PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • bi7 Lukas 1:1-24:53
  • Lukas

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Lukas
  • Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar
Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar
Lukas

MITURUT LUKAS

1 Akèh wong ngupaya ngumpulké lan nulis katrangan bab perkara-perkara sing wis kelakon, sing wis kita percaya tenan. 2 Apa sing wis ditulis wong-wong kuwi cocog karo apa sing wis kita rungokké saka para seksi lan wong-wong sing martakké kabar saka Gusti Allah. 3 Mula, Bapak Téofilus sing tak hormati, aku ya mutuské kanggo nulis marang panjenengan bab perkara mau urut saka wiwitan, merga aku wis mriksa kuwi kabèh kanthi tliti. 4 Aku nindakké kuwi supaya panjenengan isa yakin tenan nèk kabèh sing wis diwulangké* marang panjenengan kuwi pancèn bener.

5 Ing jamané Hérodès,* raja Yudéa, ana imam sing jenengé Zakharia saka regu Abiya. Bojoné Zakharia jenengé Élisabèt, lan Élisabèt kuwi salah siji keturunané Harun.* 6 Wong loro kuwi bener ing ngarsané Gusti Allah, uripé* tanpa cacad, manut karo kabèh préntah lan hukumé Yéhuwah. 7 Nanging wong loro kuwi ora nduwé anak merga Élisabèt mandul, lan loro-loroné wis padha tuwa.

8 Ing sawijiné dina, Zakharia nindakké tugas dadi imam ing ngarsané Gusti Allah wektu reguné éntuk giliran tugas ing bait. 9 Lan wektu diundhi kaya kebiasaané para imam, Zakharia sing kepilih kanggo ngobong dupa ing njero bait Yéhuwah. 10 Ana akèh banget wong ing njaba sing lagi ndonga wektu dupa kuwi diobong. 11 Malaékaté Yéhuwah nemoni dhèwèké lan ngadeg ing sisih tengené mésbah dupa. 12 Wektu ndelok kuwi, Zakharia bingung lan wedi banget. 13 Nanging malaékat kuwi kandha, ”Aja wedi Zakharia. Panyuwunmu wis dimirengké Gusti Allah, lan Élisabèt bojomu bakal nglairké anak lanang. Kowé kudu njenengi dhèwèké Yohanes. 14 Kowé bakal bungah lan seneng banget, lan akèh wong bakal bungah merga lairé bocah kuwi, 15 merga bocah kuwi bakal dadi wong sing penting ing ngarsané Yéhuwah. Nanging dhèwèké babar blas ora éntuk ngombé anggur utawa ombèn-ombèn liya sing ana alkoholé. Dhèwèké bakal kapenuhan roh suci, malah sakdurungé dhèwèké lair.* 16 Dhèwèké bakal nggawé akèh wong Israèl bali manèh marang Yéhuwah, Gusti Allahé wong-wong kuwi. 17 Uga, Gusti Allah bakal ngutus dhèwèké ndhisiki Panjenengané, dhèwèké bakal nduwé semangat lan kuwasa sing padha kaya Élia. Dhèwèké bakal nggawé atiné bapak-bapak dadi kaya atiné bocah-bocah, lan nggawé wong sing ora manut dadi éntuk kawicaksanané wong bener, supaya wong-wong kuwi dadi umat sing siap ngabdi marang Yéhuwah.”

18 Zakharia kandha marang malaékat kuwi, ”Apa ya mungkin? Aku kan wis tuwa, lan bojoku uga wis tuwa.” 19 Malaékat kuwi njawab, ”Aku Gabrièl, sing ana terus ing ngarsané Gusti Allah. Aku diutus kanggo martakké kabar apik iki marang kowé. 20 Nanging kowé ora percaya omonganku, sing bakal kelakon ing wektu sing wis ditemtokké. Mula, kowé bakal dadi bisu lan ora isa ngomong nganti kabèh iki kelakon.” 21 Wektu kuwi wong-wong padha ngentèni Zakharia ing njaba, lan wong-wong kuwi padha nggumun merga Zakharia suwé banget ing njero bait. 22 Pas metu, Zakharia dadi bisu lan ora isa ngomong karo wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi dadi ngerti nèk Zakharia bar ndelok perkara sing ajaib* ing bait. Merga ora isa ngomong, Zakharia terus nggawé isyarat marang wong-wong kuwi. 23 Sakwisé Zakharia ngrampungké tugas suciné, dhèwèké banjur mulih.

24 Ora let suwé, Élisabèt bojoné Zakharia mbobot. Lan saksuwéné limang sasi, Élisabèt ora tau metu saka omahé. Dhèwèké kandha, 25 ”Iki sing wis ditindakké Yéhuwah kanggo aku saiki. Panjenengané nggatèkké aku supaya aku ora dirèmèhké wong manèh.”

26 Wektu Élisabèt mbobot enem sasi, malaékat Gabrièl diutus Gusti Allah menyang kutha Nazarèt ing Galiléa, 27 kanggo nemoni prawan sing jenengé Maria. Prawan kuwi wis tunangan karo wong lanang jenengé Yusuf, keturunané Daud. 28 Wektu ketemu Maria, malaékat kuwi kandha, ”Yéhuwah tresna banget marang kowé, Maria, lan Panjenengané mberkahi kowé.” 29 Wektu krungu omongané malaékat kuwi, Maria dadi kagèt banget. Dhèwèké mulai mikirké apa maksudé omongan kuwi. 30 Mula malaékat kuwi kandha, ”Aja wedi, Maria, merga Gusti Allah tresna marang kowé. 31 Kowé bakal mbobot lan nglairké anak lanang, lan kudu kok jenengi Yésus. 32 Dhèwèké bakal dadi wong sing penting lan bakal disebut Putrané Sing Mahaluhur. Gusti Allah Yéhuwah bakal maringké tahtané Daud, leluhuré,* 33 lan dhèwèké bakal mréntah dadi Raja kanggo keturunané Yakub nganti saklawasé, lan Kratoné bakal ana nganti sakterusé.”

34 Nanging Maria kandha marang malaékat kuwi, ”Piyé carané kuwi isa kelakon? Merga aku isih prawan.” 35 Malaékat kuwi njawab, ”Roh suci bakal nekani kowé, lan kuwasané Sing Mahaluhur bakal ngayomi kowé. Mula, anak sing bakal lair kuwi bakal disebut suci, Putrané Gusti Allah. 36 Lan ngertia, Élisabèt sedulurmu uga lagi mbobot anak lanang, lan saiki wis enem sasi, padahal dhèwèké wis tuwa lan disebut wong wadon mandul. 37 Sebab apa sing wis dingendikakké Gusti Allah mesthi bakal kelakon.” 38 Maria banjur kandha, ”Aku iki budhak wadoné Yéhuwah. Muga-muga kuwi kabèh kelakon marang aku kaya sing kok omongké.” Malaékat kuwi banjur ninggalké Maria.

39 Mula ora let suwé, Maria cepet-cepet lunga menyang dhaérah pegunungan, menyang salah siji kutha ing Yéhuda. 40 Dhèwèké mlebu ing omahé Zakharia lan ngucapké salam marang Élisabèt. 41 Wektu Élisabèt krungu salamé Maria, bayi sing ana ing njero wetengé Élisabèt kroncalan.* Élisabèt banjur kapenuhan roh suci 42 lan mbengok, ”Diberkahana kowé ing antarané para wong wadon, lan diberkahana bayi saka wetengmu! 43 Iki kaurmatan kanggoku merga aku ditekani ibu saka Gustiku. 44 Wektu aku krungu salam sing kok ucapké, bayi ing njero wetengku kroncalan* merga seneng. 45 Lan bungaha wong sing percaya, merga kabèh sing Yéhuwah ngendikakké marang dhèwèké bakal dadi nyata.”

46 Banjur Maria kandha, ”Aku* ngluhurké Yéhuwah, 47 atiku ora isa ngempet rasa senengku, merga Gusti Allah Juru Slametku. 48 Merga Panjenengané wis nggatèkké budhaké wadon sing asor. Wiwit saiki kabèh generasi bakal nyebut aku bungah, 49 merga Gusti Allah sing kuwasa wis nindakké akèh perkara gedhé kanggo aku, lan asmané suci, 50 nganti turun-temurun welas asihé diduduhké marang wong-wong sing ngajèni Panjenengané.* 51 Panjenengané nduduhké kuwasané nganggo astané, lan mbuyarké wong-wong sing niat atiné sombong. 52 Panjenengané nglèngsèrké wong sing nduwé kuwasa saka tahtané lan ngluhurké wong sing asor.* 53 Panjenengané maringi perkara-perkara sing apik marang wong miskin nganti wong-wong kuwi ngrasa puas, lan ngongkon wong-wong sugih lunga tanpa nggawa apa-apa. 54 Panjenengané nulungi Israèl, abdiné, kanggo mbuktèkké nèk Panjenengané éling marang janjiné yaiku nduduhké welas asihé 55 marang Abraham lan keturunané,* kanggo saklawasé. Janji kuwi sing Panjenengané ngendikakké marang para leluhur kita.” 56 Maria manggon karo Élisabèt nganti kira-kira telung sasi, banjur mulih ing omahé.

57 Saiki wektuné Élisabèt kanggo nglairké, lan dhèwèké nglairké anak lanang. 58 Tangga-tanggané lan sedulur-seduluré krungu nèk Yéhuwah wis nduduhké welas asih sing gedhé marang dhèwèké. Wong-wong kuwi padha mèlu bungah. 59 Ing dina kawolu, wong-wong kuwi padha teka wektu bocah kuwi arep disunat. Wong-wong kuwi arep njenengi bocah kuwi Zakharia, kaya jenengé bapaké. 60 Nanging ibuné kandha, ”Aja! Dhèwèké kudu dijenengi Yohanes.” 61 Mula wong-wong kuwi padha kandha, ”Ora ana ing antarané sedulurmu sing jenengé kaya ngono.” 62 Banjur wong-wong kuwi padha takon marang Zakharia nganggo isyarat, jeneng apa sing dikarepké kanggo bocah kuwi. 63 Mula Zakharia njaluk papan kayu lan nulis ing papan kuwi, ”Jenengé Yohanes.” Wong-wong kuwi padha nggumun. 64 Ing wektu kuwi uga, Zakharia isa ngomong manèh* lan ngluhurké Gusti Allah. 65 Kabèh wong sing manggon ing sakiwa-tengené dadi nggumun, lan kabèh kedadéan kuwi mulai dicritakké ing kabèh dhaérah pegunungan Yudéa. 66 Kabèh wong sing krungu kuwi padha mikir lan mbatin, ʼBocah iki mbésuk bakal dadi apa?ʼ Merga cetha nèk kuwasané Yéhuwah ana ing bocah kuwi.

67 Banjur bapaké bocah kuwi yaiku Zakharia, kapenuhan roh suci lan ngomongké ramalan, 68 ”Pinujia Yéhuwah, Gusti Allahé Israèl, merga Panjenengané wis nggatèkké lan mbébaské umaté. 69 Panjenengané wis maringi kita juru slamet sing prakosa* saka keturunané Daud, abdiné, 70 kaya sing wis Panjenengané janjèkké liwat nabi-nabiné sing suci jaman mbiyèn, 71 kanggo nylametké kita saka mungsuh-mungsuh lan kabèh wong sing sengit marang kita, 72 lan kanggo nduduhké marang kita welas asih sing Panjenengané janjèkké marang para leluhur kita lan kanggo ngéling-éling perjanjiané sing suci, 73 yaiku sumpahé marang Abraham, leluhur kita. 74 Sakwisé Gusti Allah nylametké kita saka tangané mungsuh, Panjenengané bakal maringi kita kaurmatan nindakké tugas suci marang Panjenengané tanpa rasa wedi, 75 kanthi kasetyan lan tumindak sing bener ing ngarsané Panjenengané saksuwéné kita urip. 76 Lan kowé, anakku, kowé bakal disebut nabiné Sing Mahaluhur, merga kowé bakal ndhisiki Yéhuwah kanggo nyiapké dalané, 77 kanggo mènèhi kawruh marang umaté nèk Panjenengané bakal nylametké umaté nganggo cara ngapurani dosa-dosané 78 merga sipat welas asihé Gusti Allah kita. Merga welas asih iki, kita bakal ndelok cahya saka swarga sing sumunar kaya srengéngé sing mlethèk ing wayah ésuk, 79 kanggo madhangi wong-wong sing lungguh ing pepeteng lan panggonan sing ditutupi bayang-bayang pati, sarta nuntun lakuné kita ing dalan katentreman.”

80 Bocah kuwi mundhak gedhé lan dadi saya diwasa.* Dhèwèké manggon ing padhang belantara nganti tekan wektuné dhèwèké martakké kabar apik marang wong-wong Israèl.

2 Ing wektu kuwi, Kaisar Agustus mréntahké supaya kabèh penduduk* kudu didaftar. 2 (Pendaftaran sing kapisan iki dianakké wektu Kuirinius dadi gubernur Siria.) 3 Mula kabèh wong lunga menyang kutha asalé dhéwé-dhéwé kanggo didaftar. 4 Yusuf uga lunga saka kutha Nazarèt ing Galiléa menyang kuthané Daud, sing disebut Bètléhèm, ing Yudéa, merga dhèwèké asalé saka keturunan lan keluargané Daud. 5 Dhèwèké lunga kanggo ndaftar bareng Maria, sing wis dadi bojoné lan sing wis arep nglairké. 6 Sakwisé wong loro kuwi tekan kono, Maria wis wayahé nglairké. 7 Dhèwèké nglairké anak lanang, anaké sing mbarep. Dhèwèké nggedhong bocah kuwi nganggo kain lan ndèlèhké bocah kuwi ing wadhah pakan kéwan, merga ing penginepan wis ora ana kamar kanggo nginep.

8 Ing dhaérah kuwi, uga ana pangon-pangon sing manggon ing lapangan lan lagi njaga wedhus-wedhusé ing wayah wengi. 9 Ujug-ujug, malaékaté Yéhuwah ngadeg ing ngarepé para pangon kuwi, lan kamulyané Yéhuwah madhangi dhaérah ing sakiwa-tengené wong-wong kuwi. Para pangon kuwi dadi wedi banget. 10 Nanging malaékat kuwi kandha, ”Aja wedi! Aku nggawa kabar apik bab kabungahan gedhé sing bakal dirasakké kabèh wong. 11 Merga dina iki, ing kuthané Daud, wis lair wong sing bakal nylametké kowé. Dhèwèké kuwi Kristus lan Gusti. 12 Iki tandha kanggo kowé: Kowé bakal weruh bayi sing digedhong nganggo kain lan didèlèhké ing wadhah pakan kéwan.” 13 Ujug-ujug, ana pasukan malaékat sing cacahé akèh banget* padha teka lan muji Gusti Allah bareng karo malaékat mau, kandhané, 14 ”Kamulyan kanggo Gusti Allah ing swarga, lan tentrem ing bumi kanggo wong-wong sing ditresnani Gusti Allah.”

15 Sakwisé para malaékat mau bali menyang swarga, pangon-pangon kuwi kandha karo siji lan sijiné, ”Ayo awaké dhéwé langsung menyang Bètléhèm lan ndelok apa sing kedadéan, sing wis Yéhuwah ngendikakké marang awaké dhéwé.” 16 Wong-wong kuwi langsung cepet-cepet lunga, nemoni Maria lan Yusuf, uga bayi sing didèlèhké ing wadhah pakan kéwan. 17 Wektu padha ndelok bayi kuwi, wong-wong kuwi nyritakké apa sing wis diomongké para malaékat bab bocah kuwi. 18 Lan kabèh sing krungu critané para pangon kuwi dadi nggumun. 19 Nanging Maria nyimpen kabèh kuwi ing njero atiné lan mikirké tenanan apa tegesé kuwi kabèh. 20 Banjur para pangon kuwi bali karo ngluhurké lan muji Gusti Allah, merga kabèh sing wis dirungokké lan didelok cocog karo apa sing dikandhakké marang wong-wong kuwi.

21 Ing dina kawolu, wektu wayahé bocah kuwi disunat, dhèwèké dijenengi Yésus. Kuwi jeneng sing diomongké malaékat sakdurungé Maria mbobot.

22 Banjur, pas wektuné kanggo mènèhké kurban pasucèn kaya sing wis ditemtokké ing Hukum Musa, Yusuf lan Maria nggawa Yésus menyang Yérusalèm kanggo diduduhké ing ngarsané Yéhuwah, 23 kaya sing ditulis ing Hukum Yéhuwah, ”Saben anak lanang mbarep kudu dikususké* kanggo Yéhuwah.” 24 Wong loro kuwi mènèhké kurban miturut kandhané Hukum Yéhuwah, yaiku ”manuk derkuku sak jodho utawa piyik dara loro”.

25 Ing Yérusalèm, ana wong lanang sing jenengé Siméon. Dhèwèké wong sing bener lan salèh, lan lagi ngarep-arep panglipuran kanggo Israèl. Dhèwèké dituntun roh suci. 26 Sakliyané kuwi, liwat roh suci, Gusti Allah wis ngandhani Siméon nèk dhèwèké ora bakal mati sakdurungé ndelok Kristus sing diutus Yéhuwah. 27 Merga dituntun roh suci, dhèwèké mlebu ing bait. Yésus sing isih cilik uga digawa wong tuwané menyang kono, kanggo nindakké kewajiban sing wis ditulis ing Taurat kanggo dhèwèké.* 28 Siméon nggéndhong bocah kuwi lan muji Gusti Allah, 29 ”Gusti sing Mahakuwasa, kaya sing wis Panjenengan ngendikakké, saiki budhak Panjenengan iki isa mati kanthi tentrem, 30 merga mripatku wis ndelok keslametan 31 sing wis Panjenengan siapké ing ngarepé kabèh bangsa. 32 Dhèwèké kuwi pepadhang kanggo nyingkirké pepeteng sing nutupi bangsa-bangsa, lan dhèwèké kuwi kamulyan kanggo Israèl, umaté Panjenengan.” 33 Bapak lan ibuné bocah kuwi nggumun banget krungu apa sing diomongké Siméon bab bocah kuwi. 34 Siméon uga mberkahi wong loro kuwi lan kandha marang Maria, ibuné bocah kuwi, ”Merga bocah iki, ana wong-wong Israèl sing bakal tiba lan ana sing bakal tangi. Dhèwèké bakal dirèmèhké wong akèh, 35 supaya apa sing dipikirké ing atiné wong akèh isa kebukak. Nanging kowé* bakal ngrasa sedhih, kaya-kaya ditusuk pedhang sing dawa.”

36 Ing kono uga ana nabiah sing jenengé Hana anaké Fanuèl, saka suku Asyèr. Wong wadon iki wis tuwa. Sakwisé nikah, dhèwèké urip karo bojoné mung pitung taun suwéné, 37 banjur dadi randha. Lan saiki umuré 84 taun. Dhèwèké mesthi teka ing bait kanggo ngibadah marang Gusti Allah awan lan bengi nganggo cara pasa lan ndonga kanthi tenanan. 38 Ing wektu kuwi, dhèwèké mara nyedhaki bocah kuwi lan wong tuwané, lan mulai ngucap sokur marang Gusti Allah. Dhèwèké ngomongké bab bocah kuwi marang kabèh wong sing ngentèni Yérusalèm dibébaské.

39 Sakwisé rampung nindakké kabèh sing diwajibké Hukum Yéhuwah, Yusuf lan Maria mulih menyang kuthané, yaiku Nazarèt ing Galiléa. 40 Bocah kuwi terus mundhak gedhé lan kuwat, uga dadi saya wicaksana. Lan bocah kuwi terus ditresnani Gusti Allah.

41 Saben taun, wong tuwané ajeg lunga menyang Yérusalèm kanggo Riyaya Paskah. 42 Lan wektu umur 12 taun, bocah kuwi lan wong tuwané lunga menyang riyaya kuwi kaya biasané. 43 Wektu riyayané rampung, wong-wong padha bali mulih. Nanging Yésus isih kèri ing Yérusalèm, lan wong tuwané ora ngerti. 44 Wong tuwané ngira nèk Yésus ana ing rombongan. Sakwisé mlaku sedina, Yusuf lan Maria mulai nggolèki Yésus ing antarané para seduluré lan kenalané. 45 Nanging merga ora ketemu, Yusuf lan Maria bali manèh menyang Yérusalèm lan nggolèki Yésus ing ngendi-endi. 46 Akiré, sakwisé telung dina, Yusuf lan Maria nemokké Yésus ing bait. Bocah kuwi lagi lungguh ing tengah-tengahé para guru agama karo ngrungokké lan ngejokké akèh pitakonan. 47 Kabèh sing ngrungokké Yésus nggumun banget karo pangertèn lan jawaban-jawabané. 48 Wektu ndelok Yésus, wong tuwané nggumun. Ibuné banjur kandha, ”Lé, ngapa kok kowé nggawé aku lan bapakmu kuwatir? Aku lan bapakmu nganti bingung nggolèki kowé.” 49 Yésus njawab, ”Ngapa Bapak lan Ibu nggolèki aku? Apa Bapak lan Ibu ora ngerti nèk aku kudu ana ing omahé Bapakku?” 50 Nanging wong tuwané ora ngerti maksud omongan kuwi.

51 Banjur Yésus mulih bareng wong tuwané menyang Nazarèt, lan dhèwèké terus manut marang wong tuwané. Ibuné nyimpen kabèh omongan kuwi ing njero atiné. 52 Yésus terus mundhak gedhé lan saya wicaksana, lan saya ditresnani Gusti Allah lan manungsa.

3 Ing taun kaping 15 pamréntahané Kaisar Tibérius, wektu Pontius Pilatus dadi gubernur Yudéa, Hérodès* dadi panguwasa dhaérah* Galiléa, Filipus kakangé dadi panguwasa dhaérah Ituréa lan Trakhonitis, Lisanias dadi panguwasa dhaérah Abiléné, 2 lan wektu Hanas lan Kayafas dadi imam kepala, Yohanes anaké Zakharia nampa pangandika saka Gusti Allah wektu ing padhang belantara.

3 Mula Yohanes lunga menyang kabèh dhaérah ing sakiwa-tengené Kali Yordan, kanggo martakké bab baptisan sing dadi lambang pertobatan kanggo ngapurani dosa, 4 kaya sing ditulis ing kitab Nabi Yésaya, ”Ana swara wong mbengok ing padhang belantara, ʼSiapna dalan kanggo Yéhuwah! Lurusna dalan-dalané. 5 Saben jurang kudu diurug, lan saben gunung lan bukit diratakké, dalan sing ménggak-ménggok diluruské, lan dalan sing nggronjal-nggronjal dadi rata, 6 lan kabèh wong bakal ndelok keslametan saka Gusti Allah.ʼ”*

7 Dadi Yohanes mulai kandha marang wong-wong sing teka kanggo dibaptis, ”Kowé kabèh keturunan ula sing ana racuné, sapa sing ngélikké kowé kanggo nyingkir saka murkané Gusti Allah sing bakal teka? 8 Mula duduhna liwat tumindakmu nèk kowé pancèn wis mertobat. Aja mulai mbatin, ʼLeluhurku* kuwi Abraham.ʼ Kowé kabèh tak kandhani, Gusti Allah isa maringi Abraham keturunan saka watu-watu iki. 9 Kapak wis didèlèhké ing cedhak oyodé wit. Mula, saben wit sing ora ngasilké woh sing apik bakal ditegor lan bakal diuncalké ing geni.”

10 Banjur wong-wong padha takon, ”Nèk ngono, aku kabèh kudu nindakké apa?” 11 Dhèwèké njawab, ”Wong sing nduwé klambi loro, klambi sing siji kudu diwènèhké marang wong sing ora nduwé klambi, lan wong sing nduwé panganan kudu mbagi marang wong sing ora nduwé panganan.” 12 Malah para petugas pajeg teka kanggo dibaptis, lan wong-wong kuwi takon, ”Guru, aku kabèh kudu nindakké apa?” 13 Dhèwèké njawab, ”Aja narik* pajeg ngluwihi saka sing wis ditemtokké.” 14 Para tentara uga takon, ”Aku kabèh kudu nindakké apa?” Lan dhèwèké njawab, ”Aja ngganggu* sapa waé utawa nggawé tudhuhan palsu, nanging kowé kudu puas karo tunjanganmu.”*

15 Wong-wong lagi padha ngentèni Kristus, lan kabèh padha mikir bab Yohanes, ʼApa mungkin dhèwèké kuwi Kristus?ʼ 16 Yohanes njawab kabèh wong kuwi, ”Aku mbaptis kowé nganggo banyu, nanging wong sing luwih kuwasa ketimbang aku bakal teka. Aku ora pantes nyopot tali sandhalé. Dhèwèké bakal mbaptis kowé nganggo roh suci lan geni. 17 Dhèwèké nyekel sekop kanggo napèni* kanggo ngresiki panggonan napèni gandum. Terus nglumpukké gandumé ing gudhang, nanging kulité bakal diobong nganggo geni sing ora isa dipatèni.”

18 Yohanes uga mènèhi akèh naséhat liyané lan terus martakké kabar apik marang wong-wong. 19 Nanging dhèwèké ngélikké Hérodès, panguwasa dhaérah Galiléa, bab Hérodias bojoné kakangé lan bab kabèh tumindaké Hérodès sing jahat. 20 Merga kuwi, Hérodès nindakké siji manèh tumindak jahat yaiku nglebokké Yohanes ing penjara.

21 Wektu kabèh wong kuwi dibaptis, Yésus uga dibaptis. Wektu Yésus ndonga, langit kebukak, 22 lan roh suci sing kaya manuk dara mudhun ing ndhuwuré Yésus, terus ana swara saka langit, ”Kowé Putra-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé senengé ati-Ku.”

23 Wektu Yésus mulai nginjil, dhèwèké umur 30 taun, miturut pendapaté wong-wong, dhèwèké kuwi,

anaké Yusuf,

anaké Hèli,

24 anaké Mattat,

anaké Lèwi,

anaké Mèlkhi,

anaké Yannai,

anaké Yusuf,

25 anaké Matatias,

anaké Amos,

anaké Nahum,

anaké Èsli,

anaké Nagai,

26 anaké Maat,

anaké Matatias,

anaké Semèin,

anaké Yosèkh,

anaké Yoda,

27 anaké Yoanan,

anaké Résa,

anaké Zérubabèl,

anaké Syéaltièl,

anaké Néri,

28 anaké Mèlkhi,

anaké Adi,

anaké Kosam,

anaké Èlmadam,

anaké Èr,

29 anaké Yésus,

anaké Èlièzer,

anaké Yorim,

anaké Mattat,

anaké Lèwi,

30 anaké Siméon,

anaké Yudas,

anaké Yusuf,

anaké Yonam,

anaké Èliakim,

31 anaké Méléa,

anaké Ména,

anaké Matata,

anaké Natan,

anaké Daud,

32 anaké Isai,

anaké Obèd,

anaké Boaz,

anaké Salmon,

anaké Nahsyon,

33 anaké Aminadab,

anaké Arni,

anaké Hèzron,

anaké Pèrèz,

anaké Yéhuda,

34 anaké Yakub,

anaké Ishak,

anaké Abraham,

anaké Térah,

anaké Nahor,

35 anaké Sérug,

anaké Réu,

anaké Pèlèg,

anaké Èbèr,

anaké Syéla,

36 anaké Kainan,

anaké Arpakhsyad,

anaké Sèm,

anaké Nuh,

anaké Lamèkh,

37 anaké Métusélah,

anaké Hénokh,

anaké Yarèd,

anaké Mahalaléèl,

anaké Kainan,

38 anaké Énos,

anaké Sèt,

anaké Adam,

anaké Gusti Allah.

4 Banjur Yésus, sing kapenuhan roh suci, lunga saka Kali Yordan. Dhèwèké dituntun roh suci wektu ana ing padhang belantara 2 suwéné 40 dina, lan digodha Iblis. Yésus ora mangan apa-apa saksuwéné dina-dina kuwi, mula sakwisé kuwi, dhèwèké ngrasa luwé. 3 Banjur Iblis kandha marang Yésus, ”Nèk kowé pancèn putrané Gusti Allah, kongkonen watu iki dadi roti.” 4 Nanging Yésus njawab, ”Kitab Suci kandha, ʼManungsa ora urip mung saka roti waé.ʼ”

5 Mula Iblis nggawa Yésus ing panggonan sing dhuwur, lan ing sak kedhèpé mata, Iblis nduduhké marang Yésus kabèh pamréntahan donya. 6 Banjur Iblis kandha marang Yésus, ”Aku bakal mènèhi kowé wewenang kanggo kabèh pamréntahan iki lan kamulyané. Kabèh iki wis dipasrahké marang aku, lan aku isa mènèhké marang sapa waé sing tak karepké. 7 Mula nèk kowé nyembah aku sepisan waé, kuwi kabèh bakal dadi duwèkmu.” 8 Yésus njawab, ”Kitab Suci kandha, ʼMung Yéhuwah Gusti Allahmu sing kudu kok sembah, lan mung marang Panjenengané kowé kudu ngabekti.ʼ”*

9 Banjur Iblis nggawa Yésus menyang Yérusalèm, ing bagéan témbok sing paling dhuwur ing bait, lan kandha, ”Nèk kowé pancèn putrané Gusti Allah, anjloga saka kéné, 10 merga Kitab Suci kandha, ʼGusti Allah bakal mréntahké para malaékaté kanggo ngayomi kowé,ʼ 11 lan, ʼPara malaékat kuwi bakal nampani kowé supaya aja nganti sikilmu kesandhung watu.ʼ” 12 Yésus njawab, ”Kitab Suci kandha, ʼAja nguji Yéhuwah, Gusti Allahmu.ʼ” 13 Mula Iblis, sakwisé nggodha Yésus, ninggalké dhèwèké lan nunggu nganti ana kesempatan liya sing cocog.

14 Saiki Yésus sing kapenuhan roh suci, bali menyang Galiléa. Laporan apik bab dhèwèké wis nyebar ing sakiwa-tengené dhaérah kuwi. 15 Yésus uga mulai mulang ing sinagogé-sinagogé,* lan dhèwèké diajèni kabèh wong.

16 Banjur Yésus lunga menyang Nazarèt. Yésus gedhéné ing kutha kuwi. Kaya sing biasa ditindakké pas dina Sabat, Yésus mlebu ing sinagogé. Wektu Yésus ngadeg kanggo maca, 17 gulungan tulisan Nabi Yésaya diserahké marang Yésus. Yésus banjur mbukak gulungan kuwi lan nemokké ayat sing kandha, 18 ”Roh Yéhuwah ana ing aku, merga Panjenengané wis nglantik aku kanggo martakké kabar apik marang wong miskin. Panjenengané ngutus aku kanggo martakké nèk wong-wong sing ditawan bakal dibébaské lan wong wuta bakal ndelok manèh, uga kanggo mbébaské wong sing ketindhes, 19 lan kanggo martakké bab taun welas asihé Yéhuwah.” 20 Banjur Yésus nggulung manèh gulungan kuwi, mbalèkké marang petugas, lan lungguh. Kabèh wong ing sinagogé padha nyawang Yésus. 21 Yésus banjur kandha, ”Dina iki, ayat sing lagi waé kok rungokké wis kelakon.”

22 Wong-wong kuwi mulai muji-muji Yésus lan nggumun krungu omongané Yésus sing nyenengké, sing metu saka tutuké. Wong-wong kuwi kandha, ”Dhèwèké kuwi anaké Yusuf, ta?” 23 Mula Yésus kandha, ”Kowé mesthi bakal nggunakké umpama iki kanggo aku, ʼDokter, marèkna awakmu dhéwé,ʼ lan kowé kabèh bakal kandha, ʼAku kabèh wis krungu apa sing kok tindakké ing Kapernaum, tindakna uga kuwi ing kéné, ing dhaérah asalmu.ʼ” 24 Yésus neruské omongané, ”Saktenané aku kandha, nabi ora ditampa ing dhaérah asalé. 25 Contoné, ana akèh randha ing Israèl pas jamané Élia, wektu ora ana udan telung taun setengah lan ana kurang pangan sing parah ing negara kuwi. 26 Nanging Élia ora diutus marang wong-wong wadon ing Israèl kuwi. Dhèwèké mung diutus marang randha siji ing Zaréfat, ing tanah Sidon. 27 Uga, ana akèh wong lara kusta ing Israèl pas jamané Nabi Élisa, nanging ing antarané wong-wong kuwi ora ana siji-sijia sing dimarèkké,* sakliyané Naaman, wong Siria.” 28 Krungu kuwi, kabèh wong ing sinagogé dadi nesu banget. 29 Wong-wong kuwi banjur ngadeg lan cepet-cepet nggawa Yésus menyang njabané kutha, sing ana ing ndhuwur gunung. Lan wong-wong kuwi nyèrèd Yésus ing pinggir jurang, kanggo nguncalké dhèwèké saka kono. 30 Nanging Yésus nrobos kumpulan wong kuwi lan ngalih saka kono.

31 Yésus banjur lunga menyang kutha Kapernaum, ing Galiléa. Dhèwèké mulang wong-wong pas dina Sabat. 32 Wong-wong nggumun karo carané Yésus mulang, merga sing diwulangké asalé saka Gusti Allah. 33 Ing sinagogé, ana wong sing kesurupan roh najis. Dhèwèké mbengok, 34 ”Apa urusanku karo kowé, Yésus wong Nazarèt? Apa kowé mréné arep nyirnakké aku kabèh? Aku ngerti tenan sapa kowé, Sing Suci saka Gusti Allah.” 35 Nanging Yésus nggetak roh najis kuwi, ”Menenga, metua saka wong iki!” Mula sakwisé mbanting wong mau ing ngarepé wong akèh, roh najis kuwi banjur metu tanpa nggawé lara wong mau. 36 Kabèh wong padha nggumun, banjur kandha marang siji lan sijiné, ”Omongan apa iki? Nganggo wewenang lan kuwasa, dhèwèké mréntahké roh-roh najis metu, lan roh najis kuwi metu.” 37 Mula kabar bab Yésus terus nyebar ing ngendi-endi ing sakiwa-tengené dhaérah kuwi.

38 Saka sinagogé kuwi, Yésus lunga menyang omahé Simon. Wektu kuwi, ibu maratuwané Simon lagi demam, panasé dhuwur banget, lan wong-wong njaluk supaya Yésus nulungi ibu maratuwané Simon. 39 Yésus banjur ngadeg ing sisihé wong wadon kuwi, lan marèkké wong wadon kuwi saka demamé. Wong wadon kuwi langsung tangi lan mulai ngladèni wong-wong kuwi.

40 Wektu srengéngé wis angslup, kabèh wong nggawa wong lara sing ana ing omahé marang Yésus, ora soal apa penyakité. Yésus marèkké wong-wong kuwi nganggo cara numpangké tangané ing ndhuwuré wong-wong kuwi siji-siji. 41 Yésus uga ngusir roh-roh jahat saka wong akèh. Roh-roh jahat kuwi mbengok, ”Kowé Putrané Gusti Allah.” Nanging Yésus nggetak lan nglarang roh-roh jahat kuwi ngomong, merga roh-roh jahat kuwi ngerti nèk Yésus kuwi Kristus.

42 Nanging wektu srengéngé wis mlethèk, Yésus lunga ing panggonan sing sepi. Akèh wong mulai nggolèki Yésus, lan wektu wis ketemu, wong-wong kuwi ngupaya ngalang-alangi Yésus supaya ora ninggalké wong-wong kuwi. 43 Nanging Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Aku uga kudu martakké kabar apik bab Kratoné Allah ing kutha-kutha liya, merga ya kanggo kuwi aku diutus.” 44 Mula Yésus martakké kabar apik ing sinagogé-sinagogé ing Yudéa.

5 Ing sawijiné dina, wektu wong akèh padha dhesek-dhesekan arep nyedhak marang Yésus lan ngrungokké pangandikané Gusti Allah, Yésus lagi ngadeg ing pinggir Danau Génésarèt.* 2 Yésus weruh prau loro ing pinggir danau, nanging nelayan-nelayané wis mudhun saka prau kuwi lan lagi ngumbah jala-jalané. 3 Yésus banjur numpak ing salah sijiné prau, yaiku prau duwèké Simon, lan ngongkon Simon supaya rada ngedohké prauné saka daratan. Banjur Yésus lungguh lan mulai mulang wong akèh saka prau kuwi. 4 Sakwisé rampung ngomong karo wong akèh kuwi, Yésus kandha marang Simon, ”Gawanen prauné menyang panggonan sing jero, lan jalamu tebarna ing kono.” 5 Nanging Simon njawab, ”Guru, aku kabèh wis ngupaya nggolèk iwak sewengi muput lan ora éntuk apa-apa. Nanging aku bakal nibakké jalané kaya préntahé panjenengan.” 6 Sakwisé nebarké jalané, wong-wong kuwi éntuk iwak sing cacahé akèh banget, lan jalané nganti mèh bedhah. 7 Mula wong-wong kuwi banjur ngawé-awé kancané sing ana ing prau liyané supaya mara lan ngéwangi. Kanca-kancané mau terus padha mara lan prau loro kuwi diisi iwak nganti kebak, nganti loro-loroné arep kleleb. 8 Wektu weruh iki, Simon Pétrus sujud ing ngarepé Yésus lan kandha, ”Aku ora pantes ana ing cedhakmu, Gusti, merga aku wong sing dosa.” 9 Simon lan wong-wong sing karo dhèwèké nggumun banget isa éntuk iwak semono akèhé. 10 Yakobus lan Yohanes, yaiku anak-anaké Zébédéus, sing uga kanca kerjané Simon, ya ngrasakké sing padha. Nanging, Yésus kandha marang Simon, ”Aja wedi manèh. Wiwit saiki kowé bakal tak dadèkké tukang njala manungsa.” 11 Mula, wong-wong kuwi nggawa prauné bali menyang daratan. Banjur ninggalké sakabèhé lan ngetutké Yésus.

12 Ing sawijiné dina, wektu Yésus ana ing salah siji kutha, ana wong lanang sing lara kusta sak awak. Wektu weruh Yésus, dhèwèké sujud lan nyuwun, ”Gusti, nèk panjenengan kersa, panjenengan isa marèkké aku.”* 13 Yésus banjur ngethungké tangané lan ndemèk wong kuwi, lan kandha, ”Aku gelem. Dadia séhat.”* Ing wektu kuwi uga, kustané langsung ilang. 14 Banjur Yésus nglarang wong kuwi ngandhani sapa-sapa. Yésus kandha, ”Lungaa lan duduhna awakmu marang imam, lan wènèhna kurban kaya sing dipréntahké ing Hukum Musa, kanggo mbuktèkké nèk kowé wis mari.” 15 Nanging warta bab Yésus saya nyebar. Akèh wong ngumpul kanggo ngrungokké lan kanggo dimarèkké penyakité. 16 Senajan ngono, Yésus kerep lunga menyang panggonan sepi kanggo ndonga.

17 Ing sawijiné dina, wektu Yésus lagi mulang, ana wong-wong Farisi lan guru-guru Taurat sing lungguh ing kono. Wong-wong kuwi teka saka saben désa ing Galiléa lan Yudéa, uga saka Yérusalèm. Yéhuwah maringi Yésus kuwasa kanggo marèkké wong-wong. 18 Wektu kuwi, ana wong-wong sing ngusung wong lanang lumpuh nganggo tandhu, lan wong-wong kuwi ngupaya nggawa wong lumpuh kuwi mlebu lan ndèlèhké ing ngarepé Yésus. 19 Nanging wong-wong kuwi ora isa nggawa wong lumpuh kuwi mlebu merga ana akèh wong. Mula wong-wong kuwi munggah ing atap, lan ngedhunké wong lumpuh mau lan tandhuné saka kono, pas ing ngarepé Yésus. 20 Wektu weruh imané wong-wong kuwi, Yésus kandha marang wong lumpuh mau, ”Dosamu wis diapura.” 21 Mula para ahli Taurat lan wong-wong Farisi mulai ngrembug bab kuwi. Wong-wong kuwi kandha, ”Sapa ta wong iki kok wani-waniné ngrèmèhké Gusti Allah? Sing isa ngapurani dosa kan mung Gusti Allah.” 22 Nanging Yésus langsung ngerti apa sing dipikirké wong-wong kuwi. Mula Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Ngapa kok kowé mikir kaya ngono? 23 Luwih gampang endi, ngomong, ʼDosamu wis diapura,ʼ utawa, ʼNgadega lan mlakuaʼ? 24 Nanging, supaya kowé ngerti nèk Putrané manungsa nduwé kuwasa ing bumi kanggo ngapurani dosa . . .” Yésus banjur kandha marang wong lumpuh kuwi, ”Aku kandha marang kowé, ngadega, angkaten tandhumu, lan muliha.” 25 Wong lumpuh kuwi langsung ngadeg ing ngarepé wong akèh, ngangkat tandhuné, banjur mulih menyang omahé karo ngluhurké Gusti Allah. 26 Kabèh wong ing kono nggumun banget lan mulai ngluhurké Gusti Allah. Mula, wong-wong kuwi kandha, ”Dina iki awaké dhéwé ndelok perkara sing nggumunké banget!”

27 Sakwisé kuwi, Yésus lunga lan weruh petugas pajeg sing jenengé Lèwi, sing lagi lungguh ing kantor pajeg. Yésus kandha marang dhèwèké, ”Mèlua aku.” 28 Lèwi banjur ngadeg lan ninggalké sakabèhé, lan mèlu Yésus. 29 Lèwi banjur nganakké pésta gedhé kanggo Yésus ing omahé, lan akèh petugas pajeg lan wong-wong liyané sing mèlu mangan bareng Yésus lan para muridé. 30 Mula wong-wong Farisi lan para ahli Taurat padha mulai protès karo para muridé Yésus, ”Ngapa kowé kabèh mangan lan ngombé karo para petugas pajeg lan wong-wong dosa?” 31 Yésus njawab, ”Wong sing séhat ora mbutuhké dokter, sing mbutuhké dokter kuwi wong-wong sing lara. 32 Aku teka ora kanggo ngundang wong sing bener, nanging wong-wong sing dosa supaya wong-wong kuwi mertobat.”

33 Wong-wong kuwi kandha marang Yésus, ”Murid-muridé Yohanes ajeg pasa lan ndonga tenanan, semono uga murid-muridé wong Farisi, nanging murid-muridmu mangan lan ngombé.” 34 Yésus njawab, ”Kowé ora isa ngongkon sahabat-sahabaté mantèn lanang pasa nèk mantèn lanang kuwi isih ana karo para sahabaté, ta? 35 Nanging bakal tekan wektuné mantèn lanang kuwi bakal dipisahké saka para sahabaté, lan ing wektu kuwi sahabat-sahabaté bakal pasa.”

36 Yésus uga mènèhi umpama iki, ”Ora ana wong sing bakal nambal klambi lawas sing suwèk nganggo kain saka klambi anyar. Nèk kuwi ditindakké, tambalan kuwi bakal suwèk lan ora cocog karo klambi sing lawas kuwi. 37 Uga, ora ana wong sing bakal nyimpen anggur anyar ing wadhah anggur* sing lawas. Nèk kuwi ditindakké, anggur sing anyar kuwi bakal nggawé wadhah angguré pecah lan angguré wutah, lan wadhah anggur kuwi bakal rusak.” 38 Nanging anggur anyar kudu disimpen ing wadhah anggur sing anyar. 39 Wong sing wis ngombé anggur lawas bakal kandha, ʼSing lawas kuwi énak,ʼ lan dhèwèké ora gelem ngombé anggur anyar.”

6 Wektu kuwi, pas dina Sabat, Yésus mlaku ngliwati ladhang gandum, lan murid-muridé methik wohé gandum, banjur digosok-gosok nganggo tangané lan dipangan. 2 Mula, ana wong-wong Farisi sing kandha, ”Ngapa kowé nindakké apa sing dilarang pas dina Sabat?” 3 Nanging Yésus kandha, ”Apa kowé durung tau maca sing ditindakké Daud wektu dhèwèké lan anak buahé padha luwé? 4 Dhèwèké mlebu ing pedalemané Gusti Allah lan nampa roti persembahan, banjur dipangan lan diwènèhké marang anak buahé, padahal sakjané roti kuwi ora éntuk dipangan sapa-sapa kejaba para imam.” 5 Yésus ngomong manèh, ”Putrané manungsa kuwi Gustiné dina Sabat.”

6 Ing dina Sabat liyané, Yésus mlebu menyang sinagogé* lan mulai mulang. Ing kono, ana wong sing tangané tengen lumpuh.* 7 Mula para ahli Taurat lan wong-wong Farisi ngematké Yésus tenanan kanggo ndelok apa Yésus bakal marèkké wong ing dina Sabat, supaya wong-wong kuwi nduwé alesan kanggo nudhuh Yésus. 8 Nanging, Yésus ngerti apa sing dipikirké wong-wong kuwi. Mula Yésus kandha marang wong lanang sing tangané lumpuh mau, ”Tangia, ngadega ing tengah.” Wong lumpuh kuwi banjur tangi lan ngadeg ing kono. 9 Banjur Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Aku arep takon, miturut hukum, endi sing éntuk ditindakké pas dina Sabat: tumindak apik utawa tumindak jahat, nylametké nyawa* utawa matèni?” 10 Yésus nyawang kabèh wong ing sakiwa-tengené, banjur kandha marang wong lumpuh mau, ”Ethungna tanganmu.” Wong lumpuh kuwi ngethungké tangané lan tangané mari. 11 Nanging wong-wong kuwi dadi nesu banget, lan mulai rembugan bab apa sing bakal ditindakké marang Yésus.

12 Ing sawijiné dina, Yésus munggah gunung kanggo ndonga. Yésus ndonga marang Gusti Allah sewengi muput. 13 Wektu wis padhang dinané, Yésus nyeluk murid-muridé lan milih 12 wong saka ing antarané, sing uga Yésus sebut rasul-rasul: 14 Simon sing uga Yésus jenengi Pétrus, Andréas seduluré Pétrus, Yakobus, Yohanes, Filipus, Bartoloméus, 15 Matius, Tomas, Yakobus anaké Alféus, Simon sing disebut ”wong sing semangat”, 16 Yudas anaké Yakobus, lan Yudas Iskariot sing akiré ngianati Yésus.

17 Yésus banjur mudhun bareng karo wong-wong kuwi lan ngadeg ing panggonan sing rata. Ing kana ana akèh muridé, lan akèh wong liyané sing teka saka kabèh dhaérah Yudéa lan Yérusalèm, lan saka dhaérah pantai Tirus lan Sidon. Wong-wong kuwi teka kanggo ngrungokké Yésus lan dimarèkké saka penyakité. 18 Malah wong sing diganggu roh najis uga dimarèkké. 19 Kabèh wong kuwi ngupaya ndemèk Yésus, merga ana kuwasa sing metu saka Yésus lan nggawé wong-wong kuwi mari.

20 Yésus nyawang murid-muridé lan mulai kandha,

”Bungah kowé sing miskin, merga Kratoné Allah duwèkmu.

21 ”Bungah kowé sing saiki luwé, merga kowé bakal padha diwaregi.

”Bungah kowé sing saiki nangis, merga kowé bakal ngguyu.

22 ”Bungah kowé nèk ana wong-wong sing sengit marang kowé, nèk wong-wong kuwi ngedohi kowé, ngécé kowé, lan ngèlèk-èlèk jenengmu merga Putrané manungsa. 23 Merga kuwi sing mbiyèn ditindakké leluhuré wong-wong kuwi marang para nabi. Bungaha ing dina kuwi lan mlumpata, merga opahmu gedhé ing swarga.

24 ”Nanging cilaka kowé sing sugih, merga kowé wis ngrasakké kabèh kesenengan ing urip sing sakjané bakal kok tampa sukmbèn.

25 ”Cilaka kowé sing saiki wareg, merga kowé bakal luwé.

”Cilaka kowé sing saiki ngguyu, merga kowé bakal ngrasakké susah lan nangis.

26 ”Cilaka kowé nèk kabèh wong ngalem kowé, merga mbiyèn leluhuré wong-wong kuwi uga ngalem nabi-nabi palsu.

27 Nanging aku kandha marang kowé sing ngrungokké: Terusa tresna marang mungsuh-mungsuhmu, tindakna apa sing apik marang wong-wong sing sengit karo kowé, 28 nyuwuna marang Gusti Allah supaya mberkahi wong sing nyumpahi kowé, lan ndongaa kanggo wong-wong sing ngrèmèhké kowé. 29 Nèk ana sing napuk pipimu sing siji, wènèhna uga sing sijiné. Lan nèk ana sing njupuk klambimu njaba, ejarna dhèwèké uga njupuk klambimu njero. 30 Wènèhna apa sing dijaluk wong. Lan nèk ana sing njupuk barang-barangmu, aja kok kongkon mbalèkké.

31 ”Uga apa sing kok karepké supaya ditindakké wong liya marang kowé, kuwi tindakna marang wong mau.

32 ”Nèk kowé mung nresnani wong sing nresnani kowé, apa kowé pantes dialem? Wong dosa uga nresnani wong sing nresnani dhèwèké. 33 Nèk kowé mung tumindak apik marang wong sing uga tumindak apik marang kowé, apa kowé pantes dialem? Wong dosa uga tumindak kaya ngono. 34 Uga, nèk kowé ngutangi* wong sing kok pikir isa nyaur utangé, apa kowé pantes dialem? Wong dosa uga ngutangi wong dosa supaya isa nampa manèh dhuwit sing diutangké kuwi. 35 Nanging, terusa tresna marang mungsuh-mungsuhmu, tindakna apa sing apik, lan utangana wong tanpa ngarep-arep balesan. Kowé bakal nampa opah sing gedhé lan bakal dadi anak-anaké Sing Mahaluhur, merga Panjenengané apikan marang wong sing jahat lan wong sing ora nduwé rasa matur nuwun. 36 Terus duduhna welas asih, kaya Bapakmu sing nduduhké welas asih.

37 ”Sakliyané kuwi, aja ngadili wong manèh, supaya kowé ora diadili. Aja nyacad wong liya, supaya kowé ora dicacad. Terusa ngapura,* supaya kowé diapura.* 38 Terusa mènèhi, lan kowé bakal diwènèhi. Wong bakal ngesokké sak takeran kebak ing kanthongmu,* sing dienet-enet, dioyog-oyog, lan lubèr. Merga takeran sing kok enggo naker wong liya bakal digunakké kanggo naker kowé.

39 Banjur Yésus mènèhi umpama marang wong-wong kuwi, ”Apa wong wuta isa nuntun wong wuta? Loro-loroné mesthi bakal kecemplung kalèn, ta? 40 Murid ora ngungkuli guruné, nanging wong sing diwulang kanthi sampurna bakal dadi padha kaya guruné. 41 Mula, apa sebabé kowé ndelok dami* ing mripaté sedulurmu, nanging ora ndelok balok kayu ing mripatmu dhéwé? 42 Kok isa kowé kandha karo sedulurmu, ʼKéné tak ilangané dami sing ana ing mripatmu,ʼ padahal kowé dhéwé ora ndelok ana balok kayu ing mripatmu? Wong munafik! Ilangana dhisik balok kayu saka mripatmu, banjur kowé isa ndelok cetha lan ngilangi dami sing ana ing mripaté sedulurmu.

43 ”Wit sing apik ora ngasilké woh sing èlèk, lan wit sing èlèk ora ngasilké woh sing apik. 44 Merga saben wit bakal kétok saka wohé. Contoné, wong ora nglumpukké woh ara saka tanduran eri, utawa methik woh anggur saka suket eri. 45 Wong sing apik ngetokké perkara-perkara apik sing kesimpen ana ing atiné, nanging wong sing jahat ngetokké perkara-perkara jahat sing kesimpen ana ing atiné. Apa sing diucapké saka cangkem kuwi mbludag saka ati.

46 ”Apa sebabé kowé kandha marang aku, ʼGusti! Gusti!ʼ nanging ora nindakké perkara-perkara sing tak omongké? 47 Aku bakal nduduhké marang kowé kaya apa wong sing teka marani aku banjur ngrungokké lan nindakké omonganku: 48 Wong kuwi kaya wong sing mbangun omah nganggo cara nggali lemah nganti jero lan nggawé pondhasi ing ndhuwur watu. Banjur, ana banjir teka lan nerjang omah kuwi, nanging omah kuwi ora hoyag merga dibangun kanthi kuwat. 49 Nanging, sapa waé sing ngrungokké omonganku lan ora nindakké apa-apa, kuwi kaya wong sing mbangun omah ing ndhuwur lemah tanpa pondhasi. Wektu banjir teka, omah kuwi langsung ambruk lan rusak parah.”

7 Sakwisé rampung ngomongké kuwi kabèh marang wong-wong, Yésus mlebu ing Kapernaum. 2 Ing kono, ana perwira sing nduwé budhak sing ditresnani banget. Budhaké kuwi lara parah lan mèh mati. 3 Wektu perwira kuwi krungu bab Yésus, dhèwèké ngutus para pemimpin* Yahudi kanggo njaluk tulung supaya Yésus teka lan marèkké budhaké. 4 Para pemimpin sing diutus mau marani Yésus lan mulai nyuwun kanthi tenanan, kandhané, ”Dhèwèké pantes panjenengan tulungi, 5 merga dhèwèké nresnani bangsa kita lan dhèwèké sing mbangun sinagogé* ing kéné.” 6 Mula Yésus lunga bareng wong-wong kuwi. Nanging wektu Yésus wis cedhak omah kuwi, perwira mau ngutus para sahabaté kanggo kandha marang Yésus, ”Pak, panjenengan ora usah répot-répot teka, aku ora pantes nampa panjenengan ing omahku. 7 Kuwi sebabé aku ngrasa ora pantes nemoni panjenengan. Panjenengan cukup ngendika sak tembung waé lan pembantuku mesthi mari. 8 Merga aku iki ya nduwé pimpinan, lan aku uga nduwé prajurit-prajurit sing tak pimpin. Nèk aku kandha marang salah siji prajuritku, ʼLungaa!ʼ dhèwèké bakal lunga. Terus nèk aku kandha marang prajurit liyané, ʼMrénéa!ʼ dhèwèké bakal mara. Lan nèk aku ngongkon budhakku, ʼTindakna iki!ʼ dhèwèké bakal nindakké kuwi.” 9 Wektu krungu kuwi, Yésus nggumun marang wong kuwi, banjur kandha marang wong-wong sing ngetutké Yésus, ”Aku ngandhani kowé kabèh, aku durung tau ketemu wong ing Israèl sing imané gedhé kaya wong iki.” 10 Wektu mulih menyang omah, para utusan kuwi ndelok budhak mau wis mari.

11 Ora let suwé, Yésus lunga menyang kutha sing jenengé Nain. Murid-muridé lan wong akèh padha lunga bareng Yésus. 12 Wektu Yésus wis cedhak gerbang kutha, ana mayit sing diusung metu. Sing mati kuwi anak lanang siji-sijiné, ibuné wis randha. Akèh wong saka kutha kuwi mlaku bareng karo wong wadon kuwi. 13 Wektu ndelok randha mau, Gusti ngrasa mesakké lan kandha marang randha kuwi, ”Aja nangis manèh.” 14 Yésus banjur nyedhak lan ndemèk usungan kuwi, terus wong-wong sing ngusung mandheg. Yésus banjur kandha, ”Nak, aku kandha marang kowé, tangia!” 15 Wong mati kuwi urip manèh, banjur lungguh lan mulai ngomong. Yésus nyerahké anak lanang kuwi marang ibuné. 16 Wong-wong kuwi padha nggumun lan mulai ngluhurké Gusti Allah. Wong-wong kuwi kandha, ”Ana nabi sing agung ing antarané kita,” lan, ”Gusti Allah wis nggatèkké umaté.” 17 Kabar bab tumindaké Yésus iki nyebar ing kabèh dhaérah Yudéa lan dhaérah sakiwa-tengené.

18 Murid-muridé Yohanes nglaporké kabèh perkara iki marang Yohanes. 19 Mula Yohanes nyeluk muridé loro lan ngutus marang Gusti kanggo takon, ”Apa panjenengan wong sing bakal teka, utawa aku kudu nunggu wong liyané?” 20 Wektu ketemu Yésus, wong loro kuwi kandha, ”Yohanes Pembaptis ngutus aku kanggo takon, ʼApa panjenengan wong sing bakal teka, utawa aku kudu nunggu wong liyané?ʼ” 21 Ing dina kuwi, Yésus marèkké akèh wong lara, sing parah lan sing ora, uga ngusir roh-roh jahat, lan nggawé wong wuta isa ndelok manèh. 22 Yésus njawab wong loro kuwi, ”Balia lan critakna marang Yohanes apa sing kok deleng lan kok rungokké: Wong wuta isa ndelok, wong lumpuh isa mlaku, wong lara kusta dimarèkké,* wong budheg isa krungu, wong mati diuripké manèh, lan wong miskin dikandhani kabar apik. 23 Bungah wong sing ora kesandhung merga aku.”

24 Wektu utusané Yohanes wis lunga, Yésus mulai ngomong marang wong akèh sing ana ing kono bab Yohanes, ”Kowé lunga ing padhang belantara kanggo ndelok apa? Apa arep ndelok alang-alang sing mobat-mabit kena angin? 25 Dadi arep ndelok apa? Wong sing nganggo klambi méwah? Wong sing nganggo klambi apik lan uripé méwah kuwi ana ing kratoné raja. 26 Sakjané, kowé mrana arep ndelok apa? Nabi? Iya, dhèwèké pancèn nabi, lan aku ngandhani kowé nèk dhèwèké kuwi luwih penting ketimbang nabi-nabi liyané. 27 Dhèwèké kuwi sing dimaksud ing tulisan iki, ʼAku ngirim utusan-Ku ndhisiki kowé, yaiku wong sing bakal nyiapké dalan kanggo kowé.ʼ 28 Aku kandha marang kowé, nèk ing antarané kabèh wong sing tau urip,* ora tau ana sing ngungkuli Yohanes Pembaptis, nanging sing cilik dhéwé ing Kratoné Allah ngungkuli Yohanes Pembaptis.” 29 (Wektu kabèh wong kuwi lan para petugas pajeg krungu bab iki, wong-wong kuwi ngakoni nèk Gusti Allah kuwi bener, merga wong-wong kuwi wis dibaptis nganggo baptisan Yohanes. 30 Nanging wong Farisi lan para ahli Taurat nolak kersané* Gusti Allah kanggo wong-wong kuwi, merga wong-wong kuwi ora dibaptis Yohanes.)

31 ”Mula, wong-wong ing jaman iki* isa tak padhakké karo sapa? Lan wong-wong iki kaya sapa? 32 Wong-wong iki kaya bocah-bocah cilik sing lungguh ing pasar, sing kandha marang kanca-kancané, ʼAku ngunèkké suling nggo kowé, nanging kowé ora gelem njogèd. Aku wis nyanyi lagu sedhih, nanging kowé ora nangis.ʼ 33 Semono uga, Yohanes Pembaptis teka, ora mangan roti lan ora ngombé anggur, nanging kowé kandha, ʼDhèwèké kesurupan roh jahat.ʼ 34 Putrané manungsa teka, mangan lan ngombé, nanging kowé kandha, ʼDhèwèké nggragas lan seneng mendem,* kancané petugas pajeg lan wong-wong sing dosa.ʼ 35 Senajan ngono, kawicaksanané wong kebukti bener saka tumindaké.”*

36 Ana salah siji wong Farisi sing njaluk terus marang Yésus supaya isa mangan bareng karo Yésus. Mula Yésus mlebu ing omahé wong Farisi kuwi, banjur lungguh lan mangan. 37 Ana wong wadon, sing dikenal dadi wong dosa ing kutha kuwi, weruh nèk Yésus lagi mangan ing omahé wong Farisi. Wong wadon mau teka nggawa botol marmer isi lenga wangi. 38 Wong wadon kuwi jèngkèng ing cedhak sikilé Yésus, banjur nangis lan eluhé nètès nganti nelesi sikilé Yésus. Dhèwèké ngusapi sikilé Yésus nganggo rambuté, ngambung sikilé Yésus, sarta mblonyohi nganggo lenga wangi. 39 Wektu ndelok kuwi, wong Farisi sing ngundang Yésus mbatin, ʼNèk wong iki bener-bener nabi, kuduné dhèwèké ngerti sapa lan kaya apa wong wadon sing ndemèk dhèwèké. Wong wadon kuwi wong dosa.ʼ 40 Merga ngerti apa sing dipikirké wong kuwi, Yésus kandha marang dhèwèké, ”Simon,* ana sing arep tak omongké karo kowé.” Simon kandha, ”Apa, Guru?”

41 ”Ana wong loro sing nduwé utang marang salah siji wong. Sing siji utangé 500 dinar,* sing sijiné 50 dinar. 42 Wektu wong loro kuwi ora nduwé apa-apa kanggo nglunasi utangé, wong sing ngutangi mbébaské utangé wong loro mau.* Dadi, saka antarané wong loro kuwi, sapa sing bakal luwih nresnani wong mau?” 43 Simon njawab, ”Miturutku, wong sing utangé luwih gedhé.” Yésus kandha, ”Bener kandhamu.” 44 Banjur Yésus nyawang wong wadon kuwi lan kandha marang Simon, ”Apa kowé weruh wong wadon iki? Aku teka ing omahmu lan kowé ora mènèhi aku banyu kanggo ngwijiki sikilku. Nanging wong wadon iki nelesi sikilku nganggo eluhé, lan ngusapi nganggo rambuté. 45 Kowé ora ngambung aku kanggo nyambut aku, nanging wong wadon iki terus ngambungi sikilku wiwit aku teka. 46 Kowé ora ngesokké lenga ing sirahku, nanging wong wadon iki ngesokké lenga wangi ing sikilku. 47 Mula, aku ngandhani kowé, senajan wong wadon iki dosané gedhé, nanging kuwi wis diapura, merga dhèwèké nduduhké katresnan sing gedhé. Nanging wong sing diapura sithik, mung nduduhké katresnan sing sithik.” 48 Banjur Yésus kandha marang wong wadon kuwi, ”Dosa-dosamu wis diapura.” 49 Wong-wong sing mangan bareng Yésus mulai kandha marang siji lan sijiné, ”Sapa ta sakjané wong iki, kok nganti isa ngapurani dosa?” 50 Nanging Yésus kandha marang wong wadon kuwi, ”Imanmu wis nylametké kowé. Lungaa kanthi tentrem.”

8 Ora let suwé, Yésus lunga saka kutha menyang kutha liyané lan saka désa menyang désa liyané kanggo martakké kabar apik bab Kratoné Allah. Yésus lunga bareng karo 12 rasulé 2 lan wong-wong wadon sing wis dibébaské saka roh-roh jahat lan dimarèkké saka penyakité, yaiku Maria sing disebut Magdaléna sing tau dibébaské saka roh jahat pitu, 3 Yohana bojoné Khuza yaiku pengurus istanané Hérodès, uga Susana, lan akèh wong wadon liyané. Kabèh wong wadon kuwi nggunakké bandhané kanggo ngladèni Yésus lan rasul-rasulé.

4 Banjur, wektu akèh wong padha teka lan nggabung karo wong-wong sing marani Yésus saka kutha-kutha liyané, Yésus ngomong marang wong-wong kuwi nggunakké umpama iki: 5 ”Ana petani sing metu kanggo nyebar winihé. Wektu petani kuwi nyebar winih, ana winih sing tiba ing pinggir dalan lan kepidak-pidak, banjur manuk-manuk notholi nganti entèk. 6 Ana winih sing tiba ing ndhuwur watu, sakwisé thukul, winih-winih kuwi garing merga ora éntuk banyu. 7 Winih-winih liyané tiba ing antarané suket eri, lan suket-suket eri sing tuwuh bareng, njiret thukulan kuwi. 8 Nanging winih-winih liyané tiba ing lemah sing subur, lan sakwisé thukul, winih kuwi ngasilké woh tikel 100.” Sakwisé nyritakké kabèh kuwi, Yésus kandha, ”Sapa sing nduwé kuping, rungokna tenanan.”

9 Nanging murid-muridé takon marang Yésus apa tegesé umpama kuwi. 10 Yésus njawab, ”Kowé wis diijinké ngerti rahasia suci Kratoné Allah, nanging wong-wong liyané mung krungu bab umpamané waé. Mula senajan ndeleng, nanging padha ora weruh, lan senajan krungu, nanging padha ora ngerti artiné. 11 Iki tegesé umpama mau: Winih kuwi yaiku pangandikané Gusti Allah. 12 Lemah ing pinggir dalan panggonan winih kuwi tiba, maksudé wong-wong sing ngrungokké pangandika kuwi, nanging Iblis teka lan ngrampas pangandika kuwi saka njero atiné, supaya wong-wong kuwi ora percaya lan ora dislametké. 13 Watu panggonan winih kuwi tiba, maksudé wong-wong sing ngrungokké pangandika kuwi lan nampa kanthi bungah, nanging pangandika kuwi ora ngoyod ing njero atiné. Wong-wong kuwi percaya mung sedhéla, nanging wektu ngadhepi ujian ing urip, imané wong-wong kuwi dadi ilang. 14 Suket eri panggonan winih kuwi tiba, maksudé wong-wong sing ngrungokké pangandika kuwi, nanging keslimur karo kekuwatiran, kasugihan, lan kesenengan ing urip. Dadi pangandika kuwi bener-bener kejiret lan ora ngasilké woh sing mateng. 15 Lemah sing subur panggonan winih kuwi tiba, maksudé wong-wong sing atiné tulus lan apik. Sakwisé ngrungokké pangandika kuwi, dhèwèké nyimpen kuwi ing atiné lan ngasilké woh kanthi tekun.

16 ”Sakwisé nyumed lampu minyak, wong ora bakal nutupi kuwi nganggo wadhah utawa ndèlèhké ing ngisor ambèn, nanging bakal ndèlèhké kuwi ing panggonan sing dhuwur supaya wong-wong sing mlebu ing omah isa ndelok cahyané. 17 Sebab kabèh sing didhelikké bakal kétok cetha, lan kabèh sing ditutup rapet-rapet bakal dibukak lan dingertèni. 18 Mula gatèkna caramu ngrungokké, merga wong sing nduwé pangertèn bakal diparingi luwih akèh. Nanging sapa sing ora nduwé pangertèn, malah pangertèn sing rumangsané diduwèni bakal dijupuk saka dhèwèké.”

19 Ibuné Yésus lan sedulur-seduluré lanang teka kanggo nemoni Yésus, nanging ora isa nyedhak merga saking akèhé wong. 20 Mula, ana sing ngandhani Yésus, ”Ibumu lan sedulur-sedulurmu lanang ngadeg ing njaba, péngin ketemu panjenengan.” 21 Banjur Yésus njawab, ”Ibuku lan sedulur-sedulurku kuwi wong-wong iki, yaiku sing ngrungokké lan nindakké pangandikané Gusti Allah.”

22 Ing sawijiné dina, Yésus lan murid-muridé numpak prau. Yésus kandha marang para muridé, ”Ayo awaké dhéwé lunga menyang sebrang danau.” Banjur padha mangkat. 23 Wektu lagi numpak prau, Yésus keturon. Banjur ana angin gedhé ing danau kuwi, prauné dadi kebak banyu lan mèh kleleb. 24 Banjur murid-murid nggugah Yésus lan kandha, ”Guru, Guru, awaké dhéwé bakal mati!” Yésus banjur tangi lan nggetak angin lan banyu sing ngamuk kuwi. Angin gedhé kuwi banjur mandheg lan kahanané dadi tenang. 25 Banjur Yésus kandha marang para muridé, ”Ing ngendi imanmu?” Nanging para muridé padha kewedèn lan nggumun, banjur kandha marang siji lan sijiné, ”Sapa ta sakjané wong iki? Angin lan banyu waé manut karo préntahé.”

26 Banjur wong-wong kuwi tekan ing pantai, ing dhaérah wong Gérasa, sing ana ing sebrangé Galiléa. 27 Wektu mudhun saka prau, Yésus ketemu karo wong lanang saka kutha kuwi sing kesurupan roh jahat. Dhèwèké wis suwé ora klambèn lan ora manggon ing omah, nanging manggon ing antarané kuburan-kuburan. 28 Pas ndelok Yésus, wong lanang kuwi mbengok lan sujud ing ngarepé Yésus. Dhèwèké kandha nganggo swara seru, ”Apa urusanku karo kowé, Yésus Putrané Gusti Allah sing Mahaluhur? Aku nyuwun supaya aja nyiksa aku.” 29 (Merga Yésus ngongkon roh najis kuwi metu saka wong lanang mau. Roh kuwi wis kerep ngleboni wong lanang kuwi,* lan dhèwèké wis bola-bali diranté ing tangan lan sikilé, lan dijaga tenanan. Nanging dhèwèké isa medhot ranténé, lan digawa karo roh jahat kuwi ing panggonan-panggonan sing sepi.) 30 Yésus takon, ”Jenengmu sapa?” Dhèwèké njawab, ”Legiun,”* merga akèh roh jahat sing ngleboni wong kuwi. 31 Roh-roh kuwi nyuwun terus supaya Yésus ora ngongkon roh-roh kuwi mlebu ing jurang sing jero banget.* 32 Wektu kuwi, ana sakumpulan babi sing lagi mangan ing gunung. Mula roh-roh kuwi nyuwun supaya éntuk mlebu ing babi-babi kuwi, lan Yésus ngijinké. 33 Roh-roh kuwi metu saka wong lanang mau banjur mlebu ing babi-babi kuwi, lan kabèh babi kuwi njegur ing danau saka tebing lan mati kleleb. 34 Nanging wektu wong-wong sing njaga kumpulan babi kuwi ndelok apa sing kedadéan, wong-wong kuwi mlayu lan nyritakké ing kutha lan ing dhaérah sakcedhaké.

35 Mula wong-wong padha metu kanggo ndelok apa sing lagi waé kedadéan. Wong-wong kuwi nemoni Yésus lan weruh wong lanang sing mau kesurupan roh jahat lagi lungguh ing cedhak sikilé Yésus, wis nganggo klambi lan pikirané waras. Wong-wong kuwi dadi padha wedi. 36 Wong-wong sing ndelok kedadéan mau nyritakké marang wong-wong sing padha teka kuwi bab piyé wong lanang sing kesurupan mau isa dadi waras. 37 Banjur akèh wong saka dhaérah wong Gérasa padha njaluk supaya Yésus ninggalké dhaérah kuwi, merga padha kewedèn. Yésus banjur numpak prau lan lunga. 38 Wong sing mauné kesurupan kuwi terus-terusan nyuwun supaya isa mèlu Yésus, nanging Yésus ngongkon wong kuwi lunga, lan kandha, 39 ”Muliha, lan terus critakna apa sing ditindakké Gusti Allah kanggo kowé.” Mula wong kuwi lunga lan nyritakké marang wong-wong sak kutha bab sing wis ditindakké Yésus kanggo dhèwèké.

40 Wektu Yésus bali menyang wilayah Galiléa, wong-wong padha nampa Yésus kanthi ramah, merga kabèh wong wis ngentèni Yésus. 41 Banjur, ana wong lanang sing jenengé Yairus teka. Wong kuwi ketua sinagogé.* Dhèwèké sujud ing sikilé Yésus lan mulai nyuwun supaya Yésus mara ing omahé, 42 merga anaké wadon siji-sijiné, sing umuré kira-kira 12 taun, mèh mati.

Wektu Yésus mlaku, wong akèh padha dhesek-dhesekan ing sakiwa-tengené Yésus. 43 Ing kono, ana wong wadon sing wis 12 taun lara pendarahan, lan durung ana sing isa marèkké dhèwèké. 44 Wong wadon kuwi nyedhaki Yésus saka mburi lan ndemèk pucuk klambi njabané Yésus, lan pendarahané langsung mandheg. 45 Mula Yésus kandha, ”Sapa sing ndemèk aku?” Nanging ora ana sing ngaku. Banjur Pétrus kandha, ”Guru, ing sakiwa-tengené panjenengan ana akèh wong sing dhesek-dhesekan.” 46 Nanging Yésus kandha, ”Ana sing ndemèk aku, merga aku ngerti ana kuwasa sing metu saka awakku.” 47 Merga ngerti nèk dhèwèké konangan, wong wadon mau marani Yésus karo ndredheg, lan sujud ing ngarepé. Dhèwèké banjur nyritakké ing ngarepé kabèh wong ngapa dhèwèké ndemèk Yésus lan piyé dhèwèké langsung mari. 48 Nanging Yésus kandha marang wong wadon kuwi, ”Ndhuk, imanmu wis nggawé kowé mari. Lungaa kanthi tentrem.”

49 Wektu Yésus lagi ngomong, ana utusan saka omahé Yairus teka lan kandha, ”Anakmu wadon wis mati. Aja ngrépoti Guru manèh.” 50 Wektu krungu kuwi, Yésus kandha marang Yairus, ”Aja kuwatir, kowé mung kudu nduwé iman lan anakmu bakal urip.”* 51 Wektu tekan omahé Yairus, Yésus ora ngijinké sapa waé mlebu bareng dhèwèké, kejaba Pétrus, Yohanes, Yakobus, lan wong tuwané bocah kuwi. 52 Kabèh wong lagi nangis lan nggebugi awaké merga sedhih. Mula Yésus kandha, ”Aja nangis manèh, merga bocah wadon iki ora mati nanging lagi turu.” 53 Wong-wong kuwi mulai nggeguyu Yésus, merga wong-wong kuwi ngerti nèk bocah wadon mau wis mati. 54 Nanging Yésus nyekel tangané bocah wadon kuwi lan kandha, ”Tangia, Ndhuk!” 55 Bocah kuwi urip manèh,* lan dhèwèké langsung tangi. Banjur Yésus ngongkon supaya bocah kuwi diwènèhi maem. 56 Wong tuwané seneng banget. Nanging Yésus nglarang wong loro kuwi nyritakké kedadéan kuwi marang sapa waé.

9 Yésus banjur nyeluk 12 rasulé lan mènèhi wong-wong kuwi kuwasa lan wewenang kanggo ngusir kabèh roh jahat lan kanggo marèkké penyakit. 2 Yésus ngutus wong-wong kuwi kanggo martakké Kratoné Allah lan marèkké wong lara. 3 Yésus kandha, ”Ora usah nggawa apa-apa, ora usah nggawa teken, kanthong panganan, roti, dhuwit,* utawa salin.* 4 Nèk kowé mlebu ing salah siji omah, manggona ing kono nganti kowé lunga saka dhaérah kuwi. 5 Nèk wong-wong ora gelem nampa kowé, wektu kowé lunga saka kutha kuwi, kebutna* bledug saka sikilmu supaya dadi pangéling-éling kanggo wong-wong kuwi.” 6 Para rasul banjur padha mangkat menyang kabèh désa ing dhaérah kuwi, kanggo martakké kabar apik lan marèkké wong lara.

7 Hérodès,* panguwasa wilayah* Galiléa, krungu kabèh kedadéan sing wis kelakon, lan dhèwèké bingung banget merga ana sing kandha nèk Yohanes wis diuripké manèh saka antarané wong mati. 8 Wong liyané kandha nèk Élia njedhul manèh. Ana uga sing kandha nèk salah siji nabi jaman mbiyèn urip manèh. 9 Hérodès kandha, ”Yohanes wis tak tugel sirahé. Dadi sapa wong iki? Aku krungu akèh perkara bab dhèwèké.” Mula, Hérodès ngupaya isa ketemu Yésus.

10 Wektu bali, para rasul nyritakké marang Yésus kabèh perkara sing wis ditindakké. Banjur Yésus lunga menyang kutha sing jenengé Bètsaida. Yésus mung ngajak para rasulé. 11 Nanging wong akèh padha ngerti, banjur ngetutké Yésus. Lan Yésus nampa wong-wong kuwi kanthi ramah lan mulai mulang wong akèh kuwi bab Kratoné Allah, uga marèkké wong sing lara. 12 Wektu wis soré, 12 rasul nyedhak lan kandha marang Yésus, ”Kongkonen wong-wong iki mulih, supaya isa tuku panganan lan nggolèk penginepan ing désa-désa cedhak kéné, merga awaké dhéwé ana ing panggonan sing adoh saka ngendi-endi.” 13 Nanging Yésus kandha, ”Kowé waé sing mènèhi wong-wong kuwi mangan.” Para rasul njawab, ”Aku kabèh ora nduwé apa-apa ing kéné, mung ana roti lima lan iwak loro, kejaba nèk aku kabèh lunga lan tuku panganan kanggo kabèh wong iki.” 14 Cacahé wong-wong kuwi ana kira-kira 5.000 wong lanang. Nanging Yésus kandha marang murid-muridé, ”Kongkonen wong-wong kuwi lungguh sakelompok-sakelompok, kira-kira 50 wong ing saben kelompok.” 15 Murid-murid banjur ngongkon wong akèh kuwi lungguh. 16 Yésus banjur njupuk roti lima lan iwak loro mau, terus ndhangak ndelok langit lan ndonga. Sakwisé kuwi, Yésus nyuwil-nyuwil roti kuwi lan mulai mènèhké marang murid-muridé kanggo diedumké marang wong-wong. 17 Mula, kabèh wong kuwi mangan nganti wareg, lan murid-murid nglumpukké sisané, ana 12 kranjang.

18 Wektu Yésus lagi ndonga dhèwèkan, murid-muridé marani Yésus. Banjur Yésus takon marang murid-muridé, ”Jaréné wong-wong, aku iki sapa?” 19 Murid-muridé njawab, ”Yohanes Pembaptis, nanging sing liyané kandha Élia, lan sing liyané manèh kandha nèk panjenengan kuwi salah siji nabi jaman mbiyèn sing urip manèh.” 20 Yésus takon manèh marang para muridé, ”Nèk miturutmu, aku iki sapa?” Pétrus njawab, ”Kristus saka Gusti Allah.” 21 Banjur kanthi tegas, Yésus ngélikké murid-muridé supaya ora ngandhani wong liya bab kuwi. 22 Yésus uga kandha, ”Putrané manungsa kudu ngalami akèh kasangsaran lan ditolak para pemimpin, imam kepala, lan ahli Taurat, banjur dipatèni lan diuripké manèh ing dina katelu.”

23 Banjur Yésus kandha marang wong kabèh, ”Sapa waé sing péngin mèlu aku, dhèwèké kudu nolak pepénginané dhéwé, kudu mikul cagak paukumané* saben dina, lan terus ngetutké aku. 24 Merga sapa waé sing péngin nylametké nyawané* bakal kélangan nyawané, nanging sapa waé sing kélangan nyawané merga aku, dhèwèké bakal urip manèh. 25 Saktenané, apa gunané wong éntuk kabèh sing ana ing donya iki nanging kélangan nyawané utawa ngalami cilaka ing uripé? 26 Sapa waé sing isin ngakoni aku lan omonganku, Putrané manungsa uga bakal isin ngakoni wong kuwi wektu Putrané Manungsa teka nganggo kuwasané,* kuwasané Bapaké, lan kuwasané para malaékat suci. 27 Saktenané aku kandha, ing antaramu ana sing ora bakal mati sakdurungé ndelok Kratoné Allah.”

28 Kira-kira wolung dina sakwisé ngomongké bab kuwi, Yésus ngajak Pétrus, Yohanes, lan Yakobus munggah menyang gunung kanggo ndonga. 29 Wektu Yésus lagi ndonga, wajahé malih lan klambiné dadi putih mengkilap. 30 Ujug-ujug, ana wong loro sing lagi omong-omongan karo Yésus. Wong loro kuwi Musa lan Élia. 31 Wong loro kuwi njedhul nganggo cahya kamulyan lan mulai omong-omongan bab lungané Yésus sing bakal kelakon ing Yérusalèm. 32 Wektu kuwi, Pétrus lan kanca-kancané lagi turu. Nanging sakwisé tangi, Pétrus lan kanca-kancané ndelok kamulyané Yésus lan wong lanang loro sing ngadeg bareng Yésus. 33 Wektu wong loro kuwi arep lunga ninggalké Yésus, Pétrus kandha marang Yésus, ”Gusti, aku kabèh seneng ana ing kéné. Mula ijinké aku ngedegké telung téndha: siji kanggo panjenengan, siji kanggo Musa, lan sijiné kanggo Élia.” Pétrus ora sadhar apa sing diomongké. 34 Wektu Pétrus isih ngomong, ana méga teka lan mulai nutupi wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi dadi wedi. 35 Banjur ana swara saka méga kuwi, ”Iki Putra-Ku, sing wis Tak pilih. Rungokna dhèwèké.” 36 Wektu krungu swara kuwi, wong-wong kuwi ndelok Yésus gari dhèwèkan. Nganti sawetara wektu, murid-murid kuwi tetep meneng lan ora ngandhani sapa-sapa bab apa sing wis didelok mau.

37 Dina sakbanjuré, wektu Yésus lan murid-muridé mudhun saka gunung, kumpulan wong padha marani Yésus. 38 Banjur ana wong lanang sing mbengok saka antarané kumpulan wong kuwi, kandhané, ”Guru, aku nyuwun, tulungana* anakku lanang, merga dhèwèké anakku siji-sijiné. 39 Dhèwèké kesurupan roh jahat lan ujug-ujug njerit-njerit, roh jahat kuwi uga nggawé dhèwèké kejang-kejang lan cangkemé metu busané.* Roh jahat kuwi uga nglarani lan ora gelem metu saka dhèwèké. 40 Aku wis nyuwun tulung murid-muridé panjenengan kanggo ngusir roh jahat kuwi, nanging murid-muridé panjenengan ora isa.” 41 Yésus njawab, ”Kowé kabèh kuwi wong-wong* sing ora nduwé iman lan kebak dosa, nganti kapan aku kudu ana ing antaramu lan sabar karo kowé kabèh? Gawanen anakmu mréné.” 42 Malah, wektu bocah kuwi lagi mlaku marani Yésus, roh jahat kuwi mbanting bocah kuwi ing lemah lan nggawé dhèwèké kejang-kejang. Nanging Yésus nggetak roh najis kuwi lan marèkké bocah kuwi, banjur bocah kuwi dipasrahké marang bapaké. 43 Kabèh wong dadi nggumun merga weruh kuwasané Gusti Allah sing agung banget.

Wektu wong-wong isih padha nggumun ndelok sing ditindakké Yésus, Yésus kandha marang murid-muridé, 44 ”Rungokna tenanan lan éling-élingen omonganku iki: Putrané manungsa bakal diserahké* menyang tangané manungsa.” 45 Nanging para murid ora ngerti tegesé omongané Yésus. Sakjané, tegesé omongan kuwi didhelikké saka murid-murid supaya padha ora ngerti tegesé, lan para murid ora wani takon marang Yésus bab omongan kuwi.

46 Banjur, ana udur-uduran ing antarané para murid bab sapa sing paling penting. 47 Yésus ngerti apa sing lagi dipikirké murid-muridé. Mula Yésus ngundang bocah cilik siji lan ngongkon bocah kuwi ngadeg ing sebelahé Yésus, 48 lan kandha marang murid-muridé, ”Sapa waé sing nampa bocah cilik kaya ngéné iki merga aku,* kuwi tegesé uga nampa aku. Lan sapa waé sing nampa aku, kuwi ora mung nampa aku, nanging uga nampa Panjenengané sing ngutus aku. Merga wong sing tumindak dadi sing paling cilik ing antarané kowé kabèh, ya dhèwèké kuwi wong sing paling penting.”

49 Mula Yohanes kandha, ”Guru, aku kabèh ndelok ana wong sing ngusir roh jahat nganggo jenengé panjenengan, lan aku kabèh wis nyoba ngalang-alangi dhèwèké, merga wong kuwi ora mèlu kita.” 50 Nanging Yésus kandha, ”Aja ngalang-alangi wong kuwi. Wong sing ora nglawan kowé, wong kuwi ing pihakmu.”

51 Wektu wis cedhak dinané Yésus kanggo munggah swarga, Yésus nduwé tékad kanggo lunga menyang Yérusalèm. 52 Mula Yésus ngutus sapérangan muridé kanggo lunga ndhisiki dhèwèké. Murid-murid kuwi banjur lunga lan mlebu ing sawijiné désa ing Samaria lan nggawé persiapan kanggo Yésus. 53 Nanging penduduk ing kono padha ora gelem nampa Yésus, merga Yésus nduwé tékad kanggo lunga menyang Yérusalèm. 54 Wektu muridé loro, yaiku Yakobus lan Yohanes weruh bab iki, wong loro kuwi kandha, ”Gusti, apa panjenengan péngin aku kabèh nekakké geni mudhun saka langit kanggo nyirnakké wong-wong kuwi?” 55 Nanging Yésus minger lan nyenèni wong loro kuwi. 56 Yésus lan para muridé banjur lunga menyang désa liyané.

57 Wektu ing perjalanan, ana wong sing kandha marang Yésus, ”Aku bakal mèlu menyang ngendi waé panjenengan lunga.” 58 Nanging Yésus kandha, ”Rubah* nduwé erong lan manuk ing langit nduwé susuh, nanging Putrané manungsa ora nduwé omah.”* 59 Banjur, Yésus kandha marang wong liyané, ”Dadia muridku.” Wong lanang kuwi kandha, ”Gusti, nèk éntuk aku tak ngubur bapakku dhisik.” 60 Nanging Yésus njawab, ”Ejarna wong mati ngubur wong mati, nanging kowé, wartakna Kratoné Allah ing ngendi-endi.” 61 Sing liyané manèh kandha, ”Gusti, aku bakal mèlu panjenengan, nanging nèk éntuk aku tak pamit dhisik karo keluargaku.” 62 Yésus kandha marang wong kuwi, ”Wong sing ngluku karo ndelok mburi, wong kuwi ora cocog kanggo Kratoné Allah.”

10 Sakwisé kuwi, Yésus milih 70 wong liyané lan ngutus wong-wong kuwi loro-loro kanggo ndhisiki dhèwèké menyang saben kutha lan panggonan sing bakal diparani. 2 Banjur Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Panènané pancèn akèh, nanging sing manèn mung sithik. Mula, nyuwuna marang Sing Nduwé panènan supaya ngutus luwih akèh wong kanggo nglumpukké panènané. 3 Lungaa! Padha gatèkna! Aku ngutus kowé kaya anak wedhus gèmbèl ing antarané serigala. 4 Aja nggawa kanthong dhuwit, kanthong panganan, utawa sandhal, lan aja mènèhi salam* marang sapa waé wektu ana ing dalan. 5 Wektu kowé mlebu ing salah siji omah, kandhaa dhisik, ʼMuga-muga ana katentreman ing omah iki.ʼ 6 Nèk ing kono ana wong sing seneng marang katentreman,* dhèwèké bakal éntuk katentreman sing kok suwunké. Nanging nèk ora ana, katentreman kuwi bakal bali marang kowé. 7 Manggona ing omahé, uga mangana lan ngombéa apa sing disedhiyakké wong kuwi, merga wong sing nyambut gawé pantes nampa opahé. Aja pindhah-pindhah saka siji omah menyang omah liyané.

8 ”Lan nèk kowé mlebu ing salah siji kutha lan wong-wongé nampa kowé, panganen apa sing disuguhké marang kowé, 9 marèkna wong lara sing ana ing kono, uga kandhaa, ʼKratoné Allah wis cedhak.ʼ 10 Nanging, nèk kowé mlebu ing salah siji kutha lan wong-wongé ora nampa kowé, lungaa menyang dalan-dalan utama kutha kuwi lan kandhaa, 11 ʼAku kabèh ngebutké bledug saka kuthamu sing nèmplèk ing sikilku, supaya dadi pangéling-éling kanggo kowé. Nanging kowé kudu ngerti nèk Kratoné Allah wis cedhak.ʼ 12 Aku ngandhani kowé nèk ing Dina Pengadilan, hukuman kanggo kutha Sodom bakal luwih ènthèng ketimbang hukuman kanggo kutha kuwi.

13 ”Cilaka kowé, kutha Khorazin! Cilaka kowé, kutha Bètsaida! Merga saumpama mukjijat-mukjijat sing kok delok kuwi kelakon ing kutha Tirus lan Sidon, wong-wong ing kana wiwit mbiyèn mesthi wis mertobat, lungguh nganggo kain goni lan awu. 14 Mula ing Dina Pengadilan, hukuman kanggo Tirus lan Sidon bakal luwih ènthèng ketimbang hukuman kanggo kowé. 15 Lan kowé, Kapernaum, apa kowé bakal diluhurké nganti tekan langit? Ora! Kowé bakal mlebu ing Kuburan.*

16 ”Sapa waé sing ngrungokké kowé, ngrungokké aku. Sapa waé sing nolak kowé, uga nolak aku. Lan sapa waé sing nolak aku, uga nolak Panjenengané sing ngutus aku.”

17 Banjur, wong 70 mau bali kanthi bungah lan kandha, ”Gusti, roh-roh jahat waé manut karo aku kabèh wektu aku kabèh nggunakké jeneng panjenengan.” 18 Mula Yésus kandha, ”Aku ndelok Sétan wis tiba kaya kilat saka langit. 19 Aku wis mènèhi kowé kuwasa kanggo ngidak-idak ula lan kalajengking, lan kanggo ngalahké kabèh kekuwatané mungsuh. Ora ana sing bakal nyilakani kowé. 20 Senajan ngono, aja bungah merga roh-roh kuwi manut karo kowé, nanging bungaha merga jenengmu wis ditulis ing swarga.” 21 Ing wektu kuwi uga, roh suci nggawé Yésus bungah banget, banjur Yésus kandha, ”Bapakku, Panguwasa langit lan bumi, aku ngluhurké Panjenengan ing ngarepé wong-wong iki. Merga Panjenengan ndhelikké bab-bab iki saka wong-wong sing wicaksana lan pinter, nanging nduduhké marang wong-wong sing andhap asor kaya bocah cilik. Iya iki, Bapak, sing dadi kersané Panjenengan. 22 Bapakku wis masrahké kabèh marang aku. Ora ana wong sing kenal sapa Putra kuwi kejaba Bapak, lan ora ana wong sing kenal sapa Bapak kuwi kejaba Putra. Wong isa kenal sapa Bapak kuwi mung nèk Putra gelem ngandhani wong kuwi bab Bapak.”

23 Banjur wektu ora ana wong liya, Yésus kandha marang murid-muridé, ”Bungah wong sing ndelok perkara-perkara sing kok delok. 24 Merga aku kandha marang kowé, akèh nabi lan raja péngin banget ndelok perkara-perkara sing kok delok, nanging ora weruh. Wong-wong kuwi uga péngin banget ngrungokké perkara-perkara sing kok rungokké, nanging ora krungu.”

25 Salah siji ahli Taurat ngadeg kanggo nguji Yésus lan takon, ”Guru, apa sing kudu tak tindakké supaya isa éntuk warisan urip saklawasé?” 26 Yésus kandha, ”Apa sing ditulis ing Taurat? Apa sing kok ngertèni?” 27 Wong kuwi njawab, ”ʼTresnaa marang Yéhuwah Gusti Allahmu sakwutuhé atimu, sakwutuhé nyawamu,* sakwutuhé kekuwatanmu, lan sakwutuhé pikiranmuʼ lan ʼtresnaa marang pepadhamu* kaya kowé nresnani awakmu dhéwé.ʼ” 28 Yésus kandha, ”Jawabanmu bener. Terusa nindakké kuwi lan kowé bakal nampa urip.”

29 Nanging merga péngin mbuktèkké nèk dhèwèké bener, wong kuwi takon marang Yésus, ”Sapa sakjané pepadhaku kuwi?” 30 Yésus njawab, ”Ana wong lanang sing mudhun saka Yérusalèm menyang Yérikho, lan dirampok. Para perampok kuwi ngrampas klambi lan bandhané, nggebugi wong kuwi nganti arep mati, banjur ninggalké wong kuwi. 31 Ndilalah ana imam sing uga mudhun liwat dalan kuwi. Nanging wektu ndelok wong lanang mau, imam kuwi mlaku terus ing sebrang dalan. 32 Semono uga wong Lèwi. Wektu tekan ing panggonan kuwi lan ndelok wong lanang mau, wong Lèwi kuwi mlaku terus ing sebrang dalan. 33 Nanging, ana wong Samaria sing liwat ing dalan kuwi. Wektu ndelok wong lanang mau, dhèwèké ngrasa mesakké. 34 Mula wong Samaria kuwi nyedhaki wong lanang mau, terus ngesokké lenga lan anggur ing luka-lukané, banjur diperban. Sakwisé kuwi, wong Samaria kuwi ngunggahké wong lanang mau ing ndhuwur keledainé, nggawa dhèwèké menyang penginepan, lan ngrumat dhèwèké. 35 Ing dina sakbanjuré, wong kuwi ngetokké dhuwit rong dinar,* banjur mènèhké marang wong sing nduwé penginepan, lan kandha, ʼRumaten wong iki, lan nèk ragad sing kok wetokké luwih saka iki, aku bakal ngijoli wektu aku bali.ʼ 36 Miturutmu, saka antarané wong telu mau, endi sing dadi pepadhané wong sing dirampok kuwi?” 37 Wong kuwi njawab, ”Wong sing nduduhké welas asih marang wong sing dirampok mau.” Yésus banjur kandha, ”Lungaa lan tindakna sing padha.”

38 Yésus lan murid-muridé neruské perjalanan lan mlebu ing salah siji désa. Ing kono, ana wong wadon sing jenengé Marta ngundang Yésus menyang omahé. 39 Dhèwèké uga nduwé adhi wadon sing jenengé Maria. Maria lungguh ing cedhak sikilé Gusti lan terus ngrungokké omongané. 40 Nanging, Marta ora nggatèkké merga répot nandangi akèh gawéan. Mula, dhèwèké mara lan kandha marang Yésus, ”Gusti, apa panjenengan ora weruh nèk Maria ngejarké aku nandangi kabèh dhèwèkan? Kongkonen dhèwèké ngéwangi aku.” 41 Gusti njawab, ”Marta, Marta, kowé terlalu nguwatirké akèh perkara. 42 Padahal sing dibutuhké mung sithik, utawa malah mung siji. Nèk Maria, dhèwèké wis milih bagéan sing paling apik, lan kuwi ora bakal dijupuk saka dhèwèké.”

11 Ing sawijiné dina, Yésus lagi ndonga ing sawijiné panggonan. Wektu wis rampung, salah siji muridé kandha marang Yésus, ”Gusti, ajarana aku kabèh carané ndonga, kaya Yohanes uga ngajari murid-muridé.”

2 Mula Yésus kandha marang murid-muridé, ”Wektu kowé ndonga, kandhaa, ʼBapak, asma Panjenengan mugi disucèkké. Kraton Panjenengan mugi rawuh. 3 Paringana aku kabèh maeman* sing tak butuhké saben dina. 4 Tulung apurana dosa-dosaku, merga aku uga ngapurani saben wong sing dosa* marang aku. Lan tulungi aku supaya ora nyerah wektu digodha.ʼ”*

5 Banjur Yésus kandha, ”Saumpama salah siji saka antaramu nduwé kanca, lan kowé marani kancamu kuwi ing tengah wengi banjur kandha, ʼKanca, aku silihana roti telu, 6 merga kancaku sing lagi lelungan mampir ing omahku lan aku ora nduwé apa-apa kanggo disuguhké.ʼ 7 Nanging, kancamu njawab saka njero omahé, ʼAja ngrépoti aku. Lawang wis tak kunci, lan anak-anakku lagi turu bareng karo aku. Dadi aku ora isa tangi lan mènèhi apa-apa marang kowé.ʼ 8 Aku ngandhani kowé, senajan kowé kancané, kancamu kuwi ora gelem tangi lan mènèhi apa-apa marang kowé. Nanging, merga kowé terus ngotot, kancamu kuwi mesthi bakal tangi lan mènèhi apa sing kok butuhké. 9 Mula aku kandha marang kowé, terusa njaluk lan kowé bakal diwènèhi. Terusa nggolèk lan kowé bakal nemokké. Terusa dhodhog-dhodhog lan kowé bakal dibukakké lawang. 10 Merga saben wong sing njaluk bakal nampa, lan saben wong sing nggolèki bakal nemokké, lan saben wong sing dhodhog-dhodhog bakal dibukakké lawang. 11 Ing antaramu, apa ana bapak sing bakal mènèhi ula nèk anaké njaluk iwak, 12 utawa mènèhi kalajengking nèk anaké njaluk endhog? 13 Dadi, nèk kowé sing dosa waé ngerti carané mènèhi apa sing apik kanggo anak-anakmu, apa manèh Bapakmu ing swarga mesthi bakal maringi roh suci marang wong sing nyuwun marang Panjenengané.”

14 Banjur, Yésus ngusir roh jahat sing nggawé salah siji wong lanang dadi bisu. Sakwisé roh jahat kuwi metu, wong lanang kuwi isa ngomong, lan wong-wong padha nggumun. 15 Nanging ana sing kandha, ”Dhèwèké ngusir roh jahat merga bantuané Béèlzebul,* panguwasané roh-roh jahat.” 16 Ana uga sing nguji Yésus nganggo cara njaluk supaya Yésus nduduhké tandha saka swarga. 17 Merga ngerti apa sing dipikirké wong-wong kuwi, Yésus kandha, ”Saben pamréntahan sing rakyaté padha padu mesthi bakal bubar, lan saben keluarga sing wongé ora padha rukun mesthi bakal bubrah. 18 Semono uga, nèk Sétan nglawan dhèwèké dhéwé, piyé pamréntahané isa terus ana? Sebab kowé kandha nèk aku ngusir roh-roh jahat merga diéwangi Béèlzebul. 19 Nèk umpama aku isa ngusir roh-roh jahat merga diéwangi Béèlzebul, terus murid-muridmu sing ngusir roh jahat kuwi diéwangi sapa? Para muridmu dhéwé sing mbuktèkké nèk kowé klèru. 20 Nanging, nèk aku isa ngusir roh-roh jahat merga diéwangi kuwasané* Gusti Allah, kuwi tegesé kowé ora ngerti nèk sakjané Kratoné Allah wis teka. 21 Nèk wong lanang sing kuwat lan nduwé senjata lengkap njaga omahé, bandhané bakal tetep aman. 22 Nanging, nèk ana wong sing luwih kuwat nyerang lan ngalahké wong lanang kuwi, wong lanang sing luwih kuwat mau bakal ngrampas kabèh senjata sing diendelké lan ngedum-edumké bandha sing dirampas mau. 23 Sapa waé sing ora mihak aku, kuwi tegesé nglawan aku, lan sapa waé sing ora mèlu aku nglumpukké wong-wong, kuwi tegesé mbuyarké.

24 ”Wektu ana roh najis metu saka salah siji wong, roh kuwi banjur ngliwati panggonan sing gersang kanggo nggolèk panggonan ngaso. Nanging merga ora nemu, dhèwèké kandha, ʼAku arep bali menyang omah sing wis tak tinggalké.ʼ 25 Sakwisé tekan omah mau, omahé wis disapu resik lan ditata apik. 26 Dhèwèké banjur lunga lan ngajak roh jahat pitu liyané sing luwih jahat ketimbang dhèwèké, terus padha mlebu ing wong kuwi lan manggon ing kono. Dadi, kahanané wong sing kesurupan mau luwih parah ketimbang sakdurungé.”

27 Wektu Yésus isih ngomong, saka antarané wong-wong ana wong wadon sing mbengok, ”Bungah wong wadon sing nglairké lan nyusoni panjenengan.” 28 Nanging Yésus kandha, ”Ora, nanging sing bungah kuwi wong sing ngrungokké lan nindakké pangandikané Gusti Allah.”

29 Wektu ana akèh wong sing ngumpul, Yésus mulai kandha, ”Wong-wong jaman iki* jahat. Wong-wong kuwi padha njaluk tandha, nanging ora bakal ana tandha sing diwènèhké, sakliyané tandha Yunus. 30 Merga kaya Yunus dadi tandha kanggo wong-wong Niniwé, Putrané manungsa bakal dadi tandha kanggo wong-wong jaman iki.* 31 Ing Dina Pengadilan, ratu saka kidul* bakal diuripké manèh bareng karo wong-wong jaman iki.* Dhèwèké bakal nganggep wong-wong jaman iki salah, merga dhèwèké teka saka panggonan sing adoh kanggo ngrungokké kawicaksanané Salomo. Nanging ing kéné, ana wong sing luwih penting ketimbang Salomo. 32 Ing Dina Pengadilan, wong-wong Niniwé bakal diuripké manèh bareng karo wong-wong jaman iki.* Wong Niniwé bakal nganggep wong-wong jaman iki salah, merga wong Niniwé mertobat sakwisé krungu warta saka Yunus. Nanging ing kéné, ana wong sing luwih penting ketimbang Yunus. 33 Sakwisé nyumed lampu minyak, wong ora bakal ndèlèhké kuwi ing panggonan sing ora kétok utawa ing ngisor kranjang, nanging ing panggonan sing dhuwur, supaya wong-wong sing mlebu ing omah isa ndelok cahyané. 34 Pepadhangé badan kuwi mripat. Nèk mripatmu fokus,* badanmu sakwutuhé uga padhang. Nanging nèk mripatmu seneng iri,* badanmu sakwutuhé uga peteng. 35 Mula waspadaa, aja nganti pepadhang sing kok duwèni kuwi jebulé pepeteng. 36 Nèk sakwutuhé badanmu padhang lan ora ana bagéan sing peteng, badanmu bakal padhang kaya lampu sing madhangi kowé.”

37 Sakwisé Yésus ngomongké kuwi kabèh, ana wong Farisi ngundang Yésus maem bareng. Yésus banjur mlebu menyang omahé lan lungguh ing ngarep méja. 38 Nanging wong Farisi kuwi nggumun merga weruh nèk Yésus ora wijik* dhisik sakdurungé maem. 39 Nanging Gusti kandha marang wong kuwi, ”Kowé kabèh, wong Farisi, kowé ngresiki bagéan njabané cangkir lan piring, nanging ing njero atimu, kowé kebak keserakahan lan kejahatan. 40 Kowé kabèh wong sing ora masuk akal! Gusti Allah sing nggawé bagéan njaba uga nggawé bagéan njeroné, ta? 41 Mula nèk kowé mènèhi sedhekah, wènèhna kuwi saka ati, lan kowé bakal resik sakabèhé. 42 Cilaka kowé wong Farisi, merga kowé mènèhi persepuluhan saka tanduran mint, inggu,* lan kabèh rempah* liyané, nanging kowé nyepèlèkké keadilan lan katresnan marang Gusti Allah! Mènèhi persepuluhan pancèn wajib ditindakké, nanging sing liyané kuwi ya ora éntuk disepèlèkké. 43 Cilaka kowé wong-wong Farisi, merga kowé seneng lungguh ing kursi sing ngarep dhéwé* ing sinagogé* lan seneng nampa salam hormat ing panggonan-panggonan umum.* 44 Cilaka banget kowé kabèh, merga kowé kaya kuburan sing ora ana tengeré, mula wong ora ngerti nèk kuwi kuburan wektu mlaku ing ndhuwuré.”

45 Banjur, salah siji wong sing pinter bab hukum Taurat kandha marang Yésus, ”Guru, omongané panjenengan kuwi uga ngrèmèhké aku kabèh.” 46 Yésus banjur kandha, ”Cilaka uga kowé kabèh sing pinter bab hukum Taurat, merga kowé nggawé wong-wong mikul beban sing abot, nanging kowé dhéwé ora gelem ndemèk beban kuwi senajan mung nganggo drijimu siji waé.

47 ”Cilaka kowé, merga kowé nggawé kuburan kanggo para nabi, padahal leluhurmu dhéwé sing matèni para nabi kuwi. 48 Kowé mesthi ngerti apa sing ditindakké leluhurmu, nanging kowé malah setuju karo wong-wong kuwi. Para leluhurmu matèni para nabi, lan kowé nggawèkké kuburané. 49 Merga kuwi Gusti Allah uga ngendika nganggo kawicaksanané,* ʼAku bakal ngutus nabi-nabi lan rasul-rasul marang wong-wong kuwi, lan ana sing bakal dipatèni lan dianiaya. 50 Mula, wong-wong jaman iki* bakal tanggung jawab kanggo getihé kabèh nabi sing diwutahké saka wiwitané donya,* 51 wiwit saka getihé Habèl nganti getihé Zakharia, sing kok patèni ing antarané mésbah lan panggonan suci.ʼ Aku kandha marang kowé kabèh, generasi iki bakal nanggung getihé wong-wong kuwi.

52 ”Cilaka kowé sing pinter bab hukum Taurat, merga kowé wis njupuk kunciné kawruh. Kowé dhéwé ora mlebu lan kowé ngalang-alangi wong-wong sing arep mlebu!”

53 Mula wektu Yésus lunga saka kono, para ahli Taurat lan wong-wong Farisi mulai ngincim Yésus, uga ngejokké pitakonan-pitakonan sing luwih akèh, 54 lan ngentèni Yésus ngomongké bab sing isa dienggo alesan kanggo nudhuh Yésus.

12 Ing wektu kuwi, ana éwonan wong sing padha ngumpul. Saking akèhé, sikilé wong-wong kuwi kepidak-pidak. Yésus banjur kandha, sing kapisan marang murid-muridé dhisik, ”Waspadaa marang raginé wong-wong Farisi, yaiku kelakuané sing munafik. 2 Kabèh sing ditutup rapet-rapet bakal dibukak, lan kabèh rahasia bakal dingertèni. 3 Dadi, apa sing kok kandhakké ing pepeteng bakal dirungokké ing pepadhang, lan apa sing kok bisikké ing kamar bakal diwartakké saka ndhuwur omah. 4 Sakliyané kuwi, aku kandha marang kowé, kanca-kancaku, aja wedi marang wong sing isa matèni badan nanging sakwisé kuwi ora isa nindakké apa-apa manèh. 5 Aku bakal ngandhani kowé sapa sing kudu kok wedèni. Wedia marang Panjenengané sing isa matèni kowé, lan sakwisé kuwi nduwé kuwasa kanggo nguncalké kowé menyang Géhéna.* Aku ngandhani kowé, wedia marang Panjenengané. 6 Manuk emprit lima nèk diedol regané mung rong dhuwit rècèh cilik,* ta? Nanging, ora ana manuk emprit siji waé sing dilalèkké* Gusti Allah. 7 Malah, rambut ing sirahmu waé Bapakmu ngerti cacahé. Aja wedi, kowé luwih aji ketimbang akèh manuk emprit.

8 ”Aku kandha marang kowé, saben wong sing ngakoni aku ing ngarepé manungsa, uga bakal diakoni Putrané manungsa ing ngarepé malaékat-malaékaté Gusti Allah. 9 Nanging, sapa sing ora ngakoni aku ing ngarepé manungsa uga ora bakal diakoni ing ngarepé malaékat-malaékaté Gusti Allah. 10 Sapa waé sing ngomong nglawan Putrané manungsa, dhèwèké bakal diapura. Nanging, sapa waé sing ngrèmèhké roh suci ora bakal diapura. 11 Nèk wong-wong kuwi nggawa kowé ing ngarepé pertemuan umum,* para pejabat, lan panguwasa, aja kuwatir bab piyé carané kowé bakal mbéla awakmu utawa bab apa sing bakal kok omongké, 12 merga ing wektu kuwi uga, roh suci bakal ngajari kowé apa sing kudu kok omongké.”

13 Banjur, salah siji saka kumpulan wong kuwi kandha, ”Guru, kongkonen kakangku mbagi warisané karo aku.” 14 Yésus kandha marang wong kuwi, ”Sapa sing ngangkat aku dadi hakim utawa dadi panengah kanggo kowé lan kakangmu?” 15 Banjur Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Padha sing waspada, lan edohana saben jenis keserakahan,* merga senajan wong nduwé bandha akèh, nanging bandha kuwi ora mènèhi dhèwèké urip.” 16 Mula Yésus nyritakké umpama iki, ”Ana wong sugih sing lemahé ngasilké panènan sing akèh banget. 17 Dadi dhèwèké mulai mikir, ʼAku ora nduwé panggonan kanggo ngumpulké panènanku. Terus aku kudu piyé?ʼ 18 Banjur dhèwèké mikir manèh, ʼIki sing bakal tak tindakké: Aku bakal ngrubuhké gudhang-gudhangku lan mbangun sing luwih gedhé. Ing kono, aku bakal nyimpen kabèh gandum lan barang-barangku, 19 lan aku bakal kandha marang awakku dhéwé: ”Kowé wis nglumpukké akèh bandha sing isa kok enggo urip nganti pirang-pirang taun manèh. Mula saiki kowé isa lèrèn, mangan, ngombé, lan seneng-seneng.”ʼ 20 Nanging Gusti Allah ngendika marang dhèwèké, ʼWong sing ora masuk akal! Wengi iki kowé bakal kélangan nyawamu.* Mula sapa sing bakal nduwèni barang-barang sing kok simpen?ʼ 21 Iya kaya ngono kuwi dadiné wong sing nglumpukké bandha kanggo awaké dhéwé, nanging ora sugih ing ngarsané Gusti Allah.”

22 Banjur Yésus kandha marang murid-muridé, ”Mula aku ngandhani kowé: Aja kuwatir manèh bab uripmu* yaiku apa sing arep kok pangan, utawa bab badanmu yaiku apa sing arep kok enggo. 23 Merga urip* kuwi luwih aji ketimbang panganan, lan badan kuwi luwih aji ketimbang sandhangan. 24 Coba gatèkna manuk gagak. Manuk gagak ora nyebar winih utawa manèn, lan ora nduwé lumbung utawa gudhang, nanging Gusti Allah maringi pangan manuk-manuk kuwi. Kowé luwih aji ketimbang manuk-manuk, ta? 25 Sapa ta ing antaramu sing merga kuwatir isa nggawé umuré rada dawa sithik?* 26 Dadi, nèk perkara sepélé kaya ngono waé ora isa kok tindakké, kanggo apa kuwatir bab perkara-perkara liyané? 27 Gatèkna piyé kembang lili thukul: Kembang-kembang kuwi ora nyambut gawé utawa njahit, nanging aku kandha marang kowé, senajan Salomo sugih banget, sandhangané ora luwih apik ketimbang kembang-kembang kuwi. 28 Nèk tanduran ing kebon sing saiki urip terus sésuk diobong waé diparingi sandhangan sing éndah karo Gusti Allah, apa manèh kowé. Wis mesthi Gusti Allah bakal maringi kowé sandhangan, hé kowé sing imané cilik! 29 Mula aja kuwatir manèh bab apa sing arep kok pangan lan apa sing arep kok ombé, lan aja terlalu kuwatir manèh. 30 Sebab, kabèh kuwi perkara-perkara sing digolèki bangsa-bangsa ing donya kanthi mempeng, nanging Bapakmu pirsa nèk kowé mbutuhké kuwi. 31 Mula, terus utamakna dhisik Kratoné Allah, lan perkara-perkara iki bakal diparingké marang kowé.

32 ”Aja wedi, kelompok cilik,* merga Bapakmu wis kersa kanggo maringi kowé Kraton kuwi. 33 Edolen barang-barangmu lan wènèhana sedhekah. Nggawéa kanthong dhuwit sing ora bakal rusak, yaiku bandha ing swarga sing ora bakal entèk. Ing kono, bandha kuwi ora isa dicolong wong utawa dirusak renget.* 34 Sebab ing ngendi bandhamu, ya ing kono kuwi uga atimu.

35 ”Nganggoa klambi lan siap-siapa,* lan pastèkna lampu minyakmu murub terus. 36 Kowé kudu kaya budhak-budhak sing ngentèni majikané mulih saka pésta mantèn. Wektu majikané teka lan ndhodhog lawang, budhak-budhaké isa langsung mbukakké. 37 Bungah budhak-budhak kuwi wektu majikané teka ngonangi budhak-budhaké tetep jaga-jaga. Saktenané aku kandha marang kowé, majikan kuwi bakal siap-siap,* lan ngongkon budhak-budhaké lungguh ing ngarep méja, banjur dhèwèké bakal mara nyedhak lan ngladèni budhak-budhaké. 38 Bungah budhak-budhak kuwi nèk majikané teka ing giliran jaga kapindho,* utawa malah katelu,* lan weruh budhak-budhaké tetep siap. 39 Pikirna bab iki, nèk sing nduwé omah wis ngerti jam pira maling arep teka, dhèwèké mesthi ora bakal ngejarké omahé dibobol. 40 Mula, kowé tetepa siap merga Putrané manungsa bakal teka ing jam sing ora kok sangka.”

41 Banjur Pétrus takon, ”Gusti, panjenengan nyritakké umpama iki mung kanggo aku kabèh, utawa uga kanggo wong liyané?” 42 Gusti njawab, ”Sapa sakjané pengurus* sing setya, sing wicaksana, sing bakal dilantik karo majikané kanggo ngurus pelayan-pelayan ing omahé, lan mènèhi pangan sing cukup kanggo pelayan-pelayan kuwi ing wektu sing pas? 43 Bungah banget budhak kuwi nèk pas majikané teka, majikané ndelok dhèwèké lagi nindakké tugasé. 44 Saktenané aku kandha, majikané bakal nglantik dhèwèké kanggo ngurus kabèh bandhané. 45 Nanging umpama budhak kuwi mbatin, ʼMajikanku tekané isih suwé,ʼ terus dhèwèké mulai nggebugi para budhak lanang lan wadon, uga mangan lan ngombé nganti mendem, 46 majikané bakal teka ing wayah sing ora disangka-sangka lan ing jam sing dhèwèké ora ngerti, banjur majikané bakal mènèhi hukuman sing paling abot, uga bakal mènèhi dhèwèké panggonan bareng wong-wong sing ora setya. 47 Banjur budhak kuwi, sing ngerti karepé majikané, nanging ora siap-siap utawa nindakké sing dipréntahké majikané,* bakal digebugi ping bola-bali. 48 Nanging budhak sing ora ngerti karepé majikané, banjur nindakké kesalahan sing marakké dhèwèké pantes digebugi, bakal digebugi mung ping sithik. Pancèn, wong sing diwènèhi akèh bakal dijaluki akèh, lan wong sing diwènèhi akèh tanggung jawab bakal dituntut luwih akèh saka biasané.

49 ”Aku teka kanggo ngurubké geni ing bumi. Geniné wis murub, dadi apa manèh sing tak péngini? 50 Sakjané, ana baptisan sing kudu tak lakoni, lan sakdurungé kuwi kelakon, atiku susah banget. 51 Apa kok pikir aku teka kanggo nggawa rukun ing bumi? Ora. Nanging aku teka kanggo misahké wong-wong. 52 Mulai saiki, wong lima ing sakeluarga bakal nglawan siji lan sijiné. Sing telu nglawan sing loro, lan sing loro nglawan sing telu. 53 Keluarga kuwi bakal ora rukun: bapak nglawan anaké lanang lan anak lanang nglawan bapaké, ibu nglawan anaké wadon lan anak wadon nglawan ibuné, ibu maratuwa nglawan mantuné wadon lan mantu wadon nglawan ibuné maratuwa.”

54 Banjur, Yésus uga kandha marang wong-wong, ”Nèk kowé ndelok méga peteng ing sisih kulon, kowé langsung kandha, ʼBakal ana udan angin,ʼ lan kuwi sing kelakon. 55 Lan nèk kowé weruh anginé tekané saka kidul, kowé kandha, ʼHawané bakal panas banget,ʼ lan kuwi sing kelakon. 56 Wong-wong munafik, kowé ngerti carané nitèni cuaca bakal kaya apa wektu ndelok bumi lan langit, nanging ngapa kok kowé ora ngerti carané nitèni bab-bab sing kelakon saiki? 57 Apa sebabé kowé ora ngerti apa sing kuduné kok tindakké? 58 Contoné, wektu kowé lunga kanggo nemoni panguwasa bareng karo wong sing nuntut kowé ing bab hukum, ngupayaa ngrampungké masalahmu sakdurungé kowé lan dhèwèké tekan pengadilan, supaya wong kuwi ora nyerahké kowé ing ngarepé hakim, lan hakim nyerahké kowé marang petugas pengadilan, lan petugas pengadilan nglebokké kowé ing penjara. 59 Aku kandha marang kowé, kowé mesthi ora bakal metu saka kono sakdurungé kowé nglunasi utangmu, nganti dhuwit rècèh cilik* sing pungkasan.”

13 Wektu kuwi, ana wong-wong ing kono sing mènèhi laporan marang Yésus nèk Pilatus matèni wong-wong Galiléa sing lagi mènèhké kurban. 2 Yésus njawab, ”Apa kok pikir nèk wong-wong Galiléa sing ngalami musibah kuwi dosané luwih gedhé ketimbang wong-wong Galiléa liyané? 3 Ora babar blas. Nanging nèk kowé ora mertobat, kowé kabèh ya bakal mati kaya wong-wong kuwi. 4 Utawa wong 18 sing mati kambrukan menara ing Siloam, apa kok pikir nèk wong-wong kuwi salahé luwih gedhé ketimbang kabèh wong liyané ing Yérusalèm? 5 Ora babar blas. Nanging nèk kowé ora mertobat, kowé ya bakal mati kaya wong-wong kuwi.”

6 Banjur Yésus nyritakké umpama iki, ”Ana wong sing nduwé wit ara ing kebon angguré. Dhèwèké mara kanggo nggolèk woh ing wit kuwi, nanging ora nemokké woh siji-sijia. 7 Banjur dhèwèké ngomong marang tukang keboné, ʼWis telung taun aku nggolèk woh ing wit ara iki, nanging ora tau ana. Tegoren waé! Ora ana gunané wit kuwi thukul ing lemah nèk ora metu wohé.ʼ 8 Tukang keboné njawab, ʼNdara, coba dientèni setaun manèh. Aku bakal nggali lemah ing sak ubengé lan tak wènèhi pupuk. 9 Nèk wit iki metu wohé, ya apik. Nanging nèk ora, ya ditegor waé.ʼ”

10 Banjur Yésus mulang ing sinagogé* wektu dina Sabat. 11 Ing kono ana wong wadon sing digawé lara karo roh jahat suwéné 18 taun. Dhèwèké bungkuk lan babar blas ora isa ngadeg jejeg. 12 Wektu weruh wong wadon kuwi, Yésus nyeluk dhèwèké lan kandha, ”Kowé dibébaské saka penyakitmu.” 13 Yésus numpangké tangané ing ndhuwuré wong wadon kuwi, lan wong wadon kuwi langsung ngadeg jejeg lan mulai ngluhurké Gusti Allah. 14 Nanging ketua sinagogé kuwi nesu merga Yésus marèkké wong pas dina Sabat. Dhèwèké kandha marang wong akèh, ”Ana nem dina kanggo kerja. Dadi nèk péngin dimarèkké, tekaa pas dina-dina kuwi, aja ing dina Sabat.” 15 Nanging Gusti njawab, ”Wong munafik, ing dina Sabat kowé ngeculké sapi utawa keledaimu saka kandhang lan nggawa kéwan kuwi kanggo diombèni, ta? 16 Apa manèh wong wadon iki, dhèwèké keturunané Abraham lan wis 18 taun ditalèni Sétan. Mesthiné dhèwèké ya éntuk diuculi saka taliné kuwi ing dina Sabat, ta?” 17 Wektu krungu kuwi, kabèh wong sing nentang Yésus mulai kisinan. Nanging, wong akèh padha seneng banget ndelok perkara-perkara sing nggumunké sing ditindakké Yésus.

18 Banjur Yésus kandha, ”Kratoné Allah kuwi kaya apa, lan isa dipadhakké karo apa? 19 Kuwi kaya wiji sesawi* sing dijupuk lan ditandur wong ing keboné. Wiji kuwi banjur thukul lan dadi wit, lan manuk-manuk ing langit padha nggawé susuh ing pang-pangé.”

20 Yésus banjur kandha manèh, ”Kratoné Allah isa dipadhakké karo apa? 21 Kuwi kaya ragi sing dijupuk wong wadon lan dicampur karo glepung telung takeran gedhé* nganti kabèh adonan kuwi dadi ngembang.”

22 Ing perjalanané menyang Yérusalèm, Yésus marani kutha-kutha lan désa-désa kanggo mulang wong-wong. 23 Banjur ana wong lanang sing takon, ”Gusti, apa cacahé wong sing dislametké mung sithik?” Yésus njawab, 24 ”Ngupayaa sakuwaté tenagamu kanggo mlebu liwat lawang sing sempit. Merga aku ngandhani kowé, akèh sing péngin mlebu nanging ora isa. 25 Wektu sing nduwé omah wis ngancing lawangé, kowé bakal ngadeg ing njaba lan dhodhog-dhodhog, karo kandha, ʼNdara, bukakna lawang.ʼ Nanging sing nduwé omah bakal njawab, ʼAku ora ngerti kowé kuwi sapa.ʼ 26 Banjur kowé bakal kandha, ʼAku mangan lan ngombé bareng karo panjenengan, lan panjenengan ya mulang ing dalan-dalan utama ing kuthaku.ʼ 27 Nanging sing nduwé omah bakal njawab, ʼAku ora ngerti kowé kuwi sapa. Lungaa kana, wong-wong sing nindakké kejahatan!ʼ 28 Ing kana kowé bakal nangis lan gela banget* wektu weruh Abraham, Ishak, Yakub, lan kabèh nabi, ana ing Kratoné Allah, nanging kowé dhéwé diuncalké menyang njaba. 29 Banjur, wong-wong bakal teka saka wétan lan kulon, uga saka lor lan kidul, lan bakal lungguh kanggo mangan ing Kratoné Allah. 30 Pancèn, ana wong-wong sing pungkasan sing bakal dadi sing kapisan, lan ana wong-wong sing kapisan sing bakal dadi sing pungkasan.”

31 Wektu kuwi ana wong-wong Farisi sing mara lan kandha marang Yésus, ”Metua lan lungaa saka kéné, merga Hérodès péngin matèni kowé.” 32 Banjur Yésus kandha, ”Lungaa lan kandhanana wong licik* kuwi, ʼDina iki lan sésuk aku ngusir roh-roh jahat lan marèkké wong, banjur sésuké manèh* aku bakal rampung.ʼ 33 Senajan ngono, aku kudu tetep neruské perjalananku dina iki, sésuk, lan sésuké manèh, merga ora mungkin nabi dipatèni ing njaba kutha Yérusalèm. 34 Yérusalèm, Yérusalèm, sing matèni para nabi lan mbandhemi watu wong-wong sing diutus marang kowé, wis ping bola bali aku ngupaya nglumpukké anak-anakmu kaya pitik babon nglumpukké anak-anaké ing ngisor swiwiné. Nanging kowé padha ora gelem. 35 Mula, baitmu* bakal ditinggal dadi suwung lan sepi. Aku kandha marang kowé, kowé ora bakal ndelok aku manèh nganti kowé kandha, ʼMuga diberkahi wong sing teka nganggo asmané Yéhuwah!ʼ”

14 Ing dina Sabat, Yésus lunga menyang omahé sawijiné pemimpin Farisi kanggo maem. Wong-wong ing kono padha tenanan ngematké Yésus. 2 Ing ngarepé Yésus, ana wong lanang sing nduwé penyakit sing marakké awaké abuh.* 3 Yésus banjur takon marang para ahli Taurat lan wong-wong Farisi, ”Apa miturut hukum éntuk marèkké wong ing dina Sabat?” 4 Nanging wong-wong kuwi meneng waé. Mula Yésus ndemèk wong lanang kuwi, marèkké dhèwèké, lan ngongkon wong lanang kuwi mulih. 5 Yésus banjur takon marang wong-wong kuwi, ”Nèk ing antaramu, anak utawa sapiné kecemplung sumur pas dina Sabat, mesthi bakal cepet-cepet kok angkat metu saka sumur kuwi, ta?” 6 Wong-wong kuwi ora isa njawab.

7 Yésus nggatèkké nèk para tamu ing kono seneng milih panggonan kanggo tamu penting. Mula Yésus nyritakké umpama iki, 8 ”Nèk kowé diundang ing pésta mantènan, aja lungguh ing panggonan kanggo tamu penting. Mbokmenawa sing nduwé gawé uga ngundang wong sing luwih dihormati ketimbang kowé. 9 Terus wong sing ngundang kowé bakal marani lan kandha marang kowé, ʼPanggonan iki kanggo dhèwèké.ʼ Banjur kowé kepeksa pindhah ing panggonan mburi dhéwé karo kisinan. 10 Nanging nèk kowé diundang, lungguha ing panggonan sing mburi dhéwé, supaya wektu wong sing ngundang mau marani kowé, dhèwèké bakal kandha, ʼKancaku, ayo lungguh ing ngarep.ʼ Lan kowé bakal diajèni ing ngarepé kabèh tamu liyané. 11 Saben wong sing ngunggulké dhèwèké dhéwé bakal diasorké, lan sapa waé sing ngasorké dhèwèké dhéwé bakal diunggulké.”

12 Banjur Yésus kandha marang wong sing ngundang dhèwèké, ”Nèk kowé nggawé acara mangan ing wayah awan utawa bengi, aja ngundang kancamu utawa kakangmu utawa adhimu utawa sedulurmu utawa tanggamu sing sugih, merga isa waé wong-wong kuwi uga bakal ngundang kowé kanggo mbales kowé. 13 Nanging nèk kowé nganakké pésta, undangen wong-wong sing miskin, cacad, pincang, lan wuta. 14 Kowé bakal bungah merga wong-wong kuwi ora nduwé apa-apa kanggo mbales kowé. Kowé bakal éntuk balesané wektu wong-wong bener diuripké manèh.”

15 Wektu krungu kuwi, sawijiné tamu kandha marang Yésus, ”Bungah wong sing mangan* ing Kratoné Allah.”

16 Yésus kandha marang wong kuwi, ”Ana wong lanang sing nganakké pésta gedhé, lan dhèwèké ngundang akèh wong. 17 Wektu péstané arep diwiwiti, dhèwèké ngongkon budhaké lunga kanggo ngandhani para undangan, ʼAyo padha teka, kabèh wis siap.ʼ 18 Nanging kabèh wong kuwi mulai golèk-golèk alesan. Sing kapisan kandha, ʼAku lagi waé tuku ladhang lan kudu lunga kanggo ndelok ladhang mau. Njaluk ngapura ya, aku ora isa teka.ʼ 19 Sing liyané kandha, ʼAku lagi waé tuku sapi limang pasang lan aku arep mrono kanggo ndelok kuwi. Njaluk ngapura ya, aku ora isa teka.ʼ 20 Sing liyané manèh kandha, ʼAku ora isa teka, merga aku lagi waé nikah.ʼ 21 Budhak kuwi banjur bali lan nglaporké kabèh marang majikané. Mula, majikané dadi nesu lan kandha marang budhaké, ʼCepet lungaa menyang dalan-dalan utama lan gang-gang ing kutha iki, gawanen mréné wong-wong sing miskin, cacad, wuta, lan pincang.ʼ 22 Wektu wis bali, budhak kuwi kandha, ʼNdara, apa sing panjenengan préntahké wis tak tindakké. Nanging isih ana panggonan sing kosong.ʼ 23 Majikané banjur kandha, ʼLungaa menyang dalan-dalan lan gang-gang ing njaba kutha. Banjur peksanen wong-wong kanggo teka supaya omahku kebak. 24 Aku ngandhani kowé kabèh, para undangan kuwi* ora bakal mangan ing péstaku.ʼ”

25 Wektu akèh wong lagi mlaku bareng Yésus, Yésus minger lan nyawang wong-wong kuwi, banjur kandha, 26 ”Nèk ana wong marani aku lan dhèwèké luwih nresnani* bapaké, ibuné, bojoné, anaké, kakangé, adhiné, mbakyuné, lan malah luwih nresnani nyawané* dhéwé, wong kuwi ora isa dadi muridku. 27 Sapa waé sing ora mikul cagak paukumané* lan ora mèlu aku, ora isa dadi muridku. 28 Contoné, sapa ing antaramu sing arep mbangun menara ora lungguh dhisik lan ngétung ragadé supaya ngerti apa dhuwité cukup kanggo ngragadi kuwi nganti rampung? 29 Nèk ora ngono, dhèwèké mungkin mung isa mbangun pondhasiné, nanging ora isa ngrampungké, banjur kabèh wong sing weruh bakal padha nggeguyu dhèwèké, 30 karo kandha, ʼWong iki isa mbangun nanging ora isa ngrampungké.ʼ 31 Utawa, raja endi sing arep perang nglawan raja liyané, ora lungguh dhisik lan njaluk naséhat, supaya ngerti apa tentarané sing cacahé 10.000 isa nglawan raja sing nduwé tentara sing cacahé 20.000? 32 Nèk jebulé ora isa, dhèwèké bakal ngirim sakelompok utusan kanggo njaluk damai wektu mungsuhé kuwi isih adoh. 33 Semono uga, élinga, kowé ora isa dadi muridku nèk kowé ora ninggalké kabèh bandhamu.

34 ”Uyah pancèn apik. Nanging nèk uyah wis ora asin, nganggo apa kuwi isa diasinké manèh? 35 Kuwi wis ora cocog kanggo lemah utawa kanggo pupuk. Wong bakal mbuwang kuwi. Sapa sing nduwé kuping, rungokna tenanan.”

15 Kabèh petugas pajeg lan wong-wong dosa padha terus ngumpul ing sakiwa-tengené Yésus kanggo ngrungokké dhèwèké. 2 Merga kuwi, wong-wong Farisi lan para ahli Taurat padha nggrundel, ”Dhèwèké nampa wong dosa lan mangan bareng karo wong-wong kuwi.” 3 Banjur Yésus nyritakké umpama iki, 4 ”Nèk ing antaramu ana sing nduwé wedhus gèmbèl 100, lan ana siji sing ilang, mesthiné wong kuwi bakal ninggalké sing 99 ing padhang belantara lan nggolèki sing ilang kuwi nganti ketemu, ta? 5 Lan sakwisé nemokké wedhusé, wong kuwi bakal manggul wedhus kuwi ing pundhaké lan ngrasa bungah. 6 Wektu wis tekan omah, dhèwèké nyeluk kanca-kancané lan tangga-tanggané banjur kandha, ʼMèlua bungah bareng aku, merga wedhusku sing ilang wis ketemu.ʼ 7 Semono uga, aku kandha marang kowé, ing swarga bakal ana luwih akèh kabungahan merga siji wong dosa sing mertobat, ketimbang 99 wong bener sing ora perlu mertobat.

8 ”Utawa, nèk ana wong wadon sing nduwé sepuluh dhuwit rècèh drakhma* lan ana siji sing ilang, dhèwèké mesthi bakal ngurubké lampu minyak, nyapu omahé, lan nggolèki kanthi tliti nganti ketemu, ta? 9 Lan sakwisé nemokké dhuwité, dhèwèké nyeluk kanca-kancané lan tangga-tanggané banjur kandha, ʼMèlua bungah bareng aku, merga dhuwitku* sing ilang wis ketemu.ʼ 10 Semono uga, aku kandha marang kowé, malaékat-malaékat ing swarga padha bungah nèk ana siji wong dosa sing mertobat.”

11 Banjur Yésus kandha, ”Ana wong lanang sing nduwé anak lanang loro. 12 Sing ragil kandha marang bapaké, ʼBapak, wènèhana aku bandha sing dadi bagéanku.ʼ Banjur bapaké ngedum bandhané kanggo anaké loro kuwi. 13 Pirang-pirang dina sakwisé kuwi, anak sing ragil mau nglumpukké kabèh bandhané lan lunga menyang negara sing adoh. Ing kana, dhèwèké ngentèk-entèkké bandhané lan urip sakarepé dhéwé.* 14 Sakwisé bandhané entèk, kabèh dhaérah ing negara kuwi ngalami kurang pangan sing parah. Akiré dhèwèké dadi miskin. 15 Malah dhèwèké njaluk gawéan marang salah siji penduduk negara kuwi, lan dhèwèké dikongkon njaga babi ing ladhang. 16 Dhèwèké luwé banget nganti péngin ngisèni wetengé nganggo pakan* sing dipangan babi-babi kuwi. Nanging ora ana wong sing gelem mènèhi dhèwèké apa-apa kanggo dipangan.

17 ”Akiré dhèwèké sadhar lan kandha, ʼKabèh pegawéné bapakku nduwé panganan* sing akèh, nanging aku ing kéné kaliren nganti arep mati. 18 Aku bakal mangkat lan lunga menyang omahé bapakku lan kandha marang bapakku, ”Bapak, aku wis dosa marang Gusti Allah* lan marang panjenengan. 19 Aku ora pantes manèh disebut anaké Bapak. Aku dadèkna pegawéné Bapak waé.”ʼ 20 Banjur dhèwèké mangkat lan lunga menyang omahé bapaké. Wektu dhèwèké isih adoh, bapaké weruh dhèwèké lan ngrasa mesakké. Mula bapaké mlayu, banjur ngrangkul lan ngambung dhèwèké. 21 Banjur anaké kandha, ʼBapak, aku wis dosa marang Gusti Allah* lan marang panjenengan. Aku ora pantes manèh disebut anaké Bapak.ʼ 22 Nanging bapaké kandha marang budhak-budhaké, ʼCepet! Jupukna jubah sing paling apik lan enggokna marang dhèwèké. Drijiné enggonana cincin lan sikilé enggonana sandhal. 23 Uga njupuka anak sapi sing lemu banjur belèhen. Ayo kita padha mangan lan ngrayakké iki, 24 merga anakku iki wis mati nanging urip manèh. Dhèwèké ilang nanging wis ditemokké.ʼ Wong-wong kuwi banjur padha bungah.

25 ”Wektu kuwi, anaké sing mbarep lagi ana ing ladhang. Wektu mulih lan wis arep tekan omah, dhèwèké krungu swara musik lan tarian. 26 Mula, dhèwèké nyeluk salah siji pelayan lan takon apa sing lagi kelakon. 27 Pelayan kuwi njawab, ʼAdhiné panjenengan wis mulih, lan bapaké panjenengan mbelèh anak sapi sing lemu, merga adhiné panjenengan mulih kanthi slamet.ʼ 28 Nanging dhèwèké nesu lan ora gelem mlebu. Banjur bapaké metu lan ngerih-erih supaya dhèwèké mlebu. 29 Dhèwèké kandha marang bapaké, ʼWis pirang-pirang taun aku nyambut gawé kaya budhak kanggo Bapak, lan babar blas aku ora tau nglawan préntahé Bapak. Nanging Bapak ora tau mènèhi aku anak wedhus kanggo dimaem bareng karo kanca-kancaku. 30 Nanging wektu anaké Bapak kuwi mulih, anak sing ngentèk-entèkké bandhané Bapak bareng karo para pelacur, Bapak malah mbelèh anak sapi sing lemu kanggo dhèwèké.ʼ 31 Banjur bapaké kandha marang dhèwèké, ʼAnakku, kowé terus ana ing kéné karo Bapak. Kabèh duwèké Bapak, kuwi uga duwèkmu. 32 Nanging, awaké dhéwé kudu ngrayakké iki lan seneng-seneng, merga adhimu wis mati nanging urip manèh. Dhèwèké ilang nanging wis ditemokké.ʼ”

16 Banjur Yésus uga kandha marang para muridé, ”Ana wong lanang sugih sing nduwé pengurus,* lan pengurus kuwi ditudhuh ngentèk-entèkké bandhané majikané. 2 Mula, wong lanang kuwi ngundang pengurus mau lan kandha, ʼAku krungu laporan sing èlèk bab kowé. Serahna laporan gawéanmu, merga kowé wis ora éntuk manèh ngurus omahku.ʼ 3 Banjur pengurus mau mbatin, ʼAku kudu piyé, ya? Sedhéla manèh majikanku bakal mecat aku. Aku ora kuwat macul, lan nèk ngemis aku isin. 4 Oh ya! Aku ngerti kudu piyé, supaya wektu aku dipecat, wong-wong bakal nampa aku ing omahé.ʼ 5 Banjur dhèwèké nyeluk saben wong sing nduwé utang karo majikané. Dhèwèké takon karo wong sing kapisan, ʼPira utangmu marang majikanku?ʼ 6 Wong kuwi njawab, ʼSatus takeran* minyak zaitun.ʼ Pengurus kuwi kandha, ʼJupuken manèh perjanjian utangmu. Lungguha lan cepet tulisen 50.ʼ 7 Banjur, pengurus kuwi takon karo wong liyané, ʼNèk kowé, utangmu pira?ʼ Wong kuwi njawab, ʼSatus takeran gedhé* gandum.ʼ Pengurus kuwi kandha, ʼJupuken manèh perjanjian utangmu, lan tulisen 80.ʼ 8 Banjur majikané ngalem pengurus kuwi, merga senajan pengurus kuwi ora bener, nanging dhèwèké pinter nggunakké akalé.* Merga wong-wong ing jaman iki* luwih pinter nggunakké akalé ketimbang wong sing urip ing pepadhang wektu urusan karo wong-wong ing jamané.

9 ”Uga, aku kandha marang kowé: Gunakna bandha saka donya sing ora bener iki* kanggo éntuk kanca. Dadi nèk bandha kuwi entèk, kanca-kanca kuwi bakal nampa kowé ing panggonan sing langgeng. 10 Wong sing setya* ing perkara sing cilik, uga setya* ing perkara sing gedhé, lan wong sing ora bener ing perkara sing cilik uga ora bener ing perkara sing gedhé. 11 Mula, nèk kowé ora setya wektu nggunakké bandha saka donya sing ora bener iki,* sapa sing bakal mercayakké bandha sing sejati marang kowé? 12 Lan nèk kowé ora setya wektu ngurus bandhané wong liya, sapa sing bakal mènèhi kowé opah sing wis disiapké kanggo kowé? 13 Ora ana abdi sing isa dadi budhak kanggo majikan loro. Merga dhèwèké bakal gething marang sing siji lan nresnani sijiné, utawa dhèwèké bakal setya marang sing siji lan ngrèmèhké sijiné. Kowé ora isa dadi budhaké Gusti Allah lan ing wektu sing padha dadi budhaké Bandha.”

14 Sakwisé krungu omongané Yésus kuwi, wong-wong Farisi sing ngutamakké mburu bandha mulai ngécé Yésus. 15 Mula, Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Kowé nduduhké nèk kowé kuwi wong bener ing ngarepé manungsa, nanging Gusti Allah ngerti isi atimu. Apa sing dianggep penting kanggoné manungsa sakjané njijiki kanggoné Gusti Allah.

16 ”Taurat lan Tulisan Para Nabi diwartakké nganti jamané Yohanes. Wiwit wektu kuwi, Kratoné Allah diwartakké dadi kabar apik, lan saben wong ngupaya tenanan kanggo mlebu ing kono. 17 Senajan langit lan bumi iki sirna, sak huruf utawa sak titik waé ing Taurat mesthi bakal kelakon.

18 ”Saben wong sing megat bojoné lan nikah karo wong wadon liyané nindakké laku jina. Lan wong lanang sing nikah karo wong wadon sing dipegat bojoné mau uga nindakké laku jina.

19 ”Ana wong lanang sugih sing nganggo klambi ungu lan kain linen sing larang regané. Dhèwèké urip méwah saben dina. 20 Ana wong ngemis jenengé Lazarus sing kerep digawa ing ngarep gerbang omahé wong sugih kuwi. Awaké kebak gudhig. 21 Wong ngemis kuwi péngin ngisèni wetengé nganggo sisa panganan sing tiba saka méjané wong sugih kuwi. Malah asu-asu kerep teka lan ndilati gudhigé. 22 Sakwisé kuwi, wong ngemis mau mati lan para malaékat nggawa dhèwèké ing sisihé Abraham.*

”Wong sugih kuwi uga mati lan dikubur. 23 Wektu lagi ngrasakké sengsara ing Kuburan,* wong sugih kuwi ndhangak. Dhèwèké ndelok Abraham saka kadohan lan ana Lazarus ing sisihé.* 24 Banjur dhèwèké mbengok, ʼBapak Abraham, welasana aku. Kongkonen Lazarus nyelupké pucuk drijiné ing banyu lan nyegerké ilatku. Aku sengsara banget ing geni sing mulad-mulad iki.ʼ 25 Nanging Abraham kandha, ʼLé, élinga nèk wektu kowé isih urip, kowé éntuk akèh perkara sing apik, nanging Lazarus éntuk perkara-perkara sing èlèk. Saiki dhèwèké lagi dilipur ing kéné, nanging kowé sengsara banget. 26 Sakliyané kuwi, ana jurang gedhé sing digawé ing antarané aku kabèh lan kowé. Saka kéné, ora ana sing isa lunga menyang panggonanmu. Lan saka kana uga ora ana sing isa nyabrang ing panggonanku.ʼ 27 Banjur wong sugih mau kandha, ʼNèk ngono, aku nyuwun supaya Bapak ngongkon dhèwèké teka menyang omahé bapakku. 28 Merga aku isih nduwé sedulur lima. Kongkonen dhèwèké ngélingké supaya sedulurku uga ora mlebu ing panggonan sing marahi sengsara iki.ʼ 29 Nanging Abraham kandha, ʼSedulur-sedulurmu nduwé tulisané Musa lan Para Nabi. Dadi para sedulurmu isa ngrungokké kabèh kuwi.ʼ 30 Banjur wong mau kandha, ʼBapak Abraham, sedulur-sedulurku ora bakal ngrungokké kuwi. Nanging nèk ana wong mati sing urip manèh lan nemoni sedulur-sedulurku, mesthi bakal padha mertobat.ʼ 31 Nanging Abraham kandha, ʼNèk sedulur-sedulurmu ora ngrungokké tulisané Musa lan Para Nabi, sedulur-sedulurmu uga ora bakal ngrungokké wong mati sing urip manèh.ʼ”

17 Banjur Yésus kandha marang murid-muridé, ”Bab-bab sing nggawé wong dadi dosa* mesthi bakal teka. Nanging, cilaka tenan wong sing dadi penyebabé. 2 Luwih becik watu gilingan* dikalungké ing guluné, banjur dhèwèké diuncalké menyang laut, ketimbang nyebabké salah siji saka wong-wong sing kaya bocah cilik iki nindakké dosa. 3 Padha gatèkna. Nèk sedulurmu nindakké dosa, élikna dhèwèké, lan nèk dhèwèké mertobat, apuranen. 4 Senajan dhèwèké nindakké dosa marang kowé ping pitu sedina lan dhèwèké uga marani kowé ping pitu kanggo kandha, ʼAku njaluk ngapura,ʼ kowé kudu ngapurani dhèwèké.”

5 Banjur para rasul kandha marang Gusti, ”Wènèhana aku kabèh luwih akèh iman.” 6 Banjur Gusti kandha, ”Nèk kowé nduwé iman senajan gedhéné mung sak wiji sesawi waé, kowé bakal isa ngongkon wit murbei ireng* iki, ʼMbedhola lan tumancepa ing laut!ʼ lan wit kuwi bakal manut préntahmu.

7 ”Saumpama salah siji ing antaramu nduwé budhak sing ngluku ing ladhang utawa njaga ternak, apa kowé bakal kandha marang dhèwèké, ʼCepet mrénéa lan mangana ing méjaʼ wektu dhèwèké bali? 8 Nanging kowé mesthi kandha, ʼSiapna panganan kanggo tak pangan wengi iki. Nganggoa celemèkmu lan ladènana aku nganti aku rampung mangan lan ngombé. Sakwisé kuwi, kowé lagi éntuk mangan lan ngombé.ʼ 9 Kowé ora perlu matur nuwun marang budhak kuwi merga kuwi pancèn wis dadi tugasé. 10 Semono uga, wektu kowé wis nindakké kabèh sing ditugaské marang kowé, kandhaa, ʼAku mung budhak sing tanpa guna. Aku mung nindakké apa sing dadi tugasku.ʼ”

11 Wektu lunga menyang Yérusalèm, Yésus ngliwati perbatasan Samaria lan Galiléa. 12 Wektu Yésus mlebu ing sawijiné désa, ana wong lanang cacahé sepuluh sing lara kusta nyawang Yésus saka kadohan. Wong-wong mau padha ngadeg 13 lan mbengok, ”Yésus, Guru, welasana aku kabèh!” 14 Wektu weruh wong-wong kuwi, Yésus kandha, ”Padha lungaa lan duduhna awakmu marang imam.” Wektu isih padha mlaku menyang kana, wong-wong kuwi mari.* 15 Salah siji saka wong-wong kuwi, wektu sadhar nèk wis mari, dhèwèké banjur bali karo ngluhurké Gusti Allah nganggo swara seru. 16 Dhèwèké sujud ing sikilé Yésus lan matur nuwun marang Yésus. Dhèwèké kuwi wong Samaria. 17 Yésus kandha, ”Ana wong sepuluh sing dimarèkké, ta? Nanging sing sanga liyané ana ing ngendi? 18 Ngapa kok wong-wong kuwi ora bali kanggo ngluhurké Gusti Allah? Mung wong saka bangsa liya iki sing bali mréné manèh.” 19 Banjur Yésus kandha marang wong kuwi, ”Ngadega lan lungaa. Imanmu wis nggawé kowé mari.”

20 Wektu wong-wong Farisi takon marang Yésus kapan Kratoné Allah teka, Yésus njawab, ”Kratoné Allah ora teka nganggo cara sing kétok cetha kanggo kabèh wong. 21 Uga, wong ora bakal kandha, ʼDeloken, kuwi ana ing kéné!ʼ utawa, ʼDeloken, kuwi ana ing kana!ʼ Merga Kratoné Allah ana ing tengah-tengahmu.”*

22 Banjur Yésus kandha marang murid-muridé, ”Bakal tekan wektuné kowé kabèh ngarep-arep kepéngin isa weruh salah siji dina saka dina-dinané Putrané Manungsa, nanging kowé ora bakal weruh kuwi. 23 Wong-wong bakal kandha, ʼDeloken, dhèwèké ing kana!ʼ utawa, ʼDeloken, dhèwèké ing kéné!ʼ Aja lunga utawa ngetutké wong-wong kuwi. 24 Merga padha kaya kilat sing sumunar saka pucuk langit menyang pucuk langit sijiné, semono uga Putrané manungsa ing dinané. 25 Nanging dhèwèké kudu ngalami akèh kasangsaran dhisik lan ditolak karo wong-wong jaman iki.* 26 Sakliyané kuwi, kaya sing kelakon ing jamané Nuh, ya kaya ngono kuwi dina-dinané Putrané manungsa 27 wong-wong padha mangan lan ngombé, wong-wong lanang nikah lan wong-wong wadon dinikahké, nganti pas dinané Nuh mlebu ing bahtera lan Banjir Gedhé teka banjur nyirnakké wong-wong kuwi kabèh. 28 Semono uga kaya sing kedadéan ing jamané Lot: wong-wong mangan, ngombé, dol-tinuku, nandur, lan mbangun omah. 29 Nanging ing dina pas Lot metu saka Sodom, geni lan belérang mudhun saka langit lan nyirnakké kabèh wong kuwi. 30 Ya kaya ngono sing bakal kelakon ing dina wektu Putrané manungsa nduduhké kuwasané.

31 ”Ing dina kuwi, wong sing ana ing ndhuwur omah,* aja mudhun kanggo njupuk barang sing ana ing njero omahé. Semono uga, wong sing ana ing ladhang aja bali kanggo njupuk barang-barangé. 32 Élinga bojoné Lot. 33 Sapa sing ngupaya nylametké nyawané bakal kélangan nyawané,* nanging sapa sing kélangan nyawané bakal tetep urip. 34 Aku kandha marang kowé, ing wengi kuwi, nèk ana wong loro sing turu ing sak ambèn, sing siji bakal digawa, nanging sing liyané bakal ditinggal. 35 Nèk ana wong wadon loro sing lagi nggiling nganggo gilingan sing padha, sing siji bakal digawa, nanging sing sijiné bakal ditinggal.” 36 *⁠—— 37 Mula murid-muridé takon marang Yésus, ”Ing ngendi kuwi bakal kelakon, Gusti?” Yésus njawab, ”Ing ngendi ana mayit, ing kono elang bakal ngrubung.”

18 Banjur Yésus nyritakké umpama bab perluné terus ndonga lan ora nyerah. 2 Yésus kandha, ”Ing sawijiné kutha ana hakim sing ora wedi karo Gusti Allah lan ora ngajèni wong. 3 Ing kutha kuwi uga ana randha sing bola-bali marani hakim kuwi lan kandha, ʼGawéa keputusan sing adil antarané aku lan lawanku ing pengadilan.ʼ 4 Kanggo sawetara wektu, hakim kuwi ora gelem mbantu. Nanging akiré dhèwèké mbatin, ʼSenajan aku ora wedi karo Gusti Allah lan ora ngajèni wong, 5 nanging merga randha iki terus-terusan ngganggu aku, aku bakal mbantu dhèwèké éntuk keputusan sing adil, supaya dhèwèké ora terus-terusan mara lan nggawé aku kesel merga penjaluké kuwi.ʼ” 6 Banjur Gusti kandha, ”Coba gatèkna kandhané hakim kuwi, padahal dhèwèké wong sing ora bener! 7 Dadi, Gusti Allah mesthi bakal maringi kaadilan marang wong-wong pilihané sing padha sambat awan lan bengi marang Panjenengané. Gusti Allah uga bakal sabar marang wong-wong kuwi. 8 Aku ngandhani kowé, Gusti Allah mesthi bakal cepet maringi kaadilan kanggo wong-wong kuwi. Nanging wektu Putrané manungsa teka, apa dhèwèké bakal nemokké iman sing kaya ngono* ing bumi?”

9 Yésus uga nyritakké umpama marang wong-wong sing nganggep nèk awaké dhéwé kuwi wong bener lan ngrèmèhké wong liya. Yésus kandha, 10 ”Ana wong lanang loro sing mlebu ing bait kanggo ndonga, sing siji wong Farisi lan sing sijiné manèh petugas pajeg. 11 Wong Farisi kuwi ngadeg lan mulai ndonga ing njero ati, ʼGusti Allah, aku ngucap sokur merga aku ora kaya wong liya sing seneng ngrampok, sing ora bener, sing laku jina, utawa malah kaya petugas pajeg iki. 12 Aku pasa seminggu ping pindho, aku uga mènèhké sepersepuluh saka kabèh penghasilanku.ʼ 13 Nanging, petugas pajeg kuwi ngadeg ing kadohan, malah ora wani ndhangak ndelok langit. Dhèwèké terus nggebugi dhadhané lan kandha, ʼGusti Allah, welasana aku, aku iki wong dosa.ʼ 14 Aku kandha marang kowé, wektu wong iki mulih, Gusti Allah nganggep dhèwèké luwih bener ketimbang wong Farisi kuwi. Merga saben wong sing ngunggulké dhèwèké dhéwé bakal diisin-isinké, nanging sapa waé sing ngasorké dhèwèké dhéwé bakal diunggulké.”

15 Wong-wong uga nggawa anak-anaké sing isih cilik marang Yésus supaya Yésus numpangké tangané ing ndhuwuré* bocah-bocah kuwi. Nanging wektu weruh kuwi, murid-muridé mulai nyenèni wong-wong kuwi. 16 Senajan ngono, Yésus ngongkon supaya bocah-bocah kuwi digawa marang dhèwèké, banjur kandha, ”Ejarna waé bocah-bocah kuwi nyedhak marang aku, aja kok alang-alangi, merga Kratoné Allah bakal dadi duwèké wong-wong sing kaya ngono. 17 Saktenané aku kandha, sapa waé sing ora nampa Kratoné Allah kaya bocah cilik, ora bakal isa mlebu ing kono.”

18 Banjur ana sawijiné pemimpin Yahudi sing takon marang Yésus, ”Guru Sing Apik, apa sing kudu tak tindakké supaya isa éntuk warisan urip saklawasé?” 19 Yésus kandha, ”Ngapa kowé nyebut aku apik? Ora ana sing apik kejaba Gusti Allah. 20 Kowé ngerti préntah iki: ʼAja laku jina, aja matèni, aja nyolong, aja mènèhi kesaksian palsu, lan ajènana bapakmu lan ibumu.ʼ” 21 Wong lanang kuwi njawab, ”Kabèh préntah kuwi wis tak lakoni wiwit aku isih cilik.” 22 Sakwisé krungu kuwi Yésus kandha, ”Ana siji sing isih kurang saka kowé. Edolen kabèh bandhamu lan hasilé edumna marang wong miskin, lan kowé bakal éntuk bandha ing swarga. Banjur dadia muridku.” 23 Wektu wong lanang kuwi krungu omongané Yésus, dhèwèké dadi sedhih banget, merga dhèwèké sugih banget.

24 Yésus ndeloki wong lanang kuwi lan kandha, ”Pancèn angèl banget kanggoné wong-wong sing nduwé dhuwit akèh mlebu ing Kratoné Allah. 25 Sakjané, luwih gampang unta mlebu ing bolongané jarum jahit, ketimbang wong sugih mlebu ing Kratoné Allah.” 26 Wong-wong sing krungu kuwi padha kandha, ”Terus, apa ana wong sing isa slamet?” 27 Yésus njawab, ”Perkara sing mustahil kanggo manungsa, kuwi ora mustahil kanggoné Gusti Allah.” 28 Nanging Pétrus kandha, ”Aku kabèh wis ninggalké kabèh sing tak duwèni lan mèlu panjenengan.” 29 Yésus kandha, ”Saktenané aku kandha marang kowé, sapa waé sing wis ninggalké omahé, utawa bojoné, utawa kakangé, utawa mbakyuné, utawa adhiné, utawa wong tuwané, utawa anaké merga Kratoné Allah 30 mesthi bakal éntuk tikel luwih akèh ing jaman* saiki, lan ing jaman mbésuk bakal nampa urip saklawasé.”

31 Banjur Yésus ngajak 12 rasulé misah saka wong-wong liyané lan kandha, ”Awaké dhéwé lagi mlaku menyang Yérusalèm, lan kabèh sing ditulis liwat para nabi bab Putrané manungsa bakal kelakon. 32 Contoné, dhèwèké bakal diserahké marang wong-wong saka bangsa liya lan bakal diécé, dirèmèhké, lan diidoni. 33 Wong-wong kuwi bakal mecuti dhèwèké, banjur matèni dhèwèké, nanging ing dina katelu dhèwèké bakal urip manèh.” 34 Nanging, para rasul ora paham karo kabèh sing diomongké mau, merga tegesé omongan mau didhelikké saka wong-wong kuwi.

35 Wektu Yésus wis cedhak ing kutha Yérikho, ana wong lanang wuta sing ngemis ing pinggir dalan. 36 Merga krungu swara wong akèh liwat, dhèwèké takon apa sing lagi kedadéan. 37 Wong-wong ngandhani dhèwèké, ”Yésus wong Nazarèt lagi liwat.” 38 Wong lanang wuta kuwi mbengok, ”Yésus, Putrané Daud, welasana aku!” 39 Wong-wong sing mlaku ing ngarep mulai nggetak lan ngongkon dhèwèké supaya meneng. Nanging, dhèwèké malah mbengok saya banter, ”Putrané Daud, welasana aku!” 40 Yésus banjur mandheg lan ngongkon supaya wong lanang kuwi digawa marang Yésus. Sakwisé wong lanang wuta kuwi nyedhak, Yésus takon marang dhèwèké, 41 ”Kowé péngin aku nindakké apa kanggo kowé?” Wong wuta kuwi njawab, ”Gusti, tulungana aku supaya isa ndelok manèh.” 42 Mula Yésus kandha, ”Kowé isa ndelok. Imanmu wis nggawé kowé mari.” 43 Ing wektu kuwi uga, dhèwèké langsung isa ndelok. Dhèwèké banjur mulai ngetutké Yésus lan ngluhurké Gusti Allah. Kabèh wong sing weruh kedadéan kuwi uga ngluhurké Gusti Allah.

19 Banjur Yésus mlebu ing kutha Yérikho lan mlaku ngliwati kutha kuwi. 2 Ing kono, ana wong lanang sugih sing jenengé Zakhéus. Dhèwèké kepala petugas pajeg. 3 Dhèwèké péngin banget ndelok Yésus, nanging ora isa merga dhèwèké cendhèk lan ana akèh wong ing kono. 4 Mula, dhèwèké mlayu ndhisiki wong-wong lan mènèk wit ara,* supaya isa ndelok Yésus sing bakal liwat ing kono. 5 Wektu tekan kono, Yésus ndhangak lan kandha, ”Zakhéus, cepet mudhuna! Dina iki aku arep mara menyang omahmu.” 6 Zakhéus langsung mudhun lan nampa Yésus ing omahé kanthi seneng banget. 7 Nanging wektu weruh kuwi, wong-wong padha ora seneng lan bisik-bisik, ”Dhèwèké mara menyang omahé wong dosa.” 8 Nanging Zakhéus ngadeg lan kandha marang Gusti, ”Gusti, separo saka bandhaku bakal tak wènèhké marang wong miskin. Sapa waé sing wis tak apusi, dhuwité bakal tak balèkké ping papaté.” 9 Mula Yésus kandha, ”Dina iki, keslametan wis teka ing wong lanang iki lan keluargané, merga dhèwèké uga anaké Abraham. 10 Sebab Putrané manungsa teka kanggo nggolèki lan nylametké sing kesasar.”

11 Wektu murid-muridé ngrungokké kuwi, Yésus nyritakké siji manèh umpama, merga Yésus wis cedhak kutha Yérusalèm lan murid-muridé ngira nèk Kratoné Allah bakal langsung kétok cetha sakwisé Yésus tekan kono. 12 Yésus kandha, ”Ana bangsawan lunga menyang negara sing adoh kanggo dadi raja, sakwisé kuwi dhèwèké bakal bali. 13 Sakdurungé lunga, dhèwèké ngundang sepuluh budhaké lan mènèhi wong-wong kuwi sepuluh mina,* lan kandha, ʼGunakna dhuwit iki kanggo bisnis nganti aku bali.ʼ 14 Nanging penduduk negara kuwi sengit marang dhèwèké. Wong-wong kuwi ngirim utusan kanggo kandha, ʼAku kabèh ora gelem kowé dadi rajaku.ʼ

15 ”Sakwisé dadi raja, akiré dhèwèké bali. Banjur dhèwèké ngundang budhak-budhak sing wis diwènèhi dhuwit.* Dhèwèké péngin ngerti pira hasil bisnisé wong-wong kuwi. 16 Banjur budhak sing kapisan mara lan kandha, ʼNdara, nganggo dhuwit mina siji sing panjenengan wènèhké marang aku, aku éntuk untung sepuluh mina.ʼ 17 Dhèwèké kandha, ʼApik banget! Kowé pancèn budhak sing apik! Merga kowé setya ing perkara sing cilik banget, kowé bakal nduwé kuwasa kanggo sepuluh kutha.ʼ 18 Banjur budhak sing kapindho mara. Budhak kuwi kandha, ʼNdara, nganggo dhuwit mina siji sing panjenengan wènèhké marang aku, aku éntuk untung limang mina. 19 Dhèwèké uga kandha karo budhak mau, ʼKowé uga bakal nduwé kuwasa kanggo limang kutha.ʼ 20 Nanging budhak sing liyané mara. Budhak kuwi kandha, ʼNdara, iki dhuwit mina panjenengan, tak buntel nganggo kain.ʼ 21 Ngéné Ndara, aku wedi karo panjenengan merga panjenengan kuwi wong sing kasar. Panjenengan njupuk dhuwit sing ora panjenengan tabung, lan panjenengan manèn sing ora panjenengan sebar.ʼ 22 Dhèwèké kandha marang budhak mau, ʼBudhak sing jahat! Saka omonganmu dhéwé kuwi aku bakal ngadili kowé. Kowé wis ngerti nèk aku wong sing kasar, sing njupuk dhuwit sing ora tak tabung lan manèn sing ora tak sebar. 23 Terus ngapa kowé ora nglebokké dhuwitku* ing bank? Dadi wektu aku bali, aku isa njupuk dhuwit kuwi karo bungané.ʼ

24 ”Banjur dhèwèké kandha marang wong-wong sing ngadeg ing kono, ʼJupuken dhuwit mina kuwi saka dhèwèké lan wènèhna marang budhak sing nduwé sepuluh mina.ʼ 25 Nanging wong-wong kuwi kandha, ʼNdara, wong iki wis nduwé sepuluh mina.ʼ 26 Dhèwèké njawab, ʼAku kandha marang kowé, sapa sing nduwé, bakal dikèki luwih akèh. Nanging, sapa sing ora nduwé, senajan mung sithik sing diduwèni, kuwi bakal dijupuk saka dhèwèké. 27 Saiki, gawanen mungsuh-mungsuhku mréné, yaiku wong-wong sing ora gelem aku dadi rajané. Patènana wong-wong kuwi ing ngarepku.ʼ”

28 Sakwisé nyritakké kuwi kabèh, Yésus lunga ndhisiki wong-wong kuwi menyang Yérusalèm. 29 Wektu wis cedhak Bètfagé lan Bétani ing gunung sing disebut Gunung Zaitun, Yésus ngutus muridé loro, 30 lan kandha, ”Lungaa menyang désa ing ngarep kuwi. Sakwisé mlebu désa kuwi, kowé bakal weruh anak keledai sing dicencang, sing durung tau ditunggangi wong. Uculana taliné banjur gawanen mréné. 31 Nèk ana wong sing takon, ʼNgapa kok kowé nguculi anak keledai kuwi?ʼ jawaben, ʼGusti mbutuhké iki.ʼ” 32 Murid loro kuwi banjur lunga lan nemokké anak keledai kuwi kaya sing wis diomongké Yésus. 33 Nanging wektu murid loro mau nguculi anak keledai kuwi, sing nduwé keledai takon, ”Ngapa kok kowé nguculi anak keledai kuwi?” 34 Murid loro kuwi njawab, ”Gusti mbutuhké iki.” 35 Murid loro mau banjur nuntun anak keledai kuwi marang Yésus, ndèlèhké klambi njabané ing ndhuwur anak keledai kuwi, lan Yésus lungguh ing ndhuwuré.

36 Wektu Yésus liwat, wong-wong padha nggelar klambi njabané ing dalan. 37 Wektu tekan ing cedhak dalan sing mudhun saka Gunung Zaitun, kabèh muridé Yésus padha bungah lan ngluhurké Gusti Allah nganggo swara sing seru, merga kabèh mukjijat sing didelok. 38 Wong-wong kuwi kandha, ”Muga diberkahi Raja sing teka nganggo asmané Yéhuwah! Muga ana katentreman ing swarga, lan muga Gusti Allah ing swarga dimulyakké.” 39 Nanging, wong-wong Farisi ing antarané wong-wong kuwi kandha marang Yésus, ”Guru, élikna murid-muridmu.” 40 Nanging Yésus njawab, ”Aku kandha marang kowé, nèk murid-muridku tetep meneng, watu-watu iki sing bakal mbengok.”

41 Wektu wis cedhak kutha Yérusalèm, Yésus nyawang lan nangisi kutha kuwi. 42 Yésus kandha, ”Coba waé kowé ngerti perkara-perkara sing isa nggawé kowé dadi tentrem, nanging saiki perkara-perkara kuwi didhelikké saka kowé. 43 Bakal tekan wektuné, mungsuh-mungsuhmu nggawé bèntèng saka kayu-kayu lancip ing sak ubengmu. Mungsuh-mungsuhmu bakal ngepung lan nyerang kowé saka arah ngendi-endi. 44 Mungsuh-mungsuhmu bakal nggempur kowé nganti rata karo lemah lan nyirnakké anak-anakmu. Wong-wong kuwi ora bakal ngejarké siji-sijia watu isih numpuk ing ndhuwuré watu liyané, merga kowé wis diadili* nanging kowé ora sadhar.”

45 Sakwisé kuwi Yésus mlebu bait lan mulai ngusir wong-wong sing dodolan ing bait. 46 Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Kitab Suci kandha, ʼOmahku bakal dadi omah donga,ʼ nanging malah kok dadèkké guwa rampok.”

47 Saben dina, Yésus mulang ing bait. Para imam kepala, para ahli Taurat, lan para pemimpiné wong Yahudi ngupaya kanggo matèni Yésus. 48 Nanging wong-wong kuwi ora ngerti piyé carané nindakké kuwi, merga wong-wong terus ngetutké Yésus kanggo ngrungokké piwulangé.

20 Ing sawijiné dina, wektu Yésus lagi mulang ing bait lan martakké kabar apik, para imam kepala, para ahli Taurat, lan para pemimpin teka marani Yésus, 2 banjur takon, ”Kandhanana aku, nganggo wewenangé sapa kowé nindakké perkara-perkara iki? Utawa sapa sing mènèhi kowé wewenang iki?” 3 Yésus njawab, ”Aku uga arep takon karo kowé. Kandhanana aku, 4 baptisan Yohanes kuwi asalé saka Gusti Allah* apa manungsa?” 5 Wong-wong kuwi banjur padha rembugan dhéwé, ”Nèk awaké dhéwé njawab, ʼSaka Gusti Allah,ʼ dhèwèké bakal kandha, ʼNgapa kowé ora percaya marang Yohanes?ʼ 6 Nanging nèk awaké dhéwé njawab, ʼSaka manungsa,ʼ wong-wong bakal mbandhemi awaké dhéwé nganggo watu, merga wong-wong iki percaya banget nèk Yohanes kuwi nabi.” 7 Mula wong-wong mau njawab nèk ora ngerti saka ngendi asalé baptisan Yohanes. 8 Yésus terus kandha marang wong-wong kuwi, ”Aku uga ora bakal ngandhani kowé nganggo wewenangé sapa aku nindakké kabèh iki.”

9 Banjur Yésus mulai nyritakké umpama iki marang wong-wong, ”Ana wong lanang sing nggawé kebon anggur lan nyéwakké kuwi marang para petani, terus lunga menyang luar negri kanggo wektu sing suwé. 10 Wektu wis wayahé panèn anggur, dhèwèké ngutus salah siji budhaké marang para petani kuwi supaya para petani kuwi mènèhké sebagéan woh anggur saka kebon anggur kuwi. Nanging, para petani mau nggebugi budhak kuwi, banjur budhak kuwi dikongkon lunga tanpa nggawa apa-apa. 11 Dhèwèké banjur ngutus budhak liyané manèh. Para petani mau uga nggebugi lan ngisin-isinké budhak kuwi, lan budhak kuwi dikongkon lunga tanpa nggawa apa-apa. 12 Dhèwèké ngutus manèh budhak sing katelu. Nanging para petani mau uga njotosi lan ngusir budhak kuwi. 13 Mula sing nduwé kebon anggur kuwi mikir, ʼApa manèh sing kudu tak tindakké? Aku bakal ngutus anakku sing tak tresnani. Mesthi wong-wong kuwi bakal ngajèni anakku.ʼ 14 Wektu para petani weruh anaké sing nduwé kebon anggur, wong-wong kuwi padha kandha marang siji lan sijiné, ʼWong kuwi ahli warisé. Ayo dipatèni, supaya warisané dadi duwèké awaké dhéwé.ʼ 15 Mula wong-wong kuwi nyèrèd ahli waris mau menyang njabané kebon anggur lan matèni dhèwèké. Banjur, apa sing bakal ditindakké sing nduwé kebon anggur kuwi marang para petani mau? 16 Dhèwèké bakal teka lan matèni para petani mau, banjur nyéwakké kebon angguré marang wong-wong liya.”

Wektu krungu kuwi, wong-wong padha kandha, ”Aja nganti kuwi kelakon!” 17 Nanging, Yésus nyawang wong-wong kuwi lan kandha, ”Nèk ngono apa tegesé ayat iki, ʼWatu sing ditolak tukang-tukang bangunan wis dadi watu sing utamaʼ? 18 Saben wong sing tiba ing ndhuwuré watu kuwi bakal ajur. Lan wong sing ketiban watu kuwi bakal remuk.”

19 Ing wektu kuwi uga, para ahli Taurat lan para imam kepala ngupaya nangkep Yésus, merga ngerti nèk wong-wong kuwi dhéwé sing lagi diomongké Yésus ing umpama mau. Nanging wong-wong kuwi wedi karo wong akèh. 20 Wong-wong kuwi ngematké Yésus tenanan. Banjur wong-wong kuwi ngutus sapérangan wong sing wis meneng-meneng dibayar kanggo éthok-éthok dadi wong bener, supaya isa nggawé Yésus kejebak omongané dhéwé. Nganggo cara kuwi, wong-wong mau isa nyerahké Yésus marang pamréntah, yaiku marang gubernur. 21 Wong-wong sing wis dibayar kuwi kandha marang Yésus, ”Guru, aku ngerti nèk sing panjenengan omongké lan wulangké kuwi mesthi bener. Panjenengan uga ora mbédak-mbédakké wong, nanging mulangké sing bener bab kersané Gusti Allah kanggo manungsa. 22 Mula, kita éntuk mbayar pajeg kepala marang Kaisar apa ora?” 23 Nanging Yésus ngerti siasaté wong-wong kuwi, mula Yésus kandha, 24 ”Coba duduhna marang aku dhuwit dinar* siji. Gambar lan jenengé sapa sing ana ing dhuwit iki?” Wong-wong kuwi njawab, ”Kaisar.” 25 Banjur Yésus kandha, ”Mula wènèhna marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar, nanging marang Gusti Allah apa sing dadi duwèké Gusti Allah.” 26 Wong-wong kuwi ora isa nggawé Yésus kejebak omongané dhéwé ing ngarepé wong akèh. Wong-wong kuwi malah padha meneng waé merga nggumun banget krungu jawabané Yésus.

27 Nanging sapérangan wong Saduki, sing ora percaya nèk wong mati isa urip manèh, marani Yésus lan takon, 28 ”Guru, Musa nulis, ʼNèk wong lanang sing wis nikah banjur mati tanpa nduwé anak, kakangé utawa adhiné lanang kudu nikah karo randhané wong sing wis mati mau, supaya wong sing mati mau nduwé keturunan.ʼ 29 Ana wong lanang pitu kakang adhi. Sing kapisan nikah, nanging dhèwèké mati tanpa nduwé anak. 30 Banjur sing kapindho 31 lan sing katelu, malah nganti pitu-pituné nikah karo wong wadon mau. Kabèh wong pitu mau padha mati tanpa nduwé anak. 32 Lan akiré wong wadon kuwi uga mati. 33 Merga kuwi, wektu wong-wong mati diuripké manèh, wong wadon kuwi bakal dadi bojoné sapa? Merga wong lanang pitu mau wis dadi bojoné.”

34 Yésus njawab, ”Wong-wong* ing jaman* iki nikah lan dinikahké, 35 nanging wong-wong sing dianggep pantes kanggo diuripké manèh saka antarané wong mati lan éntuk urip ing jaman* sing bakal teka, wong-wong kuwi ora bakal nikah utawa dinikahké. 36 Sakjané, wong-wong kuwi uga ora isa mati manèh, lan wong-wong kuwi bakal kaya malaékat. Merga diuripké manèh, wong-wong kuwi dadi anak-anaké Gusti Allah. 37 Nanging bab wong mati sing diuripké manèh, Musa dhéwé ngandhani bab kuwi ing crita bab suket eri, wektu nyebut Yéhuwah kuwi ʼGusti Allahé Abraham, Gusti Allahé Ishak, lan Gusti Allahé Yakubʼ. 38 Panjenengané kuwi Gusti Allahé wong urip, dudu Gusti Allahé wong mati. Ing ngarsané, kabèh wong kuwi isih urip.” 39 Sapérangan ahli Taurat kandha, ”Guru, jawabané panjenengan bener banget.” 40 Merga wong-wong kuwi wis ora wani takon apa-apa manèh marang Yésus.

41 Yésus banjur takon marang wong-wong kuwi, ”Apa sebabé wong ngomong nèk Kristus kuwi putrané Daud? 42 Daud dhéwé kandha ing kitab Mazmur, ʼYéhuwah ngendika marang Gustiku, ”Lungguha ing sisih tengen-Ku 43 nganti Aku nggawé mungsuh-mungsuhmu ana ing sakngisoré sikilmu.”ʼ 44 Dadi nèk Daud waé nyebut Kristus kuwi Gusti, kok isa Kristus kuwi disebut putrané Daud?”

45 Banjur, wektu kabèh wong isih padha ngrungokké, Yésus kandha marang murid-muridé, 46 ”Padha ngati-atia karo para ahli Taurat sing seneng mloka-mlaku nganggo jubah dawa, seneng nampa salam hormat ing panggonan-panggonan umum,* uga seneng lungguh ing kursi ngarep dhéwé ing sinagogé* lan panggonan kanggo tamu penting ing pésta, 47 ngrampas omahé* randha-randha, lan dongané dawa-dawa mung kanggo pamèr. Wong-wong kuwi bakal éntuk hukuman sing luwih abot.”

21 Wektu nyawang kothak-kothak sumbangan, Yésus nggatèkké wong-wong sugih padha nglebokké sumbangané. 2 Banjur Yésus weruh ana randha miskin nglebokké rong dhuwit rècèh sing sithik banget ajiné.* 3 Banjur Yésus kandha, ”Saktenané aku kandha, randha miskin iki nglebokké luwih akèh ketimbang kabèh wong liyané. 4 Merga kabèh wong kuwi mènèhi sumbangan saka kaluwihan bandhané. Nanging randha kuwi, senajan miskin, nglebokké kabèh sing diduwèni kanggo nyambung uripé.”

5 Terus, wektu ana wong-wong sing ngomong bab bait, sing dihiasi watu-watu sing éndah lan werna-werna barang persembahan, 6 Yésus kandha, ”Bakal teka wektuné, kabèh sing kok delok kuwi bakal diambrukké. Ora ana siji-sijia watu sing isih numpuk ing ndhuwuré watu liyané.” 7 Banjur wong-wong kuwi takon, ”Guru, sakjané kapan bab-bab kuwi bakal kelakon, lan apa sing bakal dadi tandhané wektu bab-bab kuwi arep kelakon?” 8 Yésus njawab, ”Ngati-atia, aja nganti kowé disasarké, merga akèh wong bakal teka nganggo jenengku, nganggo cara kandha, ʼAku iki Kristus,ʼ lan kandha, ʼWektuné wis cedhak.ʼ Aja mèlu wong-wong kuwi. 9 Sakliyané kuwi, wektu kowé krungu swara perang lan gègèran, aja kuwatir. Bab-bab iki kudu kelakon dhisik, nanging pungkasané kuwi ora bakal langsung teka.”

10 Banjur Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Bangsa bakal nglawan bangsa, lan kerajaan nglawan kerajaan. 11 Bakal ana gempa bumi sing gedhé, lan ing ngendi-endi bakal ana kurang pangan uga wabah penyakit. Wong-wong bakal ndelok bab-bab sing medèni lan tandha-tandha sing nggumunké ing langit.

12 ”Nanging, sakdurungé kuwi kabèh kelakon, wong-wong bakal nangkep lan nganiaya kowé, uga nyerahké kowé menyang sinagogé-sinagogé* lan penjara-penjara. Kowé bakal digawa menyang ngarepé raja-raja lan gubernur-gubernur merga jenengku. 13 Kuwi bakal dadi kesempatan kanggo kowé mènèhi kesaksian. 14 Mula, nduwéa tékad ing atimu nèk kowé ora perlu latihan dhisik carané mbéla awakmu, 15 merga aku bakal nggawé kowé wicaksana lan ngerti apa sing kudu diomongké. Senajan kabèh wong sing nentang kowé padha nggabung dadi siji, wong-wong kuwi ora bakal isa nglawan utawa mbantah kowé. 16 Banjur kowé uga bakal dikhianati* malah karo wong tuwamu, kakang, adhi, sedulur, lan kancamu dhéwé. Wong-wong kuwi bakal matèni sapérangan saka antaramu. 17 Lan kowé bakal disengiti kabèh wong merga kowé muridku.* 18 Nanging kowé ora bakal kélangan rambutmu sak ler waé. 19 Nèk kowé tekun, kowé bakal tetep urip.*

20 ”Nanging, wektu kowé ndelok ana tentara sing kémah ing saubengé Yérusalèm, kuwi tegesé Yérusalèm ora suwé manèh bakal ditumpes. 21 Wong-wong sing ana ing Yudéa kudu mulai mlayu menyang pegunungan, sing ana ing tengah kutha kuwi kudu lunga, lan sing ana ing désa-désa sakiwa-tengené aja mlebu mrana, 22 merga kuwi wektuné kanggo Gusti Allah ngukum wong-wong,* supaya kabèh sing wis ditulis isa kelakon. 23 Cilaka wong wadon sing mbobot lan sing isih nyusoni bayi ing mangsa kuwi! Merga negara iki bakal sengsara banget lan bangsa iki bakal dihukum. 24 Bakal ana sing mati merga pedhang lan ana sing bakal digawa dadi tawanan menyang pirang-pirang negara. Yérusalèm bakal diidak-idak karo bangsa-bangsa* nganti wektu sing ditemtokké kanggo bangsa-bangsa* rampung.

25 ”Uga bakal ana tandha-tandha ing srengéngé, bulan, lan bintang. Ing bumi, bangsa-bangsa bakal sengsara banget lan ora ngerti kudu nindakké apa merga gumlegeré laut lan ombaké sing medèni. 26 Wong bakal semaput merga kewedèn lan merga mbayangké apa sing bakal ngenani bumi, merga kuwasa-kuwasa langit bakal goncang. 27 Banjur, wong-wong kuwi bakal ndelok Putrané manungsa teka ing njeroné méga nganggo kuwasa lan kamulyan sing gedhé. 28 Nanging wektu bab-bab kuwi mulai kelakon, ngadega kanthi jejeg lan ndhangaka, merga ora suwé manèh kowé bakal dibébaské.”

29 Banjur Yésus nyritakké umpama iki, ”Gatèkna wit ara lan kabèh wit liyané. 30 Nèk wit-wit kuwi wis mulai ngetokké godhong-godhong, kowé ngerti nèk musim panas wis cedhak. 31 Semono uga kowé, nèk kowé ndelok kabèh iki kelakon, ngertia nèk Kratoné Allah wis cedhak. 32 Saktenané aku kandha marang kowé, generasi iki ora bakal sirna nganti kabèh iki kelakon. 33 Langit lan bumi bakal sirna, nanging omonganku bakal tetep ana nganti saklawasé.

34 ”Nanging ngati-atia aja nganti atimu kabotan beban merga kakèhan mangan, kakèhan ngombé, lan nguwatirké urip, banjur dina kuwi ujug-ujug teka ngenani kowé 35 kaya jiret. Merga dina kuwi bakal ngenani kabèh wong sing manggon ing saklumahing bumi. 36 Mula, kowé kudu tetep waspada lan terus nyuwuna supaya kowé isa slamet saka kabèh sing kudu kelakon kuwi, lan isa ngadeg ing ngarepé Putrané manungsa.”

37 Wektu awan, Yésus mulang ing bait, lan wektu bengi, Yésus metu saka kutha banjur nginep ing Gunung Zaitun. 38 Lan wektu isih ésuk banget, kabèh wong mara ing bait kanggo ngrungokké Yésus.

22 Riyaya Roti Tanpa Ragi sing disebut Paskah wis cedhak. 2 Para imam kepala lan para ahli Taurat nggolèk cara sing paling apik kanggo matèni Yésus, merga wong-wong kuwi wedi karo wong akèh. 3 Banjur Sétan mengaruhi atiné Yudas, sing disebut Iskariot, salah siji saka 12 rasul. 4 Lan Yudas nemoni para imam kepala lan kepala penjaga bait kanggo ngrembug carané nyerahké* Yésus marang wong-wong kuwi. 5 Wektu krungu kuwi, wong-wong mau padha seneng lan setuju kanggo mènèhi Yudas dhuwit pérak. 6 Mula Yudas setuju lan mulai nggolèk kesempatan sing cocog kanggo nyerahké* Yésus marang wong-wong kuwi tanpa dingertèni wong akèh.

7 Wektu kanggo dina Riyaya Roti Tanpa Ragi wis teka, saiki wektuné kurban Paskah kudu diwènèhké. 8 Mula Yésus ngutus Pétrus lan Yohanes, kandhané, ”Lungaa lan siapna maeman Paskah kanggo awaké dhéwé.” 9 Murid-murid kuwi takon, ”Ing ngendi aku kabèh kudu nyiapké kuwi?” 10 Yésus kandha, ”Wektu kowé mlebu ing kutha, ana wong lanang sing nggawa genthong wadhah banyu bakal nemoni kowé. Etutna wong kuwi menyang omah sing dileboni wong kuwi. 11 Banjur omonga marang sing nduwé omah, ʼGuru kandha, ”Ing ngendi kamar tamu sing isa tak enggo mangan Paskah karo murid-muridku?”ʼ 12 Wong kuwi bakal nduduhké kowé kamar sing gedhé, sing wis disiapké ing lantai ndhuwur. Siapna Paskah ing kono.” 13 Mula murid-murid kuwi lunga, banjur weruh nèk kabèh kelakon kaya sing diomongké Yésus, lan murid-murid kuwi nyiapké Paskah.

14 Bareng wis tekan wektuné, Yésus lungguh lan mangan bareng karo para rasulé. 15 Lan Yésus kandha, ”Aku wis kepéngin banget mangan Paskah iki bareng karo kowé kabèh sakdurungé aku ngalami sengsara. 16 Merga aku ngandhani kowé kabèh, aku ora bakal mangan iki manèh nganti kabèh kelakon ing Kratoné Allah.” 17 Sakwisé njupuk cawan, Yésus ngucap sokur lan kandha, ”Jupuken cawan iki lan iderna menyang saben wong ing antaramu, 18 merga aku ngandhani kowé kabèh, wiwit saiki aku ora bakal ngombé anggur manèh nganti Kratoné Allah teka.”

19 Yésus uga njupuk roti, ngucap sokur, nyuwil-nyuwil roti kuwi, banjur mènèhké marang para rasulé karo kandha, ”Iki nglambangké badanku sing bakal tak pasrahké kanggo kepentinganmu. Terus tindakna iki kanggo ngéling-éling aku.” 20 Uga, Yésus nindakké sing padha kanggo cawan kuwi, sakwisé Yésus lan murid-muridé mangan. Yésus kandha, ”Cawan iki nglambangké perjanjian anyar, sing disahké nganggo getihku sing bakal diecurké kanggo kepentinganmu.

21 ”Nanging wong sing ngianati aku ana bareng karo aku ing méja iki. 22 Pancèn, Putrané manungsa bakal lunga, kaya sing wis ditemtokké. Nanging tetep waé, cilaka kanggo wong sing ngianati dhèwèké!” 23 Mula murid-murid mulai ngrembug bab sapa sakjané ing antarané murid-murid sing bakal nindakké kuwi.

24 Nanging murid-murid uga padha bebantahan bab sapa sing paling penting ing antarané murid-murid. 25 Yésus kandha marang murid-muridé, ”Para raja ing ndonya iki padha mréntah rakyaté, lan wong-wong sing nduwé wewenang marang rakyaté disebut Dermawan.* 26 Nanging kowé kabèh aja kaya ngono. Wong sing paling penting ing antaramu kudu dadi kaya sing paling enom, lan wong sing mimpin dadi kaya wong sing ngladèni. 27 Endi sing luwih penting, wong sing mangan apa wong sing ngladèni? Wong sing mangan, ta? Nanging ing antaramu, aku dadi wong sing ngladèni.

28 ”Kowé kabèh kuwi wong-wong sing terus ana bareng karo aku wektu aku ngalami pacoban. 29 Aku nggawé perjanjian karo kowé kanggo sawijiné kraton, kaya Bapakku wis nggawé perjanjian karo aku, 30 supaya kowé isa mangan lan ngombé ing méjaku ing Kratonku, lan lungguh ing tahta kanggo ngadili 12 suku Israèl.

31 ”Simon, Simon, gatèkna! Sétan wis njaluk kanggo napèni kowé kabèh kaya gandum. 32 Nanging aku wis nyuwun marang Gusti Allah kanggo kowé, supaya imanmu aja nganti ilang. Lan sakwisé kowé mertobat, kuwatna sedulur-sedulurmu.” 33 Banjur Pétrus kandha marang Yésus, ”Gusti, aku siap dipenjara lan mati bareng panjenengan.” 34 Nanging Yésus kandha, ”Pétrus, aku ngandhani kowé, sakdurungé pitik jago kluruk dina iki, kowé bakal ping telu ora ngakoni nèk kenal aku.”

35 Yésus uga kandha marang murid-muridé, ”Wektu aku ngutus kowé kanggo lunga tanpa kanthong dhuwit, kanthong panganan, lan sandhal, kowé ora kekurangan apa-apa, ta?” Murid-murid njawab, ”Ora!” 36 Banjur Yésus kandha, ”Nanging saiki, nèk kowé nduwé kanthong dhuwit utawa kanthong panganan, gawanen kuwi. Nèk kowé ora nduwé pedhang, edolen klambimu njaba lan tukua pedhang. 37 Merga aku ngandhani kowé nèk apa sing wis ditulis bab aku kudu kelakon, yaiku, ʼDhèwèké dianggep wong sing nglanggar hukum.ʼ Lan iki lagi kelakon marang aku.” 38 Banjur murid-murid kandha, ”Gusti, deloken! Iki ana pedhang loro.” Yésus kandha, ”Kuwi wis cukup.”

39 Banjur Yésus lunga menyang Gunung Zaitun kaya biasané, lan murid-murid ngetutké dhèwèké. 40 Wektu tekan ing kono, Yésus kandha marang murid-muridé, ”Terusa ndonga supaya kowé ora nyerah marang godha.” 41 Yésus mlaku rada ngedoh* saka murid-muridé, banjur jèngkèng lan mulai ndonga, 42 ”Bapak, nèk Panjenengan kersa, singkirna cawan iki saka aku. Nanging dudu karepku sing kuduné kelakon, mung kersané Panjenengan sing kudu kelakon.” 43 Banjur ana malaékat sing teka saka swarga lan nguwatké Yésus. 44 Nanging Yésus ngrasa susah banget, mula dhèwèké saya tenanan anggoné ndonga. Kringeté dadi kaya getih sing nètès ing lemah. 45 Wektu wis rampung ndonga, Yésus marani murid-muridé. Yésus ndelok murid-muridé lagi turu, kekeselen merga sedhih banget. 46 Yésus kandha marang murid-muridé, ”Ngapa kowé padha turu? Tangia lan terusa ndonga, supaya kowé ora nyerah marang godha.”

47 Wektu Yésus isih ngomong, sak grombolan wong teka. Grombolan wong kuwi dipimpin karo wong sing disebut Yudas, salah siji saka 12 rasul. Yudas nyedhak marang Yésus, banjur ngambung Yésus. 48 Nanging Yésus kandha marang Yudas, ”Yudas, apa kowé ngianati Putrané manungsa nganggo ambunganmu iki?” 49 Wektu ngerti apa sing bakal kedadéan, murid-murid sing ana ing cedhaké Yésus kandha, ”Gusti, apa aku kabèh kudu nyerang wong-wong kuwi nganggo pedhang?” 50 Salah siji saka murid-murid malah nyerang budhaké imam agung nganggo pedhang lan nyabet kupingé tengen nganti pothol. 51 Nanging Yésus kandha, ”Wis cukup.” Banjur kupingé wong kuwi didemèk lan dimarèkké Yésus. 52 Yésus banjur kandha marang para imam kepala, kepala penjaga bait, lan para pemimpin sing teka kanggo nangkep dhèwèké, ”Apa aku iki rampok, kok kowé nganti nggawa pedhang lan penthung? 53 Wektu aku ana ing bait saben dina bareng karo kowé, kowé ora nangkep aku. Nanging iki wektumu kanggo tumindak lan wektuné pepeteng nguwasani.”

54 Banjur wong-wong kuwi nangkep lan nggawa Yésus menyang omahé imam agung. Nanging Pétrus ngetutké saka kadohan. 55 Ing tengah-tengah halaman omah kuwi, wong-wong padha nyumed geni lan lungguh ing sakiwa-tengené. Pétrus uga lungguh ing antarané wong-wong kuwi. 56 Nanging ana pembantu wadon weruh Pétrus lungguh ing cedhak geni lan ngematké Pétrus, banjur kandha, ”Wong iki ya kancané wong kuwi.” 57 Nanging Pétrus ora ngakoni. Dhèwèké kandha, ”Aku ora kenal karo dhèwèké.” 58 Ora let suwé, wong liya uga weruh Pétrus lan kandha, ”Kowé uga tunggalé wong-wong kuwi.” Nanging Pétrus kandha, ”Dudu.” 59 Kira-kira let sak jam, ana manèh wong sing kandha kanthi yakin, ”Wong iki mesthi uga kancané. Dhèwèké kan wong Galiléa!” 60 Nanging Pétrus kandha, ”Aku ora ngerti maksud omonganmu kuwi.” Ing wektu kuwi uga, pas Pétrus isih omongan, pitik jago kluruk. 61 Ing wektu kuwi, Gusti banjur nolèh lan mandeng Pétrus. Lan Pétrus langsung kèlingan omongané Gusti, ”Sakdurungé pitik jago kluruk dina iki, kowé bakal ora ngakoni aku nganti ping telu.” 62 Pétrus banjur metu lan nangis sesenggukan.

63 Wong-wong sing nangkep Yésus mulai ngécé lan nggebugi Yésus. 64 Wong-wong kuwi nutupi rainé Yésus lan bola-bali kandha, ”Nèk kowé pancèn nabi, kandhanana aku, sapa sing ngamplengi kowé?” 65 Lan ana akèh manèh omongan-omongan sing ngrèmèhké Yésus saka wong-wong kuwi.

66 Wektu wis ésuk, para pemimpin bangsa kuwi ngumpul, yaiku para imam kepala lan para ahli Taurat. Wong-wong kuwi nggawa Yésus menyang ruang Sanhèdrin* lan kandha, 67 ”Nèk kowé pancèn Kristus, kandhanana aku.” Nanging Yésus njawab, ”Senajan aku ngandhani kowé, kowé babar blas ora bakal percaya. 68 Apa manèh nèk aku takon, kowé uga ora bakal njawab. 69 Nanging mulai saiki, Putrané manungsa bakal lungguh ing sisih tengené Gusti Allah sing kuwasa.” 70 Kabèh wong kuwi banjur takon, ”Nèk ngono, apa kowé Putrané Gusti Allah?” Yésus njawab, ”Kowé dhéwé sing ngomong.” 71 Wong-wong kuwi kandha, ”Kanggo apa awaké dhéwé nggolèk seksi-seksi manèh? Kita kabèh wis padha krungu dhéwé omongané wong iki.”

23 Mula kabèh wong kuwi ngadeg lan nggawa Yésus marang Pilatus. 2 Banjur wong-wong kuwi mulai nudhuh Yésus, kandhané, ”Aku kabèh ngonangi nèk wong iki wis nyasarké bangsa iki, nglarang wong-wong mbayar pajeg marang Kaisar, lan ngaku-ngaku nèk dhèwèké kuwi Kristus, Sang Raja.” 3 Pilatus banjur takon marang Yésus, ”Apa kowé Rajané Wong Yahudi?” Yésus njawab, ”Kowé dhéwé sing ngomong.” 4 Terus, Pilatus kandha marang para imam kepala lan wong akèh, ”Aku babar blas ora nemokké kesalahané wong iki.” 5 Nanging wong-wong kuwi ngotot, lan kandha, ”Dhèwèké wis ngojok-ojoki wong-wong nganggo cara mulang ing kabèh wilayah Yudéa, diwiwiti saka Galiléa nganti tekan kéné.” 6 Wektu krungu kuwi, Pilatus takon apa dhèwèké wong Galiléa. 7 Sakwisé ngerti nèk dhèwèké kuwi saka wilayah sing dikuwasani Hérodès, Pilatus ngirim dhèwèké marang Hérodès, sing wektu kuwi uga ana ing Yérusalèm.

8 Wektu ndelok Yésus, Hérodès seneng banget. Hérodès wis suwé péngin ketemu Yésus merga dhèwèké krungu akèh perkara bab Yésus, lan dhèwèké ngarep-arep isa ndelok mukjijat* saka Yésus. 9 Mula Hérodès ngejokké akèh pitakonan marang Yésus, nanging Yésus babar blas ora njawab. 10 Para imam kepala lan ahli Taurat bola-bali ngadeg lan nudhuh Yésus karo nesu. 11 Banjur Hérodès lan para prajurité tumindak ngrèmèhké Yésus. Dhèwèké nganggokké klambi sing apik marang Yésus kanggo ngécé Yésus. Terus dhèwèké ngirim Yésus bali marang Pilatus. 12 Wiwit dina kuwi, Hérodès lan Pilatus dadi kekancan, padahal sakdurungé wong loro kuwi mungsuhan.

13 Pilatus banjur nglumpukké para imam kepala, para panguwasa, lan rakyat, 14 lan kandha marang wong-wong kuwi, ”Kowé kabèh nggawa wong iki marang aku lan nudhuh dhèwèké ngojok-ojoki wong-wong supaya mbrontak. Nanging, deloken! Aku wis mriksa dhèwèké ing ngarepmu kabèh, nanging aku ora nemokké dhasar kanggo tudhuhan sing kok omongké marang wong iki. 15 Sakjané, Hérodès uga ora nemokké kesalahané wong iki, merga dhèwèké ngirim wong iki bali marang aku. Wong iki ora nindakké apa-apa sing nggawé dhèwèké pantes dihukum mati. 16 Mula, aku bakal mecuti dhèwèké lan mbébaské dhèwèké. 17 *⁠—— 18 Nanging kabèh wong kuwi mbengok, ”Patènana* wong kuwi! Bébasna Barabas!” 19 (Barabas dilebokké penjara merga mèlu pembrontakan ing kutha lan matèni wong.) 20 Pilatus ngomong manèh marang wong-wong kuwi merga dhèwèké péngin mbébaské Yésus. 21 Banjur wong-wong kuwi mulai mbengok-mbengok, ”Patènana wong kuwi ing cagak! Patènana wong kuwi ing cagak!” 22 Pilatus ngomong kanggo kaping teluné, ”Apa sebabé? Kejahatan apa sing wis dhèwèké tindakké? Aku ora nemokké apa-apa sing nggawé dhèwèké pantes dihukum mati. Mula aku bakal mecuti lan mbébaské dhèwèké.” 23 Wong-wong kuwi saya meksa nganggo swara sing seru supaya Yésus dihukum mati.* Wong-wong kuwi mbengok-mbengok terus nganti akiré Pilatus ngalah. 24 Pilatus banjur nggawé keputusan kanggo nindakké apa sing dijaluk wong-wong kuwi. 25 Pilatus mbébaské wong sing dijaluk wong akèh mau, yaiku wong sing dilebokké penjara merga mbrontak lan matèni wong. Nanging dhèwèké nyerahké Yésus kanggo dihukum mati, kaya sing dikarepké wong akèh.

26 Wektu lagi nggawa Yésus lunga, para prajurit nangkep Simon wong Kiréné, sing teka saka désa. Para prajurit kuwi ndèlèhké cagak paukumané* Yésus ing pundhaké Simon, lan ngongkon Simon mlaku ing mburiné Yésus. 27 Ana akèh wong sing ngetutké Yésus, klebu wong-wong wadon sing terus-terusan nggebugi awaké merga sedhih lan nangisi Yésus. 28 Yésus nolèh nyawang wong-wong wadon kuwi lan kandha, ”Wong-wong wadon Yérusalèm, aja nangisi aku manèh. Tangisana awakmu dhéwé lan anak-anakmu. 29 Merga bakal tekan wektuné wong-wong padha kandha, ʼBungah wong-wong wadon sing mandhul, lan wong-wong wadon sing ora tau nglairké lan sing ora tau nyusoni!ʼ 30 Banjur wong-wong kuwi bakal mulai kandha marang gunung-gunung, ʼTutupana aku!ʼ lan marang bukit-bukit, ʼDhelikna aku!ʼ 31 Nèk wong-wong kuwi nindakké perkara-perkara iki wektu wit isih seger, apa sing bakal kelakon wektu wit kuwi alum?”

32 Ana wong loro liyané, yaiku penjahat, sing uga digawa kanggo dihukum mati bareng Yésus. 33 Wektu wis tekan ing panggonan sing disebut Tengkorak, para prajurit maku Yésus ing cagak, ing antarané penjahat loro mau. Dadi, penjahat sing siji ana ing sisih tengené Yésus lan sing sijiné ing sisih kiwa. 34 Nanging Yésus kandha, ”Bapak, tulung apurana wong-wong iki, merga wong-wong iki ora ngerti apa sing ditindakké.” Para prajurit kuwi uga ngedum-edum klambiné Yésus nganggo cara diundhi. 35 Wong-wong padha ngadeg lan ndelok apa sing lagi kedadéan. Nanging, para panguwasa padha ngrèmèhké Yésus lan kandha, ”Wong liya dislametké. Nèk pancèn dhèwèké kuwi Kristus, Wong Pilihané Gusti Allah, ejarna waé dhèwèké nylametké dhèwèké dhéwé.” 36 Malah para prajurit uga ngécé Yésus. Para prajurit kuwi nyedhak lan nawani Yésus anggur kecut, 37 lan kandha, ”Nèk kowé Rajané Wong Yahudi, slametna awakmu dhéwé.” 38 Uga ana papan ing ndhuwur sirahé Yésus sing tulisané, ”Iki Rajané Wong Yahudi.”

39 Banjur, salah siji penjahat sing uga digantung ing kono mulai ngomong kasar marang Yésus, ”Jaré kowé Kristus! Coba slametna awakmu dhéwé lan aku kabèh!” 40 Penjahat sing sijiné ngélikké penjahat kuwi, ”Apa kowé babar blas ora wedi karo Gusti Allah? Kowé dhéwé nampa hukuman sing padha kaya dhèwèké. 41 Awaké dhéwé pancèn pantes dihukum, lan hukuman iki wis sakmesthiné awaké dhéwé tampa merga tumindaké awaké dhéwé. Nanging wong iki babar blas ora nindakké kesalahan.” 42 Banjur dhèwèké kandha, ”Yésus, élinga marang aku wektu kowé mlebu ing Kratonmu.” 43 Lan Yésus kandha marang dhèwèké, ”Saktenané aku kandha marang kowé dina iki, kowé bakal bebarengan karo aku ing Firdaus.”

44 Wektu kuwi kira-kira jam 12 awan,* nanging kabèh dhaérah kuwi dadi peteng nganti jam 3 soré,* 45 merga srengéngéné ora ngetokké sinar. Banjur geber* ing bait suwèk dadi loro. 46 Yésus mbengok, ”Bapak, ing astané Panjenengan tak pasrahké nyawaku.”* Sakwisé ngomong kaya ngono, Yésus séda. 47 Merga ndelok apa sing kedadéan, ana siji perwira sing mulai ngluhurké Gusti Allah lan kandha, ”Wong iki pancèn ora salah.” 48 Sakwisé ndelok apa sing kedadéan, kabèh wong sing ngumpul ing kono banjur padha mulih karo nggebugi dhadhané merga sedhih. 49 Kabèh wong sing kenal karo Yésus ngadeg ing kadohan. Wong-wong wadon sing wis ngancani Yésus saka Galiléa uga ana ing kana lan ndelok kabèh kedadéan kuwi.

50 Ana wong lanang sing jenengé Yusuf, salah siji anggota Mahkamah Agung Yahudi. Dhèwèké kuwi wong sing apik lan bener. 51 (Dhèwèké ora ndhukung rencana lan tumindaké Mahkamah Agung Yahudi.) Dhèwèké saka Arimatéa, salah siji kutha ing Yudéa. Dhèwèké lagi ngarep-arep Kratoné Allah. 52 Yusuf lunga nemoni Pilatus lan njaluk mayité Yésus. 53 Banjur dhèwèké ngedhunké mayité Yésus lan mbungkus nganggo kain linen sing apik, banjur dipapanké ing kuburan sing wis digrowongi ing bukit watu. Durung tau ana wong sing dikubur ing kono. 54 Wektu kuwi dina Persiapan, lan Sabat wis arep dimulai. 55 Wong-wong wadon sing teka bareng Yésus saka Galiléa uga lunga kanggo ndelok kuburané Yésus lan piyé mayité Yésus dipapanké ing kono. 56 Wong-wong wadon kuwi banjur bali kanggo nyiapké rempah-rempah lan lenga wangi. Nanging, ing dina Sabat, wong-wong wadon kuwi padha lèrèn, kaya sing dipréntahké ing Taurat.

24 Ing dina kapisan minggu kuwi, wektu isih ésuk banget, wong-wong wadon mau teka ing kuburan karo nggawa rempah-rempah sing wis disiapké. 2 Nanging wong-wong wadon mau ndelok watu sing nutupi kuburan kuwi wis diglundhungké. 3 Wektu mlebu ing kuburan, wong-wong mau ora nemokké mayité Gusti Yésus. 4 Banjur dadi padha bingung, lan ujug-ujug ana wong lanang loro sing nganggo jubah putih sing mengkilap lagi ngadeg ing cedhaké wong-wong mau. 5 Para wong wadon kuwi dadi kewedèn lan ndhingkluk terus. Mula wong lanang loro kuwi kandha, ”Ngapa kok kowé nggolèki wong urip ing kuburan? 6 Dhèwèké ora ana ing kéné merga wis diuripké manèh. Éling-élingen apa sing wis dhèwèké kandhakké marang kowé wektu isih ing Galiléa, 7 yaiku nèk Putrané manungsa kudu diserahké menyang tangané wong-wong dosa lan dihukum mati ing cagak, banjur diuripké manèh ing dina katelu.” 8 Wong-wong wadon mau dadi padha kèlingan omongané Yésus, 9 banjur padha lunga saka kuburan lan nglaporké kabèh kedadéan kuwi marang 11 rasul lan kabèh murid liyané. 10 Sing nyritakké kedadéan kuwi marang para rasul yaiku Maria Magdaléna, Yohana, Maria ibuné Yakobus, lan wong wadon liyané sing bebarengan karo wong-wong mau. 11 Nanging para rasul lan murid-murid liyané ora percaya critané para wong wadon kuwi, lan nganggep nèk kuwi mung digawé-gawé.

12 Nanging Pétrus langsung mlayu menyang kuburan. Wektu dhèwèké mbungkuk lan ndelok ing njeroné kuburan, sing ana mung kain linen. Mula dhèwèké lunga karo mikir apa sing bar kedadéan.

13 Ing dina kuwi, ana loro muridé Yésus sing lagi mlaku menyang désa sing jenengé Émaus, kira-kira adohé 11 kilomèter* saka Yérusalèm. 14 Murid-murid kuwi lagi rembugan bab apa sing wis kedadéan.

15 Wektu lagi padha omong-omongan lan rembugan bab kuwi kabèh, Yésus mara nyedhak lan mlaku bareng karo murid-muridé. 16 Nanging murid-murid mau ora ngerti nèk kuwi Yésus. 17 Yésus takon, ”Kowé kabèh lagi padha ngrembug apa?” Murid-murid mau banjur padha mandheg lan kétok sedhih. 18 Salah sijiné sing jenengé Kléopas kandha, ”Apa kowé kuwi wong asing sing manggon dhèwèkan ing Yérusalèm kok nganti ora ngerti apa-apa bab sing kedadéan pirang-pirang dina iki?” 19 Banjur Yésus takon, ”Ana kedadéan apa?” Murid-murid mau njawab, ”Kedadéan sing ana hubungané karo Yésus wong Nazarèt. Ing ngarsané Gusti Allah lan manungsa, dhèwèké kebukti dadi nabi sing nduwé kuwasa, ora mung ing tumindaké nanging uga ing omongané. 20 Para imam kepala lan para panguwasa nyerahké dhèwèké kanggo dihukum mati lan dipaku ing cagak. 21 Padahal aku kabèh ngarep-arep wong iki bakal mbébaské Israèl. Sakliyané kuwi, saiki wis dina katelu wiwit kabèh kedadéan kuwi kelakon. 22 Apa manèh, ana laporan saka sapérangan wong wadon ing antarané aku kabèh, sing nggawé kagèt. Wektu para wong wadon kuwi lunga menyang kuburan ésuk-ésuk banget, 23 wong-wong wadon mau ora nemokké mayité. Wong-wong kuwi uga crita nèk padha ndelok malaékat-malaékat sing kandha nèk Yésus wis urip manèh. 24 Sapérangan wong saka antaraku banjur lunga menyang kuburan kuwi, lan jebulé critané para wong wadon mau pancèn bener, nanging ora ana sing ketemu dhèwèké.”

25 Mula Yésus kandha, ”Ngapa kok kowé kabèh ora gelem mikir lan ora langsung percaya karo kabèh sing wis dikandhakké para nabi? 26 Kristus kan pancèn kudu ngalami kasangsaran kuwi supaya dhèwèké dimulyakké, ta?” 27 Yésus banjur nerangké marang wong loro mau kabèh sing wis ditulis ing Kitab Suci bab dhèwèké, yaiku wiwit saka tulisané Musa lan kabèh Tulisan Para Nabi.

28 Akiré, wektu wong-wong kuwi tekan ing cedhaké désa sing dadi tujuané, Yésus kaya-kaya arep neruské perjalanané. 29 Nanging wong loro mau padha ngalang-alangi, kandhané, ”Mèlua aku, merga iki wis arep wengi lan sedhéla manèh peteng.” Yésus banjur mèlu wong loro kuwi. 30 Wektu mangan bareng wong-wong kuwi, Yésus njupuk roti, banjur ndonga,* nyuwil-nyuwil roti kuwi, terus diwènèhké marang wong-wong kuwi. 31 Wektu kuwi, wong loro mau dadi sadhar lan ngerti nèk kuwi Yésus. Nanging, Yésus banjur ngilang saka ngarepé wong-wong mau. 32 Wong-wong mau banjur kandha marang siji lan sijiné, ”Pantes waé atiné awaké dhéwé semangat banget, wektu dhèwèké omong-omongan karo awaké dhéwé ing dalan lan nerangké isiné Kitab Suci.” 33 Ing wektu kuwi uga, wong loro mau bali menyang Yérusalèm. Ing kana, wong loro mau ketemu karo 11 rasul lan murid-murid liyané 34 sing kandha, ”Gusti pancèn wis urip manèh lan dhèwèké nemoni Simon.” 35 Banjur wong loro mau nyritakké apa sing kedadéan ing dalan, lan piyé wong loro mau akiré ngerti nèk wong kuwi Yésus wektu dhèwèké nyuwil-nyuwil roti.

36 Wektu isih padha ngomongké bab-bab kuwi, Yésus njedhul ing tengahé wong-wong kuwi lan kandha, ”Muga-muga kowé tentrem rahayu.” 37 Nanging wong-wong kuwi kagèt lan kewedèn merga ngira nèk sing didelok kuwi makhluk roh. 38 Mula Yésus kandha, ”Ngapa kowé padha bingung, lan ngapa atimu ragu-ragu? 39 Iki aku! Deloken tangan lan sikilku, lan demoken aku. Makhluk roh ora nduwé daging lan balung kaya sing kok delok ana ing aku.” 40 Yésus ngomongké kuwi karo nduduhké tangan lan sikilé. 41 Nanging saking senengé lan nggumun, wong-wong kuwi nganti ora percaya. Yésus banjur kandha, ”Apa kowé nduwé panganan?” 42 Wong-wong kuwi banjur mènèhi iwak bakar sak iris, 43 lan Yésus maem kuwi ing ngarepé murid-muridé.

44 Yésus banjur kandha, ”Wektu aku isih bareng karo kowé, aku tau kandha nèk kabèh sing ditulis bab aku ing Hukum Musa, Tulisan Para Nabi, lan Mazmur kudu kelakon.” 45 Banjur Yésus mbantu* wong-wong kuwi kanggo ngerti tenan maknané Kitab Suci, 46 lan kandha manèh, ”Kitab Suci kandha nèk Kristus bakal sengsara, mati, lan urip manèh ing dina katelu. 47 Lan atas dhasar asmané, warta bab pertobatan kanggo pangapurané dosa bakal diwartakké ing kabèh bangsa, wiwit saka Yérusalèm. 48 Kowé kudu dadi seksi kanggo kuwi kabèh. 49 Aku bakal ngirimi kowé apa sing wis dijanjèkké Bapakku. Nanging, manggona ing kutha iki nganti kowé kabèh éntuk kuwasa saka swarga.”

50 Yésus banjur ngajak murid-muridé metu nganti tekan Bétani. Yésus ngangkat tangané lan mberkahi murid-muridé. 51 Wektu lagi mberkahi murid-muridé, Yésus keangkat menyang swarga lan ninggalké murid-muridé. 52 Banjur murid-murid padha sujud lan bali menyang Yérusalèm kanthi bungah banget. 53 Saben dina, murid-murid ana ing bait kanggo ngluhurké Gusti Allah.

Utawa ”diwulang nganggo cara lisan”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”saka antarané anak-anak wadoné Harun”.

Utawa ”lakuné”.

Utawa ”wiwit dhèwèké ing njero rahimé ibuné”.

Utawa ”éntuk wahyu”.

Lit.: ”bapaké”.

Utawa ”nggronjal; obah-obah”.

Utawa ”nggronjal; obah-obah”.

Utawa ”Jiwaku; Sakabèhé awakku”. Deloken ”Jiwa” ing Daftar Istilah.

Lit.: ”wedi marang Panjenengané”.

Utawa ”wong rendahan; wong cilik”.

Lit.: ”winihé”.

Utawa ”cangkemé menga, lan tali ing ilaté udhar”.

Lit.: ”sungu keslametan”. Deloken ”Sungu” ing Daftar Istilah.

Lit.: ”dadi kuwat ing roh”.

Utawa ”sak donya”.

Lit.: ”pasukan swarga sing cacahé akèh banget”.

Utawa ”disucèkké”.

Maksudé, kanggo anak lanang mbarep.

Utawa ”jiwamu”.

Maksudé, Hérodès Antipas. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”tetrark”.

Utawa ”sarana keslametan saka Gusti Allah”.

Lit.: ”Bapakku”.

Utawa ”njaluk”.

Utawa ”meksa njaluk dhuwit saka”.

Utawa ”opahmu”.

Sekop kanggo misahké gandum saka kulité.

Utawa ”mènèhi pelayanan suci”.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Utawa ”dadi ora najis manèh”.

Maksudé, Laut Galiléa.

Utawa ”nggawé aku ora najis manèh”.

Utawa ”Dadia ora najis manèh”.

Wadhah sing digawé saka kulit kéwan. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Utawa ”layu”.

Utawa ”jiwa”.

Maksudé, nyilihi tanpa bunga utawa anakan.

Utawa ”mbébaské”.

Utawa ”dibébaské”.

Wong-wong wektu kuwi nggawe kanthong nganggo cara jubahé ditekuk munggah lan dienggo nggawa barang.

Utawa ”jerami; damèn”.

Utawa ”tuwa-tuwa”.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Utawa ”digawé ora najis”.

Lit.: ”ing antarané kabèh wong sing dilairké wong wadon”.

Utawa ”arahané”.

Utawa ”generasi iki”.

Lit.: ”ketagihan ngombé anggur”.

Utawa ”hasilé”.

Maksudé, wong Farisi sing ngundang Yésus.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”ngapurani wong loro kuwi saktulusé ati”.

Utawa mungkin ”Roh kuwi wis suwé nguwasani wong lanang kuwi”.

Deloken Daftar Istilah.

Yunani: abyssos. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Lit.: ”dislametké”.

Lit.: ”rohé bali”. Deloken ”Roh” ing Daftar Istilah.

Lit.: ”pérak”.

Utawa ”klambi cacahé loro”.

Utawa ”resikana”.

Maksudé, Hérodès Antipas. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”tetrark”.

Deloken ”Cagak paukuman” ing Daftar Istilah.

Utawa ”jiwané”.

Lit.: ”kamulyané”.

Lit.: ”deloken”.

Utawa ”munthuk; mumpluk”.

Utawa ”generasi”.

Utawa ”dikhianati”.

Utawa ”demi jenengku”.

Kéwan kaya asu sing ana ing Israèl.

Lit.: ”panggonan kanggo ndèlèhké sirahé”.

Utawa ”aja ngekep sapa waé wektu mènèhi salam”.

Utawa ”sahabat katentreman”.

Utawa ”Hadès”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”jiwamu”. Deloken ”Jiwa” ing Daftar Istilah.

Utawa ”wong liya”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”roti”.

Lit.: ”utang”.

Lit.: ”aja nggawa aku marang panggodha”.

Sebutan kanggo Sétan.

Lit.: ”drijiné”.

Utawa ”generasi iki”.

Utawa ”generasi iki”.

Maksudé, ratu saka Syéba.

Utawa ”generasi iki”.

Utawa ”generasi iki”.

Lit.: ”sedherhana”.

Lit.: ”jahat”.

Maksudé, ngwijiki tangan manut tradhisiné wong Yahudi.

Tanduran sing digunakké kanggo obat lan bumbu masak.

Utawa ”sayuran”.

Utawa ”sing paling apik”.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Utawa ”pasar”.

Lit.: ”kawicaksanané Gusti Allah uga ngendika”.

Utawa ”generasi iki”.

Maksudé, wiwit anak-anaké Adam lan Hawa dilairké.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”rong asarion”.

Utawa ”disepèlèkké”.

Utawa ”ing ngarepé panggonan kanggo ngibadah”.

Utawa ”pepénginan marang duwèké wong liya”.

Utawa ”jiwamu”.

Utawa ”jiwamu”.

Utawa ”jiwa”.

Lit.: ”sak hasta”.

Utawa ”kelompok cilik wedhus gèmbèl”.

Serangga sing sok mangan sandhangan.

Lit.: ”Nganggoa sabuk”.

Utawa ”nganggo sabuké”.

Saka kira-kira jam 9 wengi nganti tengah wengi.

Saka tengah wengi nganti kira-kira jam 3 subuh.

Utawa ”wong sing dipercaya ngurus omah”.

Utawa ”nindakké cocog karo karepé majikané”.

Lit.: ”lepton”.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Utawa ”wiji moster”. Wiji cilik sing ana ing Israèl lan isa thukul dadi wit sing dhuwuré kira-kira 4 m.

Lit.: ”takeran sea”. 1 sea = 7,33 L.

Utawa ”ngerotké untu”.

Lit.: ”rubah”, kéwan sing licik sing ana ing Israèl.

Lit.: ”ing dina katelu”.

Lit.: ”omahmu”.

Utawa ”edema”, penyakit merga kakèhan cairan ing awaké.

Lit.: ”mangan roti”.

Maksudé, wong-wong sing sepisanan diundang.

Lit.: ”ora sengit”. Tembung ”sengit” ing kéné tegesé tresnané kurang.

Utawa ”jiwané”.

Deloken ”Cagak paukuman” ing Daftar Istilah.

Drakhma kuwi dhuwit pérak sing digunakké karo wong-wong Yunani.

Lit.: ”drakhma”.

Utawa ”nguja nafsuné”.

Utawa ”polong saka wit keratonia”.

Lit.: ”roti”.

Lit.: ”swarga”.

Lit.: ”swarga”.

Utawa ”wong sing dipercaya ngurus omah”.

Utawa ”takeran bat”. 1 bat = 22 L.

Utawa ”Satus takeran kor”. 1 kor = 220 L.

Utawa ”wicaksana”.

Lit.: ”anak-anaké sistem donya iki”. Deloken ”Sistem donya” ing Daftar Istilah.

Lit.: ”kasugihan sing ora bener”.

Utawa ”isa dipercaya”.

Utawa ”isa dipercaya”.

Lit.: ”kasugihan sing ora bener”.

Lit.: ”ing dhadhané Abraham”.

Utawa ”Hadès”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”ing dhadhané”.

Lit.: ”sing nyebabké kesandhung”.

Utawa ”watu kanggo nggiling sing ditarik karo keledai”.

Wit iki kuwat lan dhuwuré kira-kira 6 m.

Utawa ”ora najis manèh”.

Utawa ”ing antaramu”.

Utawa ”generasi iki”.

Akèh-akèhé omah ing kana ndhuwuré datar lan digunakké kanggo akèh kegiyatan.

Utawa ”jiwané”.

Ana terjemahan-terjemahan Alkitab sing nulis ayat iki, nanging ayat iki ora ditemokké ing manuskrip-manuskrip Yunani kuna sing isa dipercaya.

Lit.: ”nemokké iman”.

Utawa ”mberkahi”.

Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”wit ara-murbei”.

Dhuwit mina Yunani aboté 340 g. Ajiné dianggep padha karo 100 drakhma.

Lit.: ”pérak”.

Lit.: ”pérakku”.

Utawa ”dipriksa”.

Lit.: ”swarga”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”Anak-anak”.

Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”pasar”.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Utawa ”bandhané”.

Lit.: ”rong lepton, yaiku sak kwadrans”.

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.

Utawa ”diserahké menyang pengadilan”.

Utawa ”merga jenengku”.

Utawa ”éntuk jiwamu”.

Utawa ”wektuné dina-dina piwales”.

Utawa ”bangsa-bangsa sing ora kenal Gusti Allah”.

Utawa ”bangsa-bangsa sing ora kenal Gusti Allah”.

Lit.: ”ngianati”.

Lit.: ”ngianati”.

Gelar kaurmatan kanggo wong sing seneng mbantu wong liya.

Utawa ”mlaku adohé kira-kira sak balangan watu”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”tandha”.

Ana terjemahan-terjemahan Alkitab sing nulis ayat iki, nanging ayat iki ora ditemokké ing manuskrip-manuskrip Yunani kuna sing isa dipercaya.

Lit.: ”Singkirna”.

Utawa ”dihukum mati ing cagak”.

Deloken “Cagak paukuman” ing Daftar Istilah.

Lit.: ”jam kaenem”.

Lit.: ”jam kasanga”.

Utawa ”tirai”.

Lit.: ”rohku”.

Lit.: ”60 setadi”. 1 setadi = 185 m.

Lit.: ”mberkahi”.

Utawa ”mbukak pikirané”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim