lan mripatmu ora isa ndelok jelas manèh, lan kowé ya bakal putus asa.+ 66 Uripmu bakal terus terancam bahaya, lan kowé bakal ngrasa wedi awan lan bengi. Kowé ora yakin nèk kowé bakal slamet. 67 Pas ésuk kowé bakal kandha, ’Mbok ndang bengi,’ lan pas bengi kowé bakal kandha, ’Mbok ndang ésuk.’ Kuwi merga atimu wedi lan merga apa sing bakal mbok delok. 68 Yéhuwah mesthi bakal nggawa kowé bali menyang Mesir nganggo kapal, padahal aku wis tau kandha karo kowé nèk kowé ora bakal bali mrana manèh. Ing kana, kowé bakal ngedol awakmu bèn dadi budhaké mungsuhmu, ning ora bakal ana sing tuku.”
29 Sakliyané nggawé perjanjian karo wong Israèl ing Horèb,+ Yéhuwah ya ngongkon Musa nggawé perjanjian liyané karo wong Israèl ing tanah Moab lan nyampèkké isi perjanjian kuwi marang wong Israèl.
2 Terus, Musa ngundang* kabèh wong Israèl lan kandha, ”Ing Mesir, kowé wis ndelok kabèh sing ditindakké Yéhuwah marang Firaun, kabèh abdiné, lan kabèh dhaérah ing Mesir.+ 3 Kowé wis ndelok dhéwé hukuman sing abot, yaiku mukjijat-mukjijat sing luar biasa.+ 4 Ning, nganti saiki Yéhuwah durung mènèhi kowé kemampuan bèn isa ngerti,* mripat bèn isa ndelok, lan kuping bèn isa ngrungokké.+ 5 ’Wektu Aku 40 taun nuntun kowé ing padhang belantara,+ klambi lan sandhalmu ora rusak.+ 6 Kowé ora mangan roti lan ora ngombé anggur utawa minuman keras liyané, bèn kowé ngerti nèk Aku Yéhuwah Gusti Allahmu.’ 7 Akhiré kowé tekan kéné, terus Sihon raja Hésbon+ lan Og raja Basyan+ maju perang nglawan awaké dhéwé, tapi awaké dhéwé ngalahké wong-wong kuwi.+ 8 Bar kuwi, awaké dhéwé ngrebut tanahé wong-wong kuwi lan mènèhké tanah kuwi dadi warisan kanggo suku Rubèn, suku Gad, lan setengahé suku Manasyé.+ 9 Kowé kudu manut lan nindakké perjanjian iki bèn kabèh sing mbok tindakké berhasil.+
10 ”Dina iki, kowé kabèh ngadeg ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu, yaiku para kepala suku, para pemimpin,* para pemimpin pasukan, kabèh wong lanang ing Israèl, 11 anak-anakmu, bojomu,+ lan wong asing sing ana ing perkémahanmu,+ saka sing ngumpulké kayu nganti sing nimba banyu kanggo kowé. 12 Saiki, kowé ana ing kéné bèn isa setuju karo perjanjian lan sumpahé Yéhuwah Gusti Allahmu sing digawé Yéhuwah Gusti Allahmu karo kowé dina iki.+ 13 Kowé bakal dadi umaté, lan Dhèwèké+ bakal dadi Gusti Allahmu,+ kaya janjiné marang kowé lan kaya sumpahé marang nènèk moyangmu, yaiku Abraham,+ Ishak,+ lan Yakub.+
14 ”Perjanjian lan sumpah iki ora mung tak gawé* karo kowé thok, 15 ning ya karo wong-wong sing ngadeg bareng awaké dhéwé dina iki ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé lan karo keturunané awaké dhéwé sukmbèn.* 16 (Kowé kan ngerti nèk mbiyèn awaké dhéwé manggon ing Mesir lan mlaku ngliwati akèh bangsa.+ 17 Gusti Allah jijik karo barang-barang sing mbok delok, yaiku barang-barang duwèké bangsa-bangsa kuwi lan patung-patungé sing njijiki,*+ sing digawé saka kayu, watu, pérak, lan emas.) 18 Ati-ati karo wong lanang, wong wédok, keluarga, utawa suku sing ana ing antaramu sing atiné adoh saka Yéhuwah Gusti Allahmu lan sing nyembah allahé bangsa-bangsa kuwi.+ Wong-wong kuwi kaya akar tanduran sing pait lan beracun.+
19 ”Nèk ana wong sing krungu sumpah iki, terus dhèwèké dadi sombong lan mbatin, ’Aku ora bakal kena apa-apa senajan aku tumindak sak karepku dhéwé,’ dhèwèké bakal nggawé cilaka wong-wong sing ana ing sekitaré. 20 Yéhuwah ora bakal gelem ngapura wong kuwi.+ Yéhuwah bakal nesu banget karo wong kuwi, lan wong kuwi bakal kena kabèh kutukan sing ditulis ing buku iki.+ Jenengé mesthi bakal dihapus Yéhuwah saka bumi iki. 21 Yéhuwah mesthi bakal misahké wong kuwi saka kabèh suku Israèl lan nggawé wong kuwi ngalami kesusahan, sesuai karo kabèh kutukan ing perjanjian sing ditulis ing buku Hukum iki.
22 ”Wong asing saka panggonan sing adoh lan keturunané anak-anakmu bakal ndelok bencana saka Yéhuwah sing dialami tanah iki. 23 Gusti Allah bakal ngukum nganggo belérang, uyah, lan geni. Mula, tanah kuwi ora bakal isa ditanduri apa-apa, kaya kutha Sodom, Gomora,+ Adma, lan Zéboyim,+ sing disingkirké merga Yéhuwah nesu banget. 24 Wong-wong kuwi lan kabèh bangsa bakal takon, ’Ngapa Yéhuwah tumindak kaya ngono marang tanah iki?+ Ngapa kok Dhèwèké nesu banget?’ 25 Terus wong-wong bakal njawab, ’Merga wong-wong kuwi wis nglanggar perjanjiané Yéhuwah,+ Gusti Allahé nènèk moyangé wong-wong kuwi. Perjanjian kuwi digawé wektu Gusti Allah nggawa wong-wong kuwi metu saka tanah Mesir.+ 26 Ning, wong-wong kuwi nyembah lan sujud marang allah-allah liya, yaiku allah-allah sing ora dikenal wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi sujud marang allah-allah kuwi senajan wis dilarang Gusti Allah.+ 27 Mula, Yéhuwah nesu banget marang wong-wong ing tanah kuwi, terus nggawé tanah kuwi kena kabèh kutukan sing ditulis ing buku kuwi.+ 28 Kuwi sebabé wong-wong kuwi dicabut Yéhuwah saka tanahé merga Dhèwèké nesu banget+ lan dibuwang menyang tanah liya, yaiku sing saiki dienggoni wong-wong kuwi.’+
29 ”Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé ngerti kabèh rahasia,+ ning Gusti Allah mung ngandhani sing péngin diduduhké marang awaké dhéwé lan keturunané awaké dhéwé nganti sakterusé, bèn awaké dhéwé manut karo kabèh Hukum iki.+
30 ”Nèk kabèh omongan iki mbok alami, yaiku berkah lan kutuk sing tak omongké marang kowé,+ lan kowé éling+ karo kabèh kuwi wektu Yéhuwah Gusti Allahmu nggawé kowé mencar-mencar ing antarané bangsa-bangsa,+ 2 terus kowé lan anak-anakmu bali marang Yéhuwah Gusti Allahmu+ lan manut karo omongané Gusti Allah sing wis tak omongké marang kowé dina iki saktulusé atimu lan sepenuh jiwamu,*+ 3 Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nggawa kowé mulih saka panggonan wektu kowé dadi tawanan.+ Gusti Allah ya bakal mesakké+ karo kowé lan ngumpulké kowé saka panggonan-panggonan kowé dipencarké karo Yéhuwah Gusti Allahmu.+ 4 Senajan kowé dipencarké tekan pucuké bumi, Yéhuwah Gusti Allahmu mesthi bakal ngumpulké kowé lan nggawa kowé bali.+ 5 Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nggawa kowé menyang tanah sing direbut nènèk moyangmu, lan tanah kuwi bakal dadi duwèkmu. Gusti Allah bakal nggawé kowé makmur lan nggawé keturunanmu dadi luwih akèh timbang nènèk moyangmu.+ 6 Yéhuwah Gusti Allahmu bakal ngresiki* atimu lan atiné keturunanmu+ bèn kowé nresnani Yéhuwah Gusti Allahmu saktulusé atimu lan sepenuh jiwamu,* supaya kowé tetep urip.+ 7 Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nggawé kabèh kutukan kuwi dialami mungsuhmu, sing sengit lan nganiaya kowé.+
8 ”Terus, kowé bakal ngrungokké omongané Yéhuwah manèh lan nindakké kabèh préntahé Gusti Allah sing tak omongké marang kowé dina iki. 9 Yéhuwah Gusti Allahmu bakal mberkahi kerja kerasmu.+ Dhèwèké bakal mènèhi kowé akèh keturunan, ternak, lan hasil panèn. Yéhuwah bakal ngrasa seneng nèk isa nggawé kowé makmur, kaya Dhèwèké ya ngrasa seneng wektu nggawé nènèk moyangmu makmur.+ 10 Terus, kowé bakal ngrungokké omongané Yéhuwah Gusti Allahmu lan nindakké kabèh préntah lan peraturané sing ana ing buku Hukum iki. Kowé ya bakal bali marang Yéhuwah Gusti Allahmu saktulusé atimu lan sepenuh jiwamu.*+
11 ”Préntah sing tak omongké marang kowé dina iki ora angèl dipahami lan ora angèl dilakoni.*+ 12 Préntah kuwi ora ana ing langit nganti kowé kudu takon, ’Sapa sing bakal munggah ing langit lan njupuk préntah kuwi bèn awaké dhéwé isa ngrungokké lan manut karo préntah kuwi?’+ 13 Préntah kuwi ya ora ana ing sabrang laut nganti kowé kudu takon, ’Sapa sing bakal njupuk préntah kuwi ing sabrang laut bèn awaké dhéwé isa ngrungokké lan manut karo préntah kuwi?’ 14 Préntah* kuwi cedhak karo kowé. Kuwi ana ing lambé lan atimu+ bèn kuwi isa mbok tindakké.+
15 ”Dina iki, ana rong pilihan sing tak wènèhké marang kowé, yaiku urip lan berkah, utawa kematian lan kutukan.+ 16 Nèk kowé ngrungokké préntahé Yéhuwah Gusti Allahmu sing tak omongké marang kowé dina iki, nresnani Yéhuwah Gusti Allahmu,+ nindakké kabèh sing dikarepké,* lan manut karo kabèh préntahé, peraturané, lan hukumé, kowé bakal tetep urip+ lan nduwé akèh keturunan. Yéhuwah Gusti Allahmu bakal mberkahi kowé ing tanah sing bakal mbok enggoni.+
17 ”Nèk kowé ora ngrungokké lan ora manut+ karo Gusti Allah,* terus kepéngin sujud lan nyembah allah-allah liya,+ 18 kowé mesthi bakal disingkirké.+ Umurmu ora bakal dawa ing tanah sing bakal mbok enggoni sakwisé kowé nyabrang Kali Yordan. 19 Dina iki, aku wis mènèhi kowé pilihan, urip apa mati, berkah apa kutukan.+ Langit lan bumi bakal dadi seksiné. Kowé lan keturunanmu+ kudu milih urip bèn isa tetep urip.+ 20 Mula, kowé kudu tresna karo Yéhuwah Gusti Allahmu,+ ngrungokké omongané, lan setya marang Dhèwèké.+ Dhèwèké sing mènèhi urip, lan Dhèwèké sing isa nggawé kowé manggon suwé ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah, kaya janjiné marang nènèk moyangmu, yaiku Abraham, Ishak, lan Yakub.”+
31 Terus, Musa ngadeg ing ngarepé wong Israèl lan nyampèkké omongan iki, 2 ”Saiki umurku wis 120 taun.+ Aku wis ora isa mimpin kowé* manèh, merga Yéhuwah kandha karo aku, ’Kowé ora bakal nyabrang Kali Yordan.’+ 3 Yéhuwah Gusti Allahmu bakal mimpin kowé nyabrang kali kuwi. Dhèwèké bakal nyingkirké bangsa-bangsa iki saka ngarepmu, lan bangsa-bangsa iki bakal mbok usir.+ Kaya sing diomongké Yéhuwah, Yosua sing bakal mimpin kowé nyabrang kali iki.+ 4 Yéhuwah bakal nyingkirké bangsa-bangsa kuwi lan ngremuk negarané, kaya Dhèwèké nyingkirké+ Sihon+ lan Og,+ raja-rajané wong Amori. 5 Yéhuwah bakal nggawé kowé ngalahké bangsa-bangsa kuwi, lan sing mbok tindakké marang wong-wong kuwi kudu sesuai karo kabèh préntah sing tak omongké marang kowé.+ 6 Kowé kudu kendel lan kuwat.+ Aja wedi karo bangsa-bangsa kuwi,+ merga Yéhuwah Gusti Allahmu sing mimpin kowé. Dhèwèké mesthi bakal mbantu kowé lan ora bakal ninggalké kowé.”+
7 Terus, Musa ngundang* Yosua lan ngomong karo dhèwèké ing ngarepé kabèh wong Israèl, ”Kowé kudu kendel lan kuwat,+ merga kowé sing bakal mimpin bangsa iki menyang tanah sing diwènèhké Yéhuwah marang bangsa iki, kaya janjiné marang nènèk moyangé bangsa iki. Tanah kuwi bakal mbok wènèhké bèn dadi warisan kanggo bangsa iki.+ 8 Yéhuwah sing bakal mimpin kowé lan ndhukung kowé.+ Dhèwèké mesthi bakal mbantu kowé lan ora bakal ninggalké kowé. Aja wedi.”+
9 Terus Musa nulis Hukum iki,+ lan kuwi diwènèhké marang para imam Lèwi sing nggawa Pethi Perjanjiané Yéhuwah lan marang para pemimpiné* Israèl. 10 Musa mènèhi wong-wong kuwi préntah, ”Saben akhir pitung taun, ing wektu sing ditentokké pas taun pembébasan,+ wektu Perayaan Pondok,+ 11 wektu kabèh wong Israèl ngadhep Yéhuwah+ Gusti Allahmu ing panggonan sing dipilih Gusti Allah, Hukum iki kudu mbok wacakké ing ngarepé kabèh wong Israèl.+ 12 Kowé kudu ngumpulké bangsa iki,+ yaiku wong lanang, wong wédok, bocah-bocah, lan wong asing sing manggon ing kutha-kuthamu, bèn wong-wong kuwi isa ngrungokké Hukum iki lan bèn wong-wong kuwi isa sinau soal Yéhuwah Gusti Allahmu, wedi karo Dhèwèké, lan tenanan nindakké Hukum iki. 13 Kabèh bocah-bocah sing durung ngerti Hukum iki bakal ngrungokké+ lan wedi marang* Yéhuwah Gusti Allahmu saksuwéné kowé manggon ing tanah sing bakal mbok duwèni sakwisé kowé nyabrang Kali Yordan.”+
14 Yéhuwah ngomong karo Musa, ”Sedhéla manèh kowé bakal mati.+ Kowé kudu ngundang* Yosua lan lunga menyang* kémah pertemuan, bèn dhèwèké isa Tak lantik dadi pemimpin.”+ Mula, Musa lan Yosua lunga menyang kémah pertemuan. 15 Yéhuwah ana ing tugu méga, lan tugu méga mau ana ing lawangé kémah kuwi.+
16 Yéhuwah kandha karo Musa, ”Ora suwé manèh kowé bakal mati, lan bangsa iki bakal ora setya karo aku lan bakal nyembah allah-allah liya sing ana ing tanah sing bakal ditekani wong-wong kuwi.+ Wong-wong kuwi bakal ninggalké Aku+ lan nglanggar perjanjian sing Tak gawé karo wong-wong kuwi.+ 17 Wektu kuwi, Aku bakal nesu banget karo wong-wong kuwi.+ Aku bakal ninggalké+ lan ora bakal mbantu wong-wong kuwi*+ nganti wong-wong kuwi disingkirké. Terus, sakwisé ngalami susah lan sengsara,+ wong-wong kuwi bakal kandha, ’Awaké dhéwé susah kaya ngéné merga Gusti Allah ninggalké awaké dhéwé.’+ 18 Tapi, ing dina kuwi Aku tetep ora bakal mbantu wong-wong kuwi merga kejahatané wong-wong kuwi, yaiku nyembah allah-allah liya.+
19 ”Saiki, kowé kudu nulis lagu iki,+ terus kowé kudu ngajari wong Israèl nyanyi lagu iki.+ Kowé kudu ngongkon wong Israèl ngapalké lagu iki bèn lagu iki isa ngélingké wong-wong kuwi soal apa sing dialami nèk ora manut karo Gusti Allah.+ 20 Wektu Aku nggawa wong-wong kuwi menyang tanah sing tak janjèkké marang nènèk moyangé,+ yaiku tanah sing akèh susu lan maduné,+ terus wong-wong kuwi mangan nganti wareg lan urip makmur,*+ wong-wong kuwi bakal nyembah allah liya, ora ngajèni Aku, lan nglanggar perjanjian-Ku.+ 21 Wektu wong-wong kuwi susah lan sengsara,+ lagu iki isa ngélingké wong-wong kuwi soal apa sing dialami nèk ora manut karo Gusti Allah (keturunané wong-wong kuwi ora éntuk lali karo lagu iki), merga Aku wis ngerti pikirané wong-wong kuwi,+ malah sakdurungé Aku nggawa wong-wong kuwi menyang tanah sing wis Tak janjèkké.”
22 Mula ing dina kuwi, Musa nulis lagu iki lan ngajari wong Israèl nyanyi lagu iki.
23 Terus, Dhèwèké* nglantik Yosua+ anaké Nun lan kandha, ”Kowé kudu kendel lan kuwat,+ merga kowé sing bakal mimpin bangsa iki menyang tanah sing Tak wènèhké marang bangsa iki,+ lan Aku bakal ndhukung kowé.”
24 Sakwisé Musa rampung nulis kabèh Hukum iki ing buku,+ 25 Musa ngongkon wong Lèwi sing nggawa Pethi Perjanjiané Yéhuwah, 26 ”Kowé kudu njupuk buku Hukum iki+ lan kudu mbok dèlèhké ing jèjèré pethi+ perjanjiané Yéhuwah Gusti Allahmu, lan kuwi bakal dadi bukti wektu kowé nggawé kesalahan. 27 Aku ngerti dhéwé nèk kowé seneng mbrontak+ lan ndableg.+ Pas aku urip waé kowé mbrontak marang Yéhuwah, apa manèh nèk aku mati. 28 Kowé kudu ngumpulké para pemimpiné suku-sukumu lan para pemimpin pasukan, bèn wong-wong kuwi isa ngrungokké omonganku. Langit lan bumi bakal dadi seksiné.+ 29 Aku ngerti tenan nèk sakwisé aku mati, kowé bakal tumindak jahat+ lan ora manut karo préntah sing tak omongké marang kowé.* Sukmbèn kowé mesthi bakal ngalami kesusahan,+ merga kowé nindakké sing ora bener kanggoné Yéhuwah lan nglarani atiné merga tumindakmu.”
30 Terus, ing ngarepé kabèh bangsa Israèl, Musa ngucapké lirik lagu iki saka awal nganti akhir:+
32 ”Kabèh sing ana ing langit, rungokna, aku arep ngomong,
Kabèh sing ana ing bumi, rungokna omonganku.
2 Apa sing tak wulangké bakal mudhun kaya udan.
Omonganku bakal nètès kaya embun,
Kaya grimis sing ngenani suket,
Lan kaya udan deres sing ngenani tanduran.
3 Aku bakal ngumumké jenengé Yéhuwah.+
Critakna kemuliaané Gusti Allah.+
Gusti Allah sing setya,+ sing mesthi adil.+
Dhèwèké bener lan adil.+
5 Wong-wong kuwi dhéwé sing tumindak jahat.+
Wong-wong kuwi dudu anak-anaké Gusti Allah, kuwi salahé dhéwé.+
Wong-wong kuwi wong-wong* sing ora jujur lan seneng ngapusi.+
Dhèwèké sing nggawé kowé ana,+
Sing nyiptakké kowé lan nggawé kowé dadi bangsa.
7 Kowé kudu éling jaman mbiyèn.
Pikirna apa sing kelakon ing taun-taun sing wis liwat.
Takona karo bapakmu, lan dhèwèké bakal crita.+
Takona karo wong-wong sing wis tuwa, lan wong-wong kuwi bakal ngandhani kowé.
8 Wektu Sing Mahaluhur mènèhi warisan marang bangsa-bangsa,+
Wektu Dhèwèké nggawé keturunané Adam mencar-mencar,+
Dhèwèké nentokké batasé bangsa-bangsa+
Sesuai karo jumlahé keturunané Israèl.+
10 Gusti Allah nemokké dhèwèké ing padhang belantara,+
Ing padhang gurun sing gersang, sing ana swarané kéwan buas.+
11 Kaya elang sing ngobah-obahké sarangé,
Mabur ing cedhaké anak-anaké,
Ngegarké sayapé, nggawa anak-anaké,
Nggawa anak-anaké ing sayapé,+
12 Yéhuwah dhéwé sing nuntun dhèwèké.*+
Gusti Allah ora bareng karo allah-allah liyané.+
Gusti Allah mènèhi dhèwèké madu saka tebing
Lan minyak saka gunung watu sing atos,
14 Mentéga saka susu sapi, susu domba,
Karo domba sing paling apik,*
Lan domba lanang saka Basyan, kambing lanang,
Karo gandum sing paling apik;*+
Lan kowé ngombé anggur saka anggur sing diperes.*
15 Sakwisé Yésyurun* dadi lemu, dhèwèké nendhang lan mbrontak.
(Kowé dadi lemu, gendhut, lan gembrot.)+
Terus dhèwèké ninggalké Gusti Allah, sing wis nyiptakké dhèwèké,+
Lan ngrèmèhké Gunung Watu sing isa nylametké dhèwèké.
16 Wong-wong kuwi nggawé Dhèwèké nesu banget merga allah-allah liya.+
Wong-wong kuwi nglarani atiné nganggo apa waé sing njijiki kanggoné Gusti Allah.+
17 Wong-wong kuwi mènèhké korban kanggo roh-roh jahat, dudu kanggo Gusti Allah,+
Kanggo allah-allah sing ora mbok kenal,
Allah-allah anyar sing lagi waé ana,
Sing ora dikenal nènèk moyangmu.
18 Kowé lali karo Gunung Watu+ sing dadi bapakmu,
Lan kowé ora éling karo Gusti Allah sing mènèhi kowé urip.*+
19 Wektu Yéhuwah ngerti soal kuwi, Dhèwèké nolak wong-wong kuwi+
Merga anak-anaké lanang lan wédok nglarani atiné.
20 Mula Dhèwèké kandha, ’Aku ora bakal mbantu wong-wong kuwi.*+
Aku bakal ndelok piyé akhiré wong-wong kuwi.
21 Aku nesu banget* merga wong-wong kuwi nyembah allah-allah palsu.+
Aku lara ati merga wong-wong kuwi nyembah patung brahala sing ora ana gunané.+
Aku bakal nggawé wong-wong kuwi cemburu liwat wong-wong sing ora ana gunané.+
Aku bakal nglarani atiné wong-wong kuwi liwat bangsa sing bodho.+
22 Nesu-Ku kaya geni sing murub+
Nganti ngobong Kuburan* sing jero,+
Lan kuwi bakal ngobong bumi lan sing dihasilké
Lan bakal ngobong dhasaré gunung-gunung nganti entèk.
23 Aku bakal nggawé wong-wong kuwi saya susah.
Wong-wong kuwi bakal Tak panah nganggo panah-Ku.
24 Wong-wong kuwi bakal kentèkan tenaga merga ngelih,*+
Bakal lara panas lan bakal disingkirké tenan.+
25 Ing njaba omah, wong-wong kuwi bakal sedhih merga pedhang.+
Ing njero omah, wong-wong kuwi bakal wedi.+
Kuwi dialami wong lanang enom lan prawan,
Bayi lan wong sing wis tuwa.+
26 Sakjané Aku isa waé ngomong, ”Aku bakal nggawé wong-wong kuwi mencar-mencar.
Aku bakal nggawé wong-wong padha lali karo wong-wong kuwi,”
27 Ning Aku kuwatir karo apa sing bakal diomongké mungsuh,+
Merga mungsuh isa waé salah paham.+
Wong-wong kuwi isa waé ngomong, ”Awaké dhéwé menang merga kekuwatané awaké dhéwé,+
Dudu Yéhuwah sing nindakké kabèh iki.”
29 Nèk wong-wong kuwi wicaksana,+ mesthi mikirké kabèh iki.+
Wong-wong kuwi bakal mikirké akibaté.+
Kuwi isa waé kelakon nèk Gunung Watuné wong-wong kuwi ninggalké wong-wong kuwi+
Lan nèk Yéhuwah nyerahké wong-wong kuwi marang mungsuhé.
31 (Gunung watuné wong-wong kuwi ora kaya Gunung Watuné awaké dhéwé,+
Mungsuhé awaké dhéwé ya ngakoni kuwi.)+
32 Wong-wong kuwi kaya wit anggur saka Sodom,
Saka kebon anggur ing Gomora.+
Buah angguré wong-wong kuwi beracun
Lan pait.+
33 Angguré wong-wong kuwi kaya racuné ula,
Racuné ula kobra sing isa matèni wong.
34 Kabèh kelakuané wong-wong kuwi Tak simpen,
Lan Tak kunci ing gudhang-Ku.+
35 Aku sing nduwé hak kanggo mbales lan ngukum+
Ing wektu sing ditentokké, yaiku wektu sikilé wong-wong kuwi keplèsèt.+
Dinané wong-wong kuwi kena bencana wis cedhak,
Lan apa sing bakal dialami wong-wong kuwi bakal ndang teka.’
36 Yéhuwah bakal ngadili umaté,+
Lan Dhèwèké bakal mesakké karo abdiné+
Wektu Dhèwèké ndelok wong-wong kuwi kentèkan tenaga,
Sing isih ana mung wong sing wis ora isa ngapa-ngapa manèh lan ora nduwé tenaga.
37 Terus Dhèwèké bakal kandha, ’Lha endi allahé wong-wong kuwi,+
Gunung watu sing dipercaya wong-wong kuwi,
38 Sing biasa mangan gajih saka persembahané wong-wong kuwi,*
Lan ngombé anggur saka persembahan minumané wong-wong kuwi?+
Bèn waé allah-allah kuwi sing nulungi kowé.
Bèn waé allah-allah kuwi sing nglindhungi kowé.
Aku matèni, lan Aku nguripké.+
41 Nèk Aku ngasah pedhang-Ku sing mengkilap
Lan Aku siap-siap ngadili,+
Mungsuh-mungsuh-Ku bakal Tak bales+
Lan wong-wong sing sengit karo Aku bakal Tak hukum.
42 Panah-Ku bakal mabuk merga getih,
Getihé wong-wong sing dipatèni lan didadèkké tawanan.
Pedhang-Ku bakal mangan daging,
Daging saka sirahé para pemimpiné mungsuh.’
43 Wong-wong saka kabèh bangsa kudu ngrasa seneng bareng umaté,+
Merga Dhèwèké bakal mbales getihé para abdiné,+
Mungsuh-mungsuhé bakal dibales,+
Lan tanahé umaté bakal digawé suci.”*
44 Musa lan Hosyéa*+ anaké Nun ngucapké kabèh lirik lagu iki ing ngarepé bangsa kuwi.+ 45 Sakwisé Musa rampung ngomongké kabèh kuwi marang kabèh wong Israèl, 46 dhèwèké kandha, ”Pikirna tenanan kabèh sing tak omongké marang kowé dina iki,+ bèn kowé isa ngandhani anak-anakmu supaya nindakké kabèh Hukum iki.+ 47 Sing tak omongké iki penting banget merga isa nggawé kowé tetep urip.+ Nèk kowé manut karo omongan iki, umurmu bakal dawa ing tanah sing bakal mbok duwèni sakwisé kowé nyabrang Kali Yordan.”
48 Dina kuwi Yéhuwah ngomong karo Musa, 49 ”Kowé kudu munggah ing pegunungan Abarim,+ yaiku ing Gunung Nébo,+ sing ana ing tanah Moab, sing madhep kutha Yérikho. Kowé kudu ndelok tanah Kanaan sing Tak wènèhké marang wong Israèl bèn dadi duwèké.+ 50 Kowé bakal mati ing gunung sing bakal mbok tekani kuwi. Kowé bakal dikubur kaya nènèk moyangmu,* kaya Harun kakangmu sing mati ing Gunung Hor+ lan dikubur kaya nènèk moyangé, 51 merga kowé karo Harun ora setya marang Aku ing antarané wong Israèl ing Mata Air Mériba+ sing ana ing Kadès, ing padhang belantara Zin, lan merga kowé ora ngajèni Aku ing ngarepé wong Israèl.+ 52 Kowé bakal ndelok tanah kuwi saka kadohan, ning kowé ora bakal mlebu ing tanah sing Tak wènèhké marang wong Israèl.”+
33 Iki berkah sing diomongké Musa abdiné Gusti Allah sing bener marang wong Israèl sakdurungé dhèwèké mati.+ 2 Musa kandha,
”Yéhuwah teka saka Sinai,+
Lan Dhèwèké madhangi umaté saka Séir.
Gusti Allah bersinar kaya matahari saka pegunungan Paran.+
Puluhan èwu malaékat sing suci bareng karo Dhèwèké.+
Para prajurité ana ing tangan tengené.+
3 Dhèwèké nresnani umaté.+
Kabèh umat sing suci kuwi ana ing tangané.+
Wong-wong kuwi lungguh ing sikilé.+
Wong-wong kuwi mulai ngrungokké omongané.+
4 (Musa mènèhi awaké dhéwé hukum.+
Hukum kuwi dadi duwèké keturunané Yakub.)+
5 Lan Gusti Allah dadi raja ing Yésyurun*+
Wektu para pemimpiné bangsa kuwi ngumpul bareng+
Karo kabèh suku Israèl.+
6 Muga-muga Rubèn urip lan ora mati.+
Aja nganti wong-wong ing sukuné dadi sithik.”+
7 Terus Musa mberkahi suku Yéhuda,+
”Yéhuwah, rungokna swarané Yéhuda,+
Muga-muga Njenengan nggawa dhèwèké bali marang bangsané.
Dhèwèké nglindhungi apa sing dadi duwèké nganggo kekuwatané.
Muga-muga Njenengan nulungi dhèwèké ngadhepi mungsuhé.”+
8 Iki sing diomongké Musa soal suku Lèwi,+
”Tumim lan Urimé+ Njenengan kuwi duwèké wong sing setya marang Njenengan.+
Wektu ing Masa, Njenengan péngin ngerti wong kuwi manut apa ora.+
Njenengan padu karo dhèwèké ing Mata Air Mériba,+
9 Wong Lèwi ora perduli karo bapak ibuné.
Malah ora ngakoni sedulur-seduluré,+
Lan ora perduli karo anak-anaké.
Wong-wong kuwi manut karo omongan-Mu,
Lan nindakké perjanjian-Mu.+
11 Yéhuwah tulung berkahi dhèwèké nganggo kekuwatan.
Muga-muga Njenengan seneng karo kerja kerasé.
Muga-muga Njenengan ngremuk sikilé* wong-wong sing nglawan dhèwèké,
Supaya kabèh wong sing sengit marang dhèwèké ora isa ngadeg manèh.”
12 Iki sing diomongké Musa soal suku Bènyamin,+
”Muga-muga wong sing disayangi Yéhuwah aman ing cedhaké dhèwèké.*
13 Iki sing diomongké Musa soal keturunané Yusuf,+
”Muga-muga tanahé diberkahi Yéhuwah+
Nganggo apa waé sing apik saka langit,
Nganggo embun lan mata air sing ana ing lemah,+
14 Nganggo apa waé sing apik sing thukul merga matahari
Lan nganggo hasil tanah sing apik saben sasi,+
15 Nganggo apa waé sing paling apik saka gunung-gunung jaman mbiyèn*+
Lan nganggo apa waé sing apik saka bukit-bukit sing wis suwé ana,
16 Nganggo apa waé sing apik saka bumi lan isiné,+
Lan Gusti Allah sing wis tau ana ing semak berduri bakal mberkahi dhèwèké.+
Muga-muga kabèh berkah kuwi ditampa Yusuf,
Wong sing dipilih saka antarané sedulur-seduluré.+
17 Kekuwatané kaya anak pertamané sapi lanang,
Lan sunguné ya kaya sunguné sapi lanang liar.
Dhèwèké nyrudug bangsa-bangsa nganggo sunguné
Nganti tekan pucuké bumi.
Sungu-sungu kuwi kaya puluhan èwu wong Éfraim+
Lan kaya pirang-pirang èwu wong Manasyé.”
18 Iki sing diomongké Musa soal suku Zébulon,+
”Zébulon, kowé kudu seneng wektu kowé lunga dagang,
Isakhar, kowé kudu seneng wektu kowé ana ing njero kémahmu.+
19 Wong-wong kuwi bakal ngundang* bangsa-bangsa menyang gunung.
Ing kana, wong-wong kuwi bakal mènèhké korban-korban sing bener.
Wong-wong kuwi bakal njupuk* hasil laut sing akèh banget
Lan harta sing kependhem ing pasir.”
20 Iki sing diomongké Musa soal suku Gad,+
”Wong sing nggawé wilayahé Gad saya amba bakal diberkahi.+
Dhèwèké ana ing kono kaya singa,
Siap nyabik-nyabik lengen lan sirahé korbané.
21 Dhèwèké bakal milih tanah sing paling apik.+
Kuwi bagéan sing wis disiapké karo wong sing mènèhi hukum.+
Para pemimpiné bangsa kuwi bakal ngumpul.
Dhèwèké bakal nindakké keadilané Yéhuwah
Lan hukumé kanggo Israèl.”
Dhèwèké bakal mlumpat metu saka Basyan.”+
23 Iki sing diomongké Musa soal suku Naftali,+
”Naftali puas merga Yéhuwah apikan
Lan mberkahi dhèwèké.
Jupuken wilayah kulon lan kidul.”
24 Iki sing diomongké Musa soal suku Asyèr,+
”Gusti Allah wis mberkahi Asyèr nganggo akèh anak.
Muga-muga dhèwèké disenengi sedulur-seduluré,
Lan muga-muga dhèwèké nyelupké sikilé ing minyak.
26 Ora ana sing kaya Gusti Allahé+ Yésyurun,+
Sing nulungi kowé saka langit
Lan sing nganggo kemuliaané lungguh ing méga.+
27 Saka jaman mbiyèn,+ Gusti Allah sing nglindhungi,
Dhèwèké bakal ndhukung kowé nganggo kekuwatané* sing ana saklawasé.+
28 Israèl bakal aman uripé,
Keturunané* Yakub bakal tentrem uripé
Ing tanah sing akèh biji-bijian lan anggur anyaré,+
Sing langité nelesi lemah nganggo embun.+
29 Israèl, kowé seneng.+
Ora ana sing kaya kowé,+
Bangsa sing dislametké Yéhuwah,+
Sing dadi tamèng kanggo nglindhungi kowé+
Lan dadi pedhangmu sing hébat.
34 Terus, saka Padhang Gurun Moab, Musa munggah menyang Gunung Nébo,+ yaiku menyang puncak Pisga,+ sing madhep Yérikho.+ Yéhuwah nduduhké kabèh tanah kuwi marang Musa, saka Giléad tekan Dan,+ 2 kabèh wilayah Naftali, tanah Éfraim lan Manasyé, lan kabèh tanah Yéhuda tekan laut sisih kulon,*+ 3 Nègèb,+ Wilayah Yordan,+ lembah Yérikho, yaiku kutha sing akèh wit palemé, nganti tekan Zoar.+
4 Terus, Yéhuwah kandha karo Musa, ”Kuwi tanah sing Tak janjèkké marang Abraham, Ishak, lan Yakub. Aku kandha karo wong-wong kuwi, ’Aku bakal mènèhké tanah iki+ marang keturunanmu.’* Aku wis ngéntukké kowé ndelok tanah kuwi, ning kowé ora éntuk nyabrang mrana.”+
5 Sakwisé kuwi, Musa abdiné Yéhuwah mati ing tanah Moab, persis kaya sing diomongké Yéhuwah.+ 6 Dhèwèké* ngubur Musa ing lembah ing tanah Moab, sing madhep Bèt-péor. Nganti saiki, ora ana sing ngerti ing endi kuburané Musa.+ 7 Musa mati wektu umuré 120 taun.+ Wektu kuwi, Musa isih isa ndelok jelas lan awaké isih kuwat. 8 Telung puluh dina suwéné,+ wong Israèl nangisi Musa ing padhang gurun Moab. Sakwisé 30 dina, wong Israèl ora nangisi Musa manèh.
9 Yosua anaké Nun bener-bener wicaksana,* merga Musa wis ndèlèhké tangané ing sirahé Yosua.+ Terus, wong Israèl mulai manut karo Yosua, lan wong-wong kuwi nindakké apa sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.+ 10 Ning, sakwisé kuwi, ora ana manèh nabi sing kaya Musa+ ing Israèl, sing akrab banget* karo Yéhuwah.+ 11 Yéhuwah wis ngongkon Musa nggawé akèh mukjijat ing tanah Mesir, yaiku ing ngarepé Firaun, para abdiné, lan kabèh dhaérah ing tanah kuwi.+ 12 Musa nindakké kabèh kuwi nganggo kuwasa lan kekuwatan sing gedhé ing ngarepé kabèh wong Israèl.+
Maksudé, nganggo kuwasané Yéhuwah.
Lit.: ”benihé”.
Utawa mungkin ”nèk kowé ngejak padu aku”.
Utawa ”nggéndhong”.
Utawa ”nggéndhong”.
Lit.: ”generasi”.
Lit.: ”sing ngadeg ing ngarepmu”.
Utawa ”nguber”.
Lit.: ”sak tlapak sikil waé ora”.
Utawa ”Wadi Zèrèd”.
Lit.: ”tangané”.
Maksudé, saka Kréta.
Utawa ”Wadi Arnon”.
Utawa ”Wadi Yabok”.
Utawa ”Wadi Arnon”.
1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”Wadi Arnon”.
Artiné ”Désa-Désa Perkémahané Yair”.
Maksudé, Laut Mati.
Iki lambang penindasan sing kejem.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”sing wis digawé nganggo sumpah”.
Lit.: ”benihé”.
Utawa ”Wadi Arnon”.
Maksudé, Laut Garam, utawa Laut Mati.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”keturunané sing ketelu lan keturunané sing kepapat”.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”gerbangmu”.
Utawa ”para sesepuh”.
Lit.: ”Gusti Allah sing urip”.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”tali sing ditalèkké”.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”yaiku duwèké sing berharga”.
Lit.: ”nebus”.
Lit.: ”tangané”.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”putus asa”.
Lit.: ”roti”.
Lit.: ”drijiné”.
Utawa ”patung saka logam sing dilebur”.
Utawa ”patung anak sapi saka logam sing dilebur”.
Lit.: ”Yéhuwah sing dadi warisané”.
Lit.: ”mlaku ing kabèh dalané”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”atimu kudu mbok sunat”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nguber”.
Lit.: ”benihé”.
Utawa ”nyirami nganggo sikilmu”, yaiku nggunakké sikil wektu nggenjot roda air utawa wektu nggawé lan mbukak saluran banyu.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”Aku”. Maksudé, Gusti Allah.
Lit.: ”tali sing ditalèkké”.
Lit.: ”mlaku ing kabèh dalané”.
Maksudé, Laut Tengah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”gerbang-gerbangmu”.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”mbalangi”.
Utawa ”balangi”.
Lit.: ”bèn kowé nyimpang saka”.
Lit.: ”bagéan ing antarané mripatmu”, mungkin termasuk bagéan bathuk.
Utawa ”yaiku duwèké sing berharga”.
Maksudé, kéwan sing ngunyah manèh panganan sing wis dieleg.
Kéwan kaya marmut sing gedhé, ora nduwé buntut, lan manggon ing tebing watu.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”yatim piatu”.
Utawa ”utang nganggo jaminan”.
Lit.: ”atimu”.
Deloken Lamp. B15.
Utawa ”adonan sing ana raginé”.
Lit.: ”gerbang-gerbangmu”.
Utawa ”yatim piatu”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”ing njero kabèh gerbangmu”.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”pasukan sing ana ing langit”.
Utawa ”padahal kuwi ora tau tak préntahké”.
Utawa ”balangi”.
Utawa ”mbalangi”.
Utawa ”gulungan”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”Yéhuwah sing dadi warisané”.
Yaiku panggonan sing dipilih Yéhuwah dadi pusat kanggo ngibadah.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”merga atiné wong kuwi panas”.
Utawa ”nguber”.
Lit.: ”lan mlaku ing dalan-dalané”.
Utawa ”ngamplengi”.
Utawa ”para sesepuh”.
Utawa ”kabèh sing ambegan”.
Utawa ”para sesepuh”.
Utawa ”wadi”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”kampleng-kamplengan”.
Lit.: ”Tanganku ora ngutahké getih iki”.
Lit.: ”nindakké apa sing bener ing mripaté Yéhuwah”.
Utawa ”awal kekuwatané”.
Utawa ”mbalangi”.
Utawa ”dianggep salah merga ngutahké getih”.
Utawa ”nolak wong wédok kuwi”.
Utawa ”para sesepuh”.
Utawa ”wong lanang kuwi nolak anakku”.
1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”mbalangi”.
Utawa ”nindakké pelacuran”.
Utawa ”balangi”.
Utawa ”tunangané”.
Utawa ”ngejak”.
Kuwi kétoké kanggo tujuan sing ora bener, misalé homosèksual.
Lit.: ”jemaaté”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nyumpahi”.
Lit.: ”jemaaté”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”ndhodhok”.
Utawa ”wong wédok sing dadi pelacur ing kuil”.
Utawa ”wong lanang sing dadi pelacur ing kuil”.
Gilingan cilik sing dicekel nganggo tangan. Deloken ”Watu Gilingan” ing Daftar Istilah.
Kata Ibrani sing diterjemahké dadi ”kusta” ana akèh artiné lan isa termasuk jenis-jenis penyakit kulit sing nular. Kuwi ya termasuk jamur sing ana ing klambi lan omah.
Lit.: ”gerbang-gerbangmu”.
Utawa ”yatim piatu”.
Carané yaiku nggebugi cabang-cabangé wit zaitun.
Mungkin maksudé manggon ing wilayah sing padha.
Utawa ”kakangé”.
Utawa ”para sesepuh”.
Utawa ”Kakangé”.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”sak éfa lan sak éfa”. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”yatim piatu”.
Lit.: ”gerbang-gerbangmu”.
Maksudé, sedhih merga ditinggal mati wong sing ditresnani.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”mlaku ing kabèh dalané”.
Utawa ”para sesepuhé”.
Utawa ”mbok lapisi nganggo kapur”.
Utawa ”mbok lapisi nganggo kapur”.
Utawa ”patung saka logam sing dilebur”.
Utawa ”pengrajin kayu lan logam”.
Utawa ”Dadia kaya ngono”.
Utawa ”yatim piatu”.
Lit.: ”mlaku ing dalan-dalané”.
Lit.: ”Aku”.
Lit.: ”Langit bakal dadi tembaga lan lemah bakal dadi wesi”.
Utawa ”mlaku karo meraba-raba”.
Utawa ”luwé”.
Lit.: ”gerbang-gerbang”.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”ati bèn isa ngerti”.
Utawa ”para sesepuh”.
Maksudé, Yéhuwah nggawé perjanjian iki liwat Musa.
Lit.: ”lan karo wong-wong sing ora ana ing kéné dina iki”.
Kata Ibraniné mungkin ana hubungané karo kata ”tai” kanggo nduduhké rasa jijik.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”nyunat”.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”lan ora adoh”.
Lit.: ”Omongan”.
Lit.: ”mlaku ing kabèh dalané”.
Lit.: ”lan atimu nyimpang”.
Lit.: ”mlebu lan metu”
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”para sesepuhé”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”ngadeg ing”.
Lit.: ”lan Aku bakal ndhelikké wajah-Ku saka wong-wong kuwi”.
Lit.: ”dadi lemu”.
Mungkin maksudé Gusti Allah.
Lit.: ”lan nyimpang saka dalan sing tak préntahké marang kowé”.
Utawa ”generasi”.
Utawa ”Yakub kuwi warisané”.
Maksudé, Yakub.
Lit.: ”gajihé domba lanang”.
Lit.: ”gajihé ginjal saka gandum”.
Lit.: ”saka getih anggur”.
Artiné ”Wong sing Bener”, gelar kanggo ngajèni Israèl.
Utawa ”nggawé kowé lair”.
Lit.: ”Aku bakal ndhelikké wajah-Ku saka wong-wong kuwi”.
Utawa ”generasi”.
Utawa ”cemburu”.
Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”luwé”.
Utawa ”rèptil”.
Utawa mungkin ”budheg wektu diwènèhi naséhat”.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”mangan persembahan sing paling apik”.
Lit.: ”Aku ngangkat tangan-Ku ing langit”.
Utawa ”bakal dirukunké”.
Jeneng asliné Yosua. Hosyéa kuwi singkatan saka Hosyaya, sing artiné ”Dislametké Yah; Yah Wis Nylametké”.
Lit.: ”Kowé bakal dikumpulké karo nènèk moyangmu”.
Artiné ”Wong sing Bener”, gelar kanggo ngajèni Israèl.
Utawa ”pinggangé”.
Utawa mungkin ”ing cedhaké Dhèwèké”.
Utawa mungkin ”Wektu Dhèwèké”.
Utawa mungkin ”ing antarané pundhaké Dhèwèké”.
Utawa mungkin ”gunung-gunung ing wétan”.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”nyedhot”.
Lit.: ”Lan dina-dinamu bakal dadi kaya kekuwatanmu”.
Lit.: ”lengené”.
Lit.: ”Mata airé”.
Utawa mungkin ”panggonan-panggonané sing dhuwur”.
Maksudé, Laut Tengah.
Lit.: ”benihmu”.
Kétoké, sing dimaksud kuwi Gusti Allah.
Utawa ”nampa kawicaksanan saka kuwasané Gusti Allah”.
Lit.: ”sing kenal wajah karo wajah”.