PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt Kolose 1:1-4:18
  • Kolose

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Kolose
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kolose

SURAT KANGGO JEMAAT ING KOLOSE

1 Surat saka Paulus lan Timotius+ seduluré awaké dhéwé. Aku, Paulus, dipilih dadi rasulé Kristus Yésus sesuai karo karepé Gusti Allah. 2 Surat iki kanggo wong-wong suci sing ana ing Kolose, yaiku murid-muridé Kristus sing setya.

Muga-muga Gusti Allah, yaiku Bapaké awaké dhéwé, apikan banget karo kowé lan nggawé kowé ayem.

3 Wektu ndongakké kowé, aku terus ngucap syukur marang Gusti Allah, yaiku Bapaké Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé. 4 Kuwi merga aku krungu nèk kowé nduwé iman marang Kristus Yésus lan nresnani kabèh wong suci. 5 Kowé kaya ngono merga kowé ngentèni berkah sing wis disiapké kanggo kowé ing swarga.+ Wektu kowé krungu ajaran sing bener, yaiku kabar apik, kowé dadi ngerti soal berkah kuwi. 6 Kabar apik kuwi hasilé saya akèh lan nyebar ing kabèh panggonan ing bumi iki,+ termasuk ing antaramu kèt kowé krungu lan ngerti soal sifaté Gusti Allah sing apikan banget. 7 Kowé sinau soal kuwi saka Épafras,+ sedulur sing tak tresnani. Dhèwèké kuwi wakilku sing setya ngabdi dadi budhaké Kristus. 8 Dhèwèké ya ngandhani aku soal katresnanmu sing dihasilké liwat roh suci.

9 Kuwi sebabé kèt aku krungu soal kuwi, aku ora mandheg ndongakké kowé+ bèn kowé nduwé pengetahuan sing bener soal karepé Gusti Allah,+ nduwé kawicaksanan,* lan nampa pemahaman saka roh suci.+ 10 Aku ndonga bèn tumindakmu apik kaya sing kuduné ditindakké karo wong sing ngabdi marang Yéhuwah.* Dadi, kowé isa bener-bener nyenengké Dhèwèké, merga kowé nindakké apa sing apik lan nduwé saya akèh pengetahuan sing bener soal Gusti Allah.+ 11 Aku ya ndonga bèn Gusti Allah nggunakké kekuwatané sing mulya kanggo nguwatké kowé.+ Dadi, kowé isa terus sabar lan bahagia wektu ngadhepi apa waé. 12 Kowé kudu ngucap syukur marang Gusti Allah, yaiku Bapaké awaké dhéwé, merga Dhèwèké wis nyiapké kowé bèn isa nampa warisan sing wis dijanjèkké marang wong-wong suci+ sing ana ing panggonan sing padhang.

13 Dhèwèké wis nggawa awaké dhéwé saka panggonan sing peteng+ lan nuntun awaké dhéwé menyang kerajaané Anaké sing ditresnani. 14 Anaké kuwi wis mbébaské awaké dhéwé nganggo tebusan. Kuwi berarti dosané awaké dhéwé wis diapura.+ 15 Dhèwèké nduwé sifat-sifat sing padha karo Gusti Allah sing ora kétok,+ lan dhèwèké kuwi ciptaan sing pertama.*+ 16 Kabèh diciptakké liwat dhèwèké, embuh kuwi sing ana ing swarga lan ing bumi, sing kétok lan sing ora kétok,+ raja, pemimpin, pamréntah, lan penguasa. Kabèh diciptakké liwat dhèwèké+ lan kanggo dhèwèké. 17 Dhèwèké wis ana sakdurungé sing liyané ana,+ lan liwat dhèwèké kabèh dadi ana. 18 Dhèwèké kuwi kepalané badan, yaiku jemaat.+ Dhèwèké kuwi sing dadi permulaan lan sing pertama kali diuripké manèh saka antarané wong mati.+ Dhèwèké mesthi dadi sing pertama. 19 Gusti Allah péngin dhèwèké nduwé kabèh sifaté Gusti Allah.+ 20 Sakliyané kuwi, Gusti Allah péngin bèn kabèh sing ana ing bumi lan ing swarga+ dadi rukun manèh karo Dhèwèké merga getihé Kristus+ sing wis diecurké ing cagak hukuman.*

21 Mbiyèn, kowé adoh saka Gusti Allah lan dadi mungsuhé, merga kowé mikirké apa sing jahat. 22 Ning, saiki kowé wis dirukunké liwat kematiané Anaké sing wis ngorbanké badané. Dadi, Gusti Allah bakal nganggep kowé suci, ora salah, lan bébas saka tudhuhan.+ 23 Ning, kowé kudu tetep nduwé iman,+ tetep kuwat+ ing ndhuwuré pondhasi,+ lan tetep fokus karo harapan saka kabar apik sing wis mbok rungokké. Kabar apik kuwi wis diwartakké marang kabèh ciptaan sing ana ing ngisor langit.+ Aku, Paulus, dadi abdi sing martakké kabar apik kuwi.+

24 Aku bahagia senajan aku ngalami kesengsaraan demi kowé kabèh.+ Merga aku anggota badané Kristus, aku ngrasa nèk aku isih kudu terus ngalami kesengsaraan. Badané Kristus, yaiku jemaat,+ bakal éntuk manfaat merga kesengsaraanku iki.+ 25 Aku dadi abdi kanggo jemaat iki sesuai karo tugas sing diwènèhké+ Gusti Allah marang aku demi kepentinganmu. Aku saktulusé ati martakké omongané Gusti Allah, 26 yaiku rahasia suci saka Gusti Allah.+ Donya iki lan wong sing urip ing jaman* mbiyèn+ ora ngerti soal rahasia iki. Ning saiki, rahasia kuwi wis diduduhké marang wong-wong suci.+ 27 Gusti Allah seneng nduduhké rahasia suci sing luar biasa+ kuwi marang wong-wong suci saka antarané bangsa-bangsa. Rahasia suci kuwi yaiku Kristus bersatu karo kowé, lan kuwi artiné kowé nduwé harapan kanggo dimulyakké bareng dhèwèké.+ 28 Awaké dhéwé martakké soal dhèwèké. Awaké dhéwé ngélikké lan mulang saben wong nganggo kawicaksanan sing gedhé bèn awaké dhéwé isa nggawé saben wong sing bersatu karo Kristus dadi wong sing imané kuwat*+ ing ngarepé Gusti Allah. 29 Merga tujuan kuwi, aku nyambut gawé tenanan. Aku ngupaya tenanan nggunakké kekuwatan sing diwènèhké Gusti Allah marang aku.+

2 Aku péngin kowé ngerti sepira aboté perjuanganku demi kowé, demi wong-wong sing ana ing Laodikia,+ lan demi kabèh wong sing durung tau ketemu aku. 2 Tujuanku bèn wong-wong kuwi terhibur+ lan bersatu merga padha-padha nresnani.+ Dadi, wong-wong kuwi isa nampa berkah sing berharga. Berkahé yaiku pengetahuan sing bener lan pemahaman sing jelas soal rahasia suciné Gusti Allah. Rahasia suci kuwi yaiku Kristus.+ 3 Kabèh kawicaksanan* lan pengetahuan sing berharga disimpen ing dhèwèké.+ 4 Aku ngomong kaya ngéné bèn kowé ora diapusi karo wong sing omongané licik. 5 Senajan aku ora ana bareng karo kowé, ning aku terus mikirké kowé. Aku seneng merga ngerti nèk kowé teratur*+ lan imanmu marang Kristus tetep kuwat.+

6 Mula, merga kowé wis nduwé iman marang Kristus Yésus Gustiné awaké dhéwé, uripmu kudu terus kaya dhèwèké. 7 Kaya sing wis mbok sinau, imanmu marang Kristus kudu nggawé kowé kuwat,+ kaya wit sing akaré jero.+ Imanmu ya kudu terus kuwat wektu kowé ngucap syukur marang Gusti Allah.+

8 Kowé kudu ngati-ati karo ajarané manungsa lan omongan sing ora bener sing dhasaré dudu saka Kristus, ning saka tradhisiné manungsa lan pandhangané*+ donya iki. Kabèh kuwi kaya jerat.* 9 Kristus nduwé kabèh sifat-sifaté Gusti Allah.+ 10 Dhèwèké kuwi kepalané kabèh pamréntah lan penguasa.+ Mula, liwat dhèwèké, kowé ora bakal kekurangan apa-apa. 11 Merga kowé nduwé iman marang Kristus, kowé disunat, ning ora kaya sing biasané ditindakké karo manungsa. Tapi, kuwi maksudé kowé nyingkirké kepénginané badan sing dosa.+ Kabèh muridé Kristus ya disunat kaya ngono.+ 12 Kowé dibaptis kaya dhèwèké, lan kuwi artiné kowé dikubur bareng dhèwèké.+ Gusti Allah wis nguripké manèh dhèwèké saka antarané wong mati.+ Merga kowé dadi muridé lan nduwé iman marang sing ditindakké Gusti Allah nganggo kuwasané, kowé ya diuripké manèh lan bersatu karo dhèwèké.+

13 Sakliyané kuwi, senajan kowé wis mati merga pelanggaranmu lan merga ora disunat, Gusti Allah wis nggawé kowé urip bèn bersatu karo Kristus.+ Dhèwèké wis apikan banget lan ngapura kabèh pelanggarané awaké dhéwé.+ 14 Dhèwèké ya nyingkirké hukum+ sing ditulis+ kanggo nduduhké kesalahan-kesalahané awaké dhéwé.+ Gusti Allah nyingkirké hukum kuwi liwat kematiané Kristus ing cagak hukuman.*+ 15 Liwat cagak hukuman kuwi,* Gusti Allah ngalahké pamréntah lan para penguasa. Wong-wong kuwi ditawan lan digawé isin ing ngarepé wong akèh+ kanggo nduduhké nèk Dhèwèké wis menang nglawan wong-wong kuwi.

16 Mula, aja nganti ana wong sing nyalahké kowé merga apa sing mbok pangan lan mbok ombé,+ utawa merga kowé ngrayakké perayaan, perayaan bulan anyar,+ lan sabat.+ 17 Kabèh kuwi mung bayangan saka apa sing bakal teka,+ ning wujud sing nyata kuwi Kristus.+ 18 Kowé kudu ngati-ati karo wong sing éthok-éthok rendah hati mung merga péngin didelok manungsa. Kowé ya kudu ngati-ati karo wong sing nyembah malaékat.* Kabèh wong kuwi nyebabké kowé ora isa éntuk hadiah.+ Kabèh wong kuwi mung percaya karo apa sing kétok lan bangga karo pikirané manungsa sing dosa. 19 Wong sing kaya ngono kuwi misah saka kepalané,+ padahal kepalané kuwi sing nyedhiakké apa sing dibutuhké badan lan sing nggawé kabèh anggota badan isa bersatu. Liwat kepala kuwi, Gusti Allah nggawé badan kuwi dadi saya gedhé.+

20 Nèk kowé wis nolak pandhangané* donya iki+ lan mati bareng Kristus, ngapa kok tumindakmu isih kaya wong sing dadi bagéan saka donya iki? Kowé ya isih manut karo préntah iki,+ 21 ”Aja nyekel, aja ngicipi, utawa aja ndemèk.” 22 Sakwisé préntah kuwi digunakké, préntah kuwi bakal ilang. Préntah kuwi mung ajarané manungsa.+ 23 Senajan préntah kuwi kétoké wicaksana, ning kuwi ora mbantu wong-wong nolak kepénginan sing salah. Wong-wong kuwi manut karo préntah kuwi merga péngin nentokké dhéwé carané ngibadah. Wong-wong kuwi nyiksa badané+ dhéwé bèn kétok rendah hati.

3 Nèk Gusti Allah nguripké kowé manèh bèn kowé isa urip bareng Kristus,+ kowé kudu terus ngupaya bèn éntuk apa waé sing ana ing ndhuwur. Ing kana, Kristus lungguh ing sebelah tengené Gusti Allah.+ 2 Kowé kudu terus mikirké apa waé sing ana ing ndhuwur,+ dudu sing ana ing bumi.+ 3 Kowé wis mati, lan uripmu dipercayakké marang Kristus. Kuwi sesuai karo karepé Gusti Allah. 4 Wektu Kristus sing nggawé awaké dhéwé urip+ nduduhké kemuliaané, kowé ya bakal nduduhké kemuliaan bareng karo dhèwèké.+

5 Mula, kowé kudu matèni kabèh kepénginanmu sing salah,*+ yaiku kepénginan kanggo nindakké hubungan sèks sing ora pantes,* tumindak sing najis, nafsu sèks sing ora isa dikendhalèni,+ kejahatan, lan keserakahan. Kabèh tumindak kuwi padha waé karo nyembah brahala. 6 Kabèh tumindak kuwi nggawé Gusti Allah nesu. 7 Mbiyèn, tumindakmu ya kaya ngono.+ 8 Saiki, aja nganti kowé ngamuk, nesu, nindakké apa sing jahat,+ ngrèmèhké,+ utawa ngomong sing saru-saru.+ 9 Aja ngapusi wong liya.+ Kowé kudu nyingkirké kepribadian sing lawas+ lan kebiasaanmu sing mbiyèn. Kuwi dipadhakké kaya nèk kowé nyopot klambi. 10 Terus, kowé kudu nganggo kepribadian sing anyar,+ kaya nganggo klambi sing anyar. Gusti Allah nggawé kepribadiané awaké dhéwé dadi anyar lan dadi saya mirip karo kepribadiané wektu awaké dhéwé nduwé pengetahuan sing bener soal Dhèwèké.+ 11 Ora ana manèh wong Yunani utawa wong Yahudi, wong disunat utawa wong ora disunat, wong asing utawa wong Skit,* budhak utawa wong sing bébas. Kristus dadi apa waé, lan awaké dhéwé bersatu karo dhèwèké.+

12 Mula, merga awaké dhéwé wong-wong pilihané Gusti Allah,+ sing suci lan ditresnani, awaké dhéwé kudu sayang karo liyané, nduwé rasa mesakké,+ apikan, rendah hati,+ nduwé watak sing alus,+ lan sabar.+ 13 Senajan ana alesan kanggo tersinggung,+ kowé kudu terus sabar lan tulus ngapura liyané.+ Kowé kudu tulus ngapura wong liya, kaya Yéhuwah* tulus ngapura kowé.+ 14 Ning sakliyané kuwi, kowé kudu sayang karo liyané,+ merga kuwi sing nggawé wong-wong bener-bener bersatu.+

15 Muga-muga Kristus nggawé kowé ayem,+ merga Gusti Allah wis milih kowé bèn kowé dadi sak badan. Kowé kudu terus ngucap syukur. 16 Muga-muga omongané Kristus ngebaki awakmu lan mènèhi kowé kabèh kawicaksanan.* Kowé kudu terus mulang lan nguwatké* wong liya nganggo mazmur,+ lagu pujian kanggo Gusti Allah, lan lagu kanggo ngibadah sing dinyanyèkké nganggo rasa syukur.* Kowé kudu nyanyi kanggo Yéhuwah* saka atimu.*+ 17 Apa waé sing mbok omongké lan mbok tindakké, tindakna kabèh kuwi nganggo jenengé Gusti Yésus. Kowé kudu ngucap syukur marang Gusti Allah, yaiku Bapaké awaké dhéwé, liwat dhèwèké.+

18 Wong-wong wédok, kowé kudu manut marang bojomu,+ kaya sing kuduné ditindakké muridé Gusti. 19 Wong-wong lanang, kowé kudu terus nresnani bojomu,+ lan aja kasar* karo bojomu.+ 20 Bocah-bocah, kowé kudu manut karo wong tuwamu,+ merga kuwi nggawé Gusti seneng. 21 Bapak-bapak, aja nggawé anak-anakmu lara ati,+ bèn anak-anakmu ora cilik ati. 22 Budhak-budhak, kowé kudu terus manut karo majikanmu sing ana ing bumi.+ Aja nindakké kuwi mung pas ana sing ndelok, kaya-kaya mung péngin nyenengké manungsa. Ning, kowé kudu tulus nindakké kuwi merga wedi marang* Yéhuwah.* 23 Nèk kowé nindakké apa waé, kowé kudu nindakké kuwi sepenuh jiwamu* kaya kanggo Yéhuwah,*+ dudu kanggo manungsa. 24 Kowé ngerti nèk Yéhuwah* sing bakal mènèhi kowé upah, yaiku warisan.+ Kowé kudu nyambut gawé dadi budhak kanggo Kristus, Majikané awaké dhéwé. 25 Wong sing nindakké salah mesthi dihukum menurut kesalahané,+ merga Gusti Allah ora pilih kasih.+

4 Para majikan, tumindakmu kudu bener lan adil marang budhak-budhakmu, merga kowé dhéwé ya nduwé Majikan ing swarga.+

2 Kowé kudu terus ndonga.+ Aja nganti kowé lali ndonga lan ngucap syukur.+ 3 Tulung kowé ya ndongakké aku,+ bèn Gusti Allah mènèhi aku kesempatan kanggo martakké omongan lan rahasia suci soal Kristus. Aku dipenjara merga nindakké kuwi.+ 4 Tulung dongakké aku bèn aku isa nyritakké kuwi nganggo cara sing jelas kaya sing kudu tak tindakké.

5 Kowé kudu wicaksana* wektu urusan karo wong-wong sing dudu anggota jemaat. Gunakna wektumu kanggo nindakké apa sing penting.*+ 6 Omonganmu kudu nyenengké, kaya panganan sing dibumboni nganggo uyah.+ Dadi, kowé bakal ngerti carané mènèhi jawaban marang saben wong.+

7 Tikhikus,+ sedulur sing tak tresnani, bakal ngandhani kowé soal kabarku. Dhèwèké kuwi budhak sing setya nglayani Gusti kaya aku. 8 Aku ngongkon dhèwèké marani kowé bèn kowé isa ngerti keadaanku lan bèn dhèwèké isa menghibur kowé. 9 Dhèwèké bakal teka bareng Onésimus,+ sedulur sing setya lan sing tak tresnani sing asalé saka dhaérahmu. Wong loro kuwi bakal nyritakké kabèh sing kelakon ing kéné.

10 Aristarkhus,+ sing dipenjara bareng aku, ngirim salam kanggo kowé. Markus+ sepupuné Barnabas ya ngirim salam (soal Markus, kowé wis nampa petunjuk nèk kowé kudu ramah lan apikan+ wektu dhèwèké teka). 11 Yésus sing disebut Yustus ya ngirim salam. Kabèh sedulur kuwi wong Yahudi.* Mung sedulur-sedulur kuwi sing nyambut gawé bareng karo aku demi Kerajaané Gusti Allah, lan sedulur-sedulur kuwi sing menghibur aku. 12 Épafras,+ budhaké Kristus Yésus sing asalé saka dhaérahmu, ya ngirim salam kanggo kowé. Dhèwèké terus ndongakké kowé bèn kowé tetep nduwé iman sing kuwat* lan yakin karo apa sing dikarepké Gusti Allah. 13 Kowé tak kandhani, dhèwèké kuwi nyambut gawé tenanan demi kowé lan demi sedulur-sedulur ing Laodikia lan Hiérapolis. Kowé isa percaya karo omonganku iki.

14 Lukas,+ dokter sing awaké dhéwé tresnani, lan Démas+ ngirim salam kanggo kowé. 15 Aku titip salam kanggo sedulur-sedulur ing Laodikia, kanggo Nimfa, lan kanggo jemaat sing ngibadah ing omahé.+ 16 Sakwisé surat iki mbok wacakké ing jemaatmu, tulung surat iki dikirim marang jemaat Laodikia bèn ya diwacakké ing kana.+ Terus, surat sing tak kirim marang jemaat Laodikia ya kudu mbok wacakké ing jemaatmu. 17 Sakliyané kuwi, kowé kudu ngandhani Arkhipus,+ ”Kowé kudu kerja keras ngrampungké gawéan sing mbok tampa saka Gusti.”

18 Iki salam saka aku, Paulus, sing tak tulis dhéwé.+ Tulung kowé terus éling karo aku sing saiki lagi dipenjara.+ Muga-muga Gusti Allah apikan banget karo kowé.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Lamp. A5.

Lit.: ”anak pertama saka kabèh ciptaan”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”ing sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”sing déwasa”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”tertib”.

Lit.: ”lan pathokan dhasaré”.

Utawa ”kuwi ndadèkké kowé tawanan”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa mungkin ”Liwat dhèwèké”.

Utawa ”sing nyembah kaya malaékat”.

Utawa ”nolak pathokan dhasaré”.

Utawa ”kabèh anggota badanmu”.

Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.

Wong Skit kuwi wong-wong sing isih primitif.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”lan mènèhi naséhat marang”.

Utawa ”sing nyenengké”.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”ing atimu”.

Utawa ”aja seneng nesu”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”Tukunen wektu”.

Lit.: ”wong sing disunat”.

Utawa ”tetep déwasa”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim