MITURUT MARKUS
1 Iki wiwitané kabar apik bab Yésus Kristus, Putrané Gusti Allah: 2 Kaya sing wis ditulis ing kitab Nabi Yésaya, yaiku, ”(Aku ngirim utusan-Ku ndhisiki kowé, yaiku wong sing bakal nyiapké dalan kanggo kowé.) 3 Ana swara wong mbengok ing padhang belantara, ʼSiapna dalan kanggo Yéhuwah! Lurusna dalan-dalané.ʼ” 4 Yohanes Pembaptis ana ing padhang belantara. Dhèwèké martakké bab baptisan sing dadi lambang pertobatan kanggo ngapurani dosa. 5 Mula, kabèh wong ing wilayah Yudéa lan kabèh penduduk Yérusalèm teka marani Yohanes. Wong-wong kuwi dibaptis* Yohanes ing Kali Yordan lan ngakoni dosa-dosané kanthi blaka. 6 Yohanes nganggo klambi saka wulu unta lan sabuké saka kulit, lan dhèwèké mangan walang lan madu alas. 7 Dhèwèké martakké, ”Sakwisé aku, bakal teka wong sing luwih kuwasa ketimbang aku. Aku ora pantes mbungkuk lan nyopot tali sandhalé. 8 Aku mbaptis kowé nganggo banyu, nanging dhèwèké bakal mbaptis kowé nganggo roh suci.”
9 Wektu kuwi, Yésus teka saka Nazarèt ing Galiléa lan dibaptis Yohanes ing Kali Yordan. 10 Ora let suwé sakwisé mentas saka banyu, Yésus ndelok langit kebukak lan roh suciné Gusti Allah sing kaya manuk dara mudhun ing ndhuwuré. 11 Terus ana swara saka langit, ”Kowé Putra-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé senengé ati-Ku.”
12 Ora suwé sakwisé kuwi, roh suci nuntun Yésus menyang padhang belantara. 13 Yésus ana ing padhang belantara 40 dina lan digodha Sétan. Yésus manggon ing antarané kéwan liar, nanging para malaékat ngladèni dhèwèké.
14 Sakwisé Yohanes ditangkep, Yésus lunga menyang Galiléa kanggo martakké kabar apik saka Gusti Allah. 15 Yésus kandha, ”Wektuné wis teka, lan Kratoné Allah wis cedhak. Mertobata, lan nduwéa iman marang kabar apik.”
16 Wektu mlaku ing pinggir Laut Galiléa, Yésus ndelok Simon lan Andréas seduluré Simon. Wong loro kuwi lagi nguncalké jala menyang laut merga wong loro kuwi nelayan. 17 Yésus kandha, ”Mèlua aku, lan aku bakal ndadèkké kowé tukang njala manungsa.” 18 Banjur wong loro kuwi langsung ninggalké jalané lan mèlu Yésus. 19 Sakwisé mlaku ora adoh saka kono, Yésus ndelok Yakobus lan Yohanes, anak-anaké Zébédéus, sing lagi ndandani jala ing prauné. 20 Yésus langsung ngundang wong loro kuwi. Mula wong loro kuwi ninggalké bapaké, yaiku Zébédéus, ing prau karo para buruhé, lan lunga mèlu Yésus. 21 Wong-wong kuwi banjur lunga menyang Kapernaum.
Ing dina Sabat, Yésus lunga menyang sinagogé* lan mulai mulang. 22 Wong-wong padha nggumun karo carané Yésus mulang, merga sing diwulangké Yésus asalé saka Gusti Allah, ora kaya para ahli Taurat. 23 Ing sinagogé* kuwi, ana wong sing kesurupan roh najis, lan wong kuwi mbengok, 24 ”Apa urusanku karo kowé, hé, Yésus wong Nazarèt? Apa kowé mréné kanggo nyirnakké aku? Aku ngerti tenan kowé sapa, Sing Suci saka Gusti Allah!” 25 Nanging Yésus nggetak roh najis kuwi, lan kandha, ”Menenga, lan metua saka wong kuwi!” 26 Roh najis kuwi banjur nggawé wong kuwi kejang-kejang lan mbengok sakbanter-banteré, terus metu saka wong kuwi. 27 Kabèh wong dadi nggumun lan ngomongké kedadéan kuwi. Wong-wong kuwi kandha, ”Apa iki? Iki wulangan anyar! Dhèwèké nduwé kuwasa kanggo ngusir roh-roh najis, lan roh-roh najis kuwi padha manut marang dhèwèké.” 28 Mula crita bab Yésus cepet banget kesebar ing ngendi-endi, ing kabèh dhaérah Galiléa.
29 Yésus lan para muridé ninggalké sinagogé* kuwi, banjur lunga menyang omahé Simon lan Andréas, Yakobus lan Yohanes uga mèlu. 30 Wektu kuwi, ibu maratuwané Simon turon ing ambèn lagi demam, lan wong-wong kuwi langsung ngandhani Yésus. 31 Mula Yésus banjur nyedhak marang wong wadon kuwi, ndemèk tangané lan nangèkké wong wadon kuwi. Demamé banjur ilang, lan wong wadon kuwi mulai ngladèni Yésus lan para muridé.
32 Ing wayah wengi, sakwisé srengéngé angslup, wong-wong mulai nggawa marang Yésus kabèh wong sing lara lan kesurupan roh jahat. 33 Wong-wong sak kutha padha nglumpuk ing ngarep lawang. 34 Mula Yésus marèkké akèh wong sing penyakité werna-werna, lan ngusir akèh roh jahat, nanging Yésus nglarang roh-roh kuwi ngomong bab dhèwèké, merga roh-roh kuwi ngerti nèk Yésus kuwi Kristus.*
35 Ing wayah ésuk, pas isih peteng, Yésus tangi lan metu menyang panggonan sing sepi. Ing kono, Yésus mulai ndonga. 36 Nanging, Simon lan murid-murid liyané nggolèki dhèwèké ing ngendi-endi. 37 Sakwisé ketemu, murid-muridé kandha, ”Kabèh wong nggolèki panjenengan.” 38 Nanging Yésus kandha, ”Ayo kita lunga menyang panggonan liya, ing kutha-kutha cedhak kéné, supaya aku isa martakké kabar apik ing kono, merga aku teka kanggo nindakké kuwi.” 39 Yésus banjur lunga lan martakké kabar apik ing sinagogé-sinagogé* ing kabèh dhaérah Galiléa lan ngusir roh-roh jahat.
40 Ana wong lara kusta mara nyedhaki Yésus lan nyuwun karo sujud, ”Nèk panjenengan kersa, panjenengan isa marèkké aku.”* 41 Merga mesakké, Yésus banjur ngulungké tangané lan ndemèk wong kuwi. Yésus kandha, ”Aku gelem. Dadia séhat.”* 42 Ing wektu kuwi uga, kustané langsung ilang lan dhèwèké ora najis manèh. 43 Yésus langsung ngongkon wong kuwi lunga banjur mènèhi préntah sing tegas, 44 ”Aja kandha sapa-sapa. Nanging lungaa lan duduhna awakmu marang imam, lan wènèhna kurban kaya sing dipréntahké ing Hukum Musa, kanggo mbuktèkké nèk kowé wis mari.” 45 Nanging sakwisé lunga, wong kuwi mulai nyritakké kedadéan sing dhèwèké alami lan nyebarké kuwi ing ngendi-endi. Yésus dadi ora isa mlebu kutha tanpa dititèni wong-wong, mula dhèwèké banjur lunga menyang njabané kutha, ing panggonan sing sepi. Nanging wong-wong saka ngendi-endi tetep padha mara.
2 Nanging pirang-pirang dina sakwisé kuwi, Yésus mlebu manèh ing Kapernaum, lan wong-wong padha krungu nèk Yésus ana ing omah. 2 Mula akèh wong sing padha ngumpul ing omah kuwi, nganti ora ana panggonan manèh, malah ing cedhak lawang waé uga wis kebak. Banjur Yésus mulai martakké kabar apik marang wong-wong kuwi. 3 Terus ana wong papat teka ngusung wong lanang sing lumpuh. 4 Nanging wong-wong kuwi ora isa ngusung wong lanang mau menyang ngarepé Yésus, merga ana akèh wong. Dadi wong-wong kuwi mbobol atapé omah sing ana ing ndhuwuré Yésus, saka kono wong lumpuh mau banjur diedhunké nganggo tandhu. 5 Wektu weruh imané wong-wong kuwi, Yésus kandha marang wong lumpuh mau, ”Lé, dosamu wis diapura.” 6 Ana para ahli Taurat sing lungguh ing kono padha mbatin, 7 ʼKok isa-isané wong iki ngomong kaya ngono? Wong iki ngrèmèhké Gusti Allah. Apa ana sing isa ngapurani dosa sakliyané Gusti Allah?ʼ 8 Nanging Yésus langsung ngerti apa sing dibatin wong-wong kuwi. Mula Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Ngapa kowé mbatin kaya ngono? 9 Luwih gampang endi, ngomong marang wong lumpuh iki, ʼDosamu wis diapura,ʼ utawa ngomong, ʼNgadega, angkaten tandhumu lan mlakuaʼ? 10 Nanging, supaya kowé ngerti nèk Putrané manungsa nduwé kuwasa kanggo ngapurani dosa ing bumi . . .” Yésus kandha marang wong lumpuh kuwi, 11 ”Aku kandha marang kowé, ngadega, angkaten tandhumu, lan muliha.” 12 Wong lumpuh kuwi ngadeg lan langsung ngangkat tandhuné, banjur mlaku ing ngarepé wong akèh kuwi. Mula wong-wong dadi nggumun lan ngluhurké Gusti Allah, uga kandha, ”Awaké dhéwé durung tau ndelok kaya ngéné iki sakdurungé.”
13 Yésus lunga manèh menyang pinggir laut, lan wong-wong padha terus-terusan teka marani Yésus, banjur Yésus mulai mulang wong-wong kuwi. 14 Wektu lagi mlaku, Yésus weruh Lèwi anaké Alféus lagi lungguh ing kantor pajeg. Yésus kandha marang Lèwi, ”Dadia muridku.” Dhèwèké langsung ngadeg lan mèlu Yésus. 15 Banjur, Yésus maem ing omahé Lèwi. Akèh petugas pajeg lan wong-wong dosa uga maem bareng karo Yésus lan para muridé, merga saka antarané wong-wong kuwi akèh sing wis dadi pengikuté Yésus. 16 Nanging wektu para ahli Taurat saka golongané wong Farisi ndelok nèk Yésus maem karo wong-wong dosa lan para petugas pajeg, wong-wong kuwi mulai kandha karo para muridé Yésus, ”Ngapa dhèwèké mangan bareng karo para petugas pajeg lan wong-wong dosa?” 17 Wektu krungu kuwi, Yésus kandha marang wong-wong mau, ”Wong sing séhat ora mbutuhké dokter, sing mbutuhké dokter kuwi wong sing lara. Aku teka ora kanggo ngundang wong sing bener, nanging wong-wong sing dosa.”
18 Wektu kuwi, murid-muridé Yohanes lan wong-wong Farisi nindakké pasa. Mula wong-wong kuwi marani Yésus lan takon, ”Ngapa murid-muridé Yohanes lan murid-muridé wong Farisi nindakké pasa, nanging murid-muridmu ora?” 19 Yésus njawab, ”Wektu mantèn lanang isih bebarengan karo sahabat-sahabaté, para sahabaté ora perlu pasa, ta? Saksuwéné mantèn lanang isih ana karo para sahabaté, para sahabaté ora mungkin pasa. 20 Nanging bakal tekan wektuné mantèn lanang bakal dipisahké saka para sahabaté, lan ing wektu kuwi sahabat-sahabaté bakal pasa. 21 Ora ana wong sing bakal nambal klambi lawas sing suwèk nganggo kain sing anyar. Nèk kuwi ditindakké, kain sing anyar bakal dadi mengkered, lan suwèké dadi saya amba. 22 Uga, ora ana wong sing bakal nyimpen anggur anyar ing wadhah anggur* sing lawas. Nèk kuwi ditindakké, anggur kuwi bakal nggawé wadhahé pecah, lan anggur uga wadhahé bakal ora ana gunané manèh. Nanging anggur anyar disimpen ing wadhah anggur sing anyar.”
23 Wektu Yésus mlaku ngliwati ladhang gandum pas dina Sabat, murid-muridé methik wohé gandum karo mlaku. 24 Mula wong-wong Farisi kandha marang Yésus, ”Deloken kuwi! Ngapa murid-muridmu nindakké apa sing miturut hukum ora éntuk ditindakké pas dina Sabat?” 25 Nanging Yésus njawab, ”Apa kowé durung tau maca sing ditindakké Daud wektu dhèwèké lan anak buahé padha luwé, nanging ora nduwé panganan? 26 Ing crita bab Imam Kepala Abiatar, Daud banjur mlebu ing pedalemané Gusti Allah lan mangan roti persembahan, padahal kuwi ora éntuk dipangan sapa waé kejaba para imam. Daud uga mènèhké kuwi kanggo anak buahé.” 27 Yésus neruské omongané, ”Sabat digawé kanggo kepentingané manungsa, nanging manungsa ora digawé kanggo Sabat. 28 Putrané manungsa kuwi Gusti, malah uga kanggo dina Sabat.”
3 Sepisan manèh, Yésus mlebu ing sinagogé,* lan ing kono ana wong sing tangané lumpuh sebelah. 2 Mula wong-wong Farisi ngamati Yésus tenanan kanggo ndelok apa Yésus bakal marèkké wong kuwi ing dina Sabat, supaya nduwé alesan kanggo nudhuh Yésus. 3 Yésus kandha marang wong sing tangané lumpuh kuwi, ”Tangia, ngadega ing tengah.” 4 Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Miturut hukum, endi sing éntuk ditindakké ing dina Sabat: tumindak apik utawa tumindak jahat, nylametké nyawa* utawa matèni?” Nanging wong-wong kuwi meneng waé. 5 Yésus nyawang wong-wong kuwi karo nesu lan dhèwèké sedhih banget merga ngerti nèk atiné wong-wong kuwi ora tanggap. Yésus banjur kandha marang wong lumpuh kuwi, ”Ethungna tanganmu.” Wong kuwi ngethungké tangané, lan tangané mari. 6 Wektu ndelok kuwi, wong-wong Farisi metu lan langsung rembugan karo para pengikuté partai Hérodès kanggo matèni Yésus.
7 Banjur, Yésus lunga menyang pinggir laut bareng karo para muridé. Akèh wong saka Galiléa lan Yudéa ngetutké Yésus. 8 Uga akèh wong saka Yérusalèm, Iduméa, sebrangé Kali Yordan, lan saka dhaérah sakcedhaké Tirus lan Sidon, teka marang Yésus sakwisé krungu akèh bab sing ditindakké Yésus. 9 Yésus ngongkon murid-muridé nyiapké prau cilik supaya dhèwèké ora kedhesek-dhesek wong akèh kuwi. 10 Merga Yésus wis marèkké wong akèh, kabèh wong sing lara parah padha dhesek-dhesekan supaya isa ndemèk Yésus. 11 Malah roh-roh najis, saben ndelok Yésus, bakal sujud ing ngarepé Yésus karo mbengok, ”Kowé Putrané Gusti Allah.” 12 Nanging bola-bali, Yésus kanthi tegas nglarang roh-roh najis kuwi supaya ora crita bab Yésus.
13 Yésus munggah ing sawijiné gunung lan ngundang sapérangan wong saka antarané murid-muridé, lan wong-wong kuwi ngetutké Yésus. 14 Yésus nggawé* kelompok sing anggotané 12 wong, sing uga Yésus sebut rasul-rasul. Wong-wong kuwi sing bakal ngancani Yésus, lan sing bakal diutus kanggo martakké kabar apik, 15 uga bakal diwènèhi kuwasa kanggo ngusir roh-roh jahat.
16 Lan 12 wong ing kelompok kuwi yaiku Simon, sing uga dijenengi Pétrus, 17 Yakobus anaké Zébédéus lan Yohanes seduluré Yakobus (Yésus uga njenengi wong loro kuwi Boanèrgès, sing tegesé ”Anak-Anak Gludhug”), 18 Andréas, Filipus, Bartoloméus, Matius, Tomas, Yakobus anaké Alféus, Tadéus, Simon wong Kanani,* 19 lan Yudas Iskariot sing akiré ngianati Yésus.
Banjur Yésus mlebu ing salah siji omah, 20 lan akèh wong padha teka manèh, nganti Yésus lan para muridé ora kober maem. 21 Wektu krungu bab kuwi, sedulur-seduluré Yésus mara kanggo nggawa Yésus lunga, lan padha kandha, ”Dhèwèké wis ora waras.” 22 Uga, para ahli Taurat sing teka saka Yérusalèm padha kandha, ”Dhèwèké kesurupan Béèlzebul,* lan dhèwèké ngusir roh jahat merga dibantu panguwasané roh-roh jahat.” 23 Sakwisé nyeluk wong-wong kuwi, Yésus ngomong marang wong-wong kuwi nganggo umpama, ”Apa isa Sétan ngusir Sétan? 24 Nèk ing pamréntahan rakyaté padha padu, pamréntahan kuwi mesthi ora isa terus madeg. 25 Lan nèk ing keluarga wongé padha ora rukun, keluarga kuwi mesthi bakal bubrah. 26 Uga, nèk Sétan nglawan dhèwèké dhéwé lan bala-balané ora rukun, dhèwèké ora bakal tetep ana, nanging bakal sirna. 27 Ora ana wong sing isa mlebu omahé wong lanang sing kuwat lan ngrampog bandhané, nèk ora nalèni dhisik wong kuwat kuwi. Sakwisé nalèni, wong kuwi lagi isa njarah omahé. 28 Saktenané aku kandha, kabèh sing ditindakké manungsa bakal diapura, klebu kabèh dosané lan omongané sing ngrèmèhké. 29 Nanging, sapa waé sing ngrèmèhké roh suci ora bakal diapura. Kuwi dosa sing langgeng.” 30 Yésus ngomongké kuwi kabèh merga wong-wong padha kandha, ”Dhèwèké kesurupan roh najis.”
31 Wektu kuwi, ibuné Yésus lan sedulur-seduluré lanang teka lan ngadeg ing njaba, banjur ngongkon salah siji wong kanggo nyeluk Yésus. 32 Wong-wong sing lungguh ing sakiwa-tengené Yésus padha kandha, ”Ibumu lan sedulur-sedulurmu lanang ana ing njaba lagi nggolèki panjenengan.” 33 Nanging Yésus njawab, ”Sapa ibuku lan sedulur-sedulurku?” 34 Yésus banjur nyawang wong-wong sing lungguh ing sakiwa-tengené, lan kandha, ”Wong-wong iki ibuku lan sedulur-sedulurku. 35 Sapa waé sing nindakké kersané Gusti Allah, iya kuwi sedulurku lanang lan sedulurku wadon lan ibuku.”
4 Yésus mulai mulang manèh ing pinggir laut, lan ana wong akèh banget sing ngumpul ing cedhaké. Mula, Yésus banjur munggah lan lungguh ing prau, rada adoh saka pantai, nanging wong akèh mau tetep lungguh ing pantai. 2 Yésus mulai mulangké akèh bab marang wong-wong kuwi nggunakké umpama. Wektu mulang, Yésus kandha, 3 ”Rungokna. Ana petani sing metu kanggo nyebar winih. 4 Wektu petani kuwi nyebar winih, ana winih-winih sing tiba ing pinggir dalan, banjur manuk-manuk padha teka lan notholi nganti entèk. 5 Winih-winih liyané tiba ing panggonan sing lemahé sithik lan akèh watuné, winih-winih kuwi cepet thukul merga lemahé ora jero. 6 Nanging pas kena panasé srengéngé, thukulan kuwi dadi garing lan alum merga oyodé ora jero. 7 Ana manèh winih-winih liyané sing tiba ing antarané suket-suket eri. Suket eri kuwi saya gedhé lan njiret thukulan kuwi, mula thukulan kuwi ora isa ngasilké woh. 8 Nanging winih-winih liya tiba ing lemah sing subur, banjur thukul lan saya gedhé, lan mulai ngasilké woh. Wohé ana sing tikel 30, 60, lan 100.” 9 Yésus kandha manèh, ”Sapa sing nduwé kuping, rungokna tenanan.”
10 Banjur, wektu Yésus dhèwèkan, ana murid-murid bareng karo 12 rasul mulai takon marang Yésus bab umpama kuwi. 11 Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Kowé wis diijinké ngerti rahasia suci Kratoné Allah, nanging wong-wong liyané mung krungu bab umpamané waé. 12 Dadiné, senajan wong-wong kuwi ndeleng, nanging tetep ora isa weruh, lan senajan wong-wong kuwi krungu, nanging tetep ora ngerti artiné. Wong-wong kuwi uga ora bakal bali marang Gusti Allah lan ora diapura.” 13 Banjur Yésus kandha, ”Kowé ora ngerti umpama iki, terus piyé kowé isa ngerti kabèh umpama liyané?
14 ”Petani kuwi nyebar pangandikané Gusti Allah. 15 Lemah ing pinggir dalan panggonan winih kuwi tiba, maksudé wong-wong sing ngrungokké pangandika kuwi, nanging ora let suwé, Sétan teka lan ngrampas pangandika sing wis disebar ing njero atiné. 16 Lemah sing akèh watuné panggonan winih kuwi tiba, maksudé wong-wong sing ngrungokké pangandika kuwi lan langsung nampa kanthi bungah. 17 Nanging winih kuwi ora ngoyod ing njero atiné lan thukul mung sedhéla. Sakwisé ngalami kasangsaran utawa dianiaya merga pangandika kuwi, wong-wong kuwi ora nduwé iman manèh.* 18 Suket eri panggonan winih kuwi tiba, maksudé wong-wong sing ngrungokké pangandika kuwi, 19 nanging kekuwatiran urip ing donya* iki, lan daya apus-apusé kasugihan, uga pepénginan marang akèh perkara liyané mlebu ing atiné lan njiret pangandika kuwi, mula ora ngasilké woh. 20 Sing pungkasan, lemah sing subur panggonan winih kuwi tiba, maksudé wong-wong sing ngrungokké pangandika kuwi, nampa kuwi kanthi bungah, lan ngasilké woh nganti tikel 30, 60, lan 100.”
21 Yésus uga kandha, ”Lampu minyak ora didèlèhké ing ngisor kranjang utawa ngisor ambèn, ta? Mesthiné kuwi didèlèhké ing panggonan sing dhuwur. 22 Sebab kabèh sing didhelikké bakal diduduhké, lan kabèh sing ditutup rapet-rapet bakal dibukak. 23 Sapa waé sing nduwé kuping, rungokna tenanan.”
24 Banjur Yésus kandha marang wong-wong, ”Gatèkna tenanan apa sing kok rungokké iki. Sepira akèhé sing kok wènèhké, ya semono kuwi uga sing bakal kok tampa, malah kowé bakal nampa luwih akèh. 25 Sapa sing nduwé pangertèn bakal diparingi luwih akèh. Nanging sapa sing ora nduwé pangertèn, malah pangertèn sing diduwèni senajan mung sithik, kuwi bakal dijupuk saka dhèwèké.”
26 Yésus neruské omongané, ”Kratoné Allah kuwi kaya wong sing nyebar winih ing lemah. 27 Saben wengi wong kuwi turu lan ésuké tangi. Winihé thukul lan saya dhuwur, nanging dhèwèké ora ngerti piyé kuwi isa kelakon. 28 Lemah kuwi dhéwé sing ngasilké woh, sing dhisik dhéwé gagangé, banjur woh gandum, lan akiré woh gandum sing wis tuwa. 29 Wektu gandumé wis tuwa, wong mau nyabetké arité, merga mangsa panèn wis teka.”
30 Yésus kandha manèh, ”Kratoné Allah isa dipadhakké karo apa? Utawa nganggo umpama apa awaké dhéwé isa njelaské kuwi? 31 Kuwi kaya wiji sesawi.* Wektu disebar ing lemah, wiji kuwi sing paling cilik ing antarané kabèh wiji ing bumi. 32 Nanging sakwisé disebar, wiji kuwi thukul lan dadi luwih gedhé ketimbang tanduran sayur liyané lan ngasilké pang-pang sing gedhé, mula manuk-manuk ing langit isa nggawé susuh lan ngéyub ing kono.”
33 Yésus nggunakké akèh umpama wektu mulangké pangandikané Gusti Allah, miturut kesanggupané wong-wong kuwi kanggo mangertèni. 34 Sakjané, nèk Yésus mulang mesthi nganggo umpama. Nanging, wektu mung karo murid-muridé, Yésus bakal njelaské kabèh.
35 Ing dina kuwi, wektu wis wengi, Yésus kandha marang murid-muridé, ”Ayo awaké dhéwé lunga menyang sebrang.” 36 Banjur sakwisé ngongkon wong akèh kuwi mulih, murid-murid numpak prau bareng Yésus, lan ana prau-prau liyané sing ngetutké. 37 Ujug-ujug ana angin sing gedhé banget, lan ombak terus-terusan nerjang prau kuwi nganti prauné dadi kebak banyu. 38 Nanging wektu kuwi Yésus lagi turu nganggo bantal ing prau bagéan mburi. Mula murid-murid nggugah Yésus lan kandha, ”Guru, apa panjenengan ora perduli nèk awaké dhéwé arep mati?” 39 Yésus banjur tangi lan nggetak angin kuwi lan kandha marang laut, ”Meneng! Mandhega!” Anginé langsung mandheg, lan kahanané dadi tenang banget. 40 Mula Yésus kandha, ”Apa sebabé kok kowé wedi? Apa kowé isih durung nduwé iman?” 41 Nanging murid-murid wedi banget, lan padha kandha, ”Sapa ta sakjané wong iki? Angin lan laut waé manut karo dhèwèké.”
5 Yésus lan murid-muridé tekan ing sebrang laut, ing dhaérah wong Gérasa. 2 Sakwisé Yésus mudhun saka prau, ana wong lanang sing kesurupan roh najis teka saka antarané kuburan-kuburan, lan langsung marani Yésus. 3 Wong kuwi manggon ing antarané kuburan-kuburan kono, lan nganti wektu kuwi, ora ana wong siji-sijia sing isa nalèni dhèwèké, senajan nganggo ranté. 4 Wong kuwi wis kerep diranté ing tangan lan sikilé, nanging dhèwèké isa medhot lan ngrusak ranté kuwi. Ora ana wong sing cukup kuwat kanggo ngalahké dhèwèké. 5 Awan lan bengi, wong kuwi bengak-bengok ing kuburan-kuburan lan ing gunung-gunung, uga awaké diantemi dhéwé nganggo watu. 6 Nanging wektu weruh Yésus saka kadohan, dhèwèké mlayu marani Yésus lan sujud. 7 Banjur wong kuwi mbengok, ”Apa urusanku karo kowé, hé Yésus, Putrané Gusti Allah Sing Mahaluhur? Sumpaha demi Gusti Allah nèk kowé ora bakal nyiksa aku.” 8 Merga sakdurungé, Yésus wis kandha marang wong mau, ”Roh najis, metua saka wong iki.” 9 Yésus takon, ”Sapa jenengmu?” Dhèwèké njawab, ”Jenengku Legiun,* merga jumlahku akèh banget.” 10 Dhèwèké terus nyuwun supaya Yésus ora ngongkon roh-roh kuwi lunga saka dhaérah kono.
11 Wektu kuwi, ana sakumpulan babi sing akèh lagi mangan ing gunung. 12 Roh-roh kuwi nyuwun marang Yésus, ”Préntahna aku kabèh mlebu ing babi-babi kuwi.” 13 Yésus banjur ngijinké. Mula roh-roh najis kuwi langsung metu lan mlebu ing babi-babi kuwi, sing jumlahé kira-kira ana 2.000, lan kabèh babi kuwi banjur njegur ing laut saka tebing, lan mati kleleb. 14 Wong-wong sing njaga kumpulan babi kuwi banjur mlayu lan nyritakké kedadéan kuwi ing kutha lan dhaérah sakcedhaké, lan wong-wong padha teka kanggo ndelok apa sing kedadéan. 15 Wong-wong sing teka padha marani Yésus lan ndelok wong lanang sing mauné kesurupan Legiun kuwi lagi lungguh, wis nganggo klambi lan pikirané waras. Wong-wong kuwi dadi padha wedi. 16 Wong-wong sing ndelok kedadéan mau banjur nyritakké marang wong-wong sing teka kuwi, bab apa sing wis dialami wong lanang sing kesurupan mau lan babi-babi kuwi. 17 Mula wong-wong kuwi njaluk supaya Yésus lunga saka dhaérahé.
18 Wektu Yésus numpak prau, wong lanang sing mauné kesurupan kuwi njaluk mèlu Yésus. 19 Nanging, Yésus ora ngéntukké wong kuwi mèlu, lan kandha, ”Balia marang keluargamu, lan critakna kabèh sing wis Yéhuwah tindakké kanggo kowé lan welas asih sing wis diduduhké marang kowé.” 20 Wong lanang kuwi banjur lunga lan mulai nyritakké ing Dékapolis* kabèh sing wis ditindakké Yésus kanggo dhèwèké, lan kabèh wong padha nggumun.
21 Yésus numpak prau lan lunga manèh menyang pantai sebrang. Wektu Yésus isih ing pinggir laut, akèh wong padha marani Yésus. 22 Banjur, salah siji ketua sinagogé,* sing jenengé Yairus, teka mrono. Wektu ndelok Yésus, dhèwèké sujud ing sikilé Yésus. 23 Dhèwèké bola-bali nyuwun marang Yésus, kandhané, ”Anakku wadon sing isih cilik lara parah.* Tulung maraa ing omahku lan tumpangna tanganmu ing ndhuwuré supaya dhèwèké séhat lan tetep urip.” 24 Yésus banjur lunga karo dhèwèké, lan akèh wong ngetutké Yésus lan dhesek-dhesekan ing mburiné.
25 Ing kono, ana wong wadon sing wis 12 taun lara pendarahan. 26 Dhèwèké wis nggolèk tamba marang akèh dokter, nanging wong-wong kuwi malah nggawé dhèwèké saya sengsara.* Kabèh bandhané wis entèk, nanging dhèwèké ora mari, malah saya parah. 27 Wektu krungu bab Yésus, dhèwèké ndhesel ing saktengahé wong akèh lan nyedhaki Yésus saka mburi. Dhèwèké banjur ndemèk klambi njabané Yésus, 28 merga wong wadon kuwi ngomong terus, ”Nèk aku isa ndemèk klambi njabané waé, aku mesthi mari.” 29 Ing wektu kuwi uga, pendarahané langsung mandheg. Wong wadon kuwi isa ngrasakké nèk awaké wis mari saka penyakit sing nggawé dhèwèké sengsara.
30 Yésus langsung krasa nèk ana kuwasa sing metu saka dhèwèké. Yésus banjur minger lan nyawang kumpulan wong kuwi, lan takon, ”Sapa sing ndemèk klambi njabaku?” 31 Nanging murid-muridé kandha, ”Guru, akèh wong sing dhesek-dhesekan ing mburiné panjenengan. Apa sebabé panjenengan takon, ʼSapa sing ndemèk aku?ʼ” 32 Nanging Yésus terus nyawang sakiwa-tengené kanggo nggolèki sapa sing ndemèk dhèwèké. 33 Wong wadon kuwi kewedèn lan ndhredheg merga ngerti sing dhèwèké alami, banjur nyedhak lan sujud ing ngarepé Yésus, uga nyritakké sing saktenané. 34 Yésus banjur kandha, ”Ndhuk, imanmu wis nggawé kowé mari. Lungaa kanthi tentrem. Kowé wis mari saka penyakitmu sing nggawé kowé sengsara.”
35 Wektu Yésus lagi ngomong, ana wong-wong lanang saka omahé Yairus teka lan kandha, ”Anakmu wadon wis mati. Kanggo apa ngrépoti Guru manèh?” 36 Nanging Yésus krungu omongan kuwi lan kandha marang Yairus, ”Aja kuwatir, kowé mung kudu nduwé iman.” 37 Yésus ora ngijinké sapa-sapa kanggo mèlu dhèwèké kejaba Pétrus, Yakobus, lan Yohanes seduluré Yakobus.
38 Wektu tekan omahé Yairus, Yésus ndelok ing kana wis ramé banget lan wong-wong lagi padha nangis karo sambat nganggo swara seru. 39 Sakwisé mlebu, Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Ngapa kowé padha nangis lan ribut kaya ngéné? Bocah iki ora mati, nanging lagi turu.” 40 Wong-wong kuwi mulai nggeguyu Yésus karo ngécé. Nanging Yésus ngongkon wong-wong kuwi metu kabèh. Banjur, Yésus mlebu bareng karo wong tuwané bocah kuwi lan murid-muridé sing mèlu dhèwèké, menyang panggonané bocah kuwi diturokké. 41 Yésus banjur nyekel tangané bocah kuwi lan kandha, ”Talita kumi,” sing nèk diterjemahké tegesé: ”Ndhuk, kowé tak kandhani, tangia!” 42 Bocah wadon kuwi langsung tangi lan mulai mlaku. (Umuré 12 taun.) Wong tuwané seneng banget nganti ora isa ngempet rasa senengé. 43 Nanging Yésus bola-bali* ngélikké wong-wong kuwi supaya ora ngandhani sapa-sapa bab kedadéan kuwi. Yésus uga ngongkon supaya bocah kuwi diwènèhi maem.
6 Saka kono, Yésus banjur mangkat lan tekan ing dhaérah asalé. Murid-muridé uga ngetutké Yésus. 2 Ing dina Sabat, Yésus mulai mulang ing sinagogé* lan wong akèh sing ngrungokké Yésus dadi padha nggumun. Wong-wong kuwi kandha, ”Saka ngendi wong kuwi isa éntuk bab-bab iki? Apa sebabé wong kuwi diwènèhi kawicaksanan kaya ngono lan isa nindakké mukjijat-mukjijat iki? 3 Wong iki kan tukang kayu, anaké Maria, lan adhiné jenengé Yakobus, Yusuf, Yudas, lan Simon? Adhi-adhiné wadon ya ana ing kéné, ta?” Wong-wong kuwi mulai kesandhung merga Yésus. 4 Mula Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Ing ngendi-endi, nabi mesthi diajèni, kejaba ing dhaérah asalé, ing antarané keluargané, lan ing omahé dhéwé.” 5 Mulané, Yésus ora nggawé akèh mukjijat ing kono. Yésus mung numpangké tangané marang sapérangan wong sing lara lan marèkké wong-wong kuwi. 6 Yésus nggumun merga wong-wong kuwi ora nduwé iman. Mula Yésus banjur lunga menyang désa-désa ing sakiwa-tengené kanggo mulang.
7 Yésus nyeluk 12 rasulé lan ngongkon wong-wong kuwi lunga loro-loro, Yésus uga mènèhi wong-wong kuwi kuwasa kanggo ngusir roh-roh najis. 8 Yésus mréntahké para rasulé supaya ora nggawa apa-apa kejaba teken, ora nggawa roti, ora nggawa kanthong panganan, lan ora nggawa dhuwit* ing kanthongé, 9 nanging nganggo sandhal, lan ora nggawa salin.* 10 Yésus kandha manèh, ”Nèk kowé mlebu ing salah siji omah, manggona ing kono nganti kowé lunga saka dhaérah kuwi. 11 Nèk ing salah siji dhaérah ora ana sing gelem nampa utawa ngrungokké kowé, wektu kowé lunga saka kono, kebutna* bledug saka sikilmu supaya dadi pangéling-éling kanggo wong-wong kuwi.” 12 Para rasul banjur padha mangkat lan martakké nèk wong-wong kudu mertobat, 13 para rasul uga ngusir akèh roh-roh jahat, lan ngolèsi wong lara nganggo lenga lan marèkké wong-wong kuwi.
14 Raja Hérodès banjur krungu bab iki, merga jenengé Yésus wis terkenal. Wong-wong padha kandha, ”Yohanes Pembaptis wis diuripké manèh saka antarané wong mati, mulané dhèwèké isa nindakké mukjijat-mukjijat kuwi.” 15 Nanging sing liyané kandha, ”Dhèwèké Élia.” Sing liyané manèh kandha, ”Dhèwèké kuwi nabi kaya nabi-nabi jaman mbiyèn.” 16 Wektu krungu kuwi, Hérodès kandha, ”Yohanes sing mbiyèn tak tugel sirahé saiki wis diuripké manèh.” 17 Merga sakdurungé, Hérodès wis mréntahké kanggo nangkep lan nglebokké Yohanes ing penjara merga Hérodias, yaiku bojoné Filipus seduluré Hérodès. Sebab Hérodès nikah karo wong wadon kuwi. 18 Yohanes bola-bali kandha marang Hérodès, ”Kowé ora olèh nikah karo bojoné kakangmu.” 19 Mula Hérodias dendam marang Yohanes lan kepéngin matèni dhèwèké, nanging ora isa 20 merga Hérodès nglindhungi Yohanes. Hérodès wedi karo Yohanes merga ngerti nèk Yohanes kuwi wong sing bener lan suci. Saben ngrungokké Yohanes, Hérodès dadi bingung kudu nindakké apa, nanging tetep seneng ngrungokké Yohanes.
21 Ing sawijiné dina, Hérodias éntuk kesempatan wektu Hérodès nganakké pésta kanggo para pejabat, komandan militèr, lan wong-wong penting ing Galiléa, pas dina ulang tauné. 22 Banjur anak wadoné Hérodias teka lan nari ing pèsta mau, lan nggawé Hérodès uga tamu-tamuné sing teka dadi seneng. Raja banjur kandha marang cah wadon kuwi, ”Njaluka apa waé sing kok péngini lan kuwi bakal tak wènèhké kowé.” 23 Hérodès sumpah marang cah wadon kuwi, ”Apa waé sing kok jaluk saka aku, bakal tak wènèhké marang kowé, malah nganti separoné kerajaan iki.” 24 Cah wadon kuwi banjur nemoni ibuné lan takon, ”Aku kudu njaluk apa?” Ibuné njawab, ”Sirahé Yohanes Pembaptis.” 25 Cah wadon kuwi langsung cepet-cepet ngadhep raja lan ngandhakké penjaluké. Dhèwèké kandha, ”Aku péngin panjenengan mènèhi aku sirahé Yohanes Pembaptis ing ndhuwuré nampan, saiki.” 26 Kuwi nggawé raja sedhih banget. Nanging raja ora gelem nolak penjaluk kuwi merga sumpahé lan para tamuné. 27 Mula raja langsung ngutus penjaga lan ngongkon dhèwèké nggawa sirahé Yohanes. Penjaga kuwi banjur lunga lan nugel sirahé Yohanes ing penjara, 28 lan nggawa sirah kuwi ing ndhuwuré nampan. Hérodès mènèhké marang cah wadon kuwi lan cah wadon kuwi mènèhké marang ibuné. 29 Wektu krungu bab mau, murid-muridé Yohanes banjur teka lan njupuk mayité Yohanes, terus dikubur.
30 Para rasul ngumpul ing sakiwa-tengené Yésus lan nyritakké kabèh sing wis ditindakké lan diwulangké para rasul kuwi. 31 Yésus kandha, ”Ayo, awaké dhéwé lunga menyang panggonan sing sepi lan ngaso sedhéla.” Merga wektu kuwi ana akèh wong sing teka lan lunga, nganti Yésus lan para muridé ora kober mangan. 32 Mula, Yésus lan para muridé numpak prau menyang panggonan sing sepi kanggo ndhéwé. 33 Nanging wong-wong padha weruh Yésus karo para muridé lunga, lan akèh sing ngerti bab iki. Kabèh wong kuwi mlayu bebarengan saka kabèh kutha lan tekan ing kono luwih dhisik. 34 Wektu mudhun saka prau, Yésus ndelok akèh wong, lan Yésus dadi mesakké karo wong-wong kuwi. Sebab wong-wong kuwi kaya wedhus gèmbèl tanpa pangon. Mula Yésus mulai mulang akèh bab marang wong-wong kuwi.
35 Wektu kuwi wis soré, murid-murid marani Yésus lan kandha, ”Panggonan iki adoh saka ngendi-endi lan saiki ya wis soré. 36 Kongkonen wong-wong kuwi mulih, supaya wong-wong kuwi isa tuku panganan ing désa-désa cedhak kéné.” 37 Yésus njawab, ”Kowé waé sing mènèhi wong-wong kuwi mangan.” Murid-muridé kandha, ”Apa aku kabèh kudu lunga kanggo tuku roti sing regané 200 dinar* lan mènèhké marang wong-wong kuwi kanggo dipangan?” 38 Yésus kandha, ”Coba deloken, kowé nduwé roti pira?” Sakwisé ndelok, murid-muridé kandha, ”Ana lima, uga ana iwak loro.” 39 Yésus ngongkon kabèh wong kuwi lungguh sakelompok-sakelompok ing suket ijo, 40 lan wong-wong kuwi padha lungguh. Sakelompok ana sing cacahé 100 wong lan ana sing 50 wong. 41 Yésus banjur njupuk roti lima lan iwak loro mau, terus ndhangak ndelok langit lan ndonga. Sakwisé kuwi, Yésus nyuwil-nyuwil roti kuwi lan mulai mènèhké marang murid-muridé kanggo diedumké marang wong-wong. Dhèwèké uga ngedum-edumké iwak loro kuwi kanggo kabèh wong. 42 Mula, kabèh wong kuwi mangan nganti wareg, 43 lan murid-murid nglumpukké sisané, ana 12 kranjang kebak, durung klebu iwaké. 44 Sing mangan roti kuwi cacahé 5.000 wong lanang.
45 Sakwisé kuwi, Yésus langsung ngongkon murid-muridé numpak prau lan lunga ndhisiki Yésus menyang sebrang ing arah Bètsaida. Wong akèh mau terus dikongkon mulih. 46 Sakwisé wong-wong kuwi mulih, Yésus munggah ing gunung kanggo ndonga. 47 Wengi kuwi, Yésus dhèwèkan ing kono, nanging prauné murid-muridé wis ana ing tengah laut. 48 Wektu weruh para muridé ngupaya ndhayung prauné merga nglawan angin, Yésus marani para muridé ing wayah subuh* nganggo cara mlaku ing ndhuwuré banyu laut. Nanging Yésus mlaku terus kaya-kaya arep ngliwati para muridé. 49 Wektu ndelok Yésus mlaku ing ndhuwur banyu laut, para murid mbengok, ”Ana sing lagi mlaku!”* 50 Para murid kewedèn wektu ndelok Yésus. Mula Yésus langsung kandha marang para murid, ”Kuwatna atimu! Aja wedi, iki aku.” 51 Banjur Yésus munggah ing prauné murid-muridé, lan anginé dadi mandheg. Murid-muridé padha nggumun ndelok kedadéan kuwi, 52 merga padha durung ngerti tegesé mukjijat roti mau, lan atiné angèl kanggo mangertèni.
53 Sakwisé tekan ing sebrang, Yésus lan murid-muridé tekan ing Génésarèt lan ninggal prauné ing kono. 54 Nanging sakwisé Yésus lan murid-muridé mudhun saka prau, wong-wong langsung isa nitèni Yésus. 55 Wong-wong kuwi mlayu kanggo ngandhani liyané ing kabèh dhaérah mau lan mulai ngusung wong-wong sing lara nganggo tandhu marang Yésus. 56 Ing saben kutha lan désa sing diparani Yésus, wong-wong padha nggawa wong sing lara menyang pasar-pasar, lan wong-wong kuwi padha nyuwun marang Yésus supaya éntuk ndemèk pucuk klambi njabané waé. Lan kabèh wong sing ndemèk padha mari.
7 Ana wong-wong Farisi lan ahli Taurat teka saka Yérusalèm lan nglumpuk ing sakiwa-tengené Yésus. 2 Banjur wong-wong kuwi weruh ana murid-muridé Yésus sing mangan nganggo tangan sing najis, yaiku tangan sing ora wijik* dhisik. 3 (Merga nggondhèli tradhisiné para leluhur, wong Farisi lan kabèh wong Yahudi mesthi ngwijiki tangané nganti tekan sikut sakdurungé mangan. 4 Sakwisé bali saka pasar, wong-wong kuwi mesthi ngresiki awaké sakdurungé mangan. Isih ana akèh tradhisi liyané sing ditindakké lan digondhèli karo wong-wong kuwi, contoné, ngekum gelas, téko, lan wadhah saka tembaga.) 5 Mula wong-wong Farisi lan ahli Taurat takon marang Yésus, ”Ngapa kok murid-muridmu ora nindakké tradhisiné para leluhur, nanging malah mangan nganggo tangan sing najis?” 6 Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Wong-wong munafik, bener banget sing diramalké Nabi Yésaya bab kowé. Dhèwèké nulis, ʼUmat iki ngurmati Aku mung ing lambé waé, nanging atiné adoh saka Aku. 7 Ora ana gunané wong-wong kuwi terus ngibadah marang Aku, merga sing diwulangké mung préntahé manungsa.ʼ 8 Kowé ninggalké préntahé Gusti Allah lan nggondhèli tradhisiné manungsa.”
9 Yésus neruské omongané, ”Kowé kuwi pinter banget nggolèk cara bèn ora nglakoni préntahé Gusti Allah supaya isa nglakoni tradhisimu. 10 Contoné, Musa kandha, ʼAjènana bapakmu lan ibumu,ʼ lan, ʼWong sing ngomong kasar* marang bapaké utawa ibuné kudu dipatèni.ʼ 11 Nanging kowé kandha, ʼWong éntuk kandha marang bapak utawa ibuné, ”Apa waé sing tak duwèni kanggo ngopèni bapak lan ibu, wis tak wènèhké dadi kurban (maksudé, persembahan sing kusus kanggo Gusti Allah).”ʼ 12 Dadi, kowé ora ngéntukké wong kuwi nindakké apa-apa manèh kanggo bapak utawa ibuné. 13 Mula, kowé ngrèmèhké pangandikané Gusti Allah merga tradhisi sing kok wulangké turun-temurun. Lan ana akèh manèh perkara kaya ngéné iki sing kok tindakké.” 14 Yésus ngundang manèh wong akèh sing ana ing kono, lan kandha, ”Kowé kabèh, rungokna aku, lan ngertènana iki. 15 Apa sing mlebu ing cangkemé wong ora nggawé dhèwèké najis, nanging apa sing metu saka wong, kuwi sing nggawé dhèwèké najis.” 16 *——
17 Sakwisé Yésus ninggalké wong-wong kuwi lan mlebu ing sawijiné omah, murid-muridé mulai takon bab umpama kuwi. 18 Mula Yésus kandha marang murid-muridé, ”Apa kowé ya isih durung ngerti kaya wong-wong kuwi? Apa kowé ora ngerti nèk apa sing mlebu ing cangkemé wong ora nggawé dhèwèké najis? 19 Merga kuwi ora mlebu ing atiné, nanging ing wetengé, lan akiré kuwi dibuwang ing jamban.” Dadi Yésus kandha nèk kabèh panganan kuwi halal. 20 Yésus neruské omongané, ”Wong dadi najis merga apa sing metu saka dhèwèké. 21 Merga saka njero, saka atiné manungsa, metu pikiran jahat, hubungan sèks sing ora sah,* nyolong, matèni, 22 laku jina, srakah, tumindak jahat, ngapusi, kurang ajar,* iri, ngrèmèhké, sombong, lan sikap ora masuk akal. 23 Kabèh bab sing jahat kuwi metu saka ati lan nggawé wong dadi najis.”
24 Saka kono, Yésus lunga menyang dhaérah Tirus lan Sidon. Ing kono, Yésus mlebu ing sawijiné omah lan ora péngin ana wong sing ngerti, nanging tetep waé wong-wong padha ngerti. 25 Ora let suwé sakwisé Yésus teka, ana wong wadon sing anaké wadon kesurupan roh najis krungu bab Yésus. Wong wadon kuwi teka lan sujud ing sikilé Yésus. 26 Wong wadon kuwi wong Yunani, sing lair ing Sirofénisia. Dhèwèké nyuwun terus marang Yésus supaya ngusir roh jahat kuwi saka anaké wadon. 27 Nanging Yésus kandha, ”Ora sakmesthiné njupuk rotiné bocah-bocah banjur diuncalké marang kirik. Ejarna dhisik bocah-bocah kuwi mangan nganti wareg.” 28 Nanging wong wadon kuwi njawab, ”Bener, Pak, nanging sakjané kirik-kirik ing ngisor méja padha mangan rontogan saka bocah-bocah kuwi.” 29 Mula Yésus kandha marang wong wadon kuwi, ”Merga kowé ngomong kaya ngono, lungaa, roh jahat kuwi wis metu saka anakmu.” 30 Wong wadon kuwi banjur mulih lan ndelok anaké lagi turu ing ambèn, lan roh jahat kuwi wis lunga.
31 Wektu Yésus bali saka dhaérah Tirus, dhèwèké lunga menyang Laut Galiléa liwat Sidon, ngliwati dhaérah Dékapolis.* 32 Ing kono, wong-wong nggawa marang Yésus wong lanang budheg sing nduwé gangguan wicara. Wong-wong kuwi nyuwun supaya Yésus numpangké tangané ing ndhuwuré wong mau. 33 Yésus banjur nggawa wong kuwi ngedoh saka wong-wong liyané. Wektu ora ana wong liya ing sakcedhaké, Yésus banjur nglebokké drijiné ing kupingé wong kuwi, lan sakwisé ngidu, Yésus ndemèk ilaté wong kuwi. 34 Yésus banjur ndhangak ndelok langit, ngunjal ambekan lan kandha, ”Effata,” sing tegesé ”Mengaa”. 35 Kupingé wong kuwi langsung kebukak. Gangguan wicarané mari, lan wong kuwi dadi isa cetha anggoné omongan. 36 Yésus nglarang wong-wong ngandhani sapa-sapa, nanging saya dilarang, wong-wong kuwi saya crita ing ngendi-endi. 37 Wong-wong kuwi padha nggumun banget, lan kandha, ”Kabèh sing dhèwèké tindakké nggumunké tenan. Malah dhèwèké nggawé wong budheg isa krungu lan wong bisu isa ngomong.”
8 Wektu kuwi, ana manèh akèh wong sing nglumpuk, lan wong-wong kuwi ora nduwé panganan. Mula Yésus nyeluk murid-muridé lan kandha, 2 ”Aku mesakké karo wong akèh iki. Wong-wong iki wis telung dina bareng aku lan wong-wong iki ora nduwé panganan. 3 Nèk aku ngongkon wong-wong iki mulih padahal wetengé isih luwé mengko isa semaput ing dalan, lan ing antarané wong-wong iki ana sing teka saka adoh.” 4 Nanging murid-muridé njawab, ”Panggonan iki adoh saka ngendi-endi, saka endi awaké dhéwé isa éntuk cukup roti kanggo ngekèki mangan wong akèh iki?” 5 Yésus takon, ”Kowé nduwé roti pira?” Murid-muridé njawab, ”Pitu.” 6 Yésus banjur ngongkon wong-wong kuwi lungguh ing lemah. Banjur Yésus njupuk roti pitu, ngucapké sokur, nyuwil-nyuwil roti kuwi, lan mulai ngekèkké marang murid-muridé kanggo diedumké, lan murid-muridé terus ngedumké kuwi marang wong-wong. 7 Murid-murid uga nduwé iwak cilik sing cacahé mung sithik. Sakwisé ngucap sokur, Yésus ngongkon murid-muridé ngedumké iwak kuwi. 8 Kabèh wong mangan nganti wareg, lan murid-murid nglumpukké sisané, akèhé nganti pitung kranjang gedhé.* 9 Wektu kuwi, ana kira-kira 4.000 wong lanang sing mangan. Banjur, Yésus ngongkon wong-wong kuwi mulih.
10 Sakwisé kuwi, Yésus langsung numpak prau karo para muridé lan tekan ing dhaérah Dalmanuta. 11 Ing kana, wong-wong Farisi padha mara lan mulai bebantahan karo Yésus. Wong-wong kuwi njaluk Yésus nduduhké tandha saka swarga kanggo nguji Yésus. 12 Mula, atiné Yésus dadi sedhih banget, lan kandha, ”Ngapa wong-wong jaman iki* njaluk tandha? Saktenané aku kandha, ora bakal ana tandha sing diwènèhké kanggo wong-wong jaman iki.” 13 Yésus banjur ninggalké wong-wong kuwi, numpak prau manèh, lan lunga menyang pantai sebrang.
14 Nanging murid-muridé Yésus lali nggawa roti, lan ora nduwé apa-apa ing prau sakliyané roti siji. 15 Yésus tegas ngélikké murid-muridé, ”Padha diawas. Waspadaa marang raginé wong-wong Farisi lan raginé Hérodès.” 16 Murid-murid mulai padha padu merga ora nggawa roti. 17 Yésus ngerti banjur kandha, ”Ngapa kok kowé padu bab roti? Apa kowé durung paham lan ngerti? Apa atimu isih durung ngerti? 18 ʼKowé nduwé mripat nanging ora isa ndelok. Kowé nduwé kuping nanging ora isa krungu.ʼ Apa kowé ora éling 19 wektu aku nyuwil-nyuwil limang roti kanggo 5.000 wong lanang, ana pirang kranjang sisané sing kok klumpukké?” Murid-murid njawab, ”Rolas.” 20 ”Wektu aku nyuwil-nyuwil pitung roti kanggo 4.000 wong lanang, ana pirang kranjang gedhé* sisané sing kok klumpukké?” Murid-murid njawab, ”Pitu.” 21 Yésus banjur takon, ”Apa kowé isih durung ngerti?”
22 Yésus lan murid-muridé tekan ing Bètsaida. Ing kono, wong-wong nggawa marang Yésus wong lanang wuta, lan wong-wong kuwi nyuwun supaya Yésus ndemèk dhèwèké. 23 Mula, Yésus banjur nyekel tangané wong wuta kuwi lan nuntun menyang njaba désa. Sakwisé ngidoni mripaté wong lanang kuwi, Yésus ndemèk mripaté lan takon, ”Apa sing kok delok?” 24 Wong lanang mau nyawang mengarep lan kandha, ”Aku ndelok wong-wong, nanging wong-wong kuwi kaya wit-witan sing mlaku mrana-mréné.” 25 Yésus banjur ndemèk mripaté wong lanang kuwi manèh, lan wong lanang kuwi isa ndelok kanthi cetha. Mripaté dadi mari, lan dhèwèké isa ndelok apa waé kanthi cetha. 26 Sakwisé kuwi, Yésus ngongkon wong lanang kuwi mulih, lan ngélikké, ”Aja mlebu menyang désa.”
27 Banjur Yésus lan murid-muridé lunga menyang dhaérah Kaisaréa Filipi. Pas ing dalan Yésus takon marang murid-muridé, ”Jaréné wong-wong, aku iki sapa?” 28 Murid-muridé njawab, ”Yohanes Pembaptis, nanging sing liyané kandha Élia, lan liyané manèh kandha salah sijiné nabi.” 29 Yésus banjur takon manèh, ”Nèk miturutmu, aku iki sapa?” Pétrus njawab, ”Panjenengan kuwi Kristus.” 30 Banjur Yésus kanthi tegas ngélikké murid-muridé supaya ora ngandhani sapa-sapa bab dhèwèké. 31 Yésus uga mulai mulang murid-muridé nèk Putrané manungsa kudu ngalami akèh kasangsaran lan ditolak karo para pemimpin, imam kepala, lan para ahli Taurat, banjur dipatèni, lan bakal urip manèh telung dina sakbanjuré. 32 Kabèh kuwi dikandhakké Yésus kanthi blak-blakan. Nanging Pétrus nggèrèd Yésus menyang samping lan ngélikké Yésus. 33 Yésus langsung minger, nyawang murid-muridé, lan ngélikké Pétrus, ”Lungaa saka ngarepku Sétan! Merga sing kok pikirké dudu pikirané Gusti Allah, nanging pikirané manungsa.”
34 Yésus banjur nyeluk wong-wong lan murid-muridé, terus kandha, ”Sapa waé sing péngin mèlu aku, dhèwèké kudu nolak pepénginané dhéwé, kudu mikul cagak paukumané,* lan terus ngetutké aku. 35 Merga sapa waé sing péngin nylametké nyawané* bakal kélangan nyawané, nanging sapa waé sing kélangan nyawané merga aku lan merga kabar apik, dhèwèké bakal urip manèh. 36 Sakjané, apa gunané wong éntuk kabèh sing ana ing donya iki nanging kélangan nyawané?* 37 Lan, saktenané, apa sing bakal dikèkké wong kanggo ngijoli nyawané?* 38 Ing generasi sing dosa lan ora setya* iki, sapa waé sing isin ngakoni aku lan omonganku, Putrané manungsa uga bakal isin ngakoni wong kuwi wektu Putrané manungsa teka karo para malaékat suci nganggo kuwasané* Bapaké.”
9 Banjur Yésus kandha, ”Saktenané aku kandha marang kowé, ing antaramu ana sing ora bakal mati sakdurungé ndelok Kratoné Allah teka nganggo kuwasa sing gedhé.” 2 Nem dina sakbanjuré, Yésus ngajak Pétrus, Yakobus, lan Yohanes menyang gunung sing dhuwur. Mung Yésus lan wong telu kuwi sing ana ing kono. Ing kono, wong telu kuwi ndelok wajahé Yésus malih,* 3 lan klambi njabané dadi saya putih lan padhang banget. Ora ana wong ing bumi sing isa mutihké kain nganti putihé ngungkuli kuwi. 4 Wong telu kuwi uga ndelok Élia lan Musa lagi omong-omongan karo Yésus. 5 Pétrus banjur kandha marang Yésus, ”Rabi,* aku kabèh seneng ana ing kéné. Mula ijinké aku ngedegké telung téndha: Siji kanggo panjenengan, siji kanggo Musa, lan sijiné kanggo Élia.” 6 Sakjané Pétrus bingung arep ngomong apa, merga wong telu kuwi padha wedi banget. 7 Banjur ana méga teka lan nutupi wong-wong kuwi, lan ana swara saka méga mau, ”Iki Putra-Ku sing Tak tresnani. Rungokna dhèwèké.” 8 Murid telu kuwi langsung nolèh ngiwa-nengen, lan ndelok ora ana wong liya manèh sing bareng wong-wong kuwi, kejaba mung Yésus.
9 Wektu mudhun saka gunung kuwi, Yésus kanthi tegas ngélikké murid-muridé supaya ora nyritakké apa sing wis didelok mau marang wong liya, nganti Putrané manungsa diuripké manèh saka antarané wong mati. 10 Murid-murid kuwi nganggep serius omongané Yésus.* Nanging wong telu kuwi rembugan dhéwé bab maksudé Yésus diuripké manèh saka antarané wong mati. 11 Murid-murid kuwi mulai takon marang Yésus, ”Apa sebabé para ahli Taurat kandha nèk Élia kudu teka dhisik sakdurungé Kristus?” 12 Yésus njawab, ”Élia pancèn teka luwih dhisik lan dhèwèké bakal nyiapké sakabèhé. Nanging apa hubungané karo ayat sing kandha nèk Putrané manungsa kudu ngalami akèh kasangsaran lan dirèmèhké? 13 Aku kandha marang kowé, Élia sakjané wis teka, nanging wong-wong tumindak sakarepé dhéwé marang dhèwèké, kaya sing wis ditulis bab dhèwèké.”
14 Wektu marani murid-murid liyané, Yésus lan muridé telu kuwi ndelok ana kumpulan wong ing sakiwa-tengené murid-murid liyané, ana uga ahli Taurat sing lagi bebantahan karo murid-murid kuwi. 15 Nanging wektu kumpulan wong kuwi weruh Yésus, wong-wong kuwi kagèt banjur padha mlayu marani Yésus kanggo ngucapké salam marang Yésus. 16 Mula Yésus takon, ”Kowé kabèh lagi bebantahan karo wong-wong kuwi bab apa?” 17 Salah siji wong saka kumpulan wong kuwi njawab, ”Guru, aku nggawa anakku lanang marang panjenengan, merga dhèwèké kesurupan roh jahat sing marahi dhèwèké bisu. 18 Saben roh jahat kuwi nyerang, bocah iki dibanting ing lemah, cangkemé metu busané,* lan untuné kerot-kerot, uga kentèkan tenaga. Aku wis nyuwun tulung murid-muridé panjenengan kanggo ngusir roh jahat kuwi, nanging murid-muridé panjenengan ora isa.” 19 Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Kowé kabèh kuwi wong-wong* sing ora nduwé iman, nganti kapan aku kudu ana ing antaramu? Nganti kapan aku kudu sabar karo kowé kabèh? Gawanen dhèwèké marang aku.” 20 Mula wong-wong nggawa bocah lanang kuwi marang Yésus. Nanging wektu ndelok Yésus, roh jahat kuwi langsung nggawé bocah kuwi kejang-kejang. Sakwisé tiba ing lemah, bocah kuwi gulung-gulung lan cangkemé metu busané.* 21 Yésus takon marang bapaké bocah kuwi, ”Wiwit kapan anakmu kaya ngéné iki?” Bapaké njawab, ”Wiwit cilik. 22 Roh jahat kuwi kerep nguncalké dhèwèké ing geni lan ing banyu kanggo matèni dhèwèké. Nanging nèk panjenengan isa, nyuwun tulung welasana aku lan tulungana aku.” 23 Yésus kandha, ”Ngapa kok kowé ngomong, ʼNèk panjenengan isaʼ? Ora ana sing mustahil kanggo wong sing nduwé iman.” 24 Bapaké bocah kuwi langsung mbengok, ”Aku nduwé iman! Tulungana supaya imanku luwih kuwat!”
25 Wektu Yésus ndelok wong akèh padha mlayu nyedhak, Yésus nggetak roh najis kuwi, ”Hé, roh bisu lan budheg, kowé tak préntahké, metua saka bocah iki lan aja bali manèh!” 26 Sakwisé mbengok lan nggawé bocah kuwi kejang-kejang, roh jahat kuwi metu. Bocah kuwi kétok kaya wong sing wis mati, mula akèh wong padha kandha, ”Dhèwèké mati!” 27 Nanging Yésus terus nyekel tangané bocah mau lan nangèkké dhèwèké. Bocah kuwi banjur ngadeg. 28 Sakwisé mlebu ing sawijiné omah lan ora ana wong liya ing kono, murid-muridé takon marang Yésus, ”Apa sebabé aku ora isa ngusir roh jahat kuwi?” 29 Yésus njawab, ”Sing kaya ngono kuwi mung isa diusir nganggo donga.”
30 Yésus lan para murid mangkat saka kono lan lunga ngliwati Galiléa, nanging Yésus ora péngin wong-wong ngerti bab kuwi. 31 Merga Yésus lagi mulang lan ngandhani murid-muridé, ”Putrané manungsa bakal diserahké* menyang tangané manungsa, lan wong-wong kuwi bakal matèni dhèwèké. Senajan dipatèni, telung dina sakbanjuré dhèwèké bakal urip manèh.” 32 Nanging, murid-muridé ora ngerti tegesé omongané Yésus, lan ora wani takon marang Yésus.
33 Yésus lan para murid tekan ing Kapernaum. Wektu ana ing njero omah, Yésus takon marang murid-muridé, ”Kowé mau pas ing dalan padha padu bab apa?” 34 Murid-muridé meneng waé, merga pas ing dalan mau padha padu bab sapa sing paling penting ing antarané murid-murid. 35 Mula Yésus lungguh lan nyeluk 12 rasulé, lan kandha, ”Nèk ana sing péngin dadi sing nomer siji, dhèwèké kudu dadi sing kèri dhéwé lan ngladèni kabèh wong.” 36 Banjur, Yésus nyeluk bocah cilik siji lan ngongkon dhèwèké ngadeg ing ngarepé para muridé. Yésus ngrangkul bocah cilik kuwi, lan kandha marang murid-muridé, 37 ”Sapa waé sing nampa bocah cilik kaya ngéné iki merga aku,* tegesé uga nampa aku. Lan sapa waé sing nampa aku, ora mung nampa aku, nanging uga nampa Panjenengané sing ngutus aku.”
38 Yohanes kandha marang Yésus, ”Guru, aku kabèh ndelok ana wong sing ngusir roh jahat nganggo jenengé panjenengan, lan aku kabèh wis nyoba ngalang-alangi dhèwèké, merga wong kuwi ora mèlu kita.” 39 Nanging Yésus kandha, ”Aja ngalang-alangi wong kuwi, merga ora ana wong sing nindakké mukjijat nganggo jenengku lan bar kuwi langsung ngèlèk-èlèk aku. 40 Wong sing ora nglawan kita, wong kuwi mihak kita. 41 Saktenané aku kandha marang kowé, sapa waé sing mènèhi kowé ngombé sak cangkir merga kowé duwèké Kristus, wong kuwi ora bakal kélangan opahé. 42 Nanging sapa sing marahi wong-wong sing kaya bocah cilik iki dadi ora nduwé iman,* luwih becik kanggo dhèwèké dikalungi watu gilingan* terus diuncalké ing laut.
43 ”Nèk tanganmu nyebabké kowé nindakké dosa,* tugelen kuwi. Luwih becik kowé cacad nanging nampa urip* ketimbang nduwé tangan loro nanging diuncalké ing Géhéna,* ing geni sing ora isa dipatèni. 44 *—— 45 Lan nèk sikilmu nyebabké kowé nindakké dosa,* tugelen kuwi. Luwih becik kowé cacad nanging nampa urip* ketimbang nduwé sikil loro nanging diuncalké ing Géhéna.* 46 *—— 47 Lan nèk mripatmu nyebabké kowé nindakké dosa,* buwangen kuwi. Luwih becik kowé nduwé mripat siji nanging mlebu ing Kratoné Allah ketimbang nduwé mripat loro nanging diuncalké ing Géhéna,* 48 ing kono sèt-sèté ora mati lan geniné tetep murub.
49 ”Merga saben wong* bakal diuyahi nganggo geni. 50 Uyah pancèn apik, nanging nèk uyah wis ora asin, nganggo apa kuwi isa diasinké manèh? Kowé kudu nduwé uyah ing uripmu, lan tetepa rukun karo siji lan sijiné.”
10 Yésus lunga saka kana lan tekan ing perbatasan Yudéa ing sebrangé Kali Yordan, lan wong-wong padha nglumpuk manèh ing sakiwa-tengené Yésus. Kaya biasané, Yésus mulang wong-wong kuwi. 2 Wong-wong Farisi banjur teka kanggo nguji Yésus, lan wong-wong kuwi takon apa wong lanang éntuk megat bojoné. 3 Yésus njawab wong-wong kuwi, ”Apa sing dipréntahké Musa marang kowé?” 4 Wong-wong kuwi njawab, ”Musa ngéntukké wong lanang nggawé surat pegatan resmi kanggo megat bojoné.” 5 Nanging Yésus kandha, ”Musa nulis préntah kuwi merga kowé ndableg. 6 Nanging saka wiwitan, ʼGusti Allah nggawé manungsa lanang lan wadon. 7 Mula, wong lanang bakal ninggalké bapaké lan ibuné, 8 lan loro-loroné kuwi bakal dadi sijiʼ,* mula wong lanang lan wadon kuwi dudu loro manèh, nanging siji. 9 Kuwi sebabé, apa sing wis didadèkké siji karo Gusti Allah ora éntuk dipisahké manungsa.” 10 Wektu bali ing omah, murid-murid mulai takon marang Yésus bab kuwi. 11 Yésus kandha marang murid-muridé, ”Nèk wong lanang megat bojoné lan nikah karo wong liya, dhèwèké laku jina lan ora setya marang bojoné. 12 Lan nèk wong wadon megat bojoné lan nikah karo wong liya, dhèwèké uga laku jina.”
13 Wong-wong padha nggawa bocah-bocah cilik marang Yésus supaya Yésus numpangké tangané ing ndhuwuré* bocah-bocah kuwi, nanging murid-muridé nyenèni wong-wong kuwi. 14 Wektu ndelok kuwi, Yésus nesu lan kandha marang murid-muridé, ”Ejarna waé bocah-bocah kuwi nyedhak marang aku, aja kok alang-alangi, merga Kratoné Allah bakal dadi duwèké wong-wong sing kaya ngono. 15 Saktenané aku kandha, sapa waé sing ora nampa Kratoné Allah kaya bocah cilik, ora bakal isa mlebu ing kono.” 16 Banjur, Yésus ngrangkul lan mulai mberkahi bocah-bocah kuwi, lan numpangké tangané ing ndhuwuré bocah-bocah kuwi.
17 Wektu Yésus neruské perjalanané, ana wong lanang mlayu nyedhak lan sujud ing ngarepé Yésus. Wong lanang kuwi takon, ”Guru Sing Apik, apa sing kudu tak tindakké supaya isa éntuk warisan urip saklawasé?” 18 Yésus kandha, ”Ngapa kowé nyebut aku apik? Ora ana sing apik kejaba Gusti Allah. 19 Kowé ngerti préntah iki: ʼAja matèni, aja laku jina, aja nyolong, aja mènèhi kesaksian palsu, aja ngapusi, ajènana bapakmu lan ibumu.ʼ” 20 Wong lanang kuwi kandha, ”Guru, wiwit cilik aku wis manut marang kabèh préntah kuwi.” 21 Yésus nyawang wong kuwi kanthi rasa tresna, lan kandha, ”Ana siji sing durung kok tindakké: Kabèh bandhamu edolen, terus hasilé wènèhna marang wong miskin, lan kowé bakal éntuk bandha ing swarga. Banjur dadia muridku.” 22 Nanging wong kuwi dadi sedhih krungu jawaban kuwi. Dhèwèké banjur lunga kanthi sedhih banget, merga bandhané akèh.
23 Yésus ndelok ngiwa-nengen lan kandha marang murid-muridé, ”Pancèn angèl banget kanggoné wong-wong sing nduwé dhuwit akèh mlebu ing Kratoné Allah.” 24 Nanging murid-muridé kagèt wektu krungu kuwi. Yésus banjur kandha, ”Anak-anakku, mlebu ing Kratoné Allah kuwi pancèn angèl banget. 25 Luwih gampang unta mlebu ing bolongané jarum ketimbang wong sugih mlebu ing Kratoné Allah.” 26 Murid-muridé dadi saya kagèt lan kandha marang Yésus,* ”Terus, apa ana wong sing isa slamet?” 27 Yésus mandeng murid-muridé lan kandha, ”Kanggoné manungsa iki mustahil, nanging kanggoné Gusti Allah ora, merga ora ana sing mustahil kanggoné Gusti Allah.” 28 Pétrus kandha marang Yésus, ”Aku kabèh wis ninggalké apa waé lan mèlu panjenengan.” 29 Yésus kandha, ”Saktenané aku kandha marang kowé, sapa waé sing ninggalké omahé, utawa kakangé, utawa mbakyuné, utawa adhiné, utawa ibuné, utawa bapaké, utawa anaké, utawa ladhangé merga aku lan merga kabar apik, 30 bakal nampa tikel 100 luwih akèh ing jaman saiki, yaiku omah, kakang, mbakyu, adhi, ibu, anak, lan ladhang, senajan karo ngalami aniaya. Lan ing jaman* mbésuk bakal nampa urip saklawasé. 31 Nanging akèh wong sing kapisan bakal dadi sing pungkasan, lan sing pungkasan bakal dadi sing kapisan.”
32 Yésus lan murid-muridé mlaku menyang Yérusalèm, lan Yésus mlaku ing ngarepé murid-muridé. Murid-muridé nggumun, nanging wong-wong sing ngetutké mulai ngrasa wedi. Sepisan manèh, Yésus ngajak 12 rasulé misah saka wong-wong liyané, lan mulai ngandhani bab apa waé sing bakal dialami Yésus, 33 ”Awaké dhéwé lagi mlaku menyang Yérusalèm, lan Putrané manungsa bakal diserahké marang para imam kepala lan ahli Taurat. Wong-wong kuwi bakal ngukum mati dhèwèké lan nyerahké dhèwèké marang wong-wong saka bangsa liya, 34 sing bakal ngécé, ngidoni, mecuti, lan matèni dhèwèké. Nanging telung dina sakbanjuré dhèwèké bakal urip manèh.”
35 Yakobus lan Yohanes, anak-anaké Zébédéus, marani Yésus lan kandha, ”Guru aku péngin panjenengan nindakké apa waé sing tak jaluk.” 36 Yésus takon, ”Kowé péngin aku nindakké apa?” 37 Wong loro kuwi njawab, ”Wektu panjenengan ana ing kamulyan, ijinké aku kabèh lungguh ing sisihé panjenengan, siji ing sisih tengen lan siji ing sisih kiwa.” 38 Yésus kandha marang wong loro kuwi, ”Kowé ora ngerti apa sing kok jaluk kuwi. Apa kowé isa ngombé saka cawan sing arep tak ombé, utawa dibaptis nganggo baptisan sing arep tak lakoni?” 39 Wong-wong kuwi njawab, ”Isa.” Yésus kandha, ”Pancèn kowé bakal ngombé saka cawan sing bakal tak ombé, lan kowé bakal dibaptis nganggo baptisan sing bakal tak lakoni. 40 Nanging, bab sapa sing lungguh ing sisih tengen lan sisih kiwaku, aku ora nduwé wewenang kanggo nemtokké kuwi. Panggonan-panggonan kuwi wis disiapké kanggo wong-wong sing wis ditemtokké Bapakku.”
41 Wektu krungu bab kuwi, sepuluh murid liyané dadi nesu marang Yakobus lan Yohanes. 42 Nanging Yésus nyeluk murid-muridé lan kandha, ”Kowé ngerti nèk wong-wong sing dianggep* dadi panguwasa bangsa-bangsa padha mréntah rakyaté, lan para pejabat uga nguwasani rakyaté. 43 Nanging kowé aja kaya ngono. Sapa waé sing péngin dadi sing utama kudu ngladèni liyané, 44 lan sapa waé sing péngin dadi nomer siji ing antaramu, kudu dadi budhak kanggo kabèh. 45 Putrané manungsa waé teka ora kanggo diladèni, nanging kanggo ngladèni lan masrahké uripé* dadi tebusan kanggo wong akèh.”
46 Yésus lan murid-muridé tekan Yérikho. Wektu metu saka Yérikho bareng karo kumpulan wong, ana wong ngemis sing wuta lungguh ing pinggir dalan, jenengé Bartiméus (anaké Timéus). 47 Wektu dhèwèké krungu nèk sing liwat kuwi Yésus wong Nazarèt, dhèwèké mulai mbengok lan kandha, ”Yésus, Putrané Daud, welasana aku!” 48 Wong-wong mulai nyenèni dhèwèké lan ngongkon supaya meneng. Nanging dhèwèké malah mbengok saya banter, ”Putrané Daud, welasana aku!” 49 Mula Yésus mandheg lan kandha, ”Undangen wong kuwi mréné.” Banjur wong-wong nyeluk wong wuta kuwi, lan kandha, ”Kuwatna atimu! Ngadega, dhèwèké ngundang kowé.” 50 Wong wuta kuwi mlumpat lan nguncalké klambi njabané, banjur marani Yésus. 51 Yésus takon marang wong kuwi, ”Kowé péngin aku nindakké apa kanggo kowé?” Wong wuta kuwi njawab, ”Rabuni,* tulungana aku supaya isa ndelok manèh.” 52 Yésus banjur kandha marang wong kuwi, ”Lungaa. Imanmu wis nggawé kowé mari.” Dhèwèké langsung isa ndelok, lan mulai ngetutké Yésus ing dalan.
11 Wektu Yésus lan murid-muridé wis cedhak Yérusalèm, lan tekan ing Bètfagé lan Bétani ing Gunung Zaitun, Yésus ngutus loro muridé 2 lan ngongkon, ”Lungaa menyang désa ing ngarep kuwi. Sakwisé mlebu désa kuwi, kowé bakal weruh anak keledai sing dicencang, sing durung tau ditunggangi wong. Uculana taliné banjur gawanen mréné. 3 Nèk ana wong sing takon, ʼNgapa kok kowé nindakké iki?ʼ jawaben, ʼGusti mbutuhké iki, lan mengko bakal ndang dibalèkké mréné manèh.ʼ” 4 Murid loro kuwi banjur lunga lan nemokké anak keledai sing dicencang ing ngarep lawang sawijiné omah ing pinggir dalan, banjur nguculi anak keledai kuwi. 5 Ana wong sing lagi ngadeg ing kono kandha, ”Ngapa kok kowé nguculi anak keledai kuwi?” 6 Murid loro kuwi njawab kaya sing wis diweling Yésus, lan wong kuwi ngejarké murid-murid lunga.
7 Murid loro mau nuntun anak keledai kuwi marang Yésus, banjur ndèlèhké klambi njabané ing ndhuwuré, lan Yésus lungguh ing ndhuwuré. 8 Uga, akèh wong nggelar klambi njabané ing dalan, lan wong-wong liyané padha ngethok pang-pangé wit saka ladhang. 9 Wong-wong sing mlaku ing ngarep lan mburiné Yésus padha mbengok, ”Paringana keslametan! Muga diberkahi wong sing teka nganggo asmané Yéhuwah! 10 Muga diberkahi Kraton sing bakal teka, Kratoné Daud, bapak kita! Sing ana ing swarga, paringana keslametan!” 11 Yésus banjur mlebu menyang Yérusalèm, lan lunga menyang bait. Ing kana, Yésus nggatèkké kabèh sing ana ing sakiwa-tengené, nanging merga wis soré, Yésus lunga menyang Bétani bareng karo 12 rasulé.
12 Ing dina sakbanjuré, wektu Yésus lan murid-muridé mangkat saka Bétani, Yésus krasa luwé. 13 Saka kadohan, Yésus ndelok ana wit ara sing akèh godhongé. Yésus banjur marani wit kuwi kanggo ndelok apa wit kuwi ana wohé. Nanging wektu tekan ing kono, Yésus ora nemokké wohé siji-sijia kejaba mung godhong, merga wektu kuwi pancèn durung usum woh ara. 14 Yésus banjur kandha marang wit kuwi, ”Ora ana wong sing bakal mangan wohmu manèh.” Murid-muridé krungu omongan kuwi.
15 Yésus lan murid-muridé teka ing Yérusalèm. Ing kana, Yésus mlebu menyang bait lan mulai ngusir kabèh wong sing dol-tinuku ing bait. Yésus uga njungkirké méja-méjané para tukang ngijoli dhuwit lan bangku-bangkuné wong-wong sing padha dodolan manuk dara. 16 Yésus uga nglarang sapa waé nggawa barang nrabas bait. 17 Yésus mulang wong-wong lan kandha, ”Apa kowé ora ngerti sing wis ditulis ing Kitab Suci? ʼOmah-Ku bakal disebut omah donga kanggo kabèh bangsaʼ, nanging malah kok dadèkké guwa rampok.” 18 Para imam kepala lan ahli Taurat krungu kuwi, lan mulai nggolèk cara kanggo matèni Yésus. Nanging, wong-wong kuwi wedi karo Yésus, merga kabèh wong ing kono padha nggumun karo wulangané.
19 Wektu wis soré, Yésus lan para muridé metu saka kutha kuwi. 20 Nanging wektu isih ésuk banget, pas lagi mlaku ing dalan, Yésus lan murid-muridé ndelok wit ara mau wis alum nganti tekan oyod-oyodé. 21 Pétrus banjur kèlingan karo wit kuwi, lan kandha marang Yésus, ”Rabi, deloken! Wit ara sing panjenengan kutuk kuwi wis alum.” 22 Banjur Yésus kandha marang murid-muridé, ”Nduwéa iman marang Gusti Allah. 23 Saktenané aku kandha, sapa waé sing ngongkon gunung iki, ʼMumbula lan njegura ing laut,ʼ lan ora ragu-ragu ing atiné nanging nduwé iman nèk apa sing dhèwèké omongké kuwi bakal kelakon, kuwi mesthi bakal kelakon. 24 Mula kowé padha tak kandhani, apa waé sing kok dongakké lan kok suwun, padha nduwéa iman nèk kowé wis nampa kuwi. Lan kowé mesthi bakal nampa apa sing kok suwun kuwi. 25 Wektu kowé ngadeg kanggo ndonga, apuranen kabèh salahé wong liya marang kowé, supaya Bapakmu sing ana ing swarga uga ngapurani salahmu.” 26 *——
27 Yésus lan murid-muridé teka manèh ing Yérusalèm. Wektu Yésus mlaku ing bait, para imam kepala, ahli Taurat, lan para pemimpin marani Yésus 28 lan takon, ”Nganggo wewenangé sapa kowé nindakké perkara-perkara iki? Utawa sapa sing mènèhi kowé wewenang iki?” 29 Yésus njawab, ”Aku uga arep takon marang kowé. Nèk kowé njawab pitakonanku, aku bakal ngandhani kowé saka ngendi aku éntuk wewenang kanggo nindakké kabèh iki. 30 Baptisan Yohanes kuwi asalé saka Gusti Allah* apa manungsa? Coba jawaben.” 31 Wong-wong kuwi mulai padha rembugan dhéwé, ”Nèk awaké dhéwé njawab, ʼSaka Gusti Allah,ʼ dhèwèké bakal kandha, ʼTerus, ngapa kowé ora percaya marang Yohanes?ʼ 32 Nanging, apa awaké dhéwé wani njawab, ʼSaka manungsaʼ?” Wong-wong mau wedi karo wong akèh, merga akèh wong padha nganggep nèk Yohanes kuwi bener-bener nabi. 33 Mula wong-wong kuwi njawab Yésus, ”Aku kabèh ora ngerti.” Yésus terus kandha, ”Nèk ngono, aku uga ora bakal ngandhani kowé nganggo wewenangé sapa aku nindakké kabèh iki.”
12 Banjur Yésus mulai ngomong marang wong-wong nganggo umpama, ”Ana wong lanang sing nggawé kebon anggur lan mageri kebon kuwi. Dhèwèké uga nggawé panggonan kanggo meres anggur lan ngedegké menara jaga. Banjur dhèwèké nyéwakké kebon angguré marang para petani, terus lunga menyang luar negri. 2 Wektu wis wayahé panèn anggur, dhèwèké ngutus salah siji budhaké marang para petani kuwi kanggo njupuk sebagéan woh anggur saka kebon anggur kuwi. 3 Nanging para petani mau nangkep budhak kuwi, nggebugi dhèwèké, lan budhak kuwi dikongkon lunga tanpa nggawa apa-apa. 4 Banjur dhèwèké ngutus budhak liyané manèh, nanging para petani mau nggebugi sirahé lan tumindak sewenang-wenang marang budhak kuwi. 5 Dhèwèké banjur ngutus budhak liyané, nanging para petani mau matèni budhak kuwi. Dhèwèké ngutus manèh akèh budhak liyané, nanging sebagéan budhak kuwi digebugi lan sebagéan dipatèni. 6 Saiki sing diduwèni mung kari wong siji, yaiku anaké lanang sing ditresnani. Akiré, dhèwèké ngutus anaké marang wong-wong kuwi, merga dhèwèké mikir, ʼWong-wong kuwi bakal ngajèni anakku.ʼ 7 Nanging para petani kuwi kandha marang siji lan sijiné, ʼWong kuwi ahli warisé. Ayo dipatèni, lan warisané bakal dadi duwèké awaké dhéwé.ʼ 8 Mula wong-wong kuwi nangkep, matèni, lan nyèrèd ahli waris kuwi menyang njabané kebon anggur. 9 Apa sing bakal ditindakké sing nduwé kebon anggur kuwi? Dhèwèké bakal teka lan matèni para petani kuwi, lan bakal nyéwakké kebon angguré marang wong-wong liya. 10 Apa kowé ora tau maca ayat iki ing Kitab Suci? ʼWatu sing ditolak tukang-tukang bangunan wis dadi watu sing utama. 11 Kuwi asalé saka Yéhuwah lan nggumunké banget kanggo kita.ʼ”
12 Wektu krungu kuwi, para imam kepala lan ahli Taurat péngin nangkep Yésus merga ngerti nèk wong-wong kuwi dhéwé sing lagi diomongké Yésus ing umpama mau. Nanging wong-wong kuwi wedi karo wong akèh, mula wong-wong kuwi lunga ninggalké Yésus.
13 Banjur wong-wong kuwi ngutus sapérangan wong Farisi lan pengikuté partai Hérodhès marang Yésus, kanggo nggawé Yésus kejebak omongané dhéwé. 14 Wektu tekan kono, wong-wong kuwi kandha marang Yésus, ”Guru, aku ngerti nèk sing panjenengan omongké kuwi mesthi bener. Panjenengan uga ora nggolèk alem ing ngarepé manungsa, merga panjenengan ora ndelok wong mung saka penampilané, nanging mulangké sing bener bab kersané Gusti Allah kanggo manungsa. Mula, kita éntuk mbayar pajeg kepala marang Kaisar apa ora? 15 Kita kudu mbayar apa ora?” Yésus ngerti nèk wong-wong kuwi munafik, mula Yésus kandha, ”Ngapa kowé nguji aku? Duduhna marang aku dhuwit dinar* siji.” 16 Wong-wong kuwi mènèhi Yésus dhuwit dinar siji. Yésus banjur takon, ”Gambar lan jenengé sapa sing ana ing dhuwit iki?” Wong-wong kuwi njawab, ”Kaisar.” 17 Banjur Yésus kandha, ”Wènèhna marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar, nanging marang Gusti Allah apa sing dadi duwèké Gusti Allah.” Wong-wong kuwi padha nggumun banget krungu omongané Yésus.
18 Banjur, ana wong-wong Saduki sing ora percaya nèk wong mati isa urip manèh. Wong-wong kuwi marani Yésus lan takon, 19 ”Guru, Musa nulis nèk wong lanang mati tanpa nduwé anak, kakangé utawa adhiné lanang kudu nikah karo randhané wong sing mati mau, supaya wong sing wis mati mau nduwé keturunan. 20 Ana wong lanang pitu kakang adhi. Sing kapisan nikah, nanging wektu mati, dhèwèké ora nduwé keturunan. 21 Banjur sing kapindho nikah karo randha mau, nanging mati tanpa nduwé keturunan, sing katelu ya ngono. 22 Kabèh wong pitu mau mati tanpa nduwé keturunan. Lan akiré wong wadon kuwi uga mati. 23 Wektu wong-wong mati diuripké manèh, wong wadon kuwi bakal dadi bojoné sapa? Merga wong lanang pitu mau wis tau dadi bojoné.” 24 Yésus njawab, ”Kowé ora ngerti Kitab Suci lan kuwasané Gusti Allah, mulané kowé klèru. 25 Wektu wong-wong mati diuripké manèh, wong lanang lan wong wadon ora bakal nikah utawa dinikahké, nanging bakal dadi kaya malaékat ing swarga. 26 Nanging bab wong mati sing diuripké manèh, apa kowé ora tau maca ing kitab Musa bab suket eri sing murub? Wektu kuwi Gusti Allah ngendika marang Musa, ʼAku Gusti Allahé Abraham, Gusti Allahé Ishak, lan Gusti Allahé Yakub.ʼ 27 Panjenengané kuwi dudu Gusti Allahé wong mati, nanging Gusti Allahé wong urip. Kowé klèru banget.”
28 Salah siji ahli Taurat sing teka ing kono krungu bab bebantahan kuwi. Dhèwèké ngerti nèk Yésus mènèhi jawaban nganggo cara sing apik, mula dhèwèké takon, ”Préntah endi sing paling penting saka kabèh préntah liyané?” 29 Yésus njawab, ”Iki sing paling penting: ʼIsraèl, rungokna! Yéhuwah kuwi Gusti Allah kita, Yéhuwah kuwi ésa, 30 lan tresnaa marang Yéhuwah Gusti Allahmu sakwutuhé atimu, sakwutuhé nyawamu,* sakwutuhé pikiranmu, lan sakwutuhé kekuwatanmu.ʼ 31 Sing kapindho, ʼTresnaa marang pepadhamu* kaya kowé nresnani awakmu dhéwé.ʼ Ora ana préntah liya sing luwih penting ketimbang rong préntah kuwi.” 32 Ahli Taurat kuwi kandha marang Yésus, ”Guru, jawabané panjenengan apik banget lan cocog karo apa sing bener yaiku, ʼGusti Allah kuwi ésa, lan ora ana Gusti Allah liya sakliyané Panjenenganéʼ. 33 Lan, nresnani Panjenengané nganggo sakwutuhé ati, sakwutuhé pikiran,* lan sakwutuhé kekuwatan, uga nresnani pepadha* kaya nresnani awaké dhéwé kuwi luwih penting ketimbang mènèhké kurban bakaran lan kurban liyané.” 34 Merga ngerti nèk wong lanang kuwi njawab kanthi wicaksana, Yésus kandha marang dhèwèké, ”Kowé ora adoh saka Kratoné Allah.” Sakwisé kuwi, ora ana wong sing wani takon manèh marang Yésus.
35 Nanging wektu mulang ing bait, Yésus takon, ”Apa sebabé ahli Taurat kandha nèk Kristus kuwi putrané Daud? 36 Daud sing dituntun roh suci kandha, ʼYéhuwah ngendika marang Gustiku, ”Lungguha ing sisih tengen-Ku nganti Aku nggawé mungsuh-mungsuhmu ana ing sakngisoré sikilmu.”ʼ 37 Nèk Daud waé nyebut Kristus kuwi Gusti, kok isa Kristus kuwi disebut putrané Daud?”
Akèh wong sing ana ing kono padha seneng ngrungokké Yésus. 38 Wektu mulang, Yésus kandha, ”Padha ngati-atia karo para ahli Taurat sing seneng mloka-mlaku nganggo jubah dawa lan péngin nampa salam hormat ing panggonan-panggonan umum* 39 uga seneng lungguh ing kursi ngarep dhéwé* ing sinagogé* lan panggonan kanggo tamu penting ing pésta. 40 Wong-wong kuwi ngrampas omahé* randha-randha, lan dongané dawa-dawa mung kanggo pamèr. Wong-wong kuwi bakal éntuk hukuman sing luwih abot.”
41 Yésus banjur lungguh madhep kothak-kothak sumbangan lan mulai nggatèkké wong-wong sing nglebokké dhuwit ing kono. Akèh wong sugih nglebokké dhuwit sing akèh. 42 Banjur ana randha miskin sing teka lan nglebokké rong dhuwit rècèh sing cilik banget ajiné.* 43 Mula Yésus nyeluk murid-muridé lan kandha, ”Saktenané aku kandha, randha miskin iki nglebokké luwih akèh ketimbang kabèh wong liya sing nglebokké dhuwit ing kothak sumbangan. 44 Wong-wong kuwi mènèhi saka kaluwihan bandhané. Nanging randha kuwi senajan miskin, nglebokké kabèh duwèké, yaiku kabèh sing diduwèni kanggo nyambung uripé.”
13 Wektu Yésus metu saka bait, salah siji muridé kandha, ”Guru, deloken watu-watu lan bangunan sing éndah banget iki.” 2 Nanging Yésus kandha marang dhèwèké, ”Apa kowé ndelok kabèh bangunan sing gedhé iki? Kabèh iki bakal diambrukké. Ora ana siji-sijia watu sing isih numpuk ing ndhuwuré watu liyané.”
3 Yésus lagi lungguh ing Gunung Zaitun lan madhep bait. Banjur Pétrus, Yakobus, Yohanes, lan Andréas takon marang Yésus wektu ora ana wong liya, 4 ”Kandhanana aku kabèh, kapan bab-bab kuwi bakal kelakon, lan apa sing bakal dadi tandha nèk pungkasané kabèh iki wis cedhak?” 5 Mula Yésus ngandhani wong-wong kuwi, ”Ngati-atia supaya aja nganti ana sing nyasarké kowé kabèh. 6 Akèh wong bakal teka nganggo jenengku, nganggo cara kandha, ʼAku iki Kristus,ʼ lan wong-wong kuwi bakal nyasarké akèh wong. 7 Lan, nèk kowé krungu swara perang lan warta-warta bab perang, aja kuwatir. Bab-bab iki kudu kelakon, nanging kuwi durung pungkasané.
8 ”Merga bangsa bakal nglawan bangsa, lan kerajaan nglawan kerajaan. Bakal ana gempa bumi ing ngendi-endi, uga bakal ana kurang pangan. Nanging kuwi kabèh mung lagi wiwitané kasangsaran.*
9 ”Kowé kudu waspada. Wong-wong bakal nggawa kowé menyang pengadilan, lan kowé bakal digebugi ing sinagogé-sinagogé* lan digawa menyang ngarepé gubernur lan raja merga aku, supaya kowé isa mènèhi kesaksian marang wong-wong kuwi. 10 Uga, kabar apik kudu diwartakké dhisik marang kabèh bangsa. 11 Wektu wong-wong kuwi nangkep kowé kanggo nyerahké kowé, aja kuwatir bab apa sing kudu kok omongké. Omongna waé apa sing diwènèhké marang kowé ing wektu kuwi, merga sing ngomong dudu kowé, nanging roh suci. 12 Sakliyané kuwi, wong bakal masrahké seduluré kandung kanggo dipatèni, lan bapak bakal masrahké anaké, lan anak-anak bakal nglawan lan masrahké wong tuwané kanggo dipatèni. 13 Lan kowé bakal disengiti kabèh wong merga kowé muridku.* Nanging wong sing tekun nganti pungkasan bakal dislametké.
14 ”Nanging, wektu kowé ndelok perkara sing njijiki sing nyebabké karusakan ngadeg ing panggonan sing ora sakmesthiné (sing maca kudu mikirké tenanan supaya isa ngerti maksudé), wong-wong sing ana ing Yudéa kudu mulai mlayu menyang pegunungan. 15 Wong sing ana ing ndhuwur omah,* aja mudhun utawa mlebu ing njero omah kanggo njupuk apa waé sing ana ing omahé. 16 Lan wong sing ana ing ladhang aja bali kanggo njupuk klambi njabané. 17 Cilaka wong wadon sing mbobot lan sing isih nyusoni bayi ing mangsa kuwi! 18 Terusa ndonga supaya kuwi ora kedadéan ing musim dingin. 19 Merga wektu kuwi bakal dadi mangsa kasangsaran sing durung tau kedadéan saka wiwitané Gusti Allah nggawé donya* nganti saiki, lan ora bakal kedadéan manèh. 20 Sakjané nèk Yéhuwah ora nggawé singkat dina-dina kuwi, ora bakal ana wong sing dislametké. Nanging merga wong-wong pilihan, Panjenengané bakal nggawé singkat mangsa kuwi.
21 ”Uga, aja percaya nèk ana wong sing kandha, ʼDeloken! Kristus ana ing kéné,ʼ utawa, ʼDeloken! Dhèwèké ana ing kana.ʼ 22 Merga bakal ana Kristus-Kristus palsu lan nabi-nabi palsu, sing bakal nggawé akèh mukjijat* kanggo nyasarké wong, nèk isa uga wong-wong pilihan. 23 Mula, waspadaa. Kabèh iki wis tak kandhakké marang kowé sakdurungé kuwi kelakon.
24 ”Nanging ing mangsa kuwi, sakwisé kasangsaran kuwi, srengéngé bakal dadi peteng, bulan bakal ilang cahyané, 25 bintang-bintang bakal padha tiba saka langit, lan kuwasa-kuwasa sing ana ing langit bakal digoncangké. 26 Banjur, wong-wong kuwi bakal ndelok Putrané manungsa teka ing ndhuwur méga-méga nganggo kuwasa sing gedhé lan kamulyan. 27 Terus dhèwèké bakal ngutus para malaékat lan bakal nglumpukké wong-wong pilihané saka patang arah mata angin, saka pucuk bumi tekan pucuk langit.
28 ”Padha sinaua saka umpama bab wit ara: Sakwisé pang-pangé sing enom dadi empuk lan ngetokké godhong-godhong, kowé ngerti nèk musim panas wis cedhak. 29 Semono uga kowé, nèk kowé ndelok kabèh iki kelakon, ngertia nèk Putrané manungsa wis cedhak, wis ing ngarep lawang. 30 Saktenané aku kandha marang kowé, generasi iki ora bakal sirna nganti kabèh iki kelakon. 31 Langit lan bumi bakal sirna, nanging omonganku bakal tetep ana nganti saklawasé.
32 ”Bab dina utawa jamé, ora ana sing ngerti. Malaékat-malaékat ing swarga ora ngerti, Putra ya ora ngerti, mung Bapak sing ngerti. 33 Terusa jaga-jaga, tetepa waspada, merga kowé ora ngerti kapan wektu sing ditemtokké kuwi. 34 Kuwi kaya wong lanang sing lunga menyang luar negri lan ninggalké omahé, lan mènèhi budhak-budhaké wewenang kanggo ngurus omahé. Dhèwèké mènèhi tugas marang saben budhaké, lan mréntahké sing jaga lawang kanggo terus jaga-jaga. 35 Mula terusa jaga-jaga, merga kowé ora ngerti kapan sing nduwé omah bakal teka, apa ing wayah wengi utawa tengah wengi utawa sakdurungé subuh* utawa ésuk umun-umun, 36 supaya wektu dhèwèké ujug-ujug teka, dhèwèké ora ngonangi kowé lagi turu. 37 Sing tak omongké marang kowé, uga tak omongké marang kabèh wong: Terusa jaga-jaga.”
14 Paskah lan Riyaya Roti Tanpa Ragi kari rong dina manèh. Para imam kepala lan ahli Taurat nggolèk cara kanggo nangkep Yésus nganggo cara sing licik lan matèni dhèwèké. 2 Nanging wong-wong kuwi kandha, ”Aja pas riyaya, merga mengko isa marakké gègèran.”
3 Wektu Yésus lagi maem ing Bétani, ing omahé Simon sing mbiyèn lara kusta, ana wong wadon sing marani Yésus karo nggawa botol marmer isi lenga wangi, yaiku lenga narwastu* murni sing larang banget regané. Wong wadon kuwi mbukak botolé lan mulai ngesokké alon-alon ing sirahé Yésus. 4 Wektu weruh kuwi, ana sapérangan wong sing nesu lan kandha marang siji lan sijiné, ”Ngapa lenga wangi kuwi dibuwang-buwang? 5 Nèk diedol, lenga wangi kuwi kan isa payu luwih saka 300 dinar,* lan dhuwité isa diwènèhké marang wong-wong miskin!” Wong-wong kuwi jèngkèl banget* karo wong wadon mau. 6 Nanging Yésus kandha, ”Ejarna waé dhèwèké. Ngapa kok kowé ngomong kaya ngono bab wong wadon iki? Dhèwèké wis tumindak apik marang aku. 7 Merga wong mlarat bakal terus ana karo kowé, lan kowé isa tumindak apik marang wong-wong kuwi kapan waé, nanging aku ora bakal terus ana karo kowé. 8 Wong wadon kuwi wis nglakoni apa sing isa dilakoni. Dhèwèké ngesokké lenga wangi kuwi ing awakku kanggo nyiapké penguburanku. 9 Saktenané aku kandha, ing ngendi waé kabar apik diwartakké ing saklumahing bumi, sing ditindakké wong wadon iki uga bakal dicritakké kanggo ngéling-éling dhèwèké.”
10 Banjur, Yudas Iskariot, salah siji saka antarané 12 rasul, lunga nemoni para imam kepala kanggo masrahké* Yésus marang wong-wong kuwi. 11 Wektu krungu kuwi, wong-wong mau seneng banget lan janji bakal mènèhi Yudas dhuwit pérak. Dadi Yudas mulai nggolèk kesempatan kanggo masrahké* Yésus.
12 Ing dina kapisan Riyaya Roti Tanpa Ragi, yaiku wektu wong-wong biasané padha mènèhké kurban Paskah, murid-muridé Yésus takon, ”Panjenengan péngin aku lunga lan nyiapké maeman kanggo Riyaya Paskah ing ngendi?” 13 Yésus banjur ngutus muridé loro lan kandha, ”Mlebua ing kutha, lan ing kono wong lanang sing nggawa genthong wadhah banyu bakal nemoni kowé. Etutna wong kuwi, 14 lan ing ngendi waé wong kuwi mlebu, omonga karo sing nduwé omah, ʼGuru kandha, ”Ing ngendi kamar tamu sing isa tak enggo mangan Paskah karo murid-muridku?”ʼ 15 Dhèwèké bakal nduduhké kamar sing gedhé ing lantai ndhuwur sing wis disiapké supaya isa dienggo. Siapna Paskah kanggo awaké dhéwé ing kono.” 16 Mula murid-murid kuwi lunga lan mlebu ing kutha, banjur weruh nèk kabèh kelakon kaya sing diomongké Yésus, lan murid-murid nyiapké Paskah.
17 Wektu wis wengi, Yésus teka karo 12 rasulé. 18 Wektu lagi padha lungguh lan mangan, Yésus kandha, ”Saktenané aku kandha, salah siji saka antaramu sing mangan bareng karo aku bakal ngianati aku.” 19 Murid-murid mulai sedhih banget lan saben wong gentènan kandha marang Yésus, ”Dudu aku, ta?” 20 Yésus kandha, ”Wong kuwi salah siji saka 12 wong ing antaramu, yaiku sing nyelupké rotiné ing mangkok bareng karo aku. 21 Merga, Putrané manungsa bakal lunga, kaya sing wis ditulis bab dhèwèké. Nanging, cilaka kanggo wong sing ngianati Putrané manungsa. Luwih becik nèk wong kuwi ora lair.”
22 Wektu isih padha maem, Yésus njupuk roti, ndonga, nyuwil-nyuwil roti kuwi, banjur diwènèhké marang murid-muridé karo kandha, ”Jupuken, iki nglambangké badanku.” 23 Sakwisé kuwi, Yésus njupuk cawan, banjur ngucap sokur lan mènèhké marang murid-muridé, lan para muridé padha ngombé saka cawan kuwi. 24 Lan Yésus kandha, ”Iki nglambangké getihku, yaiku ʼgetih kanggo perjanjianʼ, sing bakal diecurké kanggo kepentingané wong akèh. 25 Saktenané aku kandha, aku ora bakal ngombé anggur manèh nganti wektuné aku ngombé anggur sing anyar ing Kratoné Allah.” 26 Akiré, sakwisé nyanyi lagu pamuji,* Yésus lan para muridé lunga menyang Gunung Zaitun.
27 Yésus kandha marang para muridé, ”Kowé kabèh bakal kesandhung, merga Kitab Suci kandha, ʼAku bakal nyerang pangoné, lan wedhus-wedhusé bakal kocar-kacir.ʼ 28 Nanging sakwisé aku diuripké manèh, aku bakal ndhisiki kowé menyang Galiléa.” 29 Nanging Pétrus kandha, ”Senajan kabèh kesandhung, aku ora bakal kesandhung.” 30 Wektu kuwi Yésus kandha marang Pétrus, ”Saktenané aku kandha, ing dina iki, ing wengi iki, sakdurungé jago kluruk ping pindho, kowé bakal ora ngakoni aku nganti ping telu.” 31 Nanging Pétrus tetep ngotot, ”Senajan aku kudu mati karo panjenengan, ora mungkin aku ora ngakoni panjenengan.” Para murid liyané uga padha ngomong kaya ngono.
32 Banjur Yésus lan murid-muridé tekan ing panggonan sing disebut Gètsemani, lan Yésus kandha marang murid-muridé, ”Lungguha ing kéné dhisik, aku arep ndonga.” 33 Yésus ngajak Pétrus, Yakobus, lan Yohanes. Yésus mulai ngrasa wedi lan kuwatir banget, uga susah banget atiné. 34 Yésus kandha marang murid-muridé, ”Aku* sedhih banget, rasané kaya arep mati. Padha entènana ing kéné lan terusa jaga-jaga.” 35 Sakwisé maju sithik saka kono, Yésus banjur sujud lan mulai ndonga, supaya nèk isa, dhèwèké ora usah ngalami kahanan sing angèl kuwi. 36 Lan Yésus kandha, ”Abba,* Bapak, ora ana sing mustahil kanggo Panjenengan. Singkirna cawan iki saka aku. Nanging dudu karepku sing kuduné kelakon, mung kersané Panjenengan sing kudu kelakon.” 37 Yésus bali lan weruh murid-muridé padha turu, Yésus kandha marang Pétrus, ”Simon, apa kowé turu? Apa kowé ora kuwat kanggo tetep jaga-jaga sak jam waé? 38 Tetepa jaga-jaga lan terusa ndonga, supaya kowé ora nyerah marang godha. Ati pancèn kepéngin nglakoni, nanging awak* ora kuwat.” 39 Banjur Yésus lunga manèh lan ndonga, ngucapké bab sing padha. 40 Yésus bali manèh lan weruh murid-muridé padha turu, merga mripaté ora kuwat melèk. Dadi para murid ora ngerti kudu ngomong apa marang Yésus. 41 Yésus bali manèh kanggo sing kaping teluné lan kandha marang para murid, ”Ing wektu kaya ngéné iki kowé malah turu lan ngaso! Wis cukup! Saiki wektuné! Deloken! Putrané manungsa bakal diserahké menyang tangané wong-wong sing dosa. 42 Tangia, ayo lunga. Deloken! Sing ngianati aku wis teka.”
43 Wektu Yésus isih omongan, Yudas, salah siji saka antarané 12 rasul, teka karo grombolan wong sing nggawa pedhang lan penthung, sing diutus para imam kepala, ahli Taurat, lan pemimpin. 44 Pengkhianat kuwi wis mènèhi tandha. Dhèwèké kandha, ”Wong sing tak ambung, yakuwi wongé. Tangkepen lan gawanen wong kuwi, jaganen sing tenanan.” 45 Dhèwèké langsung nyedhaki Yésus, lan kandha, ”Rabi!” terus ngambung Yésus. 46 Banjur wong-wong kuwi nangkep Yésus. 47 Nanging, salah siji sing ngadeg ing kono ngetokké pedhangé banjur nyerang budhaké imam agung, lan nyabet kupingé nganti pothol. 48 Nanging Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Apa aku iki rampok, kok kowé nganti nggawa pedhang lan penthung kanggo nangkep aku? 49 Saben dina aku ana ing bait karo kowé kanggo mulang, nanging kowé ora nangkep aku. Nanging iki supaya apa sing ditulis ing Kitab Suci kelakon.”
50 Banjur kabèh murid padha mlayu lan ninggalké Yésus. 51 Nanging ana wong lanang sing isih enom sing ngetutké Yésus saka cedhak. Wong lanang enom kuwi mung nganggo kain linen alus kanggo nutupi awaké sing wuda. Wektu wong-wong ngupaya nangkep dhèwèké, 52 wong lanang enom kuwi ninggalké kain linené lan mlayu karo wuda.*
53 Banjur Yésus digawa marang imam agung. Kabèh imam kepala, pemimpin, lan ahli Taurat wis ngumpul ing kono. 54 Nanging saka kadohan, Pétrus ngetutké Yésus nganti tekan ing halaman omahé imam agung. Pétrus lungguh ing cedhak geni karo para pembantu omah kuwi bèn awaké anget. 55 Para imam kepala lan kabèh anggota Sanhèdrin* nggolèk-nggolèk kesaksian kanggo nudhuh Yésus, supaya isa ngukum mati dhèwèké. Nanging wong-wong kuwi ora nemokké apa-apa. 56 Akèh sing mènèhi kesaksian palsu bab Yésus, nanging kesaksiané wong-wong kuwi padha ora gathuk. 57 Uga ana wong-wong sing ngadeg lan mènèhi kesaksian palsu bab Yésus. Wong-wong kuwi kandha, 58 ”Aku krungu dhèwèké kandha, ʼAku bakal ngambrukké bait iki sing digawé nganggo tangan, lan ing wektu telung dina aku bakal mbangun bait liyané sing ora digawé nganggo tangan.ʼ” 59 Nanging uga ing bab iki, kesaksiané wong-wong kuwi ora gathuk.
60 Banjur imam agung ngadeg ing tengah-tengahé wong-wong lan nakoni Yésus, ”Apa kowé ora péngin njawab? Apa kowé ora krungu tudhuhané wong-wong iki marang kowé?” 61 Nanging Yésus meneng waé lan babar blas ora njawab. Banjur imam agung mulai takon manèh marang Yésus, ”Apa kowé Kristus, Putra saka Gusti Allah Sing Suci?” 62 Banjur Yésus njawab, ”Iya, lan kowé bakal ndelok Putrané manungsa lungguh ing sisih tengené Sing Kuwasa* lan teka nganggo méga-méga langit.” 63 Banjur imam agung nyuwèk klambi njabané lan kandha, ”Apa awaké dhéwé isih butuh seksi-seksi manèh? 64 Kowé kabèh wis krungu dhéwé nèk wong iki ngrèmèhké Gusti Allah. Saiki, piyé keputusanmu?” Wong-wong kuwi padha kandha nèk Yésus pantes mati. 65 Banjur ana wong-wong sing mulai ngidoni Yésus, nutupi rainé lan njotosi Yésus karo kandha, ”Nèk kowé nabi, kandhanana aku sapa sing ngamplengi kowé.” Lan para petugas pengadilan ngamplengi rainé Yésus, banjur nggawa Yésus lunga.
66 Wektu Pétrus ana ing ngisor, ing halaman, salah siji pembantuné wadon imam agung mara. 67 Wektu weruh Pétrus ngadeg ing cedhak geni, wong wadon kuwi nyawang Pétrus lan kandha, ”Kowé ya kancané Yésus, wong Nazarèt kuwi.” 68 Nanging Pétrus ora ngaku, dhèwèké kandha, ”Aku ora kenal karo dhèwèké, aku ora ngerti maksud omonganmu,” lan Pétrus metu menyang arah gerbang. 69 Ing kono, pembantu wadon kuwi ndelok dhèwèké lan mulai kandha manèh marang wong-wong sing ngadeg ing kono, ”Wong iki tunggalé wong-wong kuwi.” 70 Pétrus ora ngaku manèh. Ora let suwé, wong-wong sing ngadeg ing kono mulai kandha manèh marang Pétrus, ”Kowé mesthi tunggalé wong-wong kaé, merga kowé kan wong Galiléa.” 71 Nanging Pétrus siap dikutuk nèk ngapusi lan sumpah, ”Aku ora kenal karo wong sing kok omongké kuwi!” 72 Ing wektu kuwi uga, pitik jago kluruk kaping pindhoné. Pétrus banjur kèlingan omongané Yésus, ”Sakdurungé jago kluruk ping pindho, kowé bakal ora ngakoni aku ping telu.” Pétrus ora isa ngendhalèni perasaané lan dhèwèké mulai nangis.
15 Wektu isih ésuk banget, kabèh anggota Sanhèdrin* yaiku para imam kepala, pemimpin,* lan ahli Taurat padha rembugan. Wong-wong kuwi mbanda* Yésus, banjur nggawa lan nyerahké dhèwèké marang Pilatus. 2 Mula Pilatus takon marang Yésus, ”Apa kowé Rajané Wong Yahudi?” Yésus njawab, ”Kowé dhéwé sing ngomong.” 3 Nanging para imam kepala padha ngejokké akèh tudhuhan bab Yésus. 4 Pilatus mulai takon manèh marang Yésus, ”Apa kowé ora péngin njawab? Apa kowé ora krungu tudhuhané wong-wong iki marang kowé?” 5 Nanging Yésus ora njawab manèh, mula Pilatus dadi nggumun.
6 Ing saben Riyaya Paskah, Pilatus biasané mbébaské tahanan siji sing dijaluk wong-wong. 7 Wektu kuwi, ana wong lanang sing jenengé Barabas lagi dipenjara karo wong-wong liya sing mbrontak nglawan pamréntah. Wong-wong kuwi padha matèni wektu mbrontak. 8 Mula akèh wong padha nyedhak lan mulai ngomongké penjaluké marang Pilatus, kaya sing wis biasané ditindakké. 9 Pilatus banjur takon marang wong akèh kuwi, ”Apa kowé péngin aku mbébaské Rajané Wong Yahudi?” 10 Pilatus ngerti nèk para imam kepala nyerahké Yésus merga iri. 11 Mula, para imam kepala ngojok-ojoki wong akèh kuwi supaya njaluk Barabas waé sing dibébaské. 12 Pilatus njawab, ”Nèk ngono, wong sing kok sebut Rajané Wong Yahudi kuwi kudu tak apakké?” 13 Wong-wong kuwi mbengok manèh, ”Patènana wong kuwi ing cagak!” 14 Pilatus takon, ”Apa sebabé? Kejahatan apa sing wis dhèwèké tindakké?” Nanging wong-wong kuwi mbengok saya banter, ”Patènana wong kuwi ing cagak!” 15 Mula, Pilatus mbébaské Barabas kanggo wong-wong kuwi merga péngin nyenengké wong akèh. Lan sakwisé ngongkon Yésus dipecuti, Pilatus masrahké Yésus marang wong-wong kuwi kanggo dihukum mati ing cagak.
16 Para prajurit banjur nggawa Yésus menyang halaman omahé gubernur, lan ngundang kabèh pasukan kanggo nglumpuk. 17 Para prajurit kuwi nganggokké jubah ungu marang Yésus, uga nggawé mahkota saka tanduran eri lan nganggokké kuwi ing sirahé Yésus, 18 banjur mbengok, ”Salam, hé Rajané Wong Yahudi!” 19 Para prajurit kuwi uga menthungi sirahé Yésus nganggo sak lonjor kayu lan ngidoni dhèwèké, banjur jèngkèng lan sujud ing ngarepé Yésus. 20 Akiré, sakwisé ngécé Yésus, wong-wong kuwi nyopot jubah ungu sing dienggo Yésus lan nganggokké klambi njabané, banjur nggawa Yésus kanggo dipaku ing cagak. 21 Para prajurit kuwi uga meksa sawijiné wong sing lagi liwat kanggo ngangkat cagak paukumané* Yésus. Wong kuwi jenengé Simon saka Kiréné, sing teka saka désa, dhèwèké kuwi bapaké Alèksander lan Rufus.
22 Banjur, wong-wong kuwi ngarak Yésus menyang panggonan sing disebut Golgota, sing artiné ”Panggonan Tengkorak”. 23 Ing kono, para prajurit kuwi nyoba mènèhi Yésus anggur sing dicampur mur,* nanging Yésus ora gelem ngombé. 24 Para prajurit kuwi maku Yésus ing cagak, lan ngedum-edum klambi njabané Yésus nganggo cara nguncalké undhi, kanggo nemtokké bagéané saben wong. 25 Para prajurit kuwi maku Yésus ing cagak jam sanga ésuk.* 26 Ana uga papan sing tulisané tudhuhan marang Yésus, ”Rajané Wong Yahudi.” 27 Sakliyané kuwi, wong-wong kuwi uga ngukum mati rampok loro ing cagak ing sisihé Yésus, siji ing sisih tengen lan siji ing sisih kiwa. 28 *—— 29 Wong-wong sing liwat padha ngécé Yésus lan gèdhèg-gèdhèg karo kandha, ”Kowé sing jaréné arep ngambrukké bait lan mbangun manèh ing wektu telung dina, 30 slametna awakmu dhéwé lan mudhuna saka cagak paukuman!”* 31 Para imam kepala lan para ahli Taurat uga ngécé Yésus kaya ngono, kandhané, ”Wong liya dislametké, nanging ora isa nylametké dhèwèké dhéwé! 32 Kristus, Raja Israèl, kuduné isa mudhun saka cagak paukuman,* supaya kita isa ndelok lan percaya.” Malah para rampok sing ana ing cagak ing sisihé Yésus uga ngécé Yésus.
33 Pas jam 12 awan,* kabèh dhaérah ing kono dadi peteng nganti jam 3 soré.* 34 Kira-kira jam telu soré, Yésus mbengok, ”Eli, Eli, lama sabakhtani?” nèk diterjemahké tegesé, ”Allahku, Allahku, ngapa Panjenengan ninggalké aku?” 35 Wektu krungu kuwi, wong-wong sing ngadeg ing cedhak kono mulai kandha, ”Deloken, wong kuwi nyeluki Élia.” 36 Banjur ana salah siji wong sing mlayu kanggo ngekum kembang karang ing anggur kecut, banjur ndèlèhké kuwi ing sak lonjor kayu, lan diwènèhké marang Yésus supaya diombé. Wong kuwi kandha, ”Ejarna waé dhèwèké! Ayo didelok apa Élia bakal teka kanggo ngedhunké dhèwèké.” 37 Nanging Yésus mbengok manèh lan séda. 38 Banjur geber* ing bait suwèk dadi loro saka ndhuwur tekan ngisor. 39 Wektu perwira sing ngadeg karo ngawasi Yésus ndelok kabèh kedadéan wektu Yésus séda, perwira kuwi kandha, ”Wong iki mesthi Putrané Gusti Allah.”
40 Ing kono ana wong-wong wadon sing nyawang saka kadohan. Ing antarané wong-wong kuwi ana Maria Magdaléna, Maria ibuné Yakobus Cilik lan Yosès, uga Salomé, 41 sing biasané ngancani Yésus lan ngurus kebutuhané Yésus wektu ing Galiléa, uga ana akèh wong wadon liyané sing sakdurungé wis teka ing Yérusalèm bareng Yésus.
42 Wektu wis soré, lan merga dina kuwi dina Persiapan, yaiku dina sakdurungé Sabat, 43 ana wong sing teka, jenengé Yusuf saka Arimatéa, yaiku salah siji anggota sing diajèni ing Mahkamah Agung Yahudi, wong sing uga ngarep-arep Kratoné Allah. Dhèwèké ngupaya bèn kendel nemoni Pilatus lan njaluk mayité Yésus. 44 Nanging Pilatus péngin ngerti apa Yésus pancèn wis séda tenan. Mula, dhèwèké nyeluk perwira mau lan takon apa Yésus wis séda. 45 Sakwisé éntuk katrangan saka perwira kuwi, Pilatus nyerahké mayité Yésus marang Yusuf. 46 Sakwisé tuku kain linen sing alus lan ngedhunké mayité Yésus, Yusuf mbungkus mayité Yésus nganggo kain linen kuwi, banjur dipapanké ing kuburan sing wis digrowongi ing bukit watu. Terus, Yusuf ngglundhungké watu kanggo nutup kuburan kuwi. 47 Nanging Maria Magdaléna lan Maria ibuné Yosès nyawang terus kuburané Yésus.
16 Wektu dina Sabat wis rampung, Maria Magdaléna, Maria ibuné Yakobus, lan Salomé tuku rempah-rempah wangi supaya isa teka lan mblonyohké rempah-rempah kuwi ing mayité Yésus. 2 Wektu isih ésuk banget ing dina kapisan minggu kuwi, wong-wong wadon kuwi teka ing kuburan. 3 Wong-wong kuwi padha kandha, ”Sapa sing bakal nulungi awaké dhéwé ngglundhungké watu sing dienggo nutup kuburan kuwi?” 4 Nanging wektu nyawang kuburan kuwi, jebulé watuné wis diglundhungké, padahal watu kuwi gedhé banget. 5 Pas mlebu ing kuburan, wong-wong mau kagèt, merga ndelok ana wong lanang enom sing nganggo jubah putih lungguh ing sisih tengen. 6 Dhèwèké kandha marang wong-wong wadon kuwi, ”Aja kagèt. Kowé nggolèki Yésus wong Nazarèt sing dipatèni ing cagak. Dhèwèké wis diuripké manèh. Dhèwèké ora ana ing kéné. Coba deloken, iki panggonan dhèwèké dipapanké. 7 Saiki lungaa, kabarana murid-muridé lan Pétrus, kandhaa, ʼDhèwèké lagi lunga ndhisiki kowé kabèh menyang Galiléa. Kowé bakal ketemu karo dhèwèké ing kana, kaya sing wis dhèwèké omongké marang kowé.ʼ” 8 Wektu metu saka kuburan, wong-wong kuwi mlayu kanthi ndhredheg lan nggumun banget. Lan saking wediné, wong-wong kuwi ora crita karo sapa-sapa.*
Deloken ”Baptisan” ing Daftar Istilah.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa mungkin ”roh-roh kuwi ngerti sapa dhèwèké”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”isa nggawé aku ora najis manèh”.
Utawa ”Dadia ora najis manèh”.
Wadhah sing digawé saka kulit kéwan. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”jiwa”.
Utawa ”milih”.
Utawa ”wong sing semangat”.
Sebutan kanggo Sétan.
Lit.: ”kesandhung”.
Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”wiji moster”. Wiji cilik sing ana ing Israèl lan isa thukul dadi wit sing dhuwuré kira-kira 4 m.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”Wilayah Sepuluh Kutha”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”arep mati”.
Utawa ”kelaran”.
Utawa ”kanthi tegas”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Lit.: ”tembaga”.
Utawa ”ora nganggo klambi cacahé loro”.
Utawa ”resikana”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”ing giliran jaga sing kapapat”, yaiku kira-kira jam 3-6 ésuk.
Utawa ”Ana penampakan!”
Maksudé, ngwijiki tangan manut tradhisiné wong Yahudi.
Utawa ”ngunèk-unèkké”.
Ana terjemahan-terjemahan Alkitab sing nulis ayat iki, nanging ayat iki ora ditemokké ing manuskrip-manuskrip Yunani kuna sing isa dipercaya.
Bentuk jamak tembung Yunani porneia. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”tumindak ora nduwé isin”. Yunani aselgeia. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”Wilayah Sepuluh Kutha”.
Utawa ”kranjang perbekalan”.
Utawa ”generasi iki”.
Utawa ”kranjang perbekalan”.
Deloken ”Cagak paukuman” ing Daftar Istilah.
Utawa ”jiwané”.
Utawa ”jiwané”.
Utawa ”jiwané”.
Lit.: ”laku jina”.
Lit.: ”kamulyané”.
Utawa ”ditransfigurasi”.
Utawa ”Guru”.
Utawa mungkin ”ora ngandhani sapa-sapa bab kuwi”.
Utawa ”munthuk; mumpluk”.
Utawa ”generasi”.
Utawa ”munthuk; mumpluk”.
Utawa ”dikhianati”.
Utawa ”demi jenengku”.
Lit.: ”kesandhung”.
Utawa ”watu kanggo nggiling sing ditarik karo keledai”.
Lit.: ”nyebabké kowé kesandhung”.
Maksudé, urip langgeng.
Deloken Daftar Istilah.
Ana terjemahan-terjemahan Alkitab sing nulis ayat iki, nanging ayat iki ora ditemokké ing manuskrip-manuskrip Yunani kuna sing isa dipercaya.
Lit.: ”kesandhung”.
Maksudé, urip langgeng.
Deloken Daftar Istilah.
Ana terjemahan-terjemahan Alkitab sing nulis ayat iki, nanging ayat iki ora ditemokké ing manuskrip-manuskrip Yunani kuna sing isa dipercaya.
Lit.: ”kesandhung”.
Deloken Daftar Istilah.
Maksudé, wong-wong sing diuncalké ing Géhéna.
Lit.: ”sak daging”.
Utawa ”mberkahi”.
Utawa mungkin ”marang siji lan sijiné”.
Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”diakoni”.
Utawa ”jiwané”.
Tegesé ”Guru”.
Ana terjemahan-terjemahan Alkitab sing nulis ayat iki, nanging ayat iki ora ditemokké ing manuskrip-manuskrip Yunani kuna sing isa dipercaya.
Lit.: ”swarga”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”jiwamu”. Deloken ”Jiwa” ing Daftar Istilah.
Utawa ”wong liya”.
Utawa ”pangertèn”.
Utawa ”wong liya”.
Utawa ”pasar”.
Utawa ”sing paling apik”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”bandhané”.
Lit.: ”rong lepton, yaiku sak kwadrans”.
Utawa ”kasangsaran kaya rasa lara sing dirasakké wong wadon wektu nglairké”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”merga jenengku”.
Akèh-akèhé omah ing kana ndhuwuré datar lan digunakké kanggo akèh kegiyatan.
Utawa ”manungsa”.
Lit.: ”tandha”.
Lit.: ”wektu jago kluruk”.
Narwastu kuwi tanduran sing oyod lan gagangé wangi.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nesu-nesu; nggetak”.
Utawa ”ngianati”.
Utawa ”ngianati”.
Utawa ”himne; mazmur”.
Utawa ”Jiwaku”.
Tembung Ibrani utawa Aram sing tegesé ”Bapak!”
Lit.: ”daging”, maksudé kahanané manungsa sing dosa lan ora sampurna.
Utawa ”mèh wuda; mung nganggo klambi njero”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa mungkin ”sisih tengen nganggo kuwasa”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”tuwa-tuwa”.
Utawa ”nalèni tangané”.
Deloken ”Cagak paukuman” ing Daftar Istilah.
Iki campuran sing isa ngilangké rasa lara.
Lit.: ”jam katelu”.
Ana terjemahan-terjemahan Alkitab sing nulis ayat iki, nanging ayat iki ora ditemokké ing manuskrip-manuskrip Yunani kuna sing isa dipercaya.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”jam kaenem”.
Lit.: ”jam kasanga”.
Utawa ”tirai”.
Miturut naskah-naskah Alkitab kuno sing isa dipercaya, Injil Markus dipungkasi nganggo tembung-tembung ing ayat 8.