KIDUNG AGUNG
1 Lagu sing paling apik, sing digawé Salomo,+
2 ”Ambungen aku nganggo lambému,
Rasa sayangmu luwih nyenengké timbang anggur.+
3 Ambuné minyak wangimu wangi banget.+
Jenengmu kaya minyak wangi sing diesokké.+
Kuwi sebabé cah-cah wédok seneng karo kowé.
4 Raja wis nggawa aku ing kamaré.
Gawanen aku lunga.* Ayo lunga saka kéné.
Ayo awaké dhéwé seneng-seneng.
Ayo ngomongké rasa sayangmu marang aku, merga kuwi luwih nyenengké timbang anggur.
Pantes waé wong-wong kuwi* seneng karo kowé.
5 Wong-wong wédok Yérusalèm, aku pancèn ireng, ning aku ayu,
6 Aja ndelok aku merga aku ireng.
Aku ireng merga kena sinar matahari.
Kakang-kakangku nyenèni aku
Lan ngongkon aku njaga kebon angguré,
Ning kebon anggurku dhéwé malah ora tak jaga.
7 Wong sing tak sayangi, tulung kandhani aku,
Ing endi kowé njaga ternakmu,+
Lan ing endi ternakmu lèrèn pas awan.
Tulung kandhani aku bèn aku ora wira-wiri ing antarané ternaké kanca-kancamu
Kaya wong wédok sing lagi sedhih.”
8 ”Wong wédok sing ayu dhéwé, nèk kowé ora ngerti,
Mlakua ngetutké dalan sing diliwati ternak,
Lan kowé kudu angon kambing-kambingmu sing isih cilik ing cedhak kémahé para gembala.”
9 ”Sayangku, kowé ayu kaya jaran wédok ing krétané Firaun.+
10 Pipimu apik banget nganggo perhiasan,*
Lan gulumu apik banget nganggo kalung.
11 Aku bakal nggawèkké kowé perhiasan saka emas,
Lan perhiasan saka pérak.”
15 ”Sayangku, kowé ayu banget.
Kowé pancèn ayu banget. Mripatmu kaya mripaté manuk dara.”+
16 ”Sayangku, kowé nggantheng banget lan nyenengké.+
Suket ijo dadi panggonané awaké dhéwé turu.
17 Atap omahé awaké dhéwé* saka kayu aras*
Lan wit juniper.*
2 ”Aku iki mung kembang liar* sing ana ing dataran pinggir laut,*
Kembang lili sing ana ing lembah.”+
2 ”Ing antarané cah wédok,
Kekasihku kaya kembang lili ing antarané semak berduri.”
3 ”Ing antarané cah lanang,
Kekasihku kaya wit apel ing antarané wit-witan sing ana ing hutan.
Aku péngin banget ngéyub ing ngisoré,
Lan kanggoku buahé rasané legi.
4 Dhèwèké nggawa aku ing panggonan kanggo pésta.*
Kabèh ngerti nèk rasa sayangé mung kanggo aku.
5 Wènèhana aku roti kismis lan apel,+
Bèn aku seger lan kuwat.
Aku ora nduwé tenaga merga aku lagi jatuh cinta.
6 Tangan kiwané ndemèk sirahku,
Lan tangan tengené ndhekep aku.+
7 Wong-wong wédok ing Yérusalèm, kowé kudu nggawé sumpah
Demi kidang lanang karo kidang wédok+ ing padhang,
Aja ngojok-ojoki aku bèn jatuh cinta sakdurungé wektuné.+
8 Aku krungu swarané kekasihku.
Dhèwèké teka,
Munggah gunung lan mlayu ngliwati bukit-bukit.
9 Kekasihku kaya kidang, kaya anak kidang.+
Dhèwèké ngadeg ing mburi témbok,
Ndelok saka jendhéla,
Saka celah-celah jendhéla.
10 Kekasihku ngomong karo aku,
’Sayangku, ayo mréné,
Kekasihku sing ayu, ayo mèlu aku.
11 Musim udan* wis rampung.
Udané wis mandheg.
12 Kembang-kembangé wis padha mekar ing désa.+
Wis wektuné kanggo ngethoki cabang-cabangé wit anggur,+
Lan swarané manuk derkuku isa dirungokké ing désané awaké dhéwé.+
13 Buah ara wis mateng ing wité.+
Wit anggur ngembang lan wanginé nyebar.
Sayangku, ayo mréné.
Kekasihku sing ayu, ayo mèlu aku.
14 Kowé kaya manuk dara sing ana ing celah tebing watu,+
Ing celahé lèrèng gunung.
15 ”Cekelen rubah-rubah kuwi,
Rubah-rubah cilik sing ngrusak kebon anggur,
Merga kebon anggurku lagi ngembang.”
16 ”Kekasihku kuwi duwèkku, lan aku duwèké.+
Dhèwèké lagi njaga ternak+ ing antarané kembang lili.+
17 Sayangku, ayo ndang bali
Kaya kidang+ utawa anak kidang+ ing gunung sing ana ing antarané awaké dhéwé,*
Sakdurungé ana angin lan sakdurungé bayang-bayang ilang.
3 ”Pas bengi ing panggonanku turu,
Aku mikirké kekasihku.+
Aku kangen, ning dhèwèké ora ana ing kéné.+
2 Aku arep tangi lan ngubengi kutha.
Aku arep nggolèki kekasihku,
Ing dalan lan ing lapangan.
Aku kangen, ning dhèwèké ora ana ing kéné.
3 Para penjaga sing ngubengi kutha ketemu karo aku lan tak takoni,+
’Apa njenengan weruh kekasihku?’
4 Ora let suwé sakwisé ketemu para penjaga kuwi,
Aku ketemu karo wong sing tak sayangi.
Dhèwèké tak cekeli, ora bakal tak eculké
5 Wong-wong wédok ing Yérusalèm, kowé kudu nggawé sumpah
Demi kidang karo kidang wédok ing padhang,
Aja ngojok-ojoki aku bèn jatuh cinta sakdurungé wektuné.”+
6 ”Sing teka saka padhang belantara kaya asap kuwi apa?
7 ”Kuwi tandhuné* Salomo.
Ing sak ubengé tandhu kuwi,
Ana prajurit Israèl 60,+
8 Kabèh nduwé pedhang,
Kabèh dilatih perang,
Kabèh nduwé pedhang ing pinggangé
Bèn siap ngadhepi serangan pas bengi.”
9 ”Kuwi tandhuné Raja Salomo
Sing digawé Salomo saka wit ing Lébanon.+
10 Cagak-cagaké digawé saka pérak,
Sèndhèrané digawé saka emas,
Lan kursiné saka wol ungu.
Bagéan njeroné dihias karo wong-wong wédok Yérusalèm
Nganggo rasa sayang.”
11 ”Wong-wong wédok Zion, ayo padha metu.
Deloken Raja Salomo.
4 ”Sayangku, kowé ayu banget.
Kowé pancèn ayu banget.
Mripatmu sing ketutupan cadar kaya mripaté manuk dara.
Rambutmu kaya kumpulan kambing
Sing mudhun saka Pegunungan Giléad.+
2 Untumu putih lan apik,
Kaya kumpulan domba sing bar dicukur lan diadusi.
Kabèh bentuké apik lan rapi banget,
Lan ora ana sing ilang.
3 Lambému kaya pita abang,
Lan omonganmu nyenengké.
Pipimu sing ketutupan cadar
Kaya buah delima sing dibelah.
Sing dibangun nganggo watu sing ditata rapi.
Ing ndhuwuré ana tamèng sèwu sing dicanthèlké,
Yaiku tamèng bunder duwèké para prajurit sing kuwat.+
6 ”Sakdurungé ana angin lan sakdurungé bayang-bayang ilang,
Aku arep lunga ing gunung mur*
Lan munggah ing bukit menyan.”+
7 ”Sayangku,+ kowé pancèn ayu banget.
Kowé ora nduwé cacad.
8 Ayo lunga saka Lébanon karo aku, calon bojoku.
Ayo lunga saka Lébanon.+
Mudhuna saka puncak Amana,
Saka puncak Sénir, saka puncak Hèrmon,+
Saka panggonané singa, saka gunungé macan tutul.
9 Sayangku, calon bojoku, atiku wis dadi duwèkmu.+
Aku dheg-dhegan merga kowé ndelok aku
Lan merga aku ndelok permata ing kalungmu.
10 Sayangku, calon bojoku, rasa sayangmu nggawé aku bahagia.+
Rasa sayangmu kuwi luwih nyenengké timbang anggur,+
Lan minyak wangimu luwih wangi timbang kabèh minyak wangi.+
11 Calon bojoku, lambému legi kaya madu murni.+
Ilatmu kaya susu lan madu,+
Lan wanginé klambimu kaya wanginé hutan Lébanon.
12 Sayangku, calon bojoku, kowé kaya kebon sing dipageri,
Kaya kebon sing dipageri, kaya mata air sing ditutup rapet.
13 Kowé* kaya kebon sing ditanduri wit delima, sing metu akèh buahé.
Buah ing kebon kuwi apik-apik, lan ing kono ya ana tanduran-tanduran wangi,
14 Tanduran sing akaré wangi,+ kembang liar,* suket wangi,*+ kayu manis,+
Mur, gaharu,*+ kabèh jenis wit menyan,
Lan kabèh tanduran sing ambuné wangi.+
15 Kowé kaya mata air ing kebon, sing banyuné seger banget,
Lan kaya kali sing mili saka Lébanon.+
16 Angin saka lor, ayo tangi.
Angin saka kidul, ayo teka.
Ayo teka ing kebonku,
Bèn wanginé nyebar.”
”Muga-muga kekasihku teka ing keboné
Lan mangan buah-buah sing paling apik.”
5 ”Sayangku, calon bojoku,
Aku wis teka ing kebonku.+
Aku wis methik mur* lan tanduran sing wangi.+
Aku wis mangan madu saka sarang tawonku.
Aku wis ngombé susu lan anggurku.”+
”Kanca-kanca, ayo mangan.
Ayo padha ngombé lan dadi mabuk merga rasa sayang.”+
2 ”Aku turu tapi atiku tangi.+
Aku krungu kekasihku dhodhog-dhodhog lawang.”
”Sayangku, tulung bukakké lawang.
Kowé kaya manuk dara, kowé ora ana cacadé.
Sirahku teles merga kena embun.
Rambutku teles merga kena embun pas bengi.”+
3 ”’Aku wis nyopot klambi njabaku,
Mosok kudu tak enggo manèh?
Sikilku wis tak wisuhi,
Apa kudu tak regedi manèh?’
4 Kekasihku narik tangané saka lubang kunci.
Atiku dheg-dhegan merga dhèwèké.
5 Aku tangi, terus mbukakké lawang kanggo kekasihku.
6 Aku mbukakké lawang kanggo kekasihku,
Ning dhèwèké wis lunga, dhèwèké ora ana manèh.
Sedhih banget rasané atiku wektu dhèwèké lunga.*
Aku kangen, ning dhèwèké ora ana ing kéné.+
Aku ngundang* dhèwèké, ning dhèwèké ora njawab.
7 Para penjaga sing ngubengi kutha weruh aku.
Wong-wong kuwi ngantemi* aku lan nggawé aku luka.
Para penjaga témbok kutha ngrampas seléndhangku.*
8 Wong-wong wédok ing Yérusalèm, kowé kudu nggawé sumpah,
Nèk kowé weruh kekasihku,
Tulung dhèwèké mbok kandhani nèk aku lagi jatuh cinta.”
9 ”Kowé, wong wédok sing ayu,
Apa buktiné nèk kekasihmu luwih apik timbang wong lanang liya?
Apa kelebihané kekasihmu timbang wong lanang liya,
Nganti aku dikongkon sumpah kaya ngéné?”
10 ”Kekasihku kuwi nggantheng lan kuwat.*
Dhèwèké paling unggul ing antarané wong lanang 10.000.
11 Sirahé kaya emas murni.
Rambuté ireng kaya manuk gagak
Lan ngombak kaya godhong palem.*
12 Mripaté kaya manuk dara sing ana ing cedhaké aliran banyu,
Sing lagi adus nganggo susu,
Sing lagi ménclok ing pinggiré kolam.
13 Pipiné kaya taman sing ditanduri tanduran wangi,+
Tumpukan tanduran wangi.
Lambéné kaya kembang lili sing ngetokké minyak mur.*+
14 Driji ing tangané kaya emas sing dihiasi watu krisolit.
Wetengé kaya gadhing mengkilap sing dihiasi watu safir.*
15 Sikilé kaya cagak marmer sing alasé emas murni.
Awaké apik kaya wilayah ing Lébanon, lan dhèwèké dhuwur kaya wit aras.*+
16 Lambéné legi kaya madu,
Kabèh soal dhèwèké kuwi nggawé aku seneng karo dhèwèké.+
Wong-wong wédok Yérusalèm, ya kaya ngono kuwi kekasihku, wong sing tak sayangi.”
6 ”Kowé, wong wédok sing paling ayu,
Kekasihmu ing endi?
Kekasihmu lunga ing endi?
Ayo digolèki bareng-bareng.”
2 ”Kekasihku lunga ing keboné,
Ing taman sing ditanduri tanduran wangi.
Kekasihku njaga ternak ing kono
Karo methik kembang lili.+
3 Kekasihku kuwi duwèkku,
Lan aku duwèké.+
Dhèwèké lagi njaga ternak ing antarané kembang lili.”+
4 ”Sayangku,+ kowé ayu banget kaya kutha Tirza,*+
5 Mbok aja ndelok+ aku terus,
Aku dadi dheg-dhegan.
Rambutmu kaya kumpulan kambing
Sing mudhun saka Pegunungan Giléad.+
6 Untumu putih lan apik,
Kaya kumpulan domba sing bar diadusi.
Kabèh bentuké apik lan rapi banget,
Lan ora ana sing ilang.
7 Pipimu sing ketutupan cadar
Kaya buah delima sing dibelah.
8 Ing kéné ana ratu 60
Lan selir 80.
Aku ya nduwé wong wédok akèh banget.+
9 Ning, mung dhèwèké sing kaya manuk dara kanggo aku,+ dhèwèké ora ana cacadé.
Kanggoné ibuné, dhèwèké sing paling istiméwa.
Dhèwèké anak kesayangané ibuné.*
Cah-cah wédok ndelok dhèwèké lan ngomong nèk dhèwèké bahagia,
Para ratu lan selir padha muji dhèwèké.
10 ’Dhèwèké kaya cahaya pas ésuk,
Kaya bulan purnama sing apik banget,
Kaya cahaya matahari sing padhang,
Lan kétok hébat kaya prajurit sing arep perang.’”+
11 ”Aku lunga ing kebon buah-buahan+
Arep ndelok apa ana tunas sing wis thukul ing lembah,*
Apa wit anggur wis metu tunasé,*
Lan apa wit delima wis metu kembangé.
12 Saking pénginé ndelok,
Aku nganti ora sadhar
Nèk aku wis ana ing cedhak krétané wong-wong penting.”*
13 ”Ayo mréné manèh, wong wédok Syulam.
Ayo mréné, ayo mréné,
Bèn aku isa ndelok kowé manèh.”
”Ngapa kok njenengan péngin ndelok wong wédok Syulam kaya aku?”+
”Merga nèk ndelok kowé, kuwi kaya ndelok tariané rong kelompok.”*
7 ”Cah wédok sing apikan,
Sikilmu sing nganggo sandhal kuwi apik banget.
Bentuké pinggangmu kaya perhiasan,
Sing digawé tukang sing trampil.
2 Pusermu kaya mangkok bunder,
Sing ora tau kekurangan anggur.
Wetengmu kaya tumpukan gandum,
Sing diubengi kembang lili.
3 Payudaramu kaya anak kidang loro,
Anak kidang kembar.+
4 Gulumu+ kaya menara saka gading.+
Irungmu kaya menara ing Lébanon
Sing madhep Damaskus.
5 Sirahmu kaya Gunung Karmèl+ sing apik banget.
Raja kesengsem karo rambutmu sing dawa lan apik.
6 Sayangku, kowé ayu lan nyenengké banget,
Luwih saka apa waé sing nyenengké.
7 Pawakanmu kaya wit palem,
Lan payudaramu kaya buah kurma sak grombol.+
8 Aku ngomong, ’Aku bakal mènèk wit palem kuwi
Bèn isa methik buahé.’
Muga-muga payudaramu kaya buah anggur sak grombol.
Ababmu wangi kaya apel,
9 Lan cangkemmu kaya anggur sing paling apik.”
”Muga-muga kuwi mili kanggo kekasihku,
Mili ing lambéné kekasihku sing lagi turu.
10 Aku duwèké kekasihku.+
Mung aku sing dipéngini kekasihku.
12 Ayo tangi ésuk-ésuk, terus lunga ing kebon anggur,
Bèn isa ndelok apa wit anggur wis metu tunasé*
Lan apa kembangé wis mekar,+
Ndelok apa wit delima wis metu kembangé.+
Ing kana, aku bakal nduduhké rasa sayangku marang kowé.+
13 Ambuné buah nyebar+ tekan ngendi-endi.
Ana akèh buah ing ngarep lawang,+
Sing lagi waé dipethik utawa sing wis suwé disimpen.
Kuwi kabèh tak simpen kanggo kowé, sayangku.
8 ”Nèk misalé kowé kakangku
Sing nyusu ibuku,
Ing ngarepé wong akèh, aku bakal ngambung kowé+ nèk ketemu kowé,
Lan ora ana sing bakal ngécé aku.
Aku bakal mènèhi kowé anggur sing énak
Lan sari buah delima sing seger.
3 Tangan kiwané ndemèk sirahku,
Lan tangan tengené ndhekep aku.+
4 Wong-wong wédok ing Yérusalèm, kowé kudu nggawé sumpah,
Aja ngojok-ojoki aku bèn jatuh cinta sakdurungé wektuné.”+
5 ”Sapa kuwi sing teka saka padhang belantara,
Sing sèndhèran kekasihé?”
”Ing ngisoré wit apel, kowé tak gugah.
Ing kana, ibumu ngrasakké lara wektu nglairké kowé.
Ing kana, dhèwèké nglairké kowé lan ngrasakké lara.
6 Dèlèhna aku kaya meterai ing atimu,
Kaya meterai ing tanganmu,
Katresnan kuwi padha kuwaté karo kematian,+
Rasa setya kuwi padha kuwaté karo Kuburan.*
Kuwi kaya geni sing gedhé banget, geni saka Yah.*+
Nèk ana sing arep tuku katresnan nganggo kabèh hartané,
Kuwi* bakal diécé.”
8 ”Aku nduwé adhi wédok+
Sing durung metu payudarané.
Terus aku kudu piyé
Pas ana sing nglamar dhèwèké?”
9 ”Nèk dhèwèké témbok,
Bakal tak bangun bèntèng saka pérak.
Ning nèk dhèwèké lawang,
Bakal tak pasangi palang saka kayu aras.”*
10 ”Aku kaya témbok,
Lan payudaraku kaya menara.
Mula dhèwèké isa ndelok dhéwé
Nèk atiku tentrem.
11 Salomo nduwé kebon anggur+ ing Baal-hamon.
Dhèwèké nyéwakké kebon anggur kuwi.
Saben wong kudu mbayar sèwu dhuwit pérak kanggo buahé.
12 Salomo, simpenen waé sèwu dhuwit pérakmu kuwi,
Lan wènèhna rong atus dhuwit pérak kuwi marang sing ngopèni kebon kuwi,
Merga aku nduwé kebon anggurku dhéwé.”
13 ”Kowé sing lungguh ing kebon-kebon,+
Kanca-kanca péngin banget krungu swaramu.
Aku ya péngin krungu swaramu.”+
14 ”Ayo cepet, sayangku.
Lit.: ”Tariken aku”.
Maksudé, wong-wong wédok enom.
Utawa mungkin ”ing antarané rambut sing diklabang”.
Lit.: ”Serèh wangiku”.
Getah wangi. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”henna”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”omahé awaké dhéwé sing gedhé”.
Wit iki bentuké kaya wit cemara lan mbiyèn ana akèh ing Lébanon.
Wit sing bentuké kaya wit pinus, ambuné wangi, lan kayuné awèt.
Lit.: ”safron”.
Utawa ”ing Syaron”.
Lit.: ”ing omah minuman anggur”.
Utawa ”Musim dingin”.
Utawa ”Pegunungan Bèter”.
Utawa ”kamaré”.
Getah wangi. Deloken Daftar Istilah.
Kursi sing dipanggul kanggo nggawa raja utawa wong penting.
Getah wangi. Deloken Daftar Istilah.
Utawa mungkin ”Kulitmu”.
Lit.: ”safron”.
Basa Inggrisé calamus.
Wit sing kayuné wangi. Ing jaman mbiyèn, kuwi biasané dienggo nggawé minyak wangi.
Getah wangi. Deloken Daftar Istilah.
Getah wangi. Deloken Daftar Istilah.
Getah wangi. Deloken Daftar Istilah.
Utawa mungkin ”Aku kaya arep semaput wektu dhèwèké lunga”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”ngamplengi”.
Utawa ”cadarku”.
Utawa ”séhat”.
Utawa mungkin ”grombolan buah kurma”.
Getah wangi. Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Wit iki bentuké kaya wit cemara lan mbiyèn ana akèh ing Lébanon.
Utawa ”Kutha sing Nyenengké”.
Lit.: ”paling suci kanggo ibuné”.
Utawa ”wadi”.
Utawa ”metu kuncupé”.
Utawa mungkin ”para pejabat”.
Utawa ”tarian Mahanaim”.
Lit.: ”Sirahmu”.
Utawa ”henna”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”metu kuncupé”.
Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.
”Yah” kuwi singkatan saka jeneng Yéhuwah.
Utawa mungkin ”Dhèwèké”.
Wit iki bentuké kaya wit cemara lan mbiyèn ana akèh ing Lébanon.