PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt hlm. 30-hlm. 31
  • Pitakonan 17: Piyé Alkitab isa mbantu keluargané njenengan?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Pitakonan 17: Piyé Alkitab isa mbantu keluargané njenengan?
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Pitakonan 17: Piyé Alkitab isa mbantu keluargané njenengan?

PITAKONAN 17

Piyé Alkitab isa mbantu keluargané njenengan?

BAPAK/WONG LANANG

”Wong lanang ya kudu kaya ngono. Wong lanang kudu sayang karo bojoné kaya sayang karo badané dhéwé. Wong lanang sing sayang karo bojoné berarti sayang karo badané dhéwé. Ora ana wong sing sengit karo badané dhéwé, ning badané mesthi dijaga lan diopèni, . . . saben wong lanang ing antaramu kudu sayang karo bojoné kaya sayang karo badané dhéwé.”

Éfésus 5:28, 29, 33

”Bapak-bapak, aja nggawé anak-anakmu lara ati. Ning, kowé kudu ndhidhik anakmu sesuai karo pathokan lan petunjuké Yéhuwah.”

Éfésus 6:4

IBU/WONG WÉDOK

”Wong wédok ya kudu bener-bener ngajèni bojoné.”

Éfésus 5:33

”Wong-wong wédok, kowé kudu manut marang bojomu, kaya sing kuduné ditindakké muridé Gusti.”

Kolose 3:18

BOCAH-BOCAH

”Bocah-bocah, kowé kudu manut karo wong tuwamu kaya sing dikarepké Gusti, merga kuwi sing bener kanggoné Gusti Allah. ’Kowé kudu ngajèni bapakmu lan ibumu,’ kuwi préntah pertama sing diwènèhké bareng karo janji iki: ’Bèn uripmu kepénak lan umurmu dawa ing bumi.’”

Éfésus 6:1-3

”Bocah-bocah, kowé kudu manut karo wong tuwamu, merga kuwi nggawé Gusti seneng.”

Kolose 3:20

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim