MITURUT YOHANES
1 Ing wiwitané, Sabda kuwi ana. Sabda kuwi bebarengan karo Gusti Allah, lan Sabda kuwi sawijiné allah.* 2 Dhèwèké bebarengan karo Gusti Allah saka wiwitan. 3 Kabèh perkara dadi ana liwat dhèwèké, lan ora ana siji-sijia perkara dadi ana tanpa liwat dhèwèké
4 Urip dadi ana liwat dhèwèké, lan urip kuwi pepadhang kanggo manungsa. 5 Pepadhang kuwi sumunar ana ing pepeteng, nanging pepeteng ora isa matèni pepadhang kuwi.
6 Ana wong sing diutus dadi wakilé Gusti Allah. Jenengé Yohanes. 7 Wong iki teka dadi seksi kanggo mènèhi kesaksian bab pepadhang kuwi, supaya liwat omongané, kabèh wong isa percaya. 8 Dhèwèké dudu pepadhang kuwi, nanging dhèwèké teka kanggo mènèhi kesaksian bab pepadhang kuwi.
9 Pepadhang sejati sing madhangi kabèh wong, sedhéla manèh bakal teka ing donya. 10 Dhèwèké wis tau ing donya, lan donya dadi ana liwat dhèwèké, nanging donya ora kenal dhèwèké. 11 Dhèwèké teka menyang dhaérah asalé, nanging wong-wong saka bangsané ora nampa dhèwèké. 12 Senajan ngono, dhèwèké mènèhi kesempatan marang kabèh wong sing nampa dhèwèké kanggo dadi anak-anaké Gusti Allah, merga wong-wong kuwi nduwé iman marang asmané. 13 Wong-wong kuwi ora lair saka getih utawa daging, utawa merga kekarepané sawijiné bapak manungsa, nanging wong-wong kuwi lair saka Gusti Allah.
14 Sabda kuwi dadi manungsa lan manggon ing antarané kita. Kita wis weruh kamulyané, yaiku kamulyan kaya sing ditampa putra siji-sijiné saka bapaké. Dhèwèké kebak welas asihé Gusti Allah sing nggumunké lan apa sing bener. 15 (Yohanes mènèhi kesaksian bab dhèwèké, lan kandha nganggo swara seru, ”Iki wong sing tak maksudké wektu aku kandha, ’Wong sing teka sakwisé aku wis ndhisiki aku, merga dhèwèké wis ana sakdurungé aku.’”) 16 Kita kabèh wis nampa kanthi lubèr welas asih sing nggumunké, merga dhèwèké kebak welas asih kuwi. 17 Taurat wis diwènèhké liwat Musa, nanging welas asih sing nggumunké lan apa sing bener dadi nyata liwat Yésus Kristus. 18 Ora ana wong siji-sijia sing tau ndelok Gusti Allah. Nanging putra siji-sijiné, yaiku sawijiné allah sing ana ing sisihé Bapak,* yakuwi sing nerangké bab Gusti Allah.
19 Iki kesaksian sing Yohanes wènèhké wektu wong-wong Yahudi ngutus para imam lan wong-wong Lèwi saka Yérusalèm kanggo takon marang dhèwèké, ”Kowé kuwi sapa?” 20 Dhèwèké ngakoni lan njawab kanthi blaka, ”Aku dudu Kristus.” 21 Wong-wong kuwi takon, ”Terus, kowé sapa? Apa kowé Élia?” Dhèwèké njawab, ”Dudu.” ”Kowé Nabi sing bakal teka?” Dhèwèké njawab, ”Dudu!” 22 Mula wong-wong kuwi kandha, ”Dadi kowé kuwi sapa? Aku kabèh kudu mènèhi jawaban marang wong-wong sing ngutus aku. Terangna kowé kuwi sapa.” 23 Dhèwèké njawab, ”Aku iki wong sing mbengok ing padhang belantara, ’Lurusna dalan-dalan kanggo Yéhuwah,’ kaya sing dikandhakké Nabi Yésaya.” 24 Wong-wong kuwi diutus wong-wong Farisi. 25 Mula, wong-wong kuwi nakoni Yohanes lan kandha, ”Nèk kowé dudu Kristus utawa Élia utawa Nabi sing bakal teka, ngapa kowé mbaptis wong-wong?” 26 Yohanes njawab, ”Aku mbaptis nganggo banyu. Nanging ing antaramu, ana wong sing ora kok kenal, 27 sing bakal teka sakwisé aku. Malah nyopot tali sandhalé waé aku ora pantes.” 28 Kabèh perkara kuwi kelakon ing Bétani ing sebrangé Kali Yordan, yaiku panggonané Yohanes mbaptis wong-wong.
29 Ing dina sakbanjuré, wektu weruh Yésus teka, Yohanes kandha, ”Deloken, kuwi Cempéné Gusti Allah, sing ngilangi dosané donya! 30 Dhèwèké kuwi wong sing tak maksudké wektu aku kandha, ’Wong sing teka sakwisé aku wis ndhisiki aku, merga dhèwèké wis ana sakdurungé aku.’ 31 Mauné aku ora ngerti sapa dhèwèké, nanging aku mbaptis nganggo banyu supaya Israèl isa ngerti bab dhèwèké.” 32 Yohanes uga mènèhi kesaksian, ”Aku weruh roh suci sing kaya manuk dara, mudhun saka langit, lan tetep ana ing ndhuwuré wong kuwi. 33 Mauné aku ora ngerti sapa dhèwèké, nanging Gusti Allah sing ngutus aku kanggo mbaptis nganggo banyu ngendika, ’Nèk kowé weruh roh suci mudhun lan tetep ana ing ndhuwuré sawijiné wong, yakuwi wong sing mbaptis nganggo roh suci.’ 34 Aku wis ndelok dhéwé lan aku wis mènèhi kesaksian nèk dhèwèké kuwi Putrané Gusti Allah.”
35 Ing dina sakbanjuré, Yohanes lagi ngadeg bareng karo muridé loro, 36 lan wektu weruh Yésus mlaku, Yohanes kandha, ”Deloken, kuwi Cempéné Gusti Allah!” 37 Wektu krungu kuwi, muridé Yohanes sing cacahé loro mau banjur ngetutké Yésus. 38 Yésus banjur nolèh, lan merga weruh wong loro kuwi ngetutké dhèwèké, Yésus takon, ”Kowé arep ngapa?” Wong-wong kuwi njawab, ”Rabi (nèk diterjemahké, tegesé, ”Guru”), panjenengan manggon ing ngendi?” 39 Yésus njawab, ”Nèk kowé péngin ngerti, ayo mèlu aku.” Wong loro kuwi banjur mèlu Yésus lan weruh ing ngendi Yésus manggon. Wektu kuwi kira-kira jam papat soré,* lan wong-wong kuwi terus bareng karo Yésus ing dina kuwi. 40 Andréas, yaiku seduluré Simon Pétrus, kuwi salah siji saka wong loro sing ngrungokké kandhané Yohanes mau lan ngetutké Yésus. 41 Andréas langsung nggolèki Simon seduluré, lan kandha marang dhèwèké, ”Aku wis ketemu Mèsias” (nèk diterjemahké, tegesé, ”Kristus”). 42 Andréas banjur ngajak Simon marani Yésus. Wektu weruh Simon, Yésus kandha, ”Kowé Simon, anaké Yohanes. Kowé bakal disebut Kéfas” (nèk diterjemahké, tegesé, ”Pétrus”).
43 Ing dina sakbanjuré, Yésus péngin lunga menyang Galiléa. Yésus banjur ketemu karo Filipus lan kandha, ”Dadia muridku.” 44 Filipus asalé saka Bètsaida, kutha asalé Andréas lan Pétrus. 45 Filipus ketemu karo Natanaèl lan kandha, ”Aku wis ketemu karo wong sing dikandhakké ing Hukum Musa lan Tulisané Para Nabi. Dhèwèké kuwi Yésus, anaké Yusuf, saka Nazarèt.” 46 Nanging Natanaèl kandha marang Filipus, ”Apa ana bab sing apik teka saka Nazarèt?” Filipus kandha, ”Ayo deloken dhéwé.” 47 Wektu Yésus weruh Natanaèl mlaku marani Yésus, Yésus kandha bab Natanaèl, ”Deloken, dhèwèké kuwi wong Israèl sejati, sing ora licik atiné.” 48 Natanaèl kandha, ”Piyé carané panjenengan isa kenal aku?” Yésus njawab, ”Sakdurungé Filipus nyeluk kowé, wektu kowé ana ing ngisor wit ara, aku wis ndelok kowé.” 49 Natanaèl kandha, ”Rabi, panjenengan Putrané Gusti Allah. Panjenengan Raja Israèl.” 50 Yésus kandha, ”Kowé percaya merga aku kandha nèk aku ndelok kowé ing ngisor wit ara? Kowé bakal ndelok bab-bab sing luwih nggumunké manèh.” 51 Yésus neruské omongané, ”Saktenané aku kandha marang kowé, kowé bakal ndelok langit kebukak lan malaékat-malaékaté Gusti Allah munggah lan mudhun marang Putrané manungsa.”
2 Rong dina sakbanjuré, ana pésta mantènan ing kutha Kana ing Galiléa, lan ibuné Yésus ana ing kono. 2 Yésus lan murid-muridé uga diundang ing pésta manténan kuwi.
3 Wektu angguré wis mèh entèk, ibuné Yésus kandha marang Yésus, ”Wong-wong iki kentèkan anggur.” 4 Nanging Yésus njawab, ”Bu,* apa kuwi urusané awaké dhéwé? Durung wayahé aku tumindak.” 5 Ibuné kandha marang para pelayan, ”Tindakna waé apa sing dhèwèké omongké.” 6 Ing kono ana enem genthong banyu saka watu sing disedhiakké kanggo nyucèkké badan kaya kebiasaané wong Yahudi. Sak genthong isa diisi loro utawa telung takeran cairan.* 7 Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Isinen genthong-genthong kuwi nganggo banyu.” Banjur wong-wong kuwi ngisi genthongé nganti kebak. 8 Yésus kandha manèh, ”Saiki, isiné jupuken sithik lan wènèhna marang ketua pésta.” Wong-wong kuwi banjur nindakké préntahé Yésus. 9 Ketua pésta banjur ngicipi banyu sing wis malih dadi anggur kuwi. Dhèwèké ora ngerti kuwi saka ngendi, nanging para pelayan sing njupuk ngerti. Banjur, ketua pésta nyeluk mantèn lanang 10 lan kandha, ”Wong-wong biasané nyuguhké dhisik anggur sing apik, banjur nèk wis padha mabuk, sing kurang apik lagi disuguhké. Nanging kowé nyimpen anggur sing apik nganti saiki.” 11 Yésus nindakké mukjijaté* sing kapisan kuwi ing kutha Kana ing Galiléa. Nganggo cara kuwi, dhèwèké nggawé kamulyané dadi nyata, lan murid-muridé nduwé iman marang Yésus.
12 Sakwisé kuwi, Yésus lunga menyang Kapernaum bareng karo ibuné, adhi-adhiné lanang, lan murid-muridé, nanging mung manggon ing kana sawetara dina waé.
13 Paskah wong Yahudi wis arep diwiwiti, lan Yésus lunga menyang Yérusalèm. 14 Ing bait, Yésus weruh ana wong-wong sing dodol sapi, wedhus gèmbèl, lan manuk dara, uga ana tukang ngijoli dhuwit sing lungguh ing kono. 15 Mula sakwisé nggawé pecut saka tali, Yésus ngusir menyang njaba wong-wong sing dodolan ing njero bait bareng karo kabèh wedhus gèmbèl lan sapi, uga morat-maritké dhuwit rècèh duwèké para tukang ngijoli dhuwit lan njungkirké méja-méjané wong-wong kuwi. 16 Yésus uga kandha marang wong-wong sing dodolan manuk dara, ”Singkirna kabèh iki saka kéné! Aja ndadèkké manèh omahé Bapakku kaya pasar!” 17 Murid-muridé kèlingan ayat sing kandha, ”Semangat kanggo omahmu mulad-mulad kaya geni ing awakku.”
18 Mula wong-wong Yahudi kandha marang Yésus, ”Duduhna tandha marang aku kabèh, sing mbuktèkké nèk kowé nduwé hak kanggo nindakké kabèh iki.” 19 Yésus njawab, ”Ambrukna bait iki, lan bakal tak bangun manèh ing wektu telung dina.” 20 Wong-wong Yahudi kuwi kandha, ”Bait iki dibangun suwéné 46 taun, mosok kowé bakal mbangun kuwi ing wektu telung dina?” 21 Sakjané bait sing dimaksudké kuwi yaiku badané dhéwé. 22 Sakwisé dhèwèké diuripké manèh saka antarané wong mati, murid-muridé kèlingan nèk dhèwèké kerep ngomongké bab kuwi, mula murid-muridé percaya karo ayat sing ditulis ing Kitab Suci lan omongané Yésus.
23 Wektu dhèwèké ana ing Yérusalèm pas Riyaya Paskah, akèh wong nduwé iman marang jenengé wektu ndelok mukjijat-mukjijat* sing ditindakké. 24 Nanging Yésus ora pati percaya marang wong-wong kuwi merga Yésus ngerti wataké manungsa, 25 lan ora perlu ana wong sing nerangké marang Yésus bab manungsa, merga dhèwèké ngerti isi atiné manungsa.
3 Ana wong Farisi sing jenengé Nikodémus, pemimpiné wong Yahudi. 2 Dhèwèké marani Yésus ing wayah wengi lan kandha, ”Rabi, aku kabèh ngerti nèk panjenengan diutus Gusti Allah dadi guru, merga ora ana wong sing isa nggawé mukjijat* kaya panjenengan, kejaba Gusti Allah maringi kuwasa marang wong kuwi.” 3 Yésus njawab, ”Saktenané aku kandha marang kowé, nèk wong ora dilairké manèh,* dhèwèké ora isa ndelok Kratoné Allah.” 4 Nikodémus kandha, ”Piyé carané wong sing wis diwasa isa dilairké manèh? Dhèwèké ora isa mlebu ing rahimé ibuné lan dilairké manèh, ta?” 5 Yésus njawab, ”Saktenané aku kandha marang kowé, nèk wong kuwi ora dilairké saka banyu lan roh suci, dhèwèké ora isa mlebu ing Kratoné Allah. 6 Sing lair saka manungsa kuwi anaké manungsa, lan sing lair saka roh suci kuwi anaké Gusti Allah. 7 Aja nggumun merga aku ngandhani kowé: Kowé kabèh kudu dilairké manèh. 8 Lakuné angin kuwi menyang ngendi waé sakarepé, lan kowé krungu swarané, nanging kowé ora ngerti saka ngendi tekané lan menyang ngendi lungané. Semono uga karo saben wong sing dilairké saka roh suci.”
9 Nikodémus takon, ”Piyé carané kuwi isa kelakon?” 10 Yésus njawab, ”Kowé kan guruné wong Israèl, kok isa kowé ora ngerti? 11 Saktenané aku kandha marang kowé, aku kabèh ngomongké apa sing padha tak ngertèni, lan mènèhi kesaksian bab apa sing wis padha tak delok, nanging kowé ora nampa kesaksian saka aku kabèh. 12 Nèk kowé ora percaya wektu aku ngomong bab perkara-perkara ing bumi, piyé kowé isa percaya wektu aku ngomong bab perkara-perkara ing swarga? 13 Apa manèh, ora ana wong sing tau munggah menyang swarga kejaba dhèwèké sing mudhun saka swarga, yaiku Putrané manungsa. 14 Kaya Musa ngangkat ula ing cagak wektu ing padhang belantara, semono uga Putrané manungsa kudu diangkat, 15 supaya saben wong sing percaya marang dhèwèké isa éntuk urip saklawasé.
16 ”Gusti Allah tresna banget marang donya iki nganti maringké Putra siji-sijiné,* supaya saben wong sing nduduhké iman marang Putrané ora disirnakké nanging éntuk urip saklawasé. 17 Gusti Allah ngutus Putrané menyang donya dudu kanggo ngadili donya, nanging supaya donya dislametké liwat Putrané. 18 Sapa waé sing nduduhké iman marang dhèwèké ora bakal diadili. Sapa waé sing ora nduduhké iman wis diadili, merga wong kuwi ora nduduhké iman marang jenengé Putra siji-sijiné Gusti Allah. 19 Wong-wong kuwi diadili merga alesan iki: pepadhang kuwi wis teka ing donya, nanging wong-wong luwih nresnani pepeteng ketimbang pepadhang, merga wong-wong kuwi tumindak jahat. 20 Saben wong sing nindakké perkara-perkara sing ala gething karo pepadhang, lan dhèwèké ora marani pepadhang supaya tumindaké ora konangan.* 21 Nanging saben wong sing nindakké apa sing bener marani pepadhang kuwi, supaya kétok nèk tumindaké cocog karo kersané Gusti Allah.”
22 Sakwisé kuwi, Yésus lan murid-muridé lunga menyang désa-désa ing Yudéa. Ing kono, Yésus manggon sawetara wektu bareng karo murid-muridé lan mbaptis wong-wong. 23 Yohanes uga mbaptis wong-wong ing Aenon cedhak Salim, merga ing kono ana akèh banyu, lan wong-wong padha terus-terusan teka lan dibaptis. 24 Wektu kuwi, Yohanes durung dipenjara.
25 Murid-muridé Yohanes bebantahan karo salah siji wong Yahudi bab piyé carané dadi resik ing ngarsané Gusti Allah. 26 Sakwisé kuwi, murid-murid kuwi marani Yohanes lan kandha, ”Rabi, deloken wong sing ndhisik bareng karo panjenengan ing sebrangé Kali Yordan. Panjenengan uga mènèhi kesaksian bab dhèwèké. Wong kuwi saiki mbaptis wong, lan kabèh wong padha marani dhèwèké.” 27 Yohanes njawab, ”Wong ora isa nampa apa-apa kejaba Gusti Allah maringké kuwi marang dhèwèké. 28 Kowé dhéwé seksiné wektu aku kandha, ’Aku dudu Kristus, nanging aku diutus ndhisiki dhèwèké.’ 29 Mantèn wadon kuwi duwèké mantèn lanang. Nanging kancané mantèn lanang seneng banget wektu ngadeg ing cedhaké mantèn lanang lan ngrungokké swarané. Semono uga, rasa bungahku wis lengkap. 30 Apa sing dhèwèké tindakké bakal saya akèh, nanging apa sing tak tindakké bakal saya sithik.”
31 Sing teka saka ndhuwur kuwi ngungkuli liya-liyané. Sing teka saka bumi kuwi asalé saka bumi lan ngomongké perkara-perkara sing ana ing bumi. Sing teka saka swarga kuwi ngungkuli liya-liyané. 32 Dhèwèké mènèhi kesaksian bab apa sing wis didelok lan dirungokké, nanging ora ana wong siji-sijia sing nampa kesaksiané. 33 Sapa waé sing nampa kesaksiané kuwi neguhké* nèk Gusti Allah bener. 34 Sing diutus Gusti Allah ngandhakké pangandikané Gusti Allah, merga Gusti Allah maringké roh suciné kanthi lubèr.* 35 Bapak nresnani Putra lan wis masrahké sakabèhé ing tangané. 36 Wong sing nduduhké iman marang Putra bakal nampa urip saklawasé. Wong sing ora manut marang Putra ora bakal nampa urip, nanging wong kuwi bakal terus ngrasakké murkané Gusti Allah.
4 Wektu Yésus* ngerti nèk wong-wong Farisi krungu Yésus mbaptis lan ndadèkké luwih akèh murid ketimbang Yohanes, 2 (sakjané, dudu Yésus dhéwé sing mbaptis, nanging murid-muridé) 3 Yésus lunga saka Yudéa lan mangkat menyang Galiléa. 4 Nanging, dhèwèké kudu ngliwati Samaria. 5 Yésus akiré tekan ing sawijiné kutha Samaria, sing disebut Sikhar, cedhak tanah sing diwènèhké Yakub marang anaké, yaiku Yusuf. 6 Ing kono, ana sumuré Yakub. Yésus kesel banget merga perjalanané, mula dhèwèké lungguh ing cedhak sumur* kuwi. Wektu kuwi kira-kira jam 12 awan.*
7 Banjur, ana wong wadon Samaria teka kanggo nimba banyu. Yésus kandha marang wong wadon kuwi, ”Tulung, wènèhana aku ngombé.” 8 (Wektu kuwi, murid-muridé lagi lunga menyang kutha kanggo tuku panganan.) 9 Wong wadon kuwi njawab, ”Panjenengan kan wong Yahudi, lan aku wong wadon Samaria. Ngapa panjenengan njaluk ngombé saka aku?” (Wong Yahudi biasané ora srawung karo wong Samaria.) 10 Yésus njawab, ”Nèk kowé ngerti anugrah saka Gusti Allah lan sapa sing kandha marang kowé, ’Tulung, wènèhana aku ngombé,’ kowé mesthi bakal njaluk banyu marang dhèwèké, lan dhèwèké bakal mènèhi kowé banyu sing marakké urip.” 11 Wong wadon kuwi kandha, ”Pak, panjenengan kan ora nduwé timba, lan sumur iki jero. Mula saka ngendi panjenengan isa éntuk banyu sing marakké urip kuwi? 12 Yakub, bapak leluhurku wis mènèhi sumur iki. Dhèwèké, anak-anaké, lan ternaké uga ngombé saka sumur iki. Panjenengan ora luwih unggul ketimbang dhèwèké, ta?” 13 Yésus njawab, ”Saben wong sing ngombé banyu iki bakal ngelak manèh. 14 Nanging sapa waé sing ngombé banyu sing bakal tak wènèhké, ora bakal ngelak manèh. Banyu sing bakal tak wènèhké kuwi bakal dadi kaya sumber banyu ing njero awaké lan ngasilké urip langgeng.” 15 Wong wadon kuwi kandha, ”Pak, wènèhana aku banyu kuwi, supaya aku ora ngelak manèh lan ora usah bola-bali mréné kanggo nimba banyu.”
16 Yésus kandha marang wong wadon kuwi, ”Lungaa, celuken bojomu mréné.” 17 Wong wadon kuwi kandha, ”Aku ora nduwé bojo.” Yésus kandha, ”Omonganmu bener, kowé pancèn ora nduwé bojo. 18 Kowé wis tau nduwé bojo lima, lan wong lanang sing saiki manggon bareng karo kowé kuwi dudu bojomu. Sing kok omongké kuwi pancèn bener.” 19 Wong wadon kuwi kandha, ”Pak, panjenengan mesthi nabi. 20 Leluhurku ngibadah ing gunung iki, nanging kowé kabèh kandha nèk wong-wong kudu ngibadah ing Yérusalèm.” 21 Yésus kandha, ”Percayaa marang aku, bakal tekan wektuné kowé kabèh ora bakal nyembah Gusti Allah ing gunung iki utawa ing Yérusalèm. 22 Kowé kabèh ora kenal sapa sing kok sembah. Aku kabèh kenal sapa sing padha tak sembah, merga keslametan diwiwiti karo* wong Yahudi. 23 Senajan ngono, wektuné bakal teka, malah saiki wis teka, para penyembah sing sejati bakal nyembah Bapak nganggo roh lan cocog karo apa sing bener, merga saktenané Bapak nggolèki wong-wong sing kaya ngono kuwi kanggo nyembah Panjenengané. 24 Gusti Allah kuwi Roh lan wong sing nyembah Panjenengané kudu nyembah nganggo roh lan cocog karo apa sing bener.” 25 Wong wadon kuwi kandha, ”Aku ngerti nèk Mèsias sing disebut Kristus bakal teka. Nèk wis teka, dhèwèké bakal ngandhani sakabèhé marang aku kabèh.” 26 Yésus kandha, ”Aku iki wongé, sing lagi omongan karo kowé.”
27 Banjur, ing wektu kuwi, murid-muridé teka, lan padha kagèt weruh Yésus omong-omongan karo wong wadon. Nanging, ora ana sing takon marang Yésus kanggo apa lan ngapa dhèwèké omongan karo wong wadon kuwi. 28 Wong wadon kuwi banjur ninggalké genthongé lan mlebu ing kutha kanggo ngandhani wong-wong, 29 ”Ayo, deloken wong sing ngandhani aku bab kabèh sing tau tak lakoni. Mungkin dhèwèké kuwi Kristus!” 30 Wong-wong kuwi padha metu saka kutha lan mulai marani Yésus.
31 Wektu kuwi, murid-murid ngajak Yésus kanggo mangan, kandhané, ”Rabi, ayo maem.” 32 Nanging Yésus kandha marang murid-muridé, ”Aku wis nduwé panganan, nanging kowé kabèh ora ngerti kuwi apa.” 33 Murid-murid padha kandha marang siji lan sijiné, ”Apa ana sing wis nggawakké panganan kanggo dhèwèké?” 34 Yésus kandha, ”Pangananku yaiku nindakké kersané Panjenengané sing ngutus aku lan ngrampungké gawéan saka Panjenengané. 35 Kowé kabèh kandha nèk musim panèn isih kurang patang sasi manèh. Nanging aku kandha marang kowé kabèh: Deloken ladhang-ladhang wis putih lan siap dipanèn. 36 Wong sing manèn wis nampa opah lan nglumpukké woh kanggo urip langgeng. Mula sing nyebar lan sing manèn padha bungah bebarengan. 37 Saktenané pancèn bener paribasan sing kandha: Sing siji nyebar lan sing sijiné manèn. 38 Aku ngutus kowé kabèh kanggo manèn apa sing ora kok sebar. Wong-wong liyané wis mempeng nyambut gawé lan kowé kabèh éntuk paédah saka upayané sing mempeng kuwi.”
39 Akèh wong Samaria saka kutha kuwi nduwé iman marang Yésus merga wong wadon kuwi mènèhi kesaksian, ”Dhèwèké ngandhani aku bab kabèh sing tau tak lakoni.” 40 Mula wektu ketemu Yésus, wong-wong Samaria kuwi nyuwun supaya Yésus manggon bareng wong-wong kuwi, lan Yésus manggon ing kono rong dina suwéné. 41 Hasilé, ana luwih akèh manèh sing percaya merga omongané, 42 lan wong-wong mau kandha marang wong wadon kuwi, ”Saiki aku kabèh percaya dudu mung merga omonganmu waé. Aku kabèh wis padha krungu dhéwé, lan ngerti nèk wong iki sing bakal nylametké donya.”
43 Sakwisé rong dina, Yésus mangkat saka kono menyang Galiléa. 44 Sakjané, Yésus dhéwé wis kandha nèk nabi ora diajèni ing dhaérah asalé. 45 Nanging wektu Yésus tekan Galiléa, wong-wong Galiléa nampa Yésus, merga wektu wong-wong kuwi nekani riyaya ing Yérusalèm, wong-wong kuwi ndelok kabèh sing ditindakké Yésus ing kana.
46 Banjur Yésus teka manèh ing kutha Kana ing Galiléa, yaiku panggonan wektu Yésus nggawé banyu malih dadi anggur. Ing kana, ana pejabat kerajaan sing anaké lanang lagi lara ing Kapernaum. 47 Wektu wong kuwi krungu nèk Yésus teka saka Yudéa menyang Galiléa, wong kuwi nemoni Yésus lan nyuwun supaya Yésus teka kanggo marèkké anaké, merga anaké mèh mati. 48 Nanging Yésus kandha, ”Kowé kabèh ora bakal percaya nèk kowé ora ndelok mukjijat* lan perkara-perkara sing ajaib.” 49 Pejabat kuwi kandha, ”Gusti, tulung tekaa sakdurungé anakku mati.” 50 Yésus kandha, ”Muliha, anakmu wis mari.”* Pejabat kuwi percaya karo omongané Yésus lan dhèwèké lunga. 51 Wektu ana ing dalan arep mulih, budhak-budhaké nemoni dhèwèké kanggo ngandhani nèk anaké wis mari.* 52 Mula pejabat kuwi takon marang budhak-budhaké jam pira anaké dadi séhat. Budhak-budhaké njawab, ”Demamé ilang wingi pas jam siji awan.”* 53 Pejabat kuwi kèlingan nèk pas jam kuwi Yésus kandha marang dhèwèké, ”Anakmu wis mari.” Mula pejabat kuwi lan kabèh keluargané dadi percaya marang Yésus. 54 Kuwi mukjijaté* Yésus sing kapindho sing ditindakké wektu teka saka Yudéa menyang Galiléa.
5 Sakwisé kuwi, ana riyaya wong Yahudi, lan Yésus lunga menyang Yérusalèm. 2 Ing Yérusalèm ing cedhaké Gerbang Wedhus Gèmbèl, ana kolam sing ing basa Ibrani disebut Bètzata, lan kolam kuwi diubengi limang serambi. 3 Akèh wong sing lara, wuta, pincang, lan lumpuh sing nggléthak ing serambi-serambi kuwi. 4 *—— 5 Ing kono, ana wong lanang sing wis lara suwéné 38 taun. 6 Yésus weruh wong kuwi nggléthak, lan merga ngerti nèk dhèwèké wis suwé lara, Yésus takon, ”Apa kowé péngin séhat?” 7 Wong lara kuwi njawab, ”Pak, ora ana sing mbantu aku nyemplung menyang kolam kuwi wektu banyuné kocak. Saben aku arep mrono, wong liya wis ndhisiki aku.” 8 Yésus kandha, ”Ngadega! Angkaten klasamu* lan mlakua.” 9 Ing wektu kuwi uga, wong sing lara mau mari lan dhèwèké banjur ngangkat klasané lan mulai mlaku.
Dina kuwi dina Sabat. 10 Mula, wong-wong Yahudi padha ngomong marang wong kuwi, ”Saiki dina Sabat. Miturut hukum, kowé ora éntuk ngangkat klasamu.” 11 Wong lanang mau njawab, ”Wong sing marèkké aku, ngongkon aku, ’Angkaten klasamu lan mlakua.’” 12 Wong-wong Yahudi kuwi takon, ”Sapa sing ngongkon kowé, ’Angkaten klasamu lan mlakua’?” 13 Nanging wong lanang mau ora ngerti sapa sing marèkké dhèwèké, merga Yésus wis lunga saka kono lan mlebu ing antarané kumpulan wong akèh ing kono.
14 Sakwisé kuwi, Yésus ketemu karo wong lanang mau ing bait lan kandha, ”Saiki kowé wis mari. Aja nindakké dosa manèh, supaya kowé ora ngalami sing luwih parah.” 15 Banjur wong lanang mau lunga lan ngandhani wong-wong Yahudi nèk sing marèkké dhèwèké kuwi Yésus. 16 Kuwi sebabé wong-wong Yahudi mulai nentang Yésus, merga Yésus nindakké perkara-perkara kuwi ing dina Sabat. 17 Nanging Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Bapakku terus nyambut gawé nganti saiki, mula aku uga terus nyambut gawé.” 18 Kuwi sebabé, wong-wong Yahudi saya ngupaya matèni Yésus. Miturut wong-wong kuwi, Yésus ora mung nglanggar dina Sabat, nanging uga nganggep dhèwèké padha karo Gusti Allah merga nyebut Gusti Allah kuwi Bapaké.
19 Mula Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Saktenané aku kandha marang kowé, Putra ora isa nindakké apa-apa miturut karepé dhéwé. Putra mung nindakké apa sing wis dhèwèké delok ditindakké Bapak. Apa waé sing ditindakké Bapak, kuwi uga sing ditindakké Putra nganggo cara sing padha. 20 Bapak nresnani Putra lan nduduhké marang Putra kabèh perkara sing Panjenengané dhéwé tindakké. Panjenengané uga bakal nduduhké marang Putra perkara-perkara sing luwih gedhé manèh ketimbang iki, supaya kowé padha nggumun. 21 Padha kaya Bapak nangèkké wong mati lan nguripké manèh wong-wong kuwi, Putra uga bakal nguripké manèh sapa waé sing dikarepké. 22 Bapak ora ngadili sapa-sapa, nanging maringi kuwasa marang Putra kanggo ngadili sakabèhé, 23 supaya kabèh wong ngajèni Putra kaya wong-wong kuwi ngajèni Bapak. Sapa waé sing ora ngajèni Putra ora ngajèni Bapak sing ngutus Putra. 24 Saktenané aku kandha marang kowé, sapa waé sing ngrungokké omonganku lan percaya marang Bapak sing ngutus aku bakal nampa urip saklawasé. Dhèwèké ora bakal diadili nanging dhèwèké wis luput saka pati lan nampa urip.
25 ”Saktenané aku kandha marang kowé, wektuné bakal teka, lan malah saiki wis teka, wong mati bakal krungu swarané Putrané Gusti Allah, banjur wong sing padha nggatèkké bakal urip. 26 Bapak nduwé kuwasa kanggo maringi urip,* lan Panjenengané uga wis maringi kuwasa marang Putra kanggo mènèhi urip. 27 Bapak wis maringi dhèwèké kuwasa kanggo ngadili, merga dhèwèké kuwi Putrané manungsa. 28 Aja nggumun karo bab kuwi, merga bakal tekan wektuné kabèh wong sing ana ing njero kuburan* bakal ngrungokké swarané 29 lan metu. Wong-wong sing tumindaké apik bakal diuripké manèh kanggo urip saklawasé, nanging sing tumindaké èlèk bakal diuripké manèh kanggo diadili. 30 Aku ora isa nindakké apa-apa sakarepku dhéwé. Aku ngadili wong-wong miturut apa sing Bapak ngendikakké marang aku. Aku ngadili kanthi bener, merga aku ora nuruti karepku dhéwé, nanging aku nindakké kersané Bapak sing ngutus aku.
31 ”Nèk mung aku dhéwé sing mènèhi kesaksian bab aku, kesaksianku kuwi ora bener. 32 Nanging ana liyané manèh* sing mènèhi kesaksian bab aku, lan aku ngerti nèk kesaksiané Panjenengané bab aku kuwi bener. 33 Kowé wis ngutus wong-wong marang Yohanes, lan dhèwèké wis mènèhi kesaksian sing bener. 34 Sakjané aku ora perlu kesaksian saka manungsa, nanging aku ngomongké bab-bab iki supaya kowé kabèh isa dislametké. 35 Yohanes kuwi kaya lampu sing murub lan madhangi, lan mung kanggo sawetara mangsa, kowé kabèh péngin ngrasakké pepadhangé. 36 Nanging aku nduwé kesaksian sing luwih penting ketimbang kesaksiané Yohanes, yaiku gawéan sing Bapakku paringké kanggo tak rampungké, lan gawéan iki sing lagi tak tindakké. Gawéan kuwi sing mènèhi kesaksian nèk Bapak ngutus aku. 37 Bapak sing ngutus aku uga wis maringi kesaksian bab aku. Kowé kabèh ora tau krungu swarané utawa ndelok pasuryané, 38 lan pangandikané ora kesimpen ing atimu, merga kowé kabèh ora percaya marang wong sing wis diutus Panjenengané.
39 ”Kowé kabèh nliti Kitab Suci merga kowé mikir nèk bakal éntuk urip saklawasé nganggo cara kuwi. Kitab Suci kuwi dhéwé mènèhi kesaksian bab aku, 40 nanging kowé padha ora gelem teka marang aku kanggo éntuk urip kuwi. 41 Aku ora nggolèk kamulyan saka manungsa, 42 nanging aku ngerti tenan nèk ing njero atimu ora ana rasa tresna marang Gusti Allah. 43 Aku teka nganggo asmané Bapakku, nanging kowé kabèh ora nampa aku. Nèk wong liya teka nganggo jenengé dhéwé, kowé padha gelem nampa wong kuwi. 44 Piyé kowé bakal isa percaya nèk kowé padha nampa kamulyan saka siji lan sijiné lan ora ngupaya nggolèk kamulyan saka siji-sijiné Gusti Allah? 45 Aja mikir nèk aku bakal nudhuh kowé ing ngarsané Bapak, sing nudhuh kowé kuwi Musa, yaiku wong sing kok percayani. 46 Sakjané nèk kowé percaya marang Musa, kowé uga bakal percaya marang aku, merga Musa nulis bab aku. 47 Nanging nèk kowé ora percaya marang tulisané, apa mungkin kowé percaya marang omonganku?”
6 Sakwisé kuwi, Yésus lunga menyang sebrangé Laut Galiléa, utawa Tiberias. 2 Akèh wong terus ngetutké Yésus, merga wong-wong kuwi ndelok mukjijat sing ditindakké Yésus wektu marèkké wong lara. 3 Mula Yésus munggah menyang sawijiné gunung lan lungguh ing kono bareng karo para muridé. 4 Wektu kuwi, Riyaya Paskah wong Yahudi wis cedhak. 5 Wektu Yésus weruh wong akèh teka marang dhèwèké, Yésus kandha marang Filipus, ”Ing ngendi awaké dhéwé isa tuku roti kanggo wong-wong iki?” 6 Sakjané, Yésus wis ngerti apa sing bakal ditindakké, nanging Yésus kandha kaya ngono kanggo nguji Filipus. 7 Filipus njawab, ”Roti sing regané 200 dinar* tetep ora cukup kanggo wong-wong kuwi, senajan saben wong mung éntuk sithik.” 8 Salah siji muridé, yaiku Andréas, seduluré Simon Pétrus, kandha marang Yésus, 9 ”Iki ana bocah cilik sing nduwé roti lima lan iwak cilik loro. Nanging apa ya cukup kanggo wong seméné akèhé?”
10 Yésus kandha, ”Kongkonen wong-wong kuwi lungguh.” Ing panggonan kuwi akèh suketé lan wong akèh mau padha lungguh ing kono. Ing antarané wong-wong kuwi, ana kira-kira 5.000 wong lanang. 11 Yésus njupuk roti kuwi, lan sakwisé ngucap sokur, dhèwèké ngedum-edumké marang wong-wong kuwi. Yésus uga nindakké sing padha kanggo iwak loro mau, lan kabèh wong padha mangan nganti wareg. 12 Sakwisé wong-wong kuwi wareg, Yésus kandha marang murid-muridé, ”Sisané klumpukna, supaya ora ana sing kebuwang.” 13 Murid-muridé banjur nglumpukké sisa saka limang roti barli sing wis dipangan karo wong akèh mau. Sisané ana 12 kranjang.
14 Wektu weruh mukjijat sing ditindakké Yésus kuwi, wong-wong padha kandha, ”Dhèwèké bener-bener Nabi sing diramalké bakal teka ing donya.” 15 Banjur, merga ngerti nèk wong-wong kuwi bakal meksa Yésus kanggo dadi raja, Yésus lunga manèh menyang gunung dhèwèkan.
16 Wektu wis mulai wengi, murid-muridé lunga menyang laut, 17 lan nyabrang laut nganggo prau menyang Kapernaum. Wektu kuwi wis peteng, nanging Yésus isih durung marani murid-muridé. 18 Ing laut ombaké saya gedhé merga anginé banter. 19 Sakwisé ndhayung prauné kira-kira lima nganti enem kilomèter,* murid-murid weruh Yésus mlaku ing ndhuwuré banyu laut, lan mara nyedhaki prau. Para murid dadi wedi. 20 Nanging Yésus kandha marang murid-muridé, ”Iki aku, aja padha wedi!” 21 Banjur para murid kanthi seneng nampa Yésus ing prauné. Ora let suwé, prau kuwi tekan ing panggonan sing dadi tujuané.
22 Ing dina sakbanjuré, akèh wong sing isih ana ing sebrang laut weruh nèk ing kono mung ana prau cilik siji, lan wong-wong kuwi uga weruh nèk Yésus ora mèlu lunga numpak prau kuwi bareng karo murid-muridé. 23 Nanging, prau-prau saka Tiberias teka ing cedhak panggonané Gusti mènèhi wong-wong kuwi roti sakwisé Gusti ngucap sokur. 24 Dadi wektu wong-wong kuwi weruh nèk Yésus utawa murid-muridé ora ana ing kono, wong-wong kuwi numpak prau-prau mau lan lunga menyang Kapernaum kanggo nggolèki Yésus.
25 Wektu ketemu karo Yésus ing sebrang laut, wong-wong kuwi kandha, ”Rabi, kapan panjenengan tekan kéné?” 26 Yésus njawab, ”Saktenané aku kandha, kowé kabèh nggolèki aku dudu merga kowé wis ndelok mukjijat,* nanging merga kowé kabèh wis mangan roti nganti wareg. 27 Aja nyambut gawé kanggo panganan sing isa bosok. Nanging nyambut gawéa kanggo panganan sing ora bakal bosok lan ngasilké urip langgeng, sing bakal diparingké Putrané Manungsa marang kowé kabèh. Merga Bapak ing swarga, yaiku Gusti Allah dhéwé, wis ndèlèhké meterainé marang Putra kanggo nduduhké nèk Bapak nresnani Putra.”
28 Mula wong-wong kuwi takon, ”Apa sing kudu tak lakoni kanggo nindakké gawéan saka Gusti Allah?” 29 Yésus njawab, ”Kanggo nindakké gawéan saka Gusti Allah, kowé kabèh kudu nduduhké iman marang wong sing diutus Panjenengané.” 30 Wong-wong kuwi banjur kandha, ”Mukjijat* apa sing bakal panjenengan duduhké supaya isa tak delok lan aku kabèh percaya marang panjenengan? Apa sing bakal panjenengan tindakké? 31 Mbiyèn, para leluhuré awaké dhéwé mangan manna ing padhang belantara, kaya sing ditulis ing Kitab Suci, ’Panjenengané maringi roti saka swarga* kanggo dipangan.’” 32 Yésus banjur kandha, ”Saktenané aku kandha marang kowé, Musa ora mènèhi kowé roti sing sejati saka swarga, nanging saiki Bapakku maringi kowé roti sing sejati saka swarga. 33 Roti saka Gusti Allah yaiku roti sing mudhun saka swarga lan mènèhi urip kanggo donya.” 34 Wong-wong kuwi kandha, ”Gusti, wènèhana terus aku roti kuwi.”
35 Yésus kandha, ”Aku iki roti sing mènèhi urip. Sapa waé sing teka marang aku ora bakal luwé manèh, lan sapa waé sing nduduhké iman marang aku ora bakal ngelak manèh. 36 Nanging kaya sing tak omongké marang kowé, senajan kowé wis ndelok aku, kowé tetep ora percaya. 37 Kabèh wong sing wis dipasrahké Bapak marang aku bakal teka marang aku, lan aku ora bakal ngusir wong sing teka marang aku. 38 Merga aku mudhun saka swarga ora kanggo nindakké karepku dhéwé, nanging kanggo nindakké kersané Panjenengané sing ngutus aku. 39 Iki kersané Panjenengané sing ngutus aku, yaiku supaya aku aja nganti kélangan siji waé saka kabèh sing wis dipasrahké Panjenengané marang aku, nanging supaya aku nguripké manèh wong-wong kuwi ing dina pungkasan. 40 Iki kersané Bapakku, yaiku supaya saben wong sing nampa Putra lan nduduhké iman marang dhèwèké éntuk urip saklawasé, lan aku bakal nguripké manèh wong kuwi ing dina pungkasan.”
41 Banjur wong-wong Yahudi mulai nggrundel bab Yésus merga Yésus kandha, ”Aku iki roti sing mudhun saka swarga.” 42 Wong-wong kuwi banjur kandha, ”Iki kan Yésus anaké Yusuf, ta? Awaké dhéwé kenal karo bapaké lan ibuné. Kok isa-isané dhèwèké kandha, ’Aku mudhun saka swarga’?” 43 Yésus njawab, ”Aja padha nggrundel manèh. 44 Ora ana wong sing isa teka marang aku, kejaba Bapak, sing ngutus aku, narik dhèwèké, lan aku bakal nguripké manèh wong kuwi ing dina pungkasan. 45 Ana tulisan ing Kitab Para Nabi, ’Kabèh wong kuwi bakal diwulang karo Yéhuwah.’ Saben wong sing wis ngrungokké Bapak lan sinau saka Panjenengané teka marang aku. 46 Ora ana wong sing tau ndelok Bapak, kejaba aku sing asalé saka Gusti Allah, mung aku sing wis tau ndelok Bapak. 47 Saktenané aku kandha marang kowé, sapa waé sing percaya bakal éntuk urip saklawasé.
48 ”Aku iki roti sing mènèhi urip. 49 Para leluhurmu mangan manna ing padhang belantara, lan akiré tetep mati. 50 Nanging saben wong sing mangan roti sing sejati, yaiku roti sing mudhun saka swarga, ora bakal mati. 51 Aku iki roti sing mènèhi urip, sing mudhun saka swarga. Wong sing mangan roti iki bakal urip saklawasé. Sakjané, roti sing bakal tak wènèhké kuwi dagingku, supaya donya iki nampa urip.”
52 Wong-wong Yahudi banjur padha bebantahan karo siji lan sijiné, kandhané, ”Kok isa wong iki mènèhké dagingé kanggo dipangan awaké dhéwé?” 53 Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Saktenané aku kandha marang kowé, nèk kowé ora mangan dagingé Putrané manungsa lan ngombé getihé, kowé ora bakal nampa urip.* 54 Sapa waé sing mangan dagingku lan ngombé getihku bakal éntuk urip saklawasé, lan aku bakal nguripké manèh wong kuwi ing dina pungkasan. 55 Dagingku kuwi panganan sing sejati lan getihku kuwi ombèn sing sejati. 56 Sapa waé sing mangan dagingku lan ngombé getihku bakal tetep dadi siji karo aku, lan aku dadi siji karo wong kuwi. 57 Padha kaya Bapak sing urip ngutus aku, lan aku urip merga Bapak, wong sing mangan dagingku bakal urip merga aku. 58 Iki roti sing mudhun saka swarga. Iki ora kaya roti sing dipangan para leluhurmu, merga wong-wong kuwi akiré tetep mati. Sapa waé sing mangan roti iki bakal urip saklawasé.” 59 Yésus ngomongké kuwi kabèh wektu lagi mulang ing sinagogé* ing Kapernaum.
60 Wektu krungu omongan kuwi, akèh muridé kandha, ”Omongané ora isa ditampa, aku wegah ngrungokké kuwi.” 61 Yésus ngerti nèk murid-muridé padha nggrundel bab perkara mau. Mula Yésus kandha, ”Apa bab iki nggawé kowé kélangan iman?* 62 Terus piyé nèk kowé weruh Putrané manungsa munggah menyang panggonan asalé? 63 Sing mènèhi urip kuwi roh suci, dudu upayané manungsa sing babar blas ora ana gunané. Bab sing tak omongké marang kowé kuwi asalé saka roh suci lan mènèhi urip. 64 Nanging ing antaramu ana sing ora percaya.” Saka wiwitan Yésus wis ngerti sapa waé sing ora percaya lan sapa sing bakal ngianati dhèwèké. 65 Yésus neruské omongané, ”Kuwi sebabé aku ngandhani kowé, ora ana wong siji-sijia sing isa teka marang aku kejaba Bapak ngijinké wong kuwi.”
66 Merga kuwi, akèh muridé Yésus bali menyang perkara-perkara sing wis ditinggalké lan ora ngetutké Yésus manèh. 67 Mula Yésus takon marang 12 rasulé, ”Apa kowé ya arep lunga sisan?” 68 Simon Pétrus njawab, ”Gusti, aku kudu lunga marang sapa? Omongané panjenengan ngasilké urip saklawasé. 69 Aku kabèh wis percaya lan ngerti nèk panjenengan kuwi Sing Suci saka Gusti Allah.” 70 Yésus njawab, ”Aku sing milih kowé wong 12 iki, ta? Nanging salah siji saka antaramu kuwi tukang mitenah.”* 71 Sakjané, Yésus lagi ngomongké bab Yudas anaké Simon Iskariot, merga dhèwèké sing bakal ngianati Yésus, senajan dhèwèké kuwi salah siji saka 12 rasul.
7 Sakwisé kuwi, Yésus neruské perjalanané ing Galiléa. Yésus ora gelem lunga menyang Yudéa merga wong-wong Yahudi ngupaya matèni dhèwèké. 2 Nanging, wektu kuwi Riyaya Tabernakel* wong Yahudi wis cedhak. 3 Mula adhi-adhiné lanang kandha marang Yésus, ”Lungaa saka kéné menyang Yudéa, supaya murid-muridmu uga isa ndelok apa sing kok tindakké. 4 Wong sing péngin terkenal, tumindaké ora bakal didhelik-dhelikké. Merga kowé nindakké perkara-perkara iki, kana tindakna ing ngarepé kabèh wong.”* 5 Sakjané, adhi-adhiné Yésus ora nduwé iman marang Yésus. 6 Mula Yésus kandha, ”Saiki wektuné durung teka kanggo aku, nanging kanggo kowé, wektuné isa kapan waé. 7 Donya ora nduwé alesan kanggo sengit marang kowé, nanging donya sengit marang aku, merga aku mènèhi kesaksian nèk tumindaké donya iki jahat. 8 Kowé lungaa menyang riyaya kuwi. Aku durung arep lunga mrana, merga saiki durung wektuné kanggo aku.” 9 Sakwisé ngomongké bab-bab kuwi, Yésus tetep ing Galiléa.
10 Wektu adhi-adhiné wis padha lunga menyang riyaya kuwi, Yésus uga lunga mrana, nanging lungané meneng-meneng. 11 Ing riyaya kuwi, wong-wong Yahudi padha nggolèki Yésus lan kandha, ”Wongé ing ngendi?” 12 Ing antarané kumpulan wong, akèh sing padha bisik-bisik bab Yésus. Ana sing kandha, ”Dhèwèké kuwi wong apik.” Liyané kandha, ”Ora, dhèwèké kuwi nyesatké wong akèh.” 13 Nanging, ora ana sing wani blak-blakan ngomongké bab Yésus merga wedi karo wong-wong Yahudi.
14 Wektu riyaya kuwi wis éntuk separoné, Yésus mlebu ing bait lan mulai mulang. 15 Wong-wong Yahudi padha nggumun lan kandha, ”Kok isa wong iki nduwé akèh pangertèn bab Kitab Suci* padahal dhèwèké ora tau sekolah agama?”* 16 Yésus banjur njawab, ”Apa sing tak wulangké dudu wulanganku dhéwé, nanging wulangané Panjenengané sing ngutus aku. 17 Wong sing péngin nindakké kersané Gusti Allah bakal ngerti apa wulangan iki asalé saka Gusti Allah utawa saka pikiranku dhéwé. 18 Sapa waé sing ngomong saka pikirané dhéwé kuwi nggolèk kamulyané dhéwé. Nanging, sapa waé sing ngupaya mulyakké Panjenengané sing ngutus dhèwèké, wong kuwi bener lan apa sing ora bener ora ana ing dhèwèké. 19 Musa mènèhi kowé Taurat, ta? Nanging ora ana siji-sijia wong ing antaramu sing manut Taurat kuwi. Ngapa kowé ngupaya matèni aku?” 20 Wong-wong kuwi njawab, ”Kowé kesurupan roh jahat. Sapa sing arep matèni kowé?” 21 Yésus njawab, ”Aku lagi nindakké sak perkara waé kowé kabèh wis padha nggumun. 22 Coba pikirna, Musa mènèhi kowé hukum bab sunat. Kuwi dudu tegesé hukum kuwi saka Musa, nanging saka para leluhuré. Mula kowé nyunat wong senajan ing dina Sabat. 23 Nèk wong éntuk disunat ing dina Sabat supaya Hukum Musa ora dilanggar, ngapa kok kowé nesu banget wektu aku marèkké wong nganti séhat tenan ing dina Sabat? 24 Aja ngadili wong manèh mung saka njabané waé, nanging kowé kudu ngadili kanthi adil.”
25 Banjur, sapérangan penduduk Yérusalèm mulai kandha, ”Wong iki kan sing arep dipatèni wong-wong mau, ta? 26 Nanging coba deloken, dhèwèké ngomong ing ngarepé wong akèh, lan wong-wong mau ora ngomong apa-apa marang dhèwèké. Aja-aja para pemimpiné awaké dhéwé wis padha ngerti tenan nèk dhèwèké kuwi Kristus. 27 Nanging, awaké dhéwé kan ngerti wong iki asalé saka ngendi. Padahal, nèk Kristus teka, ora ana sing ngerti saka ngendi asalé.” 28 Banjur wektu mulang ing bait, Yésus ngomong nganggo swara seru, ”Kowé ngerti aku sapa lan asalku saka ngendi. Aku teka ora merga karepku dhéwé. Panjenengané sing ngutus aku kuwi bener-bener ana, nanging kowé ora kenal karo Panjenengané. 29 Aku kenal karo Panjenengané, merga aku wakilé Panjenengané, lan Panjenengané sing ngutus aku.” 30 Mula wong-wong mau mulai ngupaya nangkep Yésus nanging ora ana sing isa, merga pancèn durung wektuné. 31 Senajan ngono, akèh wong saka kumpulan wong-wong kuwi sing nduwé iman marang Yésus. Wong-wong kuwi kandha, ”Kristus bakal nduduhké akèh mukjijat wektu dhèwèké teka. Kuwi sing wis ditindakké wong iki, ta?”
32 Wong-wong Farisi krungu akèh wong bisik-bisik bab Yésus, lan para imam kepala uga wong-wong Farisi ngongkon petugas supaya nangkep dhèwèké. 33 Yésus banjur kandha, ”Wektuku bareng karo kowé mung kari sedhéla, sakdurungé aku lunga marang Panjenengané sing ngutus aku. 34 Kowé bakal nggolèki aku, nanging kowé ora bakal nemokké aku, lan ing panggonan sing arep tak enggoni, kowé ora bakal isa marani aku.” 35 Mula, wong-wong Yahudi padha rembugan dhéwé, ”Wong iki sakjané arep lunga menyang ngendi, kok nganti awaké dhéwé ora isa nemokké dhèwèké? Apa dhèwèké arep lunga menyang panggonané wong-wong Yahudi sing urip ing antarané wong-wong Yunani, banjur mulang wong-wong Yunani kuwi? 36 Apa maksudé wektu dhèwèké kandha, ’Kowé bakal nggolèki aku, nanging kowé ora bakal nemokké aku, lan ing panggonan sing arep tak enggoni, kowé ora bakal isa marani aku’?”
37 Ing dina pungkasan, yaiku dina sing paling penting ing riyaya kuwi, Yésus ngadeg lan kandha nganggo swara seru, ”Nèk ana sing ngelak, maraa marang aku, lan bakal tak wènèhi ngombé. 38 Sapa waé sing nduwé iman marang aku kuwi kaya sing dikandhakké ing ayat iki, ’Saka njero atiné, banyu sing mènèhi urip bakal mili kanthi lubèr.’” 39 Sakjané, Yésus lagi ngomong bab roh suci, sing bakal ditampa karo wong-wong sing nduwé iman marang dhèwèké. Wektu kuwi, roh suci durung diwènèhké merga Yésus durung dimulyakké. 40 Ana wong-wong sing krungu omongan kuwi, banjur padha kandha, ”Dhèwèké mesthi Nabi sing diramalké kuwi.” 41 Sing liyané kandha, ”Dhèwèké kuwi Kristus.” Nanging sing liyané manèh kandha, ”Kristus kan ora teka saka Galiléa, ta? 42 Kitab Suci waé kandha nèk Kristus kuwi keturunané Daud lan asalé saka Bètléhèm, yaiku désa asalé Daud.” 43 Dadi, wong-wong kuwi nduwé pendapat sing béda-béda bab Yésus. 44 Ana wong-wong sing péngin nangkep Yésus, nanging ora ana sing isa.
45 Para petugas banjur padha bali marang para imam kepala lan wong-wong Farisi. Wong-wong kuwi takon marang para petugas mau, ”Ngapa wongé ora kok gawa mréné?” 46 Para petugas kuwi njawab, ”Ora ana wong siji-sijia sing omongané kaya Yésus.” 47 Banjur wong-wong Farisi kandha, ”Apa kowé ya wis padha disesatké wong kuwi? 48 Ora ana pemimpin utawa wong Farisi sing nduwé iman marang dhèwèké, ta? 49 Nanging wong akèh ing kéné iki, sing ora ngerti hukum Taurat, kuwi wong-wong sing kena kutuk.” 50 Banjur Nikodémus, yaiku salah siji saka antarané wong-wong kuwi, sing ndhisik tau marani Yésus, kandha, 51 ”Nèk miturut hukum Taurat, awaké dhéwé kan ora ngadili wong sakdurungé ngrungokké dhisik wong kuwi lan ngerti apa sing ditindakké wong kuwi, ta?” 52 Wong-wong kuwi njawab, ”Kowé kan dudu wong Galiléa, ta? Tlitinen Kitab Suci, lan kowé bakal ngerti nèk ora bakal ana nabi sing teka saka Galiléa.”*
8 12 Yésus kandha manèh marang wong-wong kuwi, ”Aku iki pepadhangé donya. Sapa waé sing dadi pengikutku ora bakal mlaku ing pepeteng, nanging bakal nduwèni pepadhangé urip.” 13 Wong-wong Farisi kandha marang Yésus, ”Kowé mènèhi kesaksian bab awakmu dhéwé. Kesaksianmu kuwi ora bener.” 14 Yésus njawab, ”Senajan aku mènèhi kesaksian bab awakku dhéwé, kesaksianku kuwi bener, merga aku ngerti asalku saka ngendi lan aku arep lunga menyang ngendi. Nanging kowé ora ngerti asalku saka ngendi lan aku arep lunga menyang ngendi. 15 Kowé ngadili miturut pikirané manungsa, nanging aku ora ngadili sapa-sapa. 16 Lan senajan aku ngadili, aku nindakké kuwi nganggo cara sing bener, merga aku ora dhèwèkan, nanging Bapak sing ngutus aku ana bareng karo aku. 17 Apa manèh, hukum Taurat uga kandha, ’Nèk ana wong loro sing mènèhi kesaksian, kesaksian kuwi bener.’ 18 Aku mènèhi kesaksian bab awakku dhéwé, lan Bapak sing ngutus aku uga mènèhi kesaksian bab aku.” 19 Banjur wong-wong kuwi kandha, ”Bapakmu ing ngendi?” Yésus njawab, ”Kowé ora kenal aku utawa Bapakku. Nèk kowé kenal aku, kowé ya mesthi kenal Bapakku.” 20 Yésus ngomongké bab-bab kuwi ing cedhak kothak sumbangan wektu mulang ing bait. Nanging ora ana wong siji-sijia sing nangkep dhèwèké, merga pancèn durung wektuné.
21 Yésus neruské omongané marang wong-wong kuwi, ”Aku arep lunga, lan kowé bakal nggolèki aku, nanging kowé bakal mati nggawa dosamu. Ing panggonan sing arep tak parani, kowé ora bakal isa mrana.” 22 Banjur wong-wong Yahudi mulai kandha, ”Apa dhèwèké arep bunuh dhiri, kok dhèwèké kandha, ’Ing panggonan sing arep tak parani, kowé ora bakal isa mrana’?” 23 Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Asalmu saka ngisor, aku saka ndhuwur. Kowé saka donya iki, nanging aku ora saka donya iki. 24 Kuwi sebabé aku kandha marang kowé: Kowé bakal mati nggawa dosa-dosamu. Merga kowé ora percaya nèk aku iki wong sing bakal teka, kowé bakal mati nggawa dosa-dosamu.” 25 Mula wong-wong kuwi takon marang Yésus, ”Kowé kuwi sapa?” Yésus njawab, ”Kanggo apa manèh aku omongan karo kowé? 26 Ana akèh perkara sing kudu tak omongké bab kowé lan akèh perkara sing kudu tak adili. Saktenané, Panjenengané sing ngutus aku kuwi bener, lan bab-bab sing tak rungokké saka Panjenengané, yakuwi sing tak omongké ing donya iki.” 27 Wong-wong kuwi ora paham nèk Yésus lagi ngomongké bab Bapak. 28 Yésus banjur kandha, ”Sakwisé kowé ngangkat Putrané manungsa, kowé bakal ngerti nèk aku iki wongé, lan nèk aku ora nindakké apa-apa manut karepku dhéwé. Nanging, aku ngomongké apa sing diwulangké Bapak marang aku. 29 Panjenengané sing ngutus aku ana bareng karo aku. Panjenengané ora ninggalké aku dhèwèkan, merga aku mesthi nindakké perkara-perkara sing nyenengké Panjenengané.” 30 Wektu Yésus ngomongké bab-bab iki, akèh wong sing dadi nduwé iman marang dhèwèké.
31 Yésus banjur kandha marang wong-wong Yahudi sing wis percaya marang dhèwèké, ”Nèk kowé terus percaya marang omonganku, kowé bener-bener muridku, 32 lan kowé bakal ngerti apa sing bener, lan apa sing bener kuwi bakal mbébaské kowé.” 33 Wong-wong kuwi njawab, ”Aku kabèh iki keturunané Abraham lan ora tau dadi budhaké sapa-sapa. Kok isa kowé ngomong nèk aku kabèh bakal bébas?” 34 Yésus njawab, ”Saktenané aku kandha marang kowé, saben wong sing nindakké dosa kuwi budhaké dosa. 35 Sakliyané kuwi, budhak ora manggon saklawasé ing omahé juragané, nanging anaké juragané sing tetep manggon ing kono saklawasé. 36 Dadi nèk Putra mbébaské kowé, kowé bakal bener-bener bébas. 37 Aku ngerti nèk kowé keturunané Abraham. Nanging kowé péngin matèni aku, merga kowé ora nampa omonganku. 38 Aku ngomongké perkara-perkara sing tak delok wektu aku bareng karo Bapakku, nanging kowé nindakké perkara-perkara sing kok rungokké saka bapakmu.” 39 Wong-wong kuwi njawab, ”Bapakku kuwi Abraham.” Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Nèk kowé anak-anaké Abraham, kowé bakal nindakké apa sing ditindakké Abraham. 40 Aku wis ngandhani kowé apa sing bener sing tak rungokké saka Gusti Allah, nanging kowé malah arep matèni aku. Abraham ora tau nindakké sing kaya ngono. 41 Kowé nindakké apa sing ditindakké bapakmu.” Wong-wong kuwi njawab, ”Aku kabèh dudu anak sing lair merga hubungan sèks sing ora sah.* Bapakku mung siji, yaiku Gusti Allah.”
42 Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Nèk Gusti Allah kuwi Bapakmu, kowé bakal nresnani aku. Aku ana ing kéné merga diutus Gusti Allah. Aku teka ora merga karepku dhéwé, nanging merga Panjenengané sing ngutus aku. 43 Kowé ora paham apa sing tak omongké iki merga kowé ora gelem nampa omonganku. 44 Bapakmu kuwi Iblis, lan kowé péngin nindakké karepé bapakmu. Dhèwèké kuwi tukang matèni wiwit dhèwèké mulai mbrontak, lan dhèwèké nyimpang saka apa sing bener, merga apa sing bener ora ana ing njero atiné. Nèk dhèwèké ngapusi, kuwi pancèn wataké, merga dhèwèké tukang ngapusi lan bapaké wong-wong sing seneng ngapusi. 45 Nanging, aku ngandhani kowé apa sing bener, lan merga kuwi kowé ora percaya karo aku. 46 Sapa ing antaramu sing isa mbuktèkké nèk aku tumindak dosa? Nèk aku ngomongké apa sing bener, ngapa kowé ora percaya marang aku? 47 Anak-anaké Gusti Allah ngrungokké pangandikané Gusti Allah. Nanging kowé ora ngrungokké, merga kowé dudu anak-anaké Gusti Allah.”
48 Wong-wong Yahudi njawab, ”Pancèn bener omonganku, ’Kowé kuwi wong Samaria lan kesurupan roh jahat.’” 49 Yésus njawab, ”Aku ora kesurupan. Aku ngajèni Bapakku, nanging kowé ora ngajèni aku. 50 Aku ora nggolèk kamulyan kanggo awakku dhéwé. Nanging, ana sing péngin supaya aku dimulyakké, lan Panjenengané kuwi hakimé. 51 Saktenané aku kandha marang kowé, sapa waé sing manut marang omonganku, wong kuwi ora bakal mati.” 52 Wong-wong Yahudi kuwi kandha marang Yésus, ”Saiki aku ngerti nèk kowé kuwi kesurupan tenan. Abraham wis mati, semono uga para nabi, nanging kowé kandha, ’Sapa waé sing manut marang omonganku, wong kuwi ora bakal mati.’ 53 Kowé kan ora ngungkuli bapakku Abraham, sing wis mati, ta? Para nabi uga wis mati. Rumangsamu kowé kuwi sapa?” 54 Yésus njawab, ”Nèk aku mulyakké awakku dhéwé, kamulyanku kuwi ora ana gunané. Bapakku, yaiku sing kok sebut Gusti Allahmu, kuwi sing mulyakké aku. 55 Kowé ora kenal Panjenengané, nanging aku kenal Panjenengané. Lan nèk aku kandha ora kenal Panjenengané, aku bakal dadi tukang ngapusi kaya kowé. Aku pancèn kenal Panjenengané, lan manut marang pangandikané. 56 Bapakmu Abraham seneng banget merga nduwé pangarep-arep isa ndelok wektu aku teka. Dhèwèké mbayangké* kuwi, lan kuwi nggawé dhèwèké bungah.” 57 Wong-wong Yahudi kandha marang Yésus, ”Umurmu durung nganti 50, nanging kowé wis tau ndelok Abraham?” 58 Yésus kandha, ”Saktenané aku kandha marang kowé, sakdurungé Abraham lair, aku wis ana.” 59 Mula wong-wong kuwi njupuk watu kanggo mbandhemi Yésus, nanging Yésus ndhelik lan metu saka bait.
9 Wektu lagi mlaku, Yésus ndelok ana wong lanang sing wuta wiwit lair. 2 Banjur murid-muridé takon, ”Rabi, sapa sing dosa, wong iki apa wong tuwané, kok nganti dhèwèké wuta wiwit lair?” 3 Yésus njawab, ”Dudu merga dosané wong iki utawa dosané wong tuwané, nanging iki kelakon supaya wong-wong isa weruh kuwasané* Gusti Allah liwat wong kuwi. 4 Awaké dhéwé kudu nindakké gawéané Panjenengané sing ngutus aku mumpung isih awan, merga nèk wis bengi, ora ana wong sing isa nyambut gawé. 5 Saksuwéné aku isih ana ing donya iki, aku iki pepadhangé donya.” 6 Sakwisé ngomongké kuwi, Yésus ngidu ing lemah lan nyampurké iduné karo lemah, banjur dilèlètké ing mripaté wong lanang wuta mau, 7 terus ngongkon wong lanang kuwi, ”Lungaa lan raupa ing kolam Siloam” (nèk diterjemahké tegesé ”Diutus”). Wong lanang kuwi banjur lunga lan raup ing kana. Lan wektu bali, dhèwèké wis isa ndelok.
8 Banjur tangga-tangga lan wong-wong sing biasané weruh dhèwèké ngemis padha kandha, ”Wong iki kan sing biasané lungguh lan ngemis kaé, ta?” 9 Ana sing ngomong, ”Iya, kuwi wongé.” Sing liyané kandha, ”Dudu, mung mirip waé.” Wong lanang kuwi terus-terusan kandha, ”Iya, aku pancèn wongé.” 10 Mula wong-wong kuwi takon, ”Terus, kok mripatmu saiki isa ndelok?” 11 Wong lanang kuwi njawab, ”Wong sing jenengé Yésus nggawé campuran lan nglèlètké kuwi ing mripatku, terus ngongkon aku, ’Lungaa lan raupa ing kolam Siloam.’ Mula aku lunga lan raup, terus aku isa ndelok.” 12 Wong-wong kuwi takon manèh, ”Terus wongé ing ngendi?” Wong lanang kuwi njawab, ”Aku ora ngerti.”
13 Wong-wong nggawa wong lanang sing mauné wuta kuwi marang wong-wong Farisi. 14 Ndilalah, dina wektu Yésus nggawé campuran kuwi lan marèkké* wong wuta mau ngepasi dina Sabat. 15 Mula wong-wong Farisi banjur nakoni wong lanang mau piyé carané dhèwèké isa ndelok. Wong lanang mau kandha, ”Dhèwèké nglèlètké campuran ing mripatku, banjur aku raup, lan aku isa ndelok.” 16 Ana wong-wong Farisi sing mulai kandha, ”Wong iki dudu utusané Gusti Allah, merga dhèwèké ora nindakké Sabat.” Sing liyané kandha, ”Apa ya mungkin wong dosa isa nggawé mukjijat* kaya ngono?” Mula, ana pendapat sing béda-béda ing antarané wong-wong kuwi. 17 Wong-wong kuwi banjur takon manèh marang wong lanang wuta mau, ”Mripatmu kan wis dimarèkké* dhèwèké, dadi miturutmu, wong kuwi sapa?” Wong lanang kuwi njawab, ”Dhèwèké kuwi nabi.”
18 Nanging, wong-wong Yahudi ora percaya nèk wong lanang kuwi mauné wuta lan saiki isa ndelok, nganti wong-wong kuwi nyeluk wong tuwané wong lanang mau. 19 Wong-wong kuwi banjur takon marang wong tuwané wong wuta mau, ”Apa iki anakmu sing jarému wuta wiwit lair? Terus, saiki dhèwèké kok isa ndelok?” 20 Wong tuwané njawab, ”Iki pancèn anakku, lan dhèwèké pancèn wuta wiwit lair. 21 Nanging bab piyé dhèwèké saiki isa ndelok, aku ora ngerti. Utawa sapa sing marèkké* dhèwèké, aku ya ora ngerti. Takona dhéwé. Dhèwèké kan wis gedhé, isa njawab dhéwé.” 22 Wong tuwané ngomong kaya ngono kuwi merga wedi karo wong-wong Yahudi. Wong-wong Yahudi wis padha setuju nèk ana wong sing ngakoni Yésus kuwi Kristus, wong kuwi kudu diusir saka sinagogé.* 23 Kuwi sebabé wong tuwané kandha, ”Dhèwèké kan wis gedhé. Takona dhéwé.”
24 Mula, kanggo kaping pindhoné wong-wong mau nyeluk wong lanang sing mauné wuta kuwi, lan kandha marang dhèwèké, ”Luhurna Gusti Allah kanthi ngomong sing saktenané. Aku kabèh ngerti nèk dhèwèké kuwi wong dosa.” 25 Wong lanang kuwi njawab, ”Embuh dhèwèké kuwi wong dosa apa ora, aku ora ngerti. Sakngertiku, mauné aku wuta nanging saiki aku isa ndelok.” 26 Wong-wong kuwi takon manèh, ”Kowé dikapakké karo wong kuwi? Piyé carané dhèwèké marèkké kowé?”* 27 Wong lanang kuwi njawab, ”Aku kan wis ngandhani kowé, nanging kowé ora gelem ngrungokké. Ngapa kok kowé péngin krungu manèh? Apa kowé ya péngin dadi muridé?” 28 Wong-wong kuwi ngrèmèhké lan kandha, ”Kowé kuwi muridé, nanging aku kabèh muridé Musa. 29 Aku kabèh ngerti nèk Gusti Allah ngendika marang Musa, nanging bab wong kuwi, aku kabèh ora ngerti asalé saka ngendi.” 30 Wong lanang kuwi njawab, ”Kok anèh tenan nèk kowé ora ngerti asalé saka ngendi, padahal dhèwèké wis marèkké aku.* 31 Awaké dhéwé kan ngerti nèk Gusti Allah ora mirengké wong dosa, nanging Gusti Allah mirengké wong-wong sing wedi marang Panjenengané lan nindakké kersané. 32 Wiwit jaman mbiyèn, awaké dhéwé ora tau krungu ana wong sing isa marèkké wong wuta wiwit lair. 33 Nèk wong iki dudu utusané Gusti Allah, dhèwèké ora bakal isa nindakké apa-apa.” 34 Wong-wong kuwi banjur kandha, ”Kowé kuwi wong sing kebak dosa wiwit lair, lan saiki kowé arep mulang aku?” Wong-wong kuwi banjur ngusir wong lanang kuwi menyang njaba.
35 Yésus krungu nèk wong-wong ngusir wong lanang mau menyang njaba, lan wektu ketemu dhèwèké, Yésus kandha, ”Apa kowé nduwé iman marang Putrané manungsa?” 36 Wong lanang kuwi takon, ”Dhèwèké kuwi sapa, Pak? Kandhanana aku supaya aku isa nduwé iman marang dhèwèké.” 37 Yésus njawab, ”Kowé wis ndelok dhèwèké. Malah, dhèwèké lagi omongan karo kowé.” 38 Wong lanang kuwi kandha, ”Aku nduwé iman marang dhèwèké, Gusti.” Banjur wong lanang kuwi sujud ing ngarepé Yésus. 39 Yésus terus kandha, ”Aku teka menyang donya supaya donya iki isa diadili. Mula wong-wong wuta isa ndelok, lan wong-wong sing isa ndelok dadi wuta.” 40 Wong-wong Farisi sing ana ing kono krungu Yésus ngomongké kuwi, banjur padha takon, ”Dadi maksudmu, aku kabèh ya wuta?” 41 Yésus njawab, ”Nèk kowé wuta, kowé ora dosa. Nanging merga kowé kandha, ’Aku isa ndelok,’ mula dosamu ora bakal diapura.”
10 ”Saktenané aku kandha marang kowé, wong sing mlebu kandhang wedhus ora liwat lawang, nanging mènèk témbok, wong kuwi maling lan rampok. 2 Nanging wong sing mlebu liwat lawang, wong kuwi pangoné wedhus-wedhus kuwi. 3 Sing njaga lawang mbukakké lawang kanggo wong kuwi, lan wedhus-wedhusé ngrungokké swarané. Pangon kuwi nyeluk wedhusé manut jenengé dhéwé-dhéwé lan nggiring wedhus-wedhus kuwi metu. 4 Sakwisé nggiring wedhus-wedhusé metu, dhèwèké mlaku ing ngarepé wedhus-wedhusé, lan wedhus-wedhusé ngetutké dhèwèké merga padha kenal swarané. 5 Wedhus-wedhus kuwi ora bakal ngetutké wong sing ora dikenal, nanging bakal mlayu saka wong kuwi, merga wedhus-wedhus kuwi ora kenal swarané wong kuwi.” 6 Yésus ngomongké umpama iki, nanging wong-wong Yahudi ora paham karo maksud omongané Yésus.
7 Yésus kandha manèh, ”Saktenané aku kandha marang kowé, aku iki lawang kanggo wedhus-wedhus gèmbèl. 8 Kabèh wong sing teka lan éthok-éthok dadi aku, wong kuwi maling lan rampok. Nanging, wedhus-wedhus kuwi ora ngrungokké wong-wong mau. 9 Aku iki lawangé. Sapa waé sing mlebu liwat aku bakal dislametké. Dhèwèké bakal mlebu lan metu lan nemokké panggonan sing akèh suketé. 10 Maling teka mung kanggo nyolong, matèni, lan nyirnakké. Aku teka supaya wedhus-wedhus gèmbèl isa nampa urip nganti saklawasé. 11 Aku iki pangon sing apik. Pangon sing apik masrahké nyawané* kanggo wedhus-wedhusé. 12 Wektu buruh opahan, yaiku wong sing dudu pangon utawa sing nduwé wedhus-wedhus kuwi, ndelok ana serigala teka, dhèwèké mlayu ninggalké wedhus-wedhus kuwi. Banjur serigala kuwi nyerang lan nggawé wedhus-wedhus kuwi kocar-kacir. 13 Buruh opahan kuwi mlayu merga dhèwèké nyambut gawé mung supaya éntuk opah lan ora perduli marang wedhus-wedhus kuwi. 14 Aku iki pangon sing apik. Aku kenal wedhus-wedhusku, lan wedhus-wedhusku kenal aku, 15 kaya Bapak kenal aku lan aku kenal Bapak. Aku masrahké nyawaku* kanggo wedhus-wedhusku.
16 ”Lan aku nduwé wedhus-wedhus liya, sing dudu saka kandhang iki. Wedhus-wedhus kuwi uga kudu tak gawa mlebu, lan bakal padha ngrungokké swaraku. Kabèh wedhus-wedhus kuwi bakal dadi sakelompok, lan pangoné mung siji. 17 Bapak nresnani aku merga aku masrahké nyawaku,* supaya aku isa nampa nyawaku manèh. 18 Ora ana wong sing njupuk kuwi saka aku, nanging aku masrahké kuwi merga karepku dhéwé. Aku nduwé wewenang kanggo masrahké kuwi lan aku nduwé wewenang kanggo nampa kuwi manèh. Préntah kanggo nindakké kuwi tak tampa saka Bapakku.”
19 Sepisan manèh, ana pendapat sing béda-béda ing antarané wong-wong Yahudi merga omongané Yésus kuwi. 20 Akèh sing ngomong, ”Dhèwèké kesurupan lan édan. Kanggo apa ngrungokké dhèwèké?” 21 Sing liyané kandha, ”Wong sing kesurupan ora mungkin isa ngomong kaya ngono. Roh jahat ora mungkin isa marèkké* wong wuta, ta?”
22 Wektu kuwi, ing Yérusalèm lagi ana Riyaya Penahbisan. Pas kuwi uga musim dingin, 23 lan Yésus lagi mlaku ing bait, ing Serambi Salomo. 24 Banjur wong-wong Yahudi padha nglumpuk ing sakiwa-tengené Yésus lan padha takon, ”Nganti kapan kowé nggawé aku kabèh penasaran? Nèk kowé Kristus, ngomonga terus terang.” 25 Yésus njawab, ”Aku wis ngandhani kowé, nanging kowé ora percaya. Gawéan sing tak tindakké nganggo asmané Bapakku, kuwi sing mènèhi kesaksian bab aku. 26 Nanging kowé ora percaya, merga kowé dudu wedhus-wedhusku. 27 Wedhus-wedhusku ngrungokké swaraku, lan aku kenal wedhus-wedhusku, lan wedhus-wedhusku ngetutké aku. 28 Aku bakal mènèhi wedhus-wedhusku urip saklawasé, lan wedhus-wedhusku ora bakal disirnakké. Ora ana siji-sijia sing bakal ngrebut wedhus-wedhusku saka tanganku. 29 Apa sing diparingké Bapakku marang aku kuwi luwih aji ketimbang liya-liyané, lan ora ana siji-sijia sing isa ngrebut kuwi saka tangané Bapak. 30 Aku lan Bapak kuwi siji.”*
31 Sepisan manèh, wong-wong Yahudi njupuk watu kanggo mbandhemi Yésus. 32 Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Aku nduduhké marang kowé akèh gawéan sing apik saka Bapak. Gawéan endi sing marahi kowé péngin mbandhemi aku?” 33 Wong-wong Yahudi njawab, ”Aku kabèh mbandhemi kowé ora merga gawéan sing apik, nanging merga kowé ngrèmèhké Gusti Allah. Kowé kuwi manungsa, nanging kowé ndadèkké awakmu sawijiné allah.” 34 Yésus njawab, ”Ing Tauratmu, kan ana tulisan kaya ngéné, ’Aku ngendika, ”Kowé kabèh kuwi allah-allah,”’* 35 lan awaké dhéwé uga ngerti nèk apa sing ditulis ing kitab suci kuwi ora isa diowahi. Nèk wong-wong sing dikutuk karo pangandikané Gusti Allah waé disebut ’allah-allah’, 36 ngapa kowé ngarani aku, ’Kowé ngrèmèhké Gusti Allah’, mung merga aku kandha, ’Aku iki anaké Gusti Allah’, padahal aku disucèkké lan diutus Bapak menyang donya? 37 Nèk aku ora nindakké gawéan saka Bapakku, aja percaya karo aku. 38 Nanging nèk aku nindakké kuwi, percayaa marang gawéan sing tak tindakké senajan kowé ora percaya karo aku, supaya kowé isa ngerti lan saya ngerti nèk Bapak nyawiji karo aku lan aku nyawiji karo Bapak.” 39 Mula wong-wong kuwi saya ngupaya nangkep Yésus, nanging Yésus isa mlayu saka kono.
40 Yésus banjur lunga manèh nyabrang Kali Yordan menyang panggonané Yohanes mbiyèn mbaptis wong-wong, lan Yésus manggon ing kono. 41 Banjur akèh wong marani Yésus lan padha kandha, ”Yohanes ora nggawé mukjijat* siji-sijia, nanging kabèh sing diomongké Yohanes bab wong iki, kuwi bener.” 42 Mula akèh wong padha nduwé iman marang Yésus ing kana.
11 Ana wong lanang jenengé Lazarus lagi lara. Dhèwèké saka Bétani. Maria lan seduluré wadon, yaiku Marta, manggon ing désa kuwi. 2 Maria iki wong wadon sing mbiyèn tau ngesokké lenga wangi ing sikilé Gusti, banjur ngusapi nganggo rambuté. Lan Lazarus sing lara mau, kuwi seduluré. 3 Mula, sedulur-sedulur wadoné Lazarus ngongkon wong kanggo ngabari Yésus, ”Gusti, sahabat sing panjenengan tresnani saiki lagi lara.” 4 Wektu krungu kuwi, Yésus kandha, ”Tujuané penyakit kuwi ora nggawé mati, nanging kanggo kamulyané Gusti Allah, supaya Putrané Gusti Allah dimulyakké nganggo cara kuwi.”
5 Yésus nresnani Marta, Maria, lan Lazarus. 6 Nanging, wektu krungu nèk Lazarus lara, Yésus tetep manggon rong dina manèh ing panggonané. 7 Banjur Yésus kandha marang murid-muridé, ”Ayo awaké dhéwé lunga manèh menyang Yudéa.” 8 Murid-muridé kandha, ”Rabi, lagi waé wong-wong Yudéa ngupaya mbandhemi panjenengan, lan saiki panjenengan arep mrana manèh?” 9 Yésus njawab, ”Wayah awan kuwi suwéné 12 jam, ta? Nèk ana wong sing mlaku pas wayah awan, dhèwèké ora bakal kesandhung merga dhèwèké ndelok pepadhangé donya iki. 10 Nanging nèk ana wong sing mlaku pas wayah wengi, dhèwèké bakal kesandhung merga ora ana pepadhang ing awaké.”
11 Sakwisé ngomongké bab kuwi, Yésus ngomong manèh, ”Lazarus, sahabat kita wis turu, nanging aku mrana kanggo nggugah dhèwèké.” 12 Murid-muridé banjur kandha, ”Gusti, nèk dhèwèké turu, dhèwèké bakal séhat.” 13 Sakjané, maksudé Yésus yaiku Lazarus wis mati. Nanging murid-muridé mikir nèk maksudé Yésus yaiku Lazarus lagi turu kanggo istirahat. 14 Banjur Yésus terus terang ngandhani murid-muridé, ”Lazarus wis mati. 15 Kanggo kepentinganmu, aku seneng wektu kuwi aku ora ana ing kana, merga apa sing bakal tak tindakké isa nguwatké imanmu. Ayo saiki awaké dhéwé mrana.” 16 Mula Tomas, sing disebut Kembar kandha marang murid-murid liyané, ”Ayo awaké dhéwé lunga sisan, supaya isa mati bareng Yésus.”
17 Wektu Yésus tekan kana, Yésus ngerti nèk Lazarus wis patang dina dikubur. 18 Bétani kuwi cedhak karo Yérusalèm, adohé kira-kira telung kilomèter.* 19 Lan akèh wong-wong Yahudi padha mara kanggo nglipur Marta lan Maria sing bar kélangan seduluré. 20 Wektu Marta krungu nèk Yésus teka, dhèwèké lunga nemoni Yésus. Nanging Maria tetep ing omah. 21 Marta kandha marang Yésus, ”Gusti, nèk panjenengan ana ing kéné, sedulurku mesthi ora bakal mati. 22 Nanging senajan ngono, aku tetep percaya nèk apa waé sing panjenengan suwun marang Gusti Allah, Gusti Allah bakal maringi.” 23 Yésus kandha, ”Sedulurmu bakal urip manèh.” 24 Marta njawab, ”Aku ngerti nèk dhèwèké bakal urip wektu wong mati diuripké manèh ing dina pungkasan.” 25 Yésus kandha marang Marta, ”Aku iki sing nguripké manèh lan sing marahi urip. Sapa waé sing nduduhké iman marang aku, senajan dhèwèké mati, dhèwèké bakal urip manèh. 26 Lan saben wong sing urip lan nduduhké iman marang aku ora bakal mati. Apa kowé percaya bab iki?” 27 Marta njawab, ”Iya, Gusti, aku percaya nèk panjenengan kuwi Kristus, Putrané Gusti Allah, sing teka ing donya.” 28 Sakwisé ngomongké kuwi, Marta banjur lunga lan nyeluk Maria seduluré. Marta mbisiki Maria, ”Guru wis teka lan dhèwèké nyeluk kowé.” 29 Wektu krungu kuwi, Maria langsung ngadeg lan nemoni Yésus.
30 Yésus durung tekan ing désa kuwi, nanging isih ana ing panggonan wektu Marta nemoni dhèwèké. 31 Wektu wong-wong Yahudi sing lagi nglipur Maria ing omahé weruh nèk Maria cepet-cepet ngadeg lan metu, wong-wong kuwi ngetutké Maria, merga ngira nèk Maria arep lunga menyang kuburan lan nangis ing kana. 32 Wektu Maria tekan ing panggonané Yésus mau lan ndelok Yésus, Maria banjur sujud ing sikilé Yésus lan kandha, ”Gusti, nèk panjenengan ana ing kéné, sedulurku mesthi ora bakal mati.” 33 Yésus weruh Maria nangis lan wong-wong Yahudi sing teka bareng Maria ya nangis, mula atiné Yésus dadi sedhih banget lan ngrasa susah. 34 Yésus takon, ”Dhèwèké kok papanké ing ngendi?” Wong-wong kuwi njawab, ”Ayo Gusti, ndelok mrana.” 35 Yésus nètèské luh. 36 Wong-wong Yahudi kuwi padha kandha, ”Deloken, dhèwèké tresna banget marang Lazarus.” 37 Nanging ing antarané wong-wong kuwi ana sing kandha, ”Dhèwèké kan isa marèkké* wong wuta, mosok ora isa nyegah bèn Lazarus ora mati?”
38 Sepisan manèh, atiné Yésus dadi sedhih banget, banjur lunga menyang kuburan kuwi. Sakjané, kuburan kuwi guwa sing ditutup nganggo watu gedhé. 39 Yésus kandha, ”Watuné singkirna.” Marta, seduluré wong sing mati mau kandha, ”Gusti, dhèwèké mesthi wis mambu, merga wis mati patang dina.” 40 Yésus kandha, ”Aku kan wis ngomong karo kowé, nèk kowé percaya, kowé bakal ndelok kamulyané Gusti Allah.” 41 Wong-wong kuwi banjur nyingkirké watuné. Terus Yésus ndhangak ndelok langit lan kandha, ”Bapak, aku matur nuwun merga Panjenengan wis mirengké aku. 42 Aku ngerti nèk Panjenengan mesthi mirengké aku. Nanging aku ngomong iki kanggo wong akèh ing sakiwa-tengenku, supaya wong-wong iki percaya nèk Panjenengan sing ngutus aku.” 43 Sakwisé ngomong kuwi, Yésus banjur mbengok, ”Lazarus, metua!” 44 Wong sing wis mati kuwi banjur metu. Sikil lan tangané isih keblebed kain, lan rainé uga keblebed kain. Yésus banjur kandha marang wong-wong kuwi, ”Uculana blebedé lan ejarna dhèwèké lunga.”
45 Mula, akèh wong Yahudi sing marani Maria mau lan sing ndelok apa sing wis ditindakké Yésus, dadi padha nduwé iman marang Yésus. 46 Nanging saka antarané wong-wong kuwi, ana sing lunga marang wong Farisi lan nglaporké apa sing bar ditindakké Yésus. 47 Mula imam kepala lan wong-wong Farisi nglumpukké kabèh anggota Sanhèdrin* lan kandha, ”Apa sing kudu awaké dhéwé tindakké, merga wong iki wis nggawé akèh mukjijat?* 48 Nèk dhèwèké dijarké terus, kabèh wong bakal nduwé iman marang dhèwèké, lan wong-wong Romawi bakal teka lan ngrebut bait uga bangsa kita.” 49 Nanging salah siji wong saka antarané wong-wong mau, sing jenengé Kayafas, yaiku imam agung ing taun kuwi, kandha, ”Apa kowé kabèh padha ora ngerti? 50 Apa kowé uga ora sadhar nèk luwih becik wong siji mati kanggo kepentingané sak bangsa, ketimbang sak bangsa disirnakké?” 51 Sakjané, Kayafas ngomong kaya ngono ora saka pikirané dhéwé. Nanging merga dhèwèké imam agung ing taun kuwi, Gusti Allah nggunakké dhèwèké kanggo ngramalké nèk Yésus bakal mati kanggo bangsa kuwi, 52 lan ora mung kanggo bangsa kuwi, nanging uga kanggo ngumpulké anak-anaké Gusti Allah sing mencar ing ngendi-endi. 53 Mula wiwit dina kuwi, wong-wong mau sepakat kanggo matèni Yésus.
54 Mulané, Yésus ora ngétok manèh ing ngarepé wong-wong Yahudi, nanging dhèwèké lunga saka kono menyang dhaérah ing cedhak padhang belantara, ing kutha sing disebut Éfraim, lan manggon ing kana bareng karo murid-muridé. 55 Riyaya Paskah wong Yahudi wis cedhak, lan akèh wong saka désa-désa padha lunga menyang Yérusalèm sakdurungé Paskah, kanggo upacara nyucèkké badan miturut hukum Taurat. 56 Wong-wong kuwi padha nggolèki Yésus, lan ngomong marang siji lan sijiné, karo ngadeg ing bait, ”Miturutmu piyé? Apa dhèwèké bener-bener ora bakal teka ing riyaya iki?” 57 Nanging para imam kepala lan wong-wong Farisi wis mréntahké supaya saben wong sing ngerti Yésus ing ngendi, wong kuwi kudu nglaporké marang para imam kepala uga wong-wong Farisi, supaya wong-wong kuwi isa nyekel Yésus.
12 Nem dina sakdurungé Riyaya Paskah, Yésus teka ing Bétani. Lazarus, yaiku wong sing wis diuripké Yésus saka antarané wong mati, manggon ing désa kuwi. 2 Banjur Yésus diundang maem ing wayah wengi ing kana. Marta ngladèni wong-wong kuwi, nanging Lazarus lan wong-wong liyané padha lungguh lan mèlu mangan bareng Yésus. 3 Maria banjur njupuk lenga wangi kira-kira setengah liter,* yaiku lenga narwastu* murni sing larang banget regané, banjur disokké ing sikilé Yésus lan ngusapi sikilé Yésus nganti garing nganggo rambuté. Sak omah ambuné dadi wangi kabèh merga lenga kuwi. 4 Nanging Yudas Iskariot, yaiku salah siji murid sing bakal ngianati Yésus, kandha, 5 ”Ngapa lenga wangi iki ora diedol waé 300 dinar,* terus dhuwité diwènèhké marang wong-wong miskin?” 6 Yudas ngomong kaya ngono ora merga dhèwèké mikirké wong-wong miskin, nanging merga dhèwèké kuwi maling. Dhèwèké sing ngurusi kothak dhuwit, lan seneng nyolong dhuwit saka kothak kuwi. 7 Yésus banjur kandha, ”Ejarna waé dhèwèké. Dhèwèké nindakké iki kanggo nyiapké dina penguburanku. 8 Merga wong miskin bakal terus ana karo kowé, nanging aku ora bakal terus ana karo kowé.”
9 Wektu kuwi, kumpulan wong Yahudi ngerti nèk Yésus ana ing kana. Mula wong-wong kuwi teka, ora mung kanggo ndelok Yésus, nanging uga kanggo ndelok Lazarus, yaiku wong sing wis diuripké Yésus saka antarané wong mati. 10 Saiki, para imam kepala uga péngin matèni Lazarus, 11 sebab ya merga Lazarus kuwi, akèh wong Yahudi padha mrana lan nduwé iman marang Yésus.
12 Ing dina sakbanjuré, akèh wong sing teka ing riyaya padha krungu nèk Yésus lagi ing perjalanan menyang Yérusalèm. 13 Mula wong-wong kuwi ngethok pang-pangé wit palem lan metu kanggo nemoni Yésus. Wong-wong kuwi padha mbengok, ”Paringana keslametan! Muga diberkahi wong sing teka nganggo asmané Yéhuwah. Muga diberkahi Rajané Israèl!” 14 Wektu nemokké keledai enom, Yésus banjur nunggang keledai kuwi, kaya tulisan sing kandha, 15 ”Aja wedi, anak wadoné Zion. Deloken! Rajamu teka, lan nunggang keledai enom.” 16 Mauné murid-murid ora paham, nanging wektu Yésus dimulyakké, murid-murid dadi kèlingan nèk apa sing ditindakké wong-wong kuwi persis kaya apa sing wis ditulis bab Yésus.
17 Wong-wong sing ana karo Yésus wektu Yésus nyeluk Lazarus metu saka kuburan lan nguripké dhèwèké saka antarané wong mati, padha terus mènèhi kesaksian. 18 Kuwi sebabé, akèh wong padha lunga nemoni Yésus, merga wong-wong kuwi krungu nèk Yésus wis nggawé mukjijat* kuwi. 19 Mula, wong-wong Farisi padha rembugan dhéwé, ”Deloken, upayané awaké dhéwé ora ana hasilé babar blas. Wong sak donya wis padha dadi pengikuté.”
20 Wektu kuwi, ing antarané akèh wong mau, ana wong-wong Yunani sing teka kanggo ngibadah ing riyaya kuwi. 21 Wong-wong kuwi nemoni Filipus sing asalé saka Bètsaida ing Galiléa, lan kandha, ”Pak, aku péngin ketemu Yésus.” 22 Filipus ngandhani Andréas, banjur Andréas lan Filipus mara lan ngandhani Yésus.
23 Nanging Yésus njawab, ”Wektuné wis teka kanggo Putrané manungsa dimulyakké. 24 Saktenané aku kandha, nèk wiji gandum siji ora tiba ing lemah lan ora mati, kuwi mung tetep wiji gandum siji. Nanging nèk mati, kuwi bakal ngasilké akèh woh. 25 Sapa waé sing nresnani nyawané,* bakal kélangan* nyawané. Nanging sapa sing lila kélangan* nyawané ing donya iki, bakal nglindhungi nyawané supaya isa urip saklawasé. 26 Nèk wong péngin nglayani aku, dhèwèké kudu ngetutké aku. Ing ngendi waé aku ana, pelayanku ya ana ing kono. Nèk wong péngin nglayani aku, Bapak bakal ngajèni dhèwèké. 27 Saiki aku* susah banget, lan apa sing kudu tak omongké? Bapak, slametna aku saka mangsa susah iki. Nanging, aku teka pancèn kanggo ngadhepi mangsa susah iki. 28 Bapak, luhurna asma Panjenengan.” Banjur ana swara saka langit, ”Aku wis ngluhurké kuwi lan bakal tak luhurké manèh.”
29 Wong akèh sing ngadeg ing kana krungu swara kuwi lan padha kandha nèk kuwi gludhug. Sing liyané kandha, ”Ana malaékat sing omongan karo dhèwèké.” 30 Yésus kandha, ”Swara kuwi dudu kanggo aku, nanging kanggo kowé kabèh. 31 Saiki, donya iki lagi diadili, lan panguwasa donya iki bakal diusir. 32 Nanging, nèk aku diangkat saka bumi, aku bakal narik kabèh wong marang aku.” 33 Sakjané Yésus ngomong kaya ngono kanggo nduduhké kaya apa matiné mengko. 34 Banjur wong akèh kuwi njawab, ”Aku kabèh krungu saka hukum Taurat nèk Kristus tetep ana saklawasé. Kok isa kowé ngomong Putrané manungsa kudu diangkat? Sapa Putrané manungsa kuwi?” 35 Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Mung kari sawetara wektu pepadhang ana ing antaramu. Mlakua mumpung kowé isih nduwé pepadhang kuwi, supaya pepeteng ora nguwasani kowé. Sapa waé sing mlaku ing pepeteng ora ngerti arep lunga menyang ngendi. 36 Mumpung kowé isih nduwé pepadhang kuwi, duduhna iman marang pepadhang kuwi, supaya kowé dadi anak-anaké pepadhang.”
Sakwisé ngomong kaya ngono, Yésus banjur lunga lan ndhelik saka wong-wong kuwi. 37 Senajan Yésus wis nggawé akèh mukjijat* ing ngarepé wong-wong kuwi, nanging wong-wong kuwi ora nduwé iman marang Yésus. 38 Nganggo cara kuwi, kelakon apa sing dikandhakké Nabi Yésaya, yaiku, ”Yéhuwah, sapa sing nduwé iman marang kabar sing tak wartakké? Lan marang sapa kuwasané* Yéhuwah diduduhké?” 39 Nabi Yésaya uga ngandhani alesané ngapa wong-wong kuwi ora isa percaya, yaiku, 40 ”Panjenengané wis nggawé mripaté wong-wong kuwi wuta lan atiné ketutup, supaya wong-wong kuwi ora isa ndelok nganggo mripaté lan paham nganggo atiné banjur mertobat lan Aku marèkké wong-wong kuwi.” 41 Yésaya ngomongké bab Kristus iki merga dhèwèké wis ndelok kamulyané. 42 Sakjané, akèh wong, klebu para pemimpin, nduwé iman marang Yésus, nanging padha ora wani ngakoni merga wong-wong Farisi. Wong-wong kuwi wedi diusir saka sinagogé.* 43 Wong-wong kuwi luwih seneng nampa kamulyan saka manungsa ketimbang kamulyan saka Gusti Allah.
44 Nanging Yésus kandha nganggo swara seru, ”Sapa waé sing nduwé iman marang aku, kuwi ora mung nduwé iman marang aku, nanging uga marang Panjenengané sing ngutus aku. 45 Sapa waé sing ndelok aku uga ndelok Panjenengané sing ngutus aku. 46 Aku teka ing donya iki dadi pepadhang, supaya saben wong sing nduwé iman marang aku ora tetep ana ing pepeteng. 47 Nanging nèk ana wong sing ngrungokké omonganku lan ora manut, aku ora ngadili dhèwèké, merga aku teka ora kanggo ngadili donya nanging kanggo nylametké donya. 48 Sapa waé sing nolak aku lan ora nampa omonganku bakal diadili. Omongan sing wis tak omongké kuwi sing bakal ngadili wong kuwi ing dina pungkasan. 49 Merga aku ora ngomong manut karepku dhéwé, nanging Bapak sing ngutus aku, maringi aku préntah bab apa sing kudu tak omongké lan tak wulangké. 50 Aku ngerti nèk préntahé ngasilké urip saklawasé. Mula, apa waé sing tak omongké kuwi persis kaya sing dingendikakké Bapak marang aku.”
13 Sakdurungé Riyaya Paskah, Yésus ngerti nèk wis wektuné kanggo dhèwèké ninggalké donya iki lan lunga marang Bapak. Yésus nresnani para pengikuté sing ana ing donya, lan Yésus terus nresnani wong-wong kuwi nganti pungkasan. 2 Wektu kuwi Yésus lan para muridé lagi padha nindakké perjamuan ing wayah wengi, lan Iblis mengaruhi* Yudas Iskariot, anaké Simon, kanggo ngianati Yésus. 3 Yésus ngerti nèk Bapak wis masrahké sakabèhé ing tangané lan uga ngerti nèk dhèwèké teka saka Gusti Allah lan bakal bali marang Gusti Allah. 4 Mula wektu isih padha nindakké perjamuan, Yésus ngadeg lan nyopot klambi njabané. Banjur Yésus njupuk andhuk, lan nggubedké kuwi ing pinggangé. 5 Sakwisé kuwi, Yésus ngisèni banyu ing baskom, banjur mulai ngwijiki sikilé murid-muridé lan ngelapi nganti garing nganggo andhuk sing digubedké ing pinggangé mau. 6 Wektu tekan gilirané Simon Pétrus, dhèwèké kandha marang Yésus, ”Gusti, apa panjenengan arep ngwijiki sikilku?” 7 Yésus njawab, ”Saiki kowé durung ngerti apa sing tak tindakké iki, nanging sukmbèn kowé bakal ngerti.” 8 Pétrus kandha, ”Aja nganti panjenengan ngwijiki sikilku.” Yésus njawab, ”Nèk aku ora ngwijiki sikilmu, kowé ora isa bareng aku.” 9 Simon Pétrus kandha, ”Gusti, aja mung ngwijiki sikilku, nanging uga tangan lan sirahku.” 10 Yésus njawab, ”Wong sing wis adus, mung perlu diwijiki sikilé, merga badané wis resik. Kowé wis padha resik, nanging ora kabèh ing antaramu resik.” 11 Yésus ngerti sapa sing bakal ngianati dhèwèké. Kuwi sebabé Yésus kandha, ”Ora kabèh ing antaramu resik.”
12 Sakwisé Yésus ngwijiki sikilé murid-muridé lan nganggo klambi njabané, Yésus lungguh manèh lan kandha marang murid-muridé, ”Apa kowé ngerti ngapa aku nindakké kuwi mau marang kowé? 13 Kowé nyebut aku, ’Guru’ lan ’Gusti’, lan kuwi pancèn bener. 14 Nèk aku waé, senajan Gusti lan Guru, gelem ngwijiki sikilmu, kowé uga kudu padha ngwijiki sikilé siji lan sijiné. 15 Aku wis mènèhi tuladha* kanggo kowé, supaya kowé uga nindakké apa sing tak tindakké marang kowé. 16 Saktenané aku kandha marang kowé, budhak ora ngungkuli majikané, lan wong sing diutus ora ngungkuli wong sing ngutus. 17 Saiki kowé ngerti bab-bab iki, nanging kowé bakal bungah nèk kowé nindakké kuwi. 18 Ora kabèh saka antaramu sing tak omongké iki. Aku kenal wong sing wis tak pilih. Nanging nganggo cara iki apa sing wis ditulis ing Kitab Suci isa kelakon, yaiku, ’Wong sing mangan rotiku mbalik nglawan aku.’* 19 Saiki aku ngandhani kowé sakdurungé kuwi kelakon, supaya wektu kuwi tak alami, kowé bakal percaya nèk aku sing dimaksud ing ayat kuwi. 20 Saktenané aku kandha marang kowé, sapa waé sing nampa wong sing tak utus, uga nampa aku. Lan sapa waé sing nampa aku, uga nampa Panjenengané sing ngutus aku.”
21 Sakwisé ngomong kaya ngono, Yésus dadi susah banget atiné, lan ngomong terus terang, ”Saktenané aku kandha marang kowé, salah siji saka antaramu bakal ngianati aku.” 22 Murid-muridé banjur padha nyawang siji lan sijiné, merga ora ngerti sapa sing dimaksudké Yésus. 23 Salah siji muridé, yaiku sing ditresnani Yésus, lungguh ing cedhaké.* 24 Mula Simon Pétrus banjur manthuk marang murid kuwi lan takon, ”Sapa sing dhèwèké maksudké?” 25 Mula murid kuwi méngo marang Yésus lan takon, ”Wong kuwi sapa Gusti?” 26 Yésus njawab, ”Dhèwèké kuwi wong sing bakal tak wènèhi roti sing tak celupké.” Banjur, sakwisé nyelupké roti, Yésus mènèhké marang Yudas, anaké Simon Iskariot. 27 Sakwisé Yudas nampa roti kuwi, Sétan banjur mlebu ing atiné. Mula Yésus banjur kandha marang dhèwèké, ”Apa sing lagi kok tindakké, tindakna kuwi luwih cepet.” 28 Nanging, ora ana siji-sijia wong sing lungguh ing kono sing ngerti apa sebabé Yésus ngomong kaya ngono marang Yudas. 29 Merga Yudas sing nggawa kothak dhuwit, ana sing ngira nèk Yésus ngongkon Yudas tuku apa waé sing dibutuhké kanggo riyaya, utawa mènèhi dhuwit marang wong miskin. 30 Dadi sakwisé nampa roti kuwi, Yudas langsung lunga. Wektu kuwi wis wengi.
31 Sakwisé Yudas lunga, Yésus kandha, ”Saiki Putrané manungsa dimulyakké, lan Gusti Allah uga dimulyakké merga dhèwèké. 32 Gusti Allah dhéwé sing bakal mulyakké Putrané manungsa, lan Panjenengané bakal cepet-cepet nindakké kuwi. 33 Anak-anakku, wektuku karo kowé mung kari sedhéla. Kowé bakal nggolèki aku. Nanging, apa sing tau tak omongké marang wong-wong Yahudi saiki uga tak omongké marang kowé, ’Ing panggonan sing arep tak parani, kowé ora bakal isa mrana.’ 34 Aku mènèhi kowé préntah anyar, yaiku kowé kudu padha nresnani siji lan sijiné. Kaya aku wis nresnani kowé, kowé uga kudu padha nresnani siji lan sijiné. 35 Nganggo cara iki, kabèh wong bakal ngerti nèk kowé kuwi murid-muridku: yaiku nèk kowé padha nresnani siji lan sijiné.”
36 Simon Pétrus banjur takon, ”Gusti, panjenengan arep menyang ngendi?” Yésus njawab, ”Saiki, kowé ora isa mèlu aku menyang panggonan sing arep tak parani, nanging sukmbèn kowé bakal mèlu aku mrana.” 37 Pétrus kandha, ”Gusti, ngapa aku ora isa mèlu panjenengan saiki? Aku bakal masrahké nyawaku* kanggo panjenengan.” 38 Yésus njawab, ”Apa tenan kowé bakal masrahké nyawamu* kanggo aku? Saktenané aku kandha marang kowé, sakdurungé jago kluruk, kowé bakal ping telu ora ngakoni nèk kenal aku.”
14 ”Aja nganti atimu susah. Duduhna iman marang Gusti Allah. Duduhna iman uga marang aku. 2 Ing omahé Bapakku ana akèh panggonan. Nèk ora, aku ora bakal ngomong kaya ngono. Nanging saiki aku arep lunga kanggo nyiapké panggonan kanggo kowé. 3 Uga, nèk aku lunga lan nyiapké panggonan kanggo kowé, aku bakal teka manèh lan nggawa kowé menyang omahku, supaya kowé isa ana ing panggonan sing tak enggoni. 4 Kowé uga ngerti dalan menyang panggonan sing arep tak parani.”
5 Tomas kandha, ”Gusti, aku kabèh ora ngerti panjenengan arep lunga menyang ngendi. Piyé aku isa ngerti dalané?”
6 Yésus njawab, ”Aku iki dalan, lan sing bener, lan sing marahi urip. Ora ana sing isa teka marang Bapak nèk ora liwat aku. 7 Nèk kowé kenal aku, kowé mesthi uga kenal Bapakku. Wiwit saiki, kowé kenal Panjenengané lan wis padha ndelok Panjenengané.”
8 Filipus kandha, ”Gusti, duduhna Bapak marang aku kabèh, lan kuwi bakal nggawé atiku lega.”
9 Yésus njawab, ”Wis suwé aku bareng karo kowé kabèh, nanging kok kowé isih durung kenal aku, Filipus? Sapa waé sing wis ndelok aku uga wis ndelok Bapak. Kok isa kowé kandha, ’Duduhna Bapak marang aku kabèh’? 10 Apa kowé ora percaya nèk aku nyawiji karo Bapak lan Bapak nyawiji karo aku? Apa sing tak omongké marang kowé asalé dudu saka pikiranku dhéwé, nanging Bapak sing tetep nyawiji karo aku nindakké gawéané liwat aku. 11 Percayaa nèk aku nyawiji karo Bapak lan Bapak nyawiji karo aku. Nèk ora, percayaa merga gawéan sing wis tak tindakké. 12 Saktenané aku kandha marang kowé, sapa waé sing nduduhké iman marang aku uga bakal nindakké gawéan sing tak tindakké, lan dhèwèké bakal nindakké gawéan sing luwih gedhé manèh, merga aku bakal lunga marang Bapak. 13 Apa waé sing kok jaluk nganggo jenengku bakal tak tindakké, supaya Bapak dimulyakké liwat Putra. 14 Nèk kowé njaluk apa waé nganggo jenengku, aku bakal nindakké kuwi.
15 ”Nèk kowé nresnani aku, kowé bakal nindakké préntahku. 16 Lan aku bakal nyuwun marang Bapak lan Panjenengané bakal maringi kowé juru tulung* liyané sing bakal tetep ana karo kowé saklawasé, 17 yaiku roh suci sing nduduhké apa sing bener. Donya ora isa éntuk roh suci iki, merga donya ora ndelok lan ora ngertèni kuwi. Nanging kowé ngerti, merga roh kuwi ana ing kowé lan tetep ana karo kowé. 18 Aku ora bakal ninggalké kowé dhèwèkan.* Aku bakal bali manèh marang kowé. 19 Sedhéla manèh donya ora bakal ndelok aku, nanging kowé bakal ndelok aku, merga aku terus urip lan kowé bakal urip. 20 Ing dina kuwi, kowé bakal ngerti nèk aku nyawiji karo Bapakku lan kowé nyawiji karo aku lan aku nyawiji karo kowé. 21 Sapa waé sing nampa préntah-préntahku lan nindakké kuwi, yakuwi wong sing nresnani aku. Wong sing nresnani aku bakal ditresnani Bapakku, lan aku uga bakal nresnani dhèwèké, lan bakal nduduhké kanthi cetha marang dhèwèké sapa aku iki.”
22 Yudas (dudu Iskariot) takon marang Yésus, ”Gusti, ngapa kok nganti panjenengan arep nduduhké kanthi cetha marang aku kabèh, lan dudu marang donya?”
23 Yésus njawab, ”Wong sing nresnani aku bakal nindakké omonganku. Bapakku bakal nresnani dhèwèké, lan aku karo Bapakku bakal marani dhèwèké lan manggon bareng karo dhèwèké. 24 Sapa sing ora nresnani aku, ora nindakké omonganku. Omongan sing kok rungokké iki, dudu omonganku, nanging duwèké Bapak sing ngutus aku.
25 ”Aku ngomongké iki kabèh marang kowé wektu aku isih ana karo kowé. 26 Nanging juru tulung kuwi, yaiku roh suci, sing bakal dikirim Bapak nganggo jenengku, kuwi sing bakal mulangké kabèh perkara marang kowé lan ngélingké kowé bab kabèh sing wis tau tak omongké marang kowé. 27 Kowé padha tak tinggali katentreman. Aku mènèhi kowé katentremanku. Katentreman sing tak wènèhké marang kowé béda karo katentreman sing diwènèhké donya iki. Aja nganti atimu susah lan wedi. 28 Kowé wis tau krungu omonganku, ’Aku bakal lunga lan aku bakal bali marang kowé.’ Nèk kowé nresnani aku, kowé bakal bungah merga aku lunga marang Bapak, merga Bapak luwih kuwasa ketimbang aku. 29 Mula saiki aku ngandhani kowé sakdurungé kuwi kelakon, supaya kowé percaya wektu kuwi kelakon. 30 Aku ora bakal ngomong luwih akèh manèh marang kowé, merga panguwasa donya iki bakal teka, lan dhèwèké ora nduwé kuwasa marang aku. 31 Nanging supaya donya ngerti nèk aku nresnani Bapak, aku mung nindakké apa sing dipréntahké Bapak marang aku. Ngadega, ayo lunga saka kéné.
15 ”Aku iki wit anggur sing sejati, lan Bapakku kuwi petaniné. 2 Panjenengané mbuwang saben pang sing ana ing aku sing ora ngetokké woh. Panjenengané uga ngresiki saben pang sing ngasilké woh, supaya isa ngasilké woh luwih akèh. 3 Kowé wis resik merga pangandika sing tak omongké marang kowé. 4 Tetepa nyawiji karo aku, lan aku bakal tetep nyawiji karo kowé. Pang ora isa ngetokké woh dhéwé kejaba tetep nyawiji karo wité, semono uga kowé ora bakal isa ngetokké woh kejaba tetep nyawiji karo aku. 5 Aku iki wit anggur, lan kowé kabèh kuwi pang-pangé. Nèk wong tetep nyawiji karo aku lan aku nyawiji karo wong kuwi, dhèwèké bakal ngasilké akèh woh. Kowé ora isa nindakké apa-apa tanpa aku. 6 Nèk wong ora tetep nyawiji karo aku, dhèwèké bakal kaya pang sing dibuwang lan dadi garing. Terus pang-pang kuwi diklumpukké lan diuncalké ing geni, banjur kobong. 7 Nèk kowé tetep nyawiji karo aku, lan omonganku tetep ana ing atimu, njaluka apa waé sing kok péngini lan kuwi bakal diwènèhké marang kowé. 8 Bapakku diluhurké ing bab iki, yaiku nèk kowé terus ngasilké akèh woh lan mbuktèkké nèk kowé muridku. 9 Kaya Bapak wis nresnani aku, aku uga wis nresnani kowé. Tetepa dadi wong sing tak tresnani. 10 Nèk kowé nindakké préntah-préntahku, kowé bakal tetep dadi wong sing tak tresnani, kaya aku wis nindakké préntah-préntahé Bapak lan tetep dadi wong sing ditresnani Bapak.
11 ”Aku ngomong kaya ngono marang kowé supaya kowé bener-bener ngrasakké kabungahan sing tak duwèni. 12 Iki préntahku, yaiku supaya kowé padha nresnani siji lan sijiné kaya aku wis nresnani kowé. 13 Ora ana wong sing nduwé katresnan sing luwih gedhé ketimbang wong sing masrahké nyawané kanggo sahabat-sahabaté. 14 Kowé kuwi sahabat-sahabatku nèk kowé nindakké apa sing tak préntahké marang kowé. 15 Aku ora nyebut kowé budhak manèh, merga budhak ora ngerti apa sing ditindakké majikané. Nanging aku nyebut kowé sahabat, merga aku wis ngandhani kowé bab kabèh sing wis tak rungokké saka Bapakku. 16 Kowé ora milih aku, nanging aku milih kowé supaya kowé terus ngasilké woh, yaiku woh sing bakal tetep ana. Iki supaya apa waé sing kok jaluk marang Bapak nganggo jenengku, bakal diparingké marang kowé.
17 ”Iki préntahku marang kowé, yaiku supaya kowé nresnani siji lan sijiné. 18 Nèk donya sengit marang kowé, élinga nèk donya wis sengit marang aku sakdurungé sengit marang kowé. 19 Nèk kowé bagéan saka donya, donya bakal nresnani kowé merga kowé duwèké donya. Saiki kowé dudu bagéan saka donya, nanging kowé wis tak pilih saka donya. Kuwi sebabé, donya sengit marang kowé. 20 Élinga apa sing wis tak omongké iki: Budhak ora ngluwihi majikané. Nèk wong-wong nganiaya aku, wong-wong kuwi uga bakal nganiaya kowé. Nèk wong-wong nindakké omonganku, wong-wong kuwi uga bakal nindakké omonganmu. 21 Nanging wong-wong kuwi bakal nindakké kabèh iki marang kowé merga jenengku, sebab wong-wong kuwi ora kenal Panjenengané sing ngutus aku. 22 Nèk aku ora teka lan ngomong karo wong-wong kuwi, wong-wong kuwi ora dosa.* Nanging saiki wong-wong kuwi ora isa nggawé alesan kanggo dosané. 23 Sapa waé sing sengit marang aku, uga sengit marang Bapakku. 24 Nèk ing antarané wong-wong kuwi, aku ora tau nindakké gawéan-gawéan sing durung tau ditindakké wong liya, wong-wong kuwi ora dosa. Nanging saiki, wong-wong kuwi wis ndelok aku lan sengit marang aku uga marang Bapakku. 25 Nganggo cara iki, apa sing ditulis ing hukum Taurat isa kelakon, ’Wong-wong kuwi sengit marang aku tanpa sebab.’ 26 Aku bakal ngirim juru tulung* marang kowé saka Bapak ing swarga, yaiku roh suci sing nduduhké apa sing bener, lan sing asalé saka Bapak. Wektu juru tulung kuwi teka, juru tulung kuwi bakal mènèhi kesaksian bab aku. 27 Semono uga kowé bakal mènèhi kesaksian bab aku, merga kowé wis bareng karo aku saka wiwitan.
16 ”Aku ngomongké bab-bab iki marang kowé supaya kowé ora kesandhung. 2 Wong-wong bakal ngusir kowé saka sinagogé.* Malah, bakal tekan wektuné, saben wong sing matèni kowé bakal ngira nèk dhèwèké nindakké tugas suci marang Gusti Allah. 3 Nanging wong-wong kuwi bakal tumindak kaya ngono merga padha ora kenal Bapak lan aku. 4 Senajan ngono, aku wis ngandhani bab-bab iki marang kowé, supaya wektu kuwi kelakon, kowé bakal éling nèk aku wis ngandhani kowé bab kuwi.
”Mauné aku ora ngandhani kowé bab-bab iki, merga aku isih ana karo kowé. 5 Saiki aku bakal lunga marang Panjenengané sing ngutus aku. Nanging ora ana siji-sijia ing antaramu sing takon karo aku, ’Panjenengan arep lunga menyang ngendi?’ 6 Nanging merga aku wis ngandhani kowé bab-bab iki, atimu dadi sedhih banget. 7 Senajan ngono, aku ngandhani kowé sing saktenané, aku lunga kuwi kanggo kepentinganmu. Merga nèk aku ora lunga, juru tulung* kuwi ora bakal teka marang kowé. Nanging nèk aku lunga, aku bakal ngirim juru tulung kuwi marang kowé. 8 Wektu kuwi teka, kuwi bakal mènèhi bukti sing kuwat marang donya bab dosa lan bab apa sing bener lan bab pengadilané Gusti Allah. 9 Sing kapisan yaiku bab dosa, merga wong-wong kuwi ora nduduhké iman marang aku. 10 Banjur bab apa sing bener, merga aku bakal lunga marang Bapak lan kowé ora bakal ndelok aku manèh. 11 Banjur bab pengadilané Gusti Allah, merga panguwasané donya iki wis diadili.
12 ”Isih akèh sing arep tak omongké marang kowé, nanging saiki kowé durung sanggup ngertèni kuwi kabèh. 13 Nanging, wektu dhèwèké* kuwi teka, yaiku roh suci sing nduduhké apa sing bener, kuwi bakal mulangké kabèh sing bener marang kowé, merga dhèwèké ora bakal ngomong saka karepé dhéwé. Nanging apa sing dirungokké yakuwi sing bakal diomongké, lan dhèwèké bakal ngandhani kowé bab-bab sing bakal kelakon. 14 Dhèwèké bakal ngluhurké aku, merga dhèwèké bakal ngandhani kowé bab apa sing wis ditampa saka aku. 15 Kabèh sing diduwèni Bapak kuwi uga duwèkku. Kuwi sebabé aku kandha nèk juru tulung kuwi bakal ngandhani kowé bab apa sing wis ditampa saka aku. 16 Sedhéla manèh kowé bakal ora ndelok aku, lan sedhéla manèh kowé bakal ndelok aku.”
17 Wektu krungu kuwi, para muridé padha takon marang siji lan sijiné, ”Apa maksudé dhèwèké kandha, ’Sedhéla manèh kowé bakal ora ndelok aku, lan sedhéla manèh kowé bakal ndelok aku,’ lan, ’merga aku bakal lunga marang Bapak’?” 18 Mula murid-murid kandha, ”Apa maksudé wektu dhèwèké kandha, ’sedhéla manèh’? Awaké dhéwé ora ngerti maksud omongané.” 19 Yésus ngerti nèk murid-murid péngin takon marang dhèwèké. Mula Yésus kandha, ”Apa kowé padha takon marang siji lan sijiné merga aku kandha, ’Sedhéla manèh kowé bakal ora ndelok aku, lan sedhéla manèh kowé bakal ndelok aku’? 20 Saktenané aku kandha marang kowé, kowé bakal nangis lan susah banget, nanging donya iki bakal bungah. Kowé bakal sedhih banget, nanging rasa sedhihmu bakal malih dadi rasa bungah. 21 Wektu wong wadon wis wayahé nglairké, dhèwèké kelaran.* Nanging sakwisé nglairké anaké, dhèwèké ora éling manèh karo kasusahané. Dhèwèké bungah merga ana manungsa sing wis dilairké ing donya. 22 Semono uga kowé, saiki kowé sedhih, nanging aku bakal ketemu kowé manèh, lan atimu bakal bungah, lan ora ana sing isa ngrampas rasa bungahmu. 23 Ing dina kuwi, kowé ora bakal takon apa-apa manèh marang aku. Saktenané aku kandha marang kowé, nèk kowé nyuwun apa waé marang Bapak nganggo jenengku, Panjenengané bakal maringké kuwi marang kowé. 24 Nganti saiki kowé durung nyuwun apa-apa nganggo jenengku. Nyuwuna lan kowé bakal nampa, supaya kowé bener-bener bungah.
25 ”Aku ngomongké iki kabèh marang kowé nganggo umpama. Bakal tekan wektuné aku ora bakal ngomong manèh marang kowé nganggo umpama, nanging aku bakal terus terang ngandhani kowé bab Bapak. 26 Ing dina kuwi, kowé bakal nyuwun marang Bapak nganggo jenengku. Nanging dudu tegesé aku sing bakal nyuwunké kuwi kanggo kowé. 27 Bapak dhéwé nresnani kowé, merga kowé wis nresnani aku lan percaya nèk aku teka dadi wakilé Gusti Allah. 28 Aku teka dadi wakilé Bapak lan wis teka ing donya. Saiki aku arep ninggalké donya lan bali marang Bapak.”
29 Murid-muridé kandha, ”Saiki panjenengan ngomong terus terang lan ora nganggo umpama. 30 Saiki aku ngerti nèk panjenengan kuwi ngerti sakabèhé, lan wong ora perlu takon manèh marang panjenengan merga panjenengan wis ngerti apa sing dipikirké wong kuwi. Kuwi sebabé aku kabèh percaya nèk panjenengan kuwi asalé saka Gusti Allah.” 31 Yésus njawab, ”Apa saiki kowé percaya tenan? 32 Wektuné bakal teka, malah saiki wis teka, kowé kabèh bakal mencar menyang omahmu dhéwé-dhéwé lan kowé bakal ninggalké aku dhèwèkan. Nanging aku ora dhèwèkan, merga Bapak ana bareng karo aku. 33 Aku wis ngomongké kabèh iki marang kowé supaya kowé nduwé katentreman merga aku. Ing donya iki kowé bakal ngalami sengsara, nanging kuwatna atimu! Aku wis ngalahké donya.”
17 Sakwisé ngomongké kuwi kabèh, Yésus ndhangak ndelok langit lan kandha, ”Bapak, wektuné wis teka. Mulyakna putra Panjenengan supaya putra Panjenengan mulyakké Panjenengan. 2 Panjenengan wis maringi dhèwèké wewenang tumrap kabèh wong, supaya dhèwèké isa mènèhi urip saklawasé marang kabèh wong sing wis Panjenengan pasrahké marang dhèwèké. 3 Kanggo éntuk urip langgeng, wong-wong kudu kenal karo* Panjenengan, siji-sijiné Gusti Allah sing sejati, lan kenal karo Yésus Kristus sing Panjenengan utus. 4 Aku wis ngluhurké Panjenengan ing bumi lan ngrampungké gawéan sing Panjenengan paringké marang aku. 5 Mula saiki, Bapak, mulyakna aku ing sisihé Panjenengan nganggo kamulyan sing tak duwèni ing sisihé Panjenengan sakdurungé donya* ana.
6 ”Aku wis nggawé asmané Panjenengan nyata marang* wong-wong sing Panjenengan pasrahké marang aku saka donya. Wong-wong kuwi duwèké Panjenengan, lan Panjenengan masrahké wong-wong kuwi marang aku, lan wong-wong kuwi wis nindakké* pangandikané Panjenengan. 7 Saiki wong-wong kuwi ngerti nèk kabèh sing Panjenengan pasrahké marang aku asalé saka Panjenengan. 8 Merga aku wis mènèhi wong-wong kuwi pangandika sing wis Panjenengan paringké marang aku, lan wong-wong kuwi wis nampa pangandika kuwi. Wong-wong kuwi ngerti tenan nèk aku teka dadi wakilé Panjenengan lan wis padha percaya nèk Panjenengan sing ngutus aku. 9 Aku ndonga kanggo wong-wong kuwi. Aku ora ndonga kanggo donya, nanging kanggo wong-wong sing Panjenengan pasrahké marang aku, merga wong-wong kuwi duwèké Panjenengan. 10 Kabèh sing tak duwèni kuwi duwèké Panjenengan, lan duwèké Panjenengan kuwi uga duwèkku, lan aku wis dimulyakké ing antarané wong-wong kuwi.
11 ”Aku bakal ora ana manèh ing donya, nanging wong-wong kuwi ana ing donya, lan aku bakal lunga marang Panjenengan. Bapak sing suci, jaganen wong-wong kuwi demi asmané Panjenengan sing wis Panjenengan paringké marang aku, supaya wong-wong kuwi dadi siji,* kaya aku lan Panjenengan dadi siji.* 12 Wektu aku karo wong-wong kuwi, aku terus njaga wong-wong kuwi demi asmané Panjenengan sing wis Panjenengan paringké marang aku. Aku wis nglindhungi wong-wong kuwi lan ora ana siji-sijia ing antarané wong-wong kuwi sing sirna, kejaba wong siji sing pancèn bakal disirnakké,* supaya kelakon apa sing ditulis ing Kitab Suci. 13 Nanging saiki aku arep lunga marang Panjenengan, lan aku ngomongké bab-bab iki ing donya supaya wong-wong kuwi bener-bener ngrasakké kabungahanku. 14 Aku wis ngomongké pangandikané Panjenengan marang wong-wong kuwi, nanging donya sengit marang wong-wong kuwi, merga wong-wong kuwi dudu bagéan saka donya, kaya aku dudu bagéan saka donya.
15 ”Aku ora nyuwun supaya Panjenengan njupuk wong-wong kuwi saka donya, nanging supaya Panjenengan nglindhungi wong-wong kuwi saka si jahat.* 16 Wong-wong kuwi dudu bagéan saka donya, kaya aku dudu bagéan saka donya. 17 Gunakna pangandika Panjenengan kanggo nggawé suci wong-wong kuwi, merga pangandika Panjenengan kuwi sing bener. 18 Kaya Panjenengan ngutus aku menyang donya, aku uga ngutus wong-wong kuwi menyang donya. 19 Aku njaga awakku tetep suci kanggo kepentingané wong-wong kuwi, supaya wong-wong kuwi uga digawé suci nganggo apa sing bener.
20 ”Aku nyuwun, ora mung kanggo wong-wong kuwi, nanging uga kanggo wong-wong sing nduwé iman marang aku sakwisé ngrungokké piwulangé wong-wong kuwi, 21 supaya kabèh wong kuwi dadi siji, kaya Panjenengan, Bapak, nyawiji karo aku lan aku nyawiji karo Panjenengan, supaya wong-wong kuwi uga nyawiji karo aku lan Panjenengan, lan donya isa percaya nèk Panjenengan sing ngutus aku. 22 Aku wis mènèhi wong-wong kuwi kamulyan sing Panjenengan paringké marang aku, supaya wong-wong kuwi dadi siji, kaya aku lan Panjenengan siji. 23 Aku nyawiji karo wong-wong kuwi lan Panjenengan nyawiji karo aku, supaya wong-wong kuwi bener-bener nyawiji.* Nganggo cara kuwi, donya bakal ngerti nèk Panjenengan sing ngutus aku, lan uga bakal ngerti nèk Panjenengan nresnani wong-wong kuwi kaya Panjenengan nresnani aku. 24 Bapak, aku péngin supaya wong-wong sing wis Panjenengan pasrahké marang aku isa ana karo aku ing panggonanku, supaya wong-wong kuwi weruh kamulyanku sing wis Panjenengan paringké marang aku, merga Panjenengan nresnani aku sakdurungé wiwitané donya.* 25 Bapak sing adil, donya pancèn ora kenal karo Panjenengan, nanging aku kenal karo Panjenengan, lan wong-wong sing Panjenengan pasrahké marang aku ngerti nèk Panjenengan sing ngutus aku. 26 Aku wis nggawé asmané Panjenengan dikenal karo wong-wong kuwi, lan aku bakal terus nggawé kuwi dikenal, supaya wong-wong kuwi nduduhké katresnan kaya sing Panjenengan duduhké marang aku, lan supaya aku nyawiji karo wong-wong kuwi.”
18 Sakwisé ngomongké kabèh iki, Yésus lunga karo murid-muridé menyang sawijiné taman sing ana ing sebrangé Lembah Kidron.* 2 Yudas, wong sing ngianati, uga ngerti panggonan kuwi merga Yésus kerep ngumpul karo murid-muridé ing kana. 3 Mula Yudas nggawa sak pasukan prajurit lan para petugas sing diutus para imam kepala lan wong-wong Farisi, banjur teka mrana karo nggawa obor, lampu minyak, lan senjata. 4 Yésus ngerti kabèh sing bakal dialami. Mula Yésus maju lan kandha marang wong-wong kuwi, ”Sapa sing kok golèki?” 5 Wong-wong kuwi njawab, ”Yésus wong Nazarèt.” Yésus kandha, ”Aku iki wongé.” Yudas, wong sing ngianati, uga ngadeg bareng wong-wong kuwi.
6 Nanging wektu Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Aku iki wongé,” wong-wong kuwi padha mundur lan tiba ing lemah. 7 Mula Yésus takon manèh, ”Sapa sing kok golèki?” Wong-wong kuwi njawab, ”Yésus wong Nazarèt.” 8 Yésus njawab, ”Aku wis ngandhani kowé nèk aku iki wongé. Mula nèk kowé nggolèki aku, ejarna wong-wong iki lunga.” 9 Nganggo cara kuwi, apa sing tau diomongké Yésus kelakon, yaiku, ”Aku ora kélangan siji-sijia wong sing wis Panjenengan pasrahké marang aku.”
10 Banjur Simon Pétrus ngetokké pedhangé, nyerang budhaké imam agung, lan nyabet kupingé tengen nganti pothol. Budhak kuwi jenengé Malkhus. 11 Nanging Yésus kandha marang Pétrus, ”Lebokna pedhangmu ing wadhahé.* Aku kan kudu ngombé saka cawan* sing Bapak paringké marang aku, ta?”
12 Banjur para prajurit, komandan militèr, lan para petugas sing diutus wong-wong Yahudi, nangkep Yésus lan mbanda dhèwèké.* 13 Yésus digawa dhisik marang Hanas, merga Hanas kuwi bapak maratuwané Kayafas, yaiku imam agung ing taun kuwi. 14 Sakjané Kayafas iki wong sing tau mènèhi naséhat marang wong-wong Yahudi nèk luwih becik wong siji mati kanggo kepentingané sak bangsa.
15 Wektu kuwi, Simon Pétrus lan salah siji murid liyané ngetutké Yésus. Murid kuwi dikenal karo imam agung, mula dhèwèké mlebu bareng Yésus menyang halaman omahé imam agung, 16 nanging Pétrus ngadeg ing njaba, ing gerbang. Mula murid sijiné kuwi, sing dikenal karo imam agung, metu lan ngomong karo sing njaga gerbang, banjur nggawa Pétrus mlebu. 17 Pembantu wadon sing njaga gerbang kuwi kandha marang Pétrus, ”Kowé kan salah siji muridé wong kuwi, ta?” Pétrus njawab, ”Dudu.” 18 Merga wektu kuwi adhem, para budhak lan para petugas nyumed geni lan ngadeg ing cedhaké geni kuwi supaya awaké anget. Pétrus uga ngadeg ing kana bareng wong-wong kuwi supaya awaké anget.
19 Imam kepala nakoni Yésus bab murid-muridé lan bab piwulangé. 20 Yésus njawab, ”Nèk aku ngomong, mesthi ing ngarepé wong akèh. Nèk aku mulang, mesthi ing sinagogé* lan ing bait, panggonané kabèh wong Yahudi padha ngumpul, lan wektu ngomong, aku ora tau ndhelik-ndhelik. 21 Ngapa kowé nakoni aku? Takona karo wong-wong sing wis tau ngrungokké omonganku. Wong-wong kuwi mesthi ngerti apa sing tak omongké.” 22 Sakwisé Yésus ngomongké kuwi, salah siji petugas sing ngadeg ing kono ngampleng rainé Yésus lan kandha, ”Apa kaya ngono carané njawab imam kepala?” 23 Yésus njawab, ”Nèk omonganku salah, duduhna* endi salahé. Nanging nèk omonganku bener, ngapa kowé ngampleng aku?” 24 Hanas banjur ngongkon wong-wong kuwi supaya nggawa Yésus sing isih dibanda mau marang Imam Agung Kayafas.
25 Simon Pétrus wektu kuwi isih ngadeg ing cedhaké geni supaya awaké anget. Banjur wong-wong takon marang dhèwèké, ”Kowé kan salah siji muridé, ta?” Pétrus ora ngakoni lan kandha, ”Dudu.” 26 Salah siji budhaké imam agung, yaiku wong sing isih seduluran karo wong lanang sing kupingé disabet Pétrus nganti pothol, kandha, ”Aku ndelok kowé bareng karo dhèwèké ing taman. Iya, ta?” 27 Nanging Pétrus ora ngakoni manèh, lan ing wektu kuwi uga, pitik jago kluruk.
28 Banjur wong-wong Yahudi nggawa Yésus saka omahé Kayafas menyang panggonané gubernur. Wektu kuwi isih ésuk banget. Nanging, wong-wong kuwi dhéwé ora mlebu ing panggonané gubernur, supaya ora dadi najis lan tetep isa mangan Paskah. 29 Banjur Pilatus metu lan takon, ”Apa tudhuhanmu marang wong iki?” 30 Wong-wong kuwi njawab, ”Nèk wong iki ora salah,* aku ora bakal nyerahké wong iki marang panjenengan.” 31 Mula Pilatus kandha marang wong-wong kuwi, ”Ya wis, gawanen wong iki lan adilana miturut hukummu dhéwé.” Wong-wong Yahudi kuwi njawab, ”Aku kabèh ora éntuk matèni wong.” 32 Nganggo cara kuwi, kelakon apa sing Yésus omongké bab carané dhèwèké bakal mati.
33 Mula Pilatus mlebu manèh menyang panggonané gubernur lan nyeluk Yésus, banjur takon marang Yésus, ”Apa kowé Rajané Wong Yahudi?” 34 Yésus njawab, ”Kowé takon kaya ngono kuwi merga karepmu dhéwé utawa ana wong liya sing ngandhani kowé bab aku?” 35 Pilatus njawab, ”Kowé kan ngerti nèk aku dudu wong Yahudi. Bangsamu dhéwé lan para imam kepala sing masrahké kowé marang aku. Apa sing wis kok tindakké?” 36 Yésus njawab, ”Kratonku dudu bagéan saka donya iki. Nèk Kratonku bagéan saka donya iki, para abdiku mesthi bakal nglawan supaya aku ora diserahké marang wong-wong Yahudi. Nanging, Kratonku dudu saka donya iki.” 37 Mula Pilatus takon, ”Nèk ngono, apa kowé kuwi raja?” Yésus njawab, ”Kowé dhéwé sing ngomong nèk aku iki raja. Aku kudu mènèhi kesaksian bab apa sing bener, merga kanggo kuwi aku lair, lan kanggo kuwi aku teka ing donya. Sapa waé sing manut karo apa sing bener ngrungokké swaraku.” 38 Pilatus takon marang Yésus, ”Sing bener kuwi apa?”
Sakwisé ngomongké iki, Pilatus metu manèh kanggo nemoni wong-wong Yahudi lan kandha, ”Aku babar blas ora nemokké kesalahané wong iki. 39 Apa manèh, miturut kebiasaanmu, aku kudu mbébaské siji tahanan saben Riyaya Paskah. Dadi apa kowé péngin aku mbébaské Rajané Wong Yahudi iki?” 40 Wong-wong kuwi mbengok manèh, ”Aja wong kuwi! Barabas waé!” Barabas kuwi rampok.
19 Pilatus banjur ngongkon supaya Yésus digawa lan dipecuti. 2 Para prajurit nggawé mahkota saka tanduran eri lan nganggokké kuwi ing sirahé Yésus, uga nganggokké jubah ungu marang dhèwèké. 3 Para prajurit kuwi bola-bali marani Yésus lan kandha, ”Salam, hé Rajané Wong Yahudi!” Para prajurit kuwi uga terus ngamplengi rainé Yésus. 4 Pilatus metu manèh lan kandha marang wong-wong kuwi, ”Deloken! Aku nggawa dhèwèké metu supaya kowé ngerti nèk aku babar blas ora nemokké kesalahané wong iki.” 5 Mula Yésus metu, nganggo mahkota eri lan nganggo jubah ungu. Lan Pilatus kandha marang wong-wong kuwi, ”Deloken wong iki!” 6 Nanging, wektu para imam kepala lan para petugas ndelok Yésus, wong-wong kuwi mbengok, ”Patènana wong kuwi ing cagak! Patènana wong kuwi ing cagak!” Pilatus kandha marang wong-wong kuwi, ”Kowé waé sing nggawa lan matèni dhèwèké.* Aku babar blas ora nemokké kesalahané wong iki.” 7 Wong-wong Yahudi njawab, ”Aku nduwé hukum, lan miturut hukumku dhèwèké kudu mati, merga dhèwèké ngaku-ngaku putrané Gusti Allah.”
8 Wektu krungu omongané wong-wong kuwi, Pilatus dadi saya wedi, 9 banjur dhèwèké mlebu manèh menyang panggonané gubernur lan takon marang Yésus, ”Asalmu saka ngendi?” Nanging Yésus ora njawab. 10 Mula Pilatus kandha marang Yésus, ”Apa kowé ora gelem ngomong karo aku? Apa kowé ora ngerti nèk aku nduwé wewenang kanggo mbébaské kowé lan kanggo ngukum mati kowé?”* 11 Yésus njawab, ”Kowé babar blas ora nduwé wewenang marang aku, kejaba nèk kuwi diparingké Gusti Allah marang kowé. Kuwi sebabé wong sing masrahké aku marang kowé, dosané luwih gedhé.”
12 Mula Pilatus terus ngupaya nggolèk cara kanggo mbébaské Yésus, nanging wong-wong Yahudi mbengok, ”Nèk kowé mbébaské wong iki, kowé dudu kancané Kaisar. Saben wong sing ngaku-ngaku dhèwèké kuwi raja, sakjané wong kuwi nglawan* Kaisar.” 13 Sakwisé krungu omongané wong-wong kuwi, Pilatus nggawa Yésus metu, banjur lungguh ing kursi pengadilan, ing panggonan sing disebut Lantai Watu, utawa ing basa Ibrani jenengé Gabata. 14 Wektu kuwi kira-kira jam 12 awan* pas dina Persiapan Paskah. Pilatus kandha marang wong-wong Yahudi, ”Deloken, rajamu!” 15 Nanging, wong-wong kuwi padha mbengok, ”Patènana dhèwèké! Patènana dhèwèké! Patènana dhèwèké ing cagak!” Pilatus banjur kandha, ”Apa aku kudu matèni rajamu?” Para imam kepala njawab, ”Aku ora nduwé raja liya sakliyané Kaisar.” 16 Banjur Pilatus nyerahké Yésus marang wong-wong kuwi kanggo dihukum mati ing cagak.
Wong-wong kuwi banjur nggawa Yésus lunga. 17 Karo manggul cagak paukumané* dhéwé, Yésus menyang panggonan sing disebut Panggonan Tengkorak, utawa ing basa Ibrani disebut Golgota. 18 Ing kana, para prajurit maku Yésus ing cagak ing antarané wong loro liyané, sing siji ana ing sisih tengené Yésus lan sing sijiné ing sisih kiwa. 19 Pilatus uga nulis ing papan: ”Yésus wong Nazarèt, Rajané Wong Yahudi.” Banjur Pilatus ngongkon supaya papan kuwi dipasang ing cagak paukumané Yésus. 20 Akèh wong Yahudi sing maca tulisan kuwi, merga panggonan Yésus dipaku ing cagak cedhak karo kutha. Tulisan ing papan mau ditulis nganggo basa Ibrani, Latin, lan Yunani. 21 Nanging, para imam kepalané wong Yahudi kandha marang Pilatus, ”Aja nulis, ’Rajané Wong Yahudi,’ nanging tulisen nèk dhèwèké kandha, ’Aku iki Rajané Wong Yahudi.’” 22 Pilatus njawab, ”Apa sing wis tak tulis ora isa diowahi.”
23 Sakwisé maku Yésus ing cagak, para prajurit njupuk klambi njabané Yésus lan mbagi kuwi dadi patang bagéan, saben prajurit éntuk sak bagéan. Para prajurit kuwi uga njupuk klambi njero duwèké Yésus. Nanging, klambi kuwi ora ana jahitané, merga ditenun saka ndhuwur tekan ngisor. 24 Mula para prajurit kuwi kandha marang siji lan sijiné, ”Klambi iki aja disuwèk, nanging ayo nguncalké undhi kanggo nemtokké sapa sing éntuk klambi iki.” Nganggo cara kuwi, kelakon apa sing ditulis ing Kitab Suci, ”Wong-wong kuwi mbagi-mbagi klambiku kanggo wong-wong kuwi dhéwé, lan wong-wong kuwi nguncalké undhi kanggo klambiku njero.” Yakuwi sing ditindakké para prajurit mau.
25 Ing kono, ibuné Yésus, sedulur wadoné ibuné Yésus, Maria bojoné Klopas, lan Maria Magdaléna lagi ngadeg ing cedhak cagak paukumané Yésus. 26 Wektu Yésus ndelok ibuné lan muridé sing ditresnani ngadeg ing cedhaké, Yésus kandha marang ibuné, ”Ibu, kuwi anakmu lanang.” 27 Banjur, Yésus kandha marang murid mau, ”Dhèwèké ibumu.” Lan wiwit wektu kuwi, murid mau nggawa ibuné Yésus kanggo manggon ing omahé.
28 Sakwisé kuwi, wektu ngerti nèk kabèh wis rampung, Yésus kandha, ”Aku ngelak,” supaya apa sing dikandhakké ing Kitab Suci kelakon. 29 Ing kana, ana wadhah sing kebak anggur kecut. Mula, ana wong sing nyelupké kembang karang ing anggur kecut kuwi lan ndèlèhké kuwi ing sak lonjor hisop,* banjur diwènèhké ing tutuké Yésus. 30 Sakwisé nyecep anggur kecut kuwi, Yésus kandha, ”Wis rampung.” Banjur Yésus ndhingkluk lan séda.*
31 Wong-wong Yahudi ora gelem nèk mayité wong-wong kuwi tetep ana ing cagak paukuman* pas dina Sabat, merga wektu kuwi dina Persiapan Sabat (lan dina sakbanjuré dina Sabat istiméwa), mula wong-wong Yahudi njaluk marang Pilatus supaya sikilé wong-wong sing dihukum kuwi diceklèk lan mayité diedhunké. 32 Para prajurit banjur teka lan nyeklèk sikilé wong lanang loro sing dipaku bareng Yésus. 33 Nanging wektu marani Yésus, para prajurit ngerti nèk Yésus wis mati. Mula para prajurit ora nyeklèk sikilé Yésus. 34 Nanging salah siji prajurit nusuk bagéan igané Yésus nganggo tombak. Lan ing wektu kuwi uga, metu getih lan banyuné. 35 Wong sing ndelok kedadéan kuwi wis mènèhi kesaksian, lan kesaksiané kuwi bener. Wong kuwi ngerti nèk sing dhèwèké omongké kuwi bener, lan wong kuwi ngomongké iki supaya kowé uga percaya. 36 Kuwi kabèh bener-bener kedadéan supaya apa sing ditulis ing Kitab Suci kelakon, yaiku, ”Ora ana balungé sing bakal diceklèk.”* 37 Ana uga ayat liya sing kandha, ”Wong-wong kuwi bakal nyawang wong sing wis ditusuk wong-wong kuwi dhéwé.”
38 Sakwisé kuwi, Yusuf saka Arimatéa njaluk marang Pilatus kanggo njupuk mayité Yésus. Dhèwèké kuwi muridé Yésus, nanging ora wani terus terang merga wedi karo wong-wong Yahudi. Merga Pilatus wis ngijinké, dhèwèké banjur teka lan njupuk mayité Yésus. 39 Nikodémus, yaiku wong sing tau nemoni Yésus ing wayah wengi, uga teka karo nggawa campuran* mur lan gaharu sing boboté kira-kira 30 kilogram.* 40 Wong-wong kuwi banjur njupuk mayité Yésus lan mbungkus nganggo linen lan rempah-rempah mau, kaya kebiasaané wong Yahudi kanggo ngubur wong mati. 41 Ing cedhak panggonan Yésus dihukum mati,* ana taman. Lan ing taman kuwi ana kuburan anyar. Durung tau ana wong sing dikubur ing kuburan kuwi. 42 Merga dina kuwi dina Persiapan Paskah wong Yahudi, lan kuburan kuwi cedhak, mula wong-wong kuwi ngubur Yésus ing kana.
20 Ing dina kapisan minggu kuwi, wektu isih ésuk banget lan isih peteng, Maria Magdaléna teka ing kuburan kuwi lan dhèwèké ndelok nèk watu sing nutupi kuburan kuwi wis diglundhungké. 2 Banjur dhèwèké mlayu marani Simon Pétrus lan murid liyané, yaiku murid sing ditresnani Yésus, lan dhèwèké kandha, ”Ana sing wis njupuk Gusti saka kuburan, lan aku ora ngerti Gusti didèlèhké ing ngendi.”
3 Banjur Pétrus lan murid liyané kuwi lunga menyang kuburan. 4 Murid loro kuwi mlayu bareng, nanging murid sing sijiné mlayuné luwih cepet ketimbang Pétrus lan tekan luwih dhisik ing kuburan. 5 Wektu mbungkuk lan nginguk ing njero kuburan, dhèwèké ndelok ana kain-kain linen ing kono, nanging dhèwèké ora mlebu ing kuburan kuwi. 6 Banjur Simon Pétrus teka nyusul dhèwèké lan mlebu ing kuburan kuwi. Pétrus ndelok ana kain-kain linen ing kono. 7 Kain sing mauné dienggo nutupi sirahé Yésus wis kegulung, nanging ora dadi siji karo kain-kain liyané. 8 Banjur murid sing teka luwih dhisik uga mlebu ing kuburan. Lan sakwisé ndelok, dhèwèké percaya. 9 Nanging murid-murid kuwi durung paham ayat ing Kitab Suci sing kandha nèk Yésus bakal urip manèh saka antarané wong mati. 10 Mula murid-murid kuwi padha mulih ing omahé dhéwé-dhéwé.
11 Nanging Maria tetep ngadeg ing njaba kuburan kuwi lan nangis. Karo nangis, dhèwèké mbungkuk lan nginguk ing njero kuburan, 12 banjur dhèwèké weruh malaékat loro sing nganggo klambi putih lagi lungguh ing panggonan sing mauné dienggo mapanké Yésus, siji lungguh ing bagéan sirahé, sijiné ing bagéan sikilé. 13 Malaékat kuwi takon, ”Ngapa kowé nangis?” Maria njawab, ”Ana sing njupuk Gustiku, lan aku ora ngerti Gustiku didèlèhké ing ngendi.” 14 Sakwisé ngomongké kuwi, Maria méngo lan ndelok Yésus ngadeg ing kono, nanging dhèwèké ora ngerti nèk kuwi Yésus. 15 Yésus takon marang Maria, ”Ngapa kowé nangis? Kowé nggolèki sapa?” Merga ngira nèk wong kuwi tukang kebon, Maria njawab, ”Pak, nèk panjenengan sing njupuk mayité, tulung kandhanana aku ing ngendi panjenengan ndèlèhké mayité, lan mengko bakal tak jupuk.” 16 Yésus kandha, ”Maria!” Maria banjur nolèh lan kandha marang Yésus nganggo basa Ibrani, ”Rabuni!” (sing tegesé ”Guru!”) 17 Yésus kandha, ”Aja nggondhèli aku terus, merga aku durung lunga marang Bapak. Nanging lungaa marang sedulur-sedulurku lan kandhanana wong-wong kuwi nèk aku bakal lunga marang Bapakku lan Bapakmu, marang Gusti Allahku lan Gusti Allahmu.” 18 Maria Magdaléna lunga lan ngandhani murid-murid, ”Aku wis ndelok Gusti!” Banjur dhèwèké nyritakké apa sing wis diomongké Yésus marang dhèwèké.
19 Ing wayah wengi dina kapisan minggu kuwi, murid-murid padha ngumpul lan ngancing lawang-lawangé merga wedi karo wong-wong Yahudi. Banjur Yésus njedhul lan ngadeg ing tengah-tengahé para muridé, terus kandha, ”Muga-muga kowé tentrem rahayu.” 20 Sakwisé ngomong kuwi, Yésus nduduhké tangané lan bagéan igané. Murid-murid seneng banget ndelok Gusti. 21 Yésus kandha manèh, ”Muga-muga kowé padha tentrem rahayu. Kaya Bapak wis ngutus aku, aku uga bakal ngutus kowé.” 22 Sakwisé ngomong kuwi, Yésus nyebulké napas marang murid-muridé lan kandha, ”Tampanana roh suci. 23 Nèk kowé ngapurani dosané wong, wong kuwi diapura. Nèk kowé ora ngapurani dosané wong, wong kuwi ora diapura.”
24 Nanging Tomas sing disebut Kembar, salah siji saka 12 rasul, ora ana karo para murid wektu Yésus teka. 25 Mula murid-murid liyané ngandhani dhèwèké, ”Aku kabèh wis ndelok Gusti!” Nanging Tomas kandha, ”Nèk aku durung ndelok bekas* paku ing tangané lan ndemèk bekas paku kuwi nganggo drijiku, uga nèk aku durung ndemèk bagéan igané, aku ora bakal percaya.”
26 Wolung dina sakwisé kuwi, para murid ngumpul manèh ing njero omah, lan Tomas uga ana ing kono. Senajan lawang-lawangé dikancing, Yésus njedhul lan ngadeg ing tengah-tengahé para murid, banjur kandha, ”Muga-muga kowé padha tentrem rahayu.” 27 Banjur Yésus kandha marang Tomas, ”Demèken tanganku nganggo drijimu, lan demèken bagéan igaku. Aja ragu-ragu manèh, nanging percayaa.” 28 Tomas kandha, ”Gustiku lan Allahku!”* 29 Yésus kandha, ”Apa kowé percaya merga wis ndelok aku? Bungah wong sing percaya senajan ora ndelok.”
30 Wis mesthi, ana akèh manèh mukjijat liyané sing digawé Yésus ing ngarepé murid-muridé, nanging ora ditulis ing gulungan iki. 31 Nanging perkara-perkara iki ditulis supaya kowé percaya nèk Yésus kuwi Kristus, Putrané Gusti Allah, lan merga kowé percaya, kowé isa nampa urip saklawasé liwat jenengé.
21 Sakwisé kuwi, Yésus ngétok manèh marang murid-muridé ing Laut Tiberias. Carané ngétok kaya ngéné. 2 Simon Pétrus, Tomas (sing disebut Kembar), Natanaèl saka kutha Kana ing Galiléa, anak-anaké Zébédéus, lan loro murid liyané lagi padha ngumpul ing kana. 3 Simon Pétrus kandha, ”Aku arep nggolèk iwak.” Sing liyané kandha, ”Aku mèlu.” Wong-wong kuwi banjur lunga numpak prau, nanging ing wengi kuwi padha ora éntuk apa-apa.
4 Wektu wis arep ésuk, Yésus ngadeg ing pinggir pantai, nanging murid-muridé ora ngerti nèk kuwi Yésus. 5 Yésus takon, ”Anak-anakku, apa kowé nduwé iwak kanggo dipangan?” Murid-murid njawab, ”Ora.” 6 Yésus kandha, ”Uncalna jala ing sisih tengené prau, lan kowé bakal éntuk iwak.” Mula murid-murid nguncalké jalané. Nanging merga saking akèhé iwak, murid-murid ora isa narik jalané. 7 Banjur murid sing ditresnani Yésus kandha marang Pétrus, ”Kuwi Gusti!” Wektu krungu nèk kuwi Gusti, Simon Pétrus banjur nganggo klambi njabané,* merga dhèwèké ora klambèn.* Sakwisé kuwi dhèwèké njegur ing laut. 8 Nanging, murid-murid liyané padha nyusul Pétrus numpak prau cilik karo nggèrèd jala sing kebak iwak kuwi, merga murid-murid kuwi ora adoh saka pantai, kira-kira mung 90 mèter.*
9 Sakwisé tekan pantai, murid-murid ndelok ana roti ing kono, lan iwak sing lagi dibakar ing ndhuwur geni. 10 Yésus banjur kandha, ”Gawanen mréné iwak sing bar kok tangkep mau, sithik waé.” 11 Mula Simon Pétrus munggah ing prau lan narik jala kuwi menyang pantai. Jala kuwi kebak iwak gedhé sing cacahé 153. Senajan iwaké akèh banget, jalané ora suwèk. 12 Yésus kandha marang murid-muridé, ”Ayo, padha sarapan.” Ora ana siji-sijia murid sing wani takon marang Yésus, ”Panjenengan sapa?” merga murid-murid ngerti nèk kuwi Gusti. 13 Yésus njupuk roti banjur mènèhké marang murid-muridé, semono uga iwaké. 14 Iki sing kaping teluné Yésus ngétok ing ngarepé murid-muridé sakwisé dhèwèké diuripké manèh saka antarané wong mati.
15 Wektu wong-wong kuwi wis rampung sarapan, Yésus takon marang Simon Pétrus, ”Simon anaké Yohanes, apa kowé nresnani aku ngluwihi kabèh iki?” Simon njawab, ”Ya, Gusti, panjenengan ngerti nèk aku nresnani panjenengan.” Yésus kandha marang Simon, ”Wènèhana mangan cempé-cempéku.” 16 Yésus takon manèh marang Simon Pétrus kanggo kaping pindhoné, ”Simon anaké Yohanes, apa kowé nresnani aku?” Simon njawab, ”Ya, Gusti, panjenengan ngerti nèk aku nresnani panjenengan.” Yésus kandha marang Simon, ”Engonen wedhus-wedhus cilikku.” 17 Yésus takon manèh marang Simon Pétrus kanggo kaping teluné, ”Simon anaké Yohanes, apa kowé nresnani aku?” Pétrus dadi sedhih banget, merga Yésus takon nganti ping telu, ”Apa kowé nresnani aku?” Mula Pétrus njawab, ”Gusti, panjenengan ngerti sakabèhé. Panjenengan ngerti nèk aku nresnani panjenengan.” Yésus kandha, ”Wènèhana mangan wedhus-wedhus cilikku. 18 Saktenané aku kandha marang kowé, wektu kowé isih enom, kowé biasa nganggo klambi dhéwé lan lunga menyang ngendi waé sing kok péngini. Nanging wektu kowé wis tuwa, kowé bakal ngegarké tanganmu lan wong liya bakal nganggokké klambi marang kowé, lan nggawa kowé ing panggonan sing ora kok karepké.” 19 Yésus ngomongké kuwi kanggo nduduhké carané Pétrus bakal mati kanggo ngluhurké Gusti Allah. Sakwisé ngomongké kuwi, Yésus kandha marang Pétrus, ”Terusa mèlu aku.”
20 Pétrus méngo lan ndelok murid sing ditresnani Yésus, ngetutké Yésus karo Pétrus. Murid kuwi wong sing lungguh ing cedhaké Yésus wektu perjamuan ing wayah wengi lan sing takon, ”Gusti, sapa sing bakal ngianati panjenengan?” 21 Wektu ndelok murid kuwi, Pétrus takon marang Yésus, ”Gusti, nèk dhèwèké piyé?” 22 Yésus kandha marang Pétrus, ”Nèk aku péngin supaya dhèwèké tetep urip nganti aku teka, ngapa kowé nguwatirké bab kuwi? Nanging kowé, terusa mèlu aku.” 23 Mula, ing antarané para sedulur ana kabar nèk murid kuwi ora bakal mati. Padahal Yésus ora ngomong nèk murid kuwi ora bakal mati, nanging Yésus ngomong, ”Nèk aku péngin supaya dhèwèké tetep urip nganti aku teka, ngapa kowé nguwatirké bab kuwi?”
24 Dhèwèké kuwi murid sing mènèhi kesaksian lan sing nulis bab kabèh iki, lan awaké dhéwé ngerti nèk kesaksiané pancèn bener.
25 Sakjané, isih ana akèh manèh sing ditindakké Yésus. Nanging nèk kabèh ditulis siji-siji, tak kira donya iki ora bakal amot kanggo ngwadhahi gulungan-gulungan sing ditulis kuwi.
Utawa ”pribadi ilahi”.
Utawa ”ing dhadhané Bapak”. Maksudé, panggonan istiméwa sing nduduhké hubungan sing akrab.
Lit.: ”jam kasepuluh”.
Utawa ”Wong wadon”. Iki dudu sebutan sing ngrèmèhké.
Mungkin takeran bat sing akèhé 22 L.
Lit.: ”tandhané”.
Lit.: ”tandha”.
Lit.: ”tandha”.
Utawa mungkin ”dilairké saka ndhuwur”.
Utawa ”siji-sijiné Putra sing digawé langsung karo Gusti Allah dhéwé”.
Utawa ”ora kebukak”.
Lit.: ”ndèlèhké meterainé”.
Utawa ”tanpa ditaker”.
Lit.: ”Gusti”.
Utawa ”sumber banyu”.
Lit.: ”jam kaenem”.
Utawa ”asalé saka”.
Lit.: ”tandha”.
Utawa ”wis urip”.
Utawa ”wis urip”.
Lit.: ”jam kapitu”.
Lit.: ”tandhané”.
Ana terjemahan-terjemahan Alkitab sing nulis ayat iki, nanging ayat iki ora ditemokké ing manuskrip-manuskrip Yunani kuna sing isa dipercaya.
Utawa ”paturonmu”.
Utawa ”nduwé anugrah urip ing Panjenengané”.
Lit.: ”kuburan kanggo ngéling-éling”.
Maksudé, Gusti Allah.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”kira-kira 25 utawa 30 setadi”.
Lit.: ”tandha”.
Lit.: ”tandha”.
Utawa ”langit”.
Lit.: ”ora nduwé urip ing awakmu”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Lit.: ”Apa iki nggawé kowé kesandhung?”
Utawa ”iblis”.
Utawa ”Riyaya Tarub”.
Lit.: ”donya”.
Lit.: ”tulisan-tulisan”.
Maksudé, sekolah kanggo para rabi.
Ayat 53 nganti bab 8 ayat 11 ora disebutké ing sapérangan manuskrip kuno sing isa dipercaya.
Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”ndelok”.
Lit.: ”gawéané”.
Lit.: ”mbukak mripaté”.
Lit.: ”tandha”.
Lit.: ”dibukak”.
Lit.: ”mbukak mripaté”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Lit.: ”mbukak mripatmu”.
Lit.: ”mbukak mripatku”.
Utawa ”jiwané”.
Utawa ”jiwaku”.
Utawa ”jiwaku”.
Lit.: ”mbukak mripaté”.
Utawa ”nyawiji”.
Utawa ”kaya allah”.
Lit.: ”tandha”.
Lit.: ”kira-kira 15 setadi”.
Lit.: ”mbukak mripaté”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”tandha”.
Utawa ”sak pon”. 1 pon Romawi kira-kira 327 g.
Narwastu kuwi tanduran sing oyod lan gagangé wangi.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”tandha”.
Utawa ”jiwané”.
Lit.: ”nyirnakké”.
Lit.: ”sengit marang”.
Utawa ”jiwaku”.
Lit.: ”tandha”.
Lit.: ”lengené”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Lit.: ”ndèlèhké niat ing atiné”.
Lit.: ”pola”.
Lit.: ”wis ngangkat tungkaké nglawan aku”.
Lit.: ”ing dhadhané”.
Utawa ”jiwaku”.
Utawa ”jiwamu”.
Utawa ”panglipur”.
Utawa ”kaya yatim piatu”.
Utawa ”ora salah”.
Utawa ”panglipur”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”panglipur”.
Tembung ”dhèwèké” ing ayat 13 lan 14 iki maksudé ”juru tulung” sing disebutké sakdurungé ing ayat 7. Yésus nggunakké tembung ”juru tulung” kanggo mbandhingké roh suci kaya wong, nanging roh suci kuwi tenaga.
Lit.: ”sedhih”.
Utawa ”kudu éntuk pangertèn bab”. Tembung kriya (kata kerja) Yunaniné nduduhké prosès sing terus-terusan.
Utawa ”manungsa”.
Utawa ”dikenal karo”.
Utawa ”manut marang”.
Utawa ”nyawiji”.
Utawa ”nyawiji”.
Lit.: ”putra karusakan”.
Maksudé, Sétan.
Utawa ”disampurnakké dadi siji”.
Maksudé, wiwit anak-anaké Adam lan Hawa dilairké.
Utawa ”lembah musim dingin Kidron”.
Utawa ”wrangkané”.
Cawan nglambangké kersané Gusti Allah sing ngejarké Yésus mati merga tudhuhan palsu yaiku ngrèmèhké Gusti Allah.
Utawa ”nalèni tangané”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”wènèhana kesaksian”.
Utawa ”dudu penjahat”.
Utawa ”matèni dhèwèké ing cagak”.
Utawa ”ngukum mati kowé ing cagak?”
Utawa ”omongan nglawan”.
Lit.: ”jam kaenem”.
Deloken ”Cagak paukuman” ing Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”masrahké rohé”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”diremuk”.
Utawa mungkin ”sak gulungan”.
Utawa ”100 pon”. Maksudé, pon Romawi.
Utawa ”dihukum mati ing cagak”.
Utawa ”tandha”.
Yésus disebut Allah merga dhèwèké kuwi Wakilé Yéhuwah lan omongan makili Yéhuwah.
Utawa ”nggubedké klambi njabané ing pinggang.”
Lit.: ”wuda”.
Lit.: ”kira-kira 200 hasta”.