SURAT PERTAMA KANGGO JEMAAT ING TÉSALONIKA
1 Surat saka Paulus, Silvanus,*+ lan Timotius+ kanggo jemaat Tésalonika sing bersatu karo Gusti Allah, yaiku Bapaké awaké dhéwé, lan karo Gusti Yésus Kristus.
Muga-muga Gusti Allah apikan banget karo kowé lan nggawé kowé ayem.
2 Aku terus ngucap syukur marang Gusti Allah wektu aku ndongakké kowé.+ 3 Wektu aku ndonga marang Gusti Allah, yaiku Bapaké awaké dhéwé, aku terus éling nèk kowé nyambut gawé tenanan merga kowé nduwé iman lan katresnan. Kowé ya sabar merga berharap+ marang Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé. 4 Sedulur-sedulur sing ditresnani Gusti Allah, aku ngerti nèk Gusti Allah wis milih kowé. 5 Merga wektu aku martakké kabar apik marang kowé, aku ora mung martakké nganggo omongan, ning ya nganggo kuwasa lan roh suci. Aku yakin banget nèk sing tak wartakké marang kowé kuwi bener, lan berita sing tak wartakké kuwi wis akèh mbantu kowé. 6 Kowé niru aku+ lan Gusti.+ Buktiné, senajan kowé ngalami akèh kesusahan,+ kowé ngrasa seneng wektu nampa omongané Gusti Allah. Rasa seneng kuwi asalé saka roh suci. 7 Kuwi sebabé kowé dadi conto kanggo kabèh muridé Yésus ing Makédonia lan Akhaya.
8 Sakjané, sakliyané wong-wong ing Makédonia lan Akhaya wis krungu omongané Yéhuwah* liwat kowé, wong-wong ing endi-endi ya wis krungu soal imanmu marang Gusti Allah.+ Mula, aku ora perlu ngomong apa-apa manèh. 9 Wong-wong kuwi kerep crita soal piyé pertama kali awaké dhéwé ketemu. Wong-wong kuwi ya crita nèk kowé wis ninggalké brahala-brahalamu+ lan dadi budhak kanggo Gusti Allah sing urip lan bener. 10 Kowé ya ngentèni Yésus teka saka swarga.+ Dhèwèké kuwi Anaké Gusti Allah sing wis diuripké manèh saka antarané wong mati lan sing bakal nylametké awaké dhéwé wektu Gusti Allah nesu.+
2 Sedulur-sedulur, kowé wis ngerti dhéwé nèk kunjunganku marang kowé ana hasilé.+ 2 Kowé ngerti nèk awalé aku wis ngalami kesengsaraan lan dirèmèhké ing Filipi.+ Ning, Gusti Allahé awaké dhéwé wis nggawé aku kendel martakké kabar apik soal Gusti Allah+ marang kowé senajan ana akèh sing nentang.* 3 Naséhat sing tak wènèhké marang kowé kuwi ora salah. Aku ora nduwé niat jahat lan ora ngapusi wektu mènèhi naséhat kuwi. 4 Ning, aku mènèhi naséhat marang kowé merga aku iki wong sing dipilih Gusti Allah kanggo martakké kabar apik. Aku ngomong dudu kanggo nyenengké manungsa, ning kanggo nyenengké Gusti Allah sing mriksa atiku.+
5 Kowé ngerti nèk aku ora tau ngomong nganggo kata-kata sing nyenengké kanggo ngapusi kowé. Aku ya ora tau éthok-éthok apik bèn éntuk apa sing tak péngini.+ Gusti Allah ngerti banget soal iki. 6 Aku ya ora tau ngupaya bèn dipuji* manungsa, embuh kuwi kowé utawa wong liya, senajan aku nduwé hak kanggo mbebani kowé nganggo ragad sing gedhé, merga aku rasulé Kristus.+ 7 Ning, aku sayang lan apikan karo kowé, kaya ibu sing nyusoni lan sayang karo bayiné. 8 Merga aku sayang banget karo kowé,+ aku seneng* martakké kabar apik soal Gusti Allah marang kowé, lan aku réla ngorbanké uripku kanggo mbantu kowé.+
9 Sedulur-sedulur, kowé mesthi éling nèk aku wis nyambut gawé lan ngupaya tenanan. Aku nyambut gawé awan lan bengi bèn aku ora dadi bebanmu lan bèn kowé ora perlu ngragadi aku+ wektu aku martakké kabar apik soal Gusti Allah marang kowé. 10 Sedulur-sedulur, kowé lan Gusti Allah ngerti nèk aku setya, nindakké sing bener, lan ora salah marang kowé. 11 Kowé ngerti tenan nèk aku terus mènèhi naséhat, nguwatké, lan mulang saben wong ing antaramu,+ kaya sing ditindakké bapak+ marang anak-anaké, 12 bèn tumindakmu isa terus nyenengké Gusti Allah+ sing wis milih kowé mlebu ing Kerajaané+ lan nampa kemuliaan+ saka Dhèwèké.
13 Kuwi sebabé sedulur-sedulur, aku ya ora mandheg ngucap syukur marang Gusti Allah,+ merga wektu kowé krungu omongané Gusti Allah saka aku, kowé ora nganggep kuwi omongané manungsa, ning nganggep kuwi bener-bener omongané Gusti Allah sing mbantu kowé. 14 Sedulur-sedulur, kowé wis niru jemaaté Gusti Allah ing Yudéa sing bersatu karo Kristus Yésus, merga kowé dianiaya wong-wong sing sak bangsa karo kowé,+ kaya sedulur-sedulur ing Yudéa sing ya dianiaya wong Yahudi. 15 Wong Yahudi matèni Gusti Yésus+ lan nabi-nabi. Wong-wong kuwi ya nganiaya aku.+ Tumindaké wong-wong kuwi ora nyenengké Gusti Allah lan ora ana gunané kanggo sapa waé. 16 Aku martakké kabar apik marang bangsa-bangsa liya bèn wong-wong saka bangsa-bangsa liya kuwi dislametké,+ ning wong Yahudi ngalang-alangi aku. Wong Yahudi kuwi terus nindakké akèh dosa, ning akhiré Gusti Allah bakal nesu karo wong-wong kuwi.+
17 Sedulur-sedulur, wektu awaké dhéwé pisah, aku ora isa ketemu karo kowé, ning aku tetep éling karo kowé. Tapi, aku ngupaya tenanan bèn isa marani kowé, merga aku péngin banget ketemu langsung karo kowé. 18 Mula, aku péngin marani kowé manèh. Aku, Paulus, wis ngupaya marani kowé ora mung ping pisan, ning ping loro. Tapi, Sétan ngalang-alangi dalanku. 19 Pas Gusti Yésus bali,* sapa sing bakal dadi harapanku, mahkotaku, lan sing nggawé aku seneng? Ya mung kowé, ta?+ 20 Kowé sing nggawé aku bangga lan seneng.
3 Mula, wektu aku ora isa ngempet rasa kangenku, aku mikir nèk luwih apik aku tetep manggon ing Athéna+ 2 lan ngongkon Timotius+ marani kowé. Dhèwèké kuwi seduluré awaké dhéwé lan abdiné* Gusti Allah sing martakké kabar apik soal Kristus. Dhèwèké bakal nguwatké kowé lan menghibur kowé bèn imanmu isa kuwat, 3 supaya ora ana wong ing antaramu sing imané dadi lemah merga kesusahan iki. Kowé wis ngerti nèk awaké dhéwé pancèn kudu ngalami kesusahan iki.+ 4 Wektu aku isih bareng karo kowé, aku wis kerep ngandhani kowé nèk awaké dhéwé bakal ngalami kesusahan. Kowé ngerti nèk kuwi kelakon tenan.+ 5 Mula, wektu aku ora isa ngempet rasa kangenku, aku ngongkon Timotius marani kowé bèn aku isa ngerti kowé bener-bener percaya karo Gusti Allah apa ora.+ Aku kuwatir kowé kegodha karo Iblis,+ lan upayaku sing tenanan dadi ora ana gunané.
6 Saiki, Timotius lagi waé bali marang aku sakwisé nemoni kowé.+ Dhèwèké mènèhi kabar sing apik nèk kowé percaya karo Gusti Allah lan nresnani liyané. Dhèwèké crita nèk kowé ngrasa seneng wektu kèlingan aku, lan kowé péngin banget ndang ketemu aku, kaya aku ya péngin ndang ketemu kowé. 7 Kuwi sebabé sedulur-sedulur, wektu aku krungu nèk kowé percaya karo Gusti Allah, aku ngrasa seneng, senajan aku ngalami kesusahan* lan kesengsaraan.+ 8 Aku dadi kuwat manèh nèk kowé terus setya dadi muridé Gusti. 9 Aku bener-bener ngucap syukur marang Gusti Allah merga kowé nggawé aku ngrasa seneng banget. 10 Awan lan bengi aku ndonga tenanan marang Gusti Allah bèn aku isa ketemu kowé lan mènèhi apa sing mbok butuhké kanggo nguwatké imanmu.+
11 Muga-muga Gusti Allah, yaiku Bapaké awaké dhéwé, lan Yésus Gustiné awaké dhéwé nggawé aku isa marani kowé. 12 Muga-muga Gusti nggawé kowé saya nresnani sedulur liyané lan kabèh wong,+ kaya aku wis nresnani kowé. 13 Dadi, wektu Yésus Gustiné awaké dhéwé bali*+ bareng karo wong-wong suciné, dhèwèké isa nggawé kowé kuwat, ora salah, lan suci ing ngarepé Gusti Allah,+ yaiku Bapaké awaké dhéwé.
4 Sedulur-sedulur, tumindakmu wis nyenengké Gusti Allah+ lan sesuai karo petunjuk sing tak wènèhké. Ning, nganggo jenengé Gusti Yésus, aku njaluk bèn kowé luwih tenanan nindakké kuwi. 2 Kowé wis ngerti petunjuk* sing tak wènèhké marang kowé nganggo jenengé Gusti Yésus.
3 Gusti Allah péngin bèn kowé dadi suci+ lan ora nindakké hubungan sèks sing ora pantes.*+ 4 Saben wong ing antaramu kudu ngerti carané ngendhalèni badané dhéwé+ bèn tetep suci+ lan terhormat. 5 Aja niru tumindaké bangsa-bangsa sing ora kenal karo Gusti Allah.+ Wong-wong kuwi nuruti nafsu sèks sing ora dikendhalèni lan sing ora tau puas.+ 6 Aja nindakké apa sing jahat marang sedulurmu, lan aja nglanggar haké sedulurmu, merga Yéhuwah* bakal ngukum wong-wong sing nindakké kuwi. Sakdurungé, aku wis ngandhani kowé soal iki lan tegas ngélikké kowé. 7 Gusti Allah wis milih awaké dhéwé bèn awaké dhéwé dadi suci+ lan ora najis. 8 Dadi, wong sing nolak petunjuk iki dudu nolak manungsa, ning nolak Gusti Allah+ sing wis mènèhi roh suciné marang kowé.+
9 Tapi, aku ora perlu nulis manèh soal nresnani sedulur liyané,+ merga kowé wis diwulang Gusti Allah bèn nresnani liyané.+ 10 Sakjané, kowé wis nduduhké nèk kowé nresnani kabèh sedulur ing Makédonia. Ning, sedulur-sedulur, aku njaluk bèn kowé luwih tenanan nindakké kuwi. 11 Sesuai karo arahan sing wis tak wènèhké, kowé kudu ngupaya tenanan bèn urip tenang,+ nyambut gawé tenanan,+ lan ora mèlu-mèlu ngurusi urusané wong liya.+ 12 Dadi, kowé ora bakal kekurangan apa-apa, lan wong-wong sing dudu anggotané jemaat Kristen isa ndelok nèk tumindakmu apik.+
13 Sakliyané kuwi, sedulur-sedulur, aku péngin kowé ngerti soal wong-wong sing wis mati*+ bèn kowé ora ngrasa sedhih kaya wong sing ora nduwé harapan.+ 14 Awaké dhéwé nduwé iman nèk Yésus wis mati lan urip manèh.+ Mula, awaké dhéwé ya nduwé iman nèk wong sing wis mati* merga dadi muridé Yésus bakal diuripké manèh karo Gusti Allah bèn isa urip bareng karo Yésus.+ 15 Aku ngandhani kowé sesuai karo omongané Yéhuwah,* yaiku nèk awaké dhéwé sing isih urip nganti wektuné Gusti bali* bakal diuripké manèh ing swarga. Ning, wong-wong sing wis mati* bakal diuripké luwih dhisik, bar kuwi lagi awaké dhéwé. 16 Gusti bakal mudhun saka swarga, terus mènèhi préntah nganggo swarané pemimpin malaékat+ lan trompèté Gusti Allah. Muridé Kristus sing wis mati bakal urip luwih dhisik.+ 17 Sakwisé kuwi, awaké dhéwé sing isih urip bakal digawa munggah ing méga-méga+ bareng karo wong-wong kuwi bèn isa ketemu karo Gusti+ ing langit. Mula, awaké dhéwé bakal terus ana bareng karo Gusti.+ 18 Dadi, kowé kudu terus menghibur liyané nganggo kata-kata iki.
5 Sedulur-sedulur, soal wektu sing wis ditentokké kuwi, ora ana sing perlu tak tulis kanggo kowé. 2 Kowé wis ngerti tenan nèk dinané Yéhuwah*+ bakal teka kaya maling pas bengi.+ 3 Wektu wong-wong kandha, ”Saiki awaké dhéwé urip tentrem lan aman,” ujug-ujug wong-wong kuwi bakal disingkirké,+ kaya wong wédok sing ujug-ujug ngrasakké lara merga arep nglairké. Wong-wong kuwi mesthi ora bakal isa mlayu saka bencana kuwi. 4 Ning, sedulur-sedulur, kowé ora ana ing petengan. Mula, wektu dina kuwi teka, kowé ora bakal kagèt kaya maling sing kagèt wektu ngerti nèk wis padhang. 5 Kowé kuwi anak-anaké cahaya lan anak-anaké awan.+ Awaké dhéwé iki dudu anak-anaké bengi utawa anak-anaké peteng.+
6 Mula, aja nganti awaké dhéwé turu kaya sing liyané,+ ning awaké dhéwé kudu tetep tangi+ lan sadhar.+ 7 Wong biasané turu pas bengi lan mabuk pas bengi.+ 8 Ning, merga awaké dhéwé iki anak-anaké awan, ayo awaké dhéwé tetep sadhar, nganggo tutup dhadha yaiku iman lan katresnan, lan nganggo topi wesi yaiku harapan nèk bakal dislametké Gusti Allah.+ 9 Gusti Allah ora milih awaké dhéwé kanggo ngukum awaké dhéwé, ning kanggo nylametké+ awaké dhéwé liwat Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé, 10 sing wis mati kanggo awaké dhéwé.+ Dadi, ora soal awaké dhéwé urip utawa mati,* awaké dhéwé bakal urip bareng karo dhèwèké.+ 11 Mula, kowé kudu terus nguwatké* lan mbantu liyané,+ kaya sing mbok tindakké saiki.
12 Saiki, sedulur-sedulur, aku njaluk bèn kowé ngajèni wong-wong sing wis nyambut gawé tenanan ing antaramu, sing mimpin kowé ngabdi marang Gusti, lan sing mènèhi naséhat marang kowé. 13 Kowé kudu bener-bener nresnani lan ngajèni wong-wong kuwi merga apa sing wis ditindakké wong-wong kuwi.+ Kowé kudu ngupaya bèn tetep rukun karo liyané.+ 14 Ning, sedulur-sedulur, aku njaluk bèn kowé ngélikké wong-wong sing ora tertib,+ menghibur wong sing cilik ati, mbantu wong sing lemah, lan sabar karo kabèh wong.+ 15 Aja mbales kejahatan nganggo kejahatan marang sapa waé.+ Ning, kowé kudu terus ngupaya nindakké apa sing apik marang sedulur seiman lan marang kabèh wong.+
16 Kowé kudu terus bahagia.+ 17 Kowé kudu terus ndonga.+ 18 Kowé kudu ngucap syukur kanggo apa waé.+ Kuwi sing dikarepké Gusti Allah kanggo murid-muridé Kristus Yésus. 19 Aja matèni geniné roh suci.+ 20 Aja ngrèmèhké ramalan.+ 21 Kowé kudu mastèkké apa sing bener+ lan terus nindakké apa sing apik. 22 Aja nindakké kejahatan apa waé.+
23 Muga-muga Gusti Allah sing nggawé ayem nggawé kowé bener-bener suci. Muga-muga roh, urip, lan badanmu tetep ora ana cacadé wektu Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé bali.*+ 24 Gusti Allah sing milih kowé bakal nindakké apa waé sing wis diomongké. Dhèwèké mesthi bakal nindakké kuwi.
25 Sedulur-sedulur, terus dongakna aku.+
26 Kowé kudu ramah lan apikan karo sedulur liyané.*
27 Nganggo jenengé Gusti, aku njaluk tenanan marang kowé bèn surat iki diwacakké marang kabèh sedulur.+
28 Muga-muga Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé apikan banget karo kowé.
Jeneng liyané yaiku Silas.
Deloken Lamp. A5.
Utawa mungkin ”senajan kudu berjuang”.
Lit.: ”ora tau nggolèk kemuliaan saka”.
Utawa ”aku nduwé tékad kanggo”.
Yunani: parousia. Deloken Daftar Istilah.
Utawa mungkin ”lan kanca nyambut gawéné”.
Utawa ”kekurangan”.
Yunani: parousia. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”préntah”.
Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.
Deloken Lamp. A5.
Lit.: ”wis turu ing kematian”.
Lit.: ”wis turu ing kematian”.
Deloken Lamp. A5.
Yunani: parousia. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”wis turu ing kematian”.
Deloken Lamp. A5.
Lit.: ”utawa turu ing kematian”.
Utawa ”terus menghibur”.
Yunani: parousia. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”lan mènèhi ciuman suci”.