SURAT KANGGO JEMAAT ING ROMA
1 Surat saka Paulus, budhaké Kristus Yésus sing dipilih kanggo dadi rasul, lan dipisahké kanggo martakké kabar apik saka Gusti Allah, 2 sing wis dijanjèkké Panjenengané ing Kitab Suci liwat nabi-nabiné, 3 yaiku bab Putrané sing lair dadi manungsa saka keturunané* Daud. 4 Liwat kuwasané roh suci, Putra diuripké manèh saka antarané wong mati, lan kuwi mbuktèkké nèk dhèwèké Putrané Gusti Allah. Dhèwèké kuwi Yésus Kristus, Gusti kita. 5 Liwat dhèwèké, aku* nampa welas asih sing nggumunké* lan didadèkké rasul, supaya kabèh bangsa isa nduwé iman lan manut marang dhèwèké kanggo ngluhurké jenengé. 6 Kowé klebu ing antarané bangsa-bangsa kuwi, lan Gusti Allah uga milih kowé kanggo dadi duwèké Yésus Kristus. 7 Surat iki kanggo kabèh wong ing Roma sing ditresnani Gusti Allah, sing dipilih kanggo dadi wong-wong suci.
Muga-muga kowé padha nampa welas asih sing nggumunké* lan katentreman saka Gusti Allah, Bapak kita, lan saka Gusti Yésus Kristus.
8 Sing kapisan, nganggo jenengé Yésus Kristus, aku ngucap sokur marang Gusti Allah merga imanmu, sebab wong-wong ing ngendi-endi padha ngomongké bab imanmu. 9 Aku saktulusé ati nindakké tugas suci marang Gusti Allah, nganggo cara martakké kabar apik bab Putrané. Gusti Allah ngerti tenan nèk aku terus nyebutké kowé ing donga-dongaku. 10 Aku nyuwun supaya aku nduwé kesempatan kanggo marani kowé, nèk pancèn kuwi kersané Gusti Allah. 11 Aku péngin banget ketemu karo kowé, supaya aku isa ngedum berkah saka Gusti Allah kanggo nguwatké kowé. 12 Maksudku, supaya kita isa padha nguwatké siji lan sijiné. Aku dikuwatké merga imanmu, lan kowé dikuwatké merga imanku.
13 Sedulur-sedulur, aku péngin kowé kabèh padha ngerti nèk aku wis bola-bali péngin marani kowé, nanging mesthi ana alangan. Aku arep mara merga péngin éntuk hasil sing apik saka gawéan nginjilku ing antaramu, kaya sing wis tak tindakké ing antarané bangsa-bangsa. 14 Aku nduwé kewajiban* marang wong Yunani lan wong asing,* marang wong sing sekolahé dhuwur lan sing ora. 15 Mula aku uga péngin banget martakké kabar apik marang kowé kabèh ing Roma. 16 Aku ora isin martakké kabar apik kuwi, merga kuwi bukti kuwasané Gusti Allah kanggo nylametké kabèh wong sing nduwé iman, sing wiwitan kanggo wong Yahudi, banjur kanggo wong Yunani. 17 Liwat kabar apik kuwi, wong-wong sing nduwé iman isa ndelok nèk Gusti Allah kuwi bener,* lan wong-wong kuwi saya dikuwatké imané, padha kaya ayat sing kandha, ”Merga nduwé iman, wong sing bener bakal tetep urip.”
18 Murkané Gusti Allah diduduhké saka swarga marang wong-wong sing ora manut marang Panjenengané lan wong-wong sing ora bener, sing ngalang-alangi wong-wong liya supaya ora ngerti apa sing bener. 19 Wong-wong kuwi kuduné ngerti bab Gusti Allah, merga Gusti Allah wis maringi bukti sing nyata. 20 Wiwit donya iki digawé, manungsa isa ndelok kanthi cetha sipat-sipaté Gusti Allah sing ora kétok, yaiku kuwasané sing langgeng lan nèk Panjenengané bener-bener Gusti Allah, merga sipat-sipat kuwi isa dipahami saka perkara-perkara sing digawé. Mula, wong-wong kuwi ora isa alesan manèh. 21 Senajan ngerti bab Gusti Allah, wong-wong kuwi ora ngluhurké utawa ngucap sokur marang Panjenengané. Pikirané wong-wong kuwi ora ana gunané, lan atiné sing ora tanggap dadi peteng. 22 Senajan ngakuné wicaksana, wong-wong kuwi sakjané bodho. 23 Wong-wong kuwi ora ngluhurké Gusti Allah sing ana saklawasé,* nanging malah ngluhurké patung-patung sing wujudé kaya manungsa sing isa mati, kaya manuk, kaya kéwan sikil papat, lan kaya kéwan sing nggremet* ing bumi.
24 Mula, merga wong-wong kuwi péngin nindakké pepénginané dhéwé, Gusti Allah ngejarké wong-wong kuwi nindakké perkara-perkara sing najis lan sing ngisin-isinké badané wong-wong kuwi dhéwé. 25 Wong-wong kuwi milih kanggo percaya marang apus-apus ketimbang marang apa sing bener bab Gusti Allah. Wong-wong kuwi nyembah lan ngabdi marang apa sing digawé Gusti Allah, lan ora ngabdi marang Sing Nggawé, sing kuduné diluhurké saklawasé. Amin. 26 Kuwi sebabé Gusti Allah ngejarké wong-wong kuwi nuruti nafsu sèks sing ora isa dikendhalèni. Sing wadon nindakké hubungan sing ora lumrah, 27 lan sing lanang ora nindakké hubungan karo wong wadon kaya saklumrahé, nanging ngumbar nafsuné marang wong sing padha-padha lanangé. Tumindaké wong-wong kuwi njijiki, mula wong-wong kuwi bakal éntuk hukuman* sing boboté padha karo kesalahané.
28 Merga wong-wong kuwi ora ngakoni Gusti Allah,* Gusti Allah ngejarké pikirané wong-wong kuwi dadi rusak, mula wong-wong kuwi nindakké perkara-perkara sing ora patut. 29 Wong-wong kuwi kebak karo apa sing ora bener, kejahatan, sipat srakah,* lan bab-bab sing ala. Wong-wong kuwi seneng iri, matèni, padu, ngapusi, lan nduwé niat jahat, uga seneng ngrasani,* 30 ngèlèk-èlèk wong, sengit marang Gusti Allah, kurang ajar, sombong, seneng umuk, nggawé rencana jahat, ora manut karo wong tuwa, 31 ora nduwé pangertèn, mblénjani janji, ora nduwé katresnan marang anggota keluarga, lan ora nduwé welas asih. 32 Senajan wong-wong kuwi ngerti tenan nèk miturut hukumé Gusti Allah sing adil, wong-wong sing nindakké perkara-perkara mau pantes mati, nanging wong-wong kuwi tetep nindakké kuwi, lan malah setuju karo wong-wong sing terus nindakké kuwi.
2 Mula embuh kowé kuwi sapa, kowé ora nduwé alesan kanggo ngadili wong liya. Nèk kowé ngadili wong liya, kowé ngukum awakmu dhéwé, merga kowé dhéwé nindakké sing padha. 2 Kita ngerti nèk Gusti Allah ngadili wong sing terus nindakké perkara-perkara kuwi, lan pengadilané Gusti Allah cocog karo apa sing bener.
3 Kowé ngadili wong sing terus nindakké perkara-perkara kuwi, nanging kowé dhéwé nindakké kuwi. Apa kok pikir kowé isa luput saka pengadilané Gusti Allah? 4 Apa kowé ngrèmèhké sipat-sipaté Gusti Allah sing diduduhké kanthi lubèr, yaiku sipat apik atiné, toléransiné, lan kesabarané? Apa kowé ora ngerti nèk Gusti Allah wis apikan lan lagi mbantu kowé supaya mertobat? 5 Merga kowé ndableg lan atimu ora mertobat, kowé numpuk murkané Gusti Allah kanggo awakmu dhéwé. Gusti Allah bakal nduduhké murkané ing dina pengadilané sing bener. 6 Gusti Allah bakal mbales saben wong miturut tumindaké: 7 kanggo wong sing nggolèk kamulyan lan kaurmatan, lan sing tekun nindakké apa sing apik, bakal nampa urip saklawasé lan badan sing ora bakal rusak. 8 Nanging kanggo wong sing seneng padu lan ora manut karo apa sing bener, nanging malah manut karo sing salah, bakal nampa hukuman lan murkané Gusti Allah. 9 Bakal ana kasangsaran lan kasusahan kanggo saben wong* sing nindakké apa sing jahat, sing kapisan kanggo wong Yahudi, banjur uga kanggo wong Yunani. 10 Nanging bakal ana kamulyan, kaurmatan, lan katentreman kanggo saben wong sing nindakké apa sing apik, sing kapisan kanggo wong Yahudi, banjur uga kanggo wong Yunani. 11 Merga Gusti Allah ora pilih kasih.
12 Kabèh wong sing nindakké dosa tanpa ngerti hukum, bakal mati senajan ora ngerti hukum, nanging kabèh wong sing nindakké dosa lan ngerti hukum, bakal diadili miturut hukum. 13 Dudu wong sing ngrungokké hukum sing dianggep bener karo Gusti Allah, nanging wong sing nindakké hukum. 14 Nèk wong-wong saka bangsa liya sing ora nduwé hukum nindakké apa sing ana ing hukum, kuwi tegesé ana hukum ing njero atiné. 15 Liwat tumindaké, wong-wong kuwi nduduhké nèk hukum kuwi katulis ing njero atiné. Hati nuraniné wong-wong kuwi mènèhi kesaksian bareng wong-wong kuwi, lan pikirané wong-wong kuwi ngandhani apa wong-wong kuwi tumindak salah apa ora. 16 Iki bakal kelakon ing dina wektu Gusti Allah liwat Kristus Yésus ngadili bab-bab sing didhelikké manungsa, miturut kabar apik sing tak wartakké.
17 Kowé disebut wong Yahudi, kowé uga ngendelké hukum, kowé seneng dadi umaté Allah, 18 lan kowé ngerti kersané Gusti Allah, lan isa mbédakké perkara-perkara sing penting merga kowé wis diwulang* bab Hukum Musa, 19 lan kowé yakin nèk kowé kuwi penuntuné wong wuta, pepadhang kanggo wong sing ana ing pepeteng, 20 sing mulang wong bodho, lan guru kanggo bocah-bocah. Kowé uga paham bab dhasar-dhasaré pangertèn lan bab apa sing bener ing Hukum Musa. 21 Nanging kowé, sing mulang wong liya, ngapa kowé ora mulang awakmu dhéwé? Kowé kandha, ”Aja nyolong,” nanging ngapa kowé dhéwé kok nyolong? 22 Kowé kandha, ”Aja laku jina,” nanging ngapa kowé dhéwé kok laku jina? Kowé jijik marang brahala, nanging ngapa kowé dhéwé ngrampok kuil-kuil? 23 Kowé seneng merga nduwé hukum, nanging ngapa kowé ngrèmèhké Gusti Allah nganggo cara nglanggar Hukum Musa? 24 Iki cocog karo ayat sing kandha nèk ”asmané Gusti Allah dirèmèhké ing antarané bangsa-bangsa merga kowé”.
25 Sakjané, sunat ana gunané nèk kowé nindakké hukum. Nanging nèk kowé nglanggar hukum, kowé padha waé kaya ora disunat. 26 Nèk wong sing ora disunat nindakké préntahé Gusti Allah ing Hukum Musa, wong kuwi kan uga bakal dianggep dadi wong sing disunat, ta? 27 Wektu wong sing ora disunat nindakké Hukum Musa, tumindaké kuwi nduduhké nèk kowé salah, merga kowé nduwé hukum sing ditulis lan wis disunat nanging nglanggar hukum. 28 Dadi wong Yahudi sing sejati kuwi ora merga penampilané utawa merga disunat. 29 Nanging, dadi wong Yahudi sing sejati kuwi merga atiné. Sunaté ana ing atiné miturut roh suci, dudu miturut hukum sing ditulis. Pujian kanggo wong kuwi teka saka Gusti Allah, dudu saka manungsa.
3 Mula, apa paédahé dadi wong Yahudi utawa disunat? 2 Ana akèh banget. Sing paling utama, pangandika suciné Gusti Allah dipercayakké marang wong-wong kuwi. 3 Nanging, piyé nèk sapérangan wong Yahudi ora nduwé iman? Apa kuwi tegesé Gusti Allah ora setya? 4 Ora mungkin kaya ngono! Senajan kabèh wong tukang ngapusi, Gusti Allah mesthi bener, kaya sing wis ditulis, ”Mula, Panjenengan kebukti bener wektu Panjenengan ngendika, lan menang wektu Panjenengan diadili.” 5 Nanging, piyé nèk tumindak kita sing salah malah nduduhké nèk Gusti Allah kuwi bener? Apa Gusti Allah ora adil nèk ngukum kita? (Kuwi cara mikiré sapérangan wong.) 6 Nanging kuwi ora mungkin! Nèk Gusti Allah ora adil, piyé Panjenengané bakal ngadili donya?
7 Nèk aku ngapusi, lan omonganku sing ngapusi kuwi malah nduduhké nèk pangandikané Gusti Allah kuwi bener lan nggawé wong-wong dadi padha ngluhurké Panjenengané, ngapa aku disebut wong dosa? 8 Ngapa aku kabèh ora kandha, ”Ayo kita nindakké kejahatan supaya ngasilké bab sing apik”? Sapérangan wong nudhuh aku kabèh ngomong kaya ngono. Pancèn, wong-wong kuwi pantes dihukum.
9 Nèk ngono, apa kita luwih apik ketimbang liyané? Babar blas ora! Kaya sing wis tau tak sebutké, wong Yahudi lan wong Yunani padha-padha dikuwasani dosa. 10 Iki cocog karo ayat sing kandha, ”Ora ana wong sing bener, siji waé ora ana. 11 Ora ana sing nduwé pangertèn, lan ora ana sing nggolèki Gusti Allah. 12 Kabèh wong wis nyimpang, kabèh wong kuwi wis ora ana gunané. Ora ana sing tumindak apik, siji waé ora ana.” 13 ”Tenggorokané wong-wong kuwi kaya kuburan sing menga. Wong-wong kuwi ngapusi nganggo ilaté.” ”Racuné ula ana ing lambéné.” 14 ”Cangkemé wong-wong kuwi kebak karo kutukan lan rasa sengit.” 15 ”Sikilé wong-wong kuwi cepet banget kanggo matèni.”* 16 ”Dalan-dalané wong-wong kuwi nyebabké karusakan lan kasangsaran, 17 wong-wong kuwi uga ora ngerti dalan katentreman.” 18 ”Wong-wong kuwi ora wedi marang Gusti Allah.”
19 Kita ngerti nèk kabèh bab sing dikandhakké ing hukum Taurat kuwi kanggo wong-wong sing nindakké hukum Taurat, mula ora ana sing isa alesan lan kabèh wong ing sak donya pantes dihukum Gusti Allah. 20 Kuwi sebabé, ora ana siji-sijia sing bakal dianggep bener ing ngarsané Panjenengané kanthi cara nindakké hukum. Merga hukum kuwi malah nggawé kita ngerti tenan bab dosa.
21 Saiki, cetha nèk wong isa dianggep bener ing ngarsané Gusti Allah tanpa nindakké hukum, kaya sing wis dikandhakké ing Hukum Musa lan Tulisan Para Nabi. 22 Kabèh wong sing nduwé iman isa dianggep bener ing ngarsané Gusti Allah merga nduwé iman marang Yésus Kristus. Gusti Allah ora mbédak-mbédakké wong. 23 Kabèh wong wis dosa lan ora isa mantulké kamulyané Gusti Allah, 24 nanging wong-wong kuwi dibébaské nganggo tebusan sing dibayar Kristus Yésus, mula wong-wong kuwi dianggep bener. Iki anugrah sing diparingké Gusti Allah merga welas asihé sing nggumunké.* 25 Gusti Allah wis ngurbanké Kristus supaya wong isa rukun karo Panjenengané liwat imané wong kuwi marang getihé Kristus. Gusti Allah nindakké iki kanggo nduduhké nèk Panjenengané kuwi bener, merga Panjenengané kanthi sabar* ngapurani dosa-dosa sing ditindakké wong ing jaman mbiyèn. 26 Gusti Allah uga nduduhké nèk Panjenengané tetep bener ing jaman saiki, kanthi cara nganggep bener wong sing nduwé iman marang Yésus.
27 Mula apa sing isa kita banggakké? Babar blas ora ana. Apa sebabé? Apa merga hukum sing ngutamakké tumindaké wong? Ora, nanging merga hukum sing ngutamakké iman. 28 Kanggo kita, wong dianggep bener merga nduwé iman, ora merga nindakké hukum. 29 Apa Panjenengané kuwi mung Gusti Allahé wong Yahudi waé? Panjenengané kan ya Gusti Allahé bangsa-bangsa liya, ta? Ya, Panjenengané uga Gusti Allahé bangsa-bangsa liya. 30 Gusti Allah kuwi siji. Mula, wong sing disunat lan sing ora disunat bakal dianggep bener karo Panjenengané nèk wong kuwi nduwé iman. 31 Nèk ngono, apa iki tegesé kita ngilangké hukum nèk kita nduwé iman? Ora babar blas! Kita malah ndhukung hukum.
4 Nèk ngono, Abraham, yaiku bapak leluhur kita, éntuk apa? 2 Nèk Abraham dianggep bener merga tumindaké, dhèwèké nduwé alesan kanggo bangga. Nanging ing ngarsané Gusti Allah, dhèwèké ora nduwé alesan kanggo bangga. 3 Ana ayat sing kandha, ”Abraham nduwé iman marang Yéhuwah, mula dhèwèké dianggep bener.” 4 Nèk wong sing nyambut gawé diwènèhi bayaran, kuwi dudu merga majikané apikan, nanging merga wong kuwi pancèn pantes nampa bayaran. 5 Nanging miturut Gusti Allah, nèk wong nduwé iman lan ora ngendelké tumindaké dhéwé, wong kuwi dianggep bener merga imané, senajan dhèwèké kuwi wong dosa. 6 Daud uga ngomongké bab kabungahané wong sing dianggep bener karo Gusti Allah senajan tumindaké ora padha persis karo hukum. Daud kandha, 7 ”Bungah wong sing kesalahané diapura lan dosané dibusak.* 8 Bungah wong sing dosané babar blas ora diéling-éling Yéhuwah.”
9 Apa kabungahan kuwi mung kanggo wong sing disunat utawa uga kanggo wong sing ora disunat? Kaya sing wis dikandhakké sakdurungé, ”Merga nduwé iman, Abraham dianggep bener.” 10 Kapan Gusti Allah nganggep Abraham bener? Sakwisé Abraham disunat utawa sakdurungé? Sakjané Abraham durung disunat wektu Gusti Allah nganggep dhèwèké bener. 11 Gusti Allah ndhawuhi dhèwèké disunat lan iki dadi tandha* kanggo nduduhké nèk Abraham dianggep bener merga dhèwèké wis nduwé iman sakdurungé disunat. Mula Abraham dadi bapaké kabèh wong sing nduwé iman senajan wong-wong kuwi ora disunat, lan kabèh wong kuwi dianggep bener karo Gusti Allah. 12 Dadi, Abraham, bapak kita, ora mung bapaké kabèh wong sing disunat, nanging uga bapaké kabèh wong sing bener-bener niru imané, yaiku iman sing diduwèni wektu Abraham durung disunat.
13 Abraham utawa keturunané* nampa janji nèk dhèwèké bakal éntuk warisan sawijiné donya,* merga dhèwèké nduwé iman lan dianggep bener, dudu merga nindakké hukum. 14 Nèk sing éntuk warisan kuwi wong sing nindakké hukum, iman dadi tanpa guna lan janji kuwi dadi ora ana artiné. 15 Nyatané, hukum Taurat ngasilké murkané Gusti Allah, nanging nèk ora ana hukum, ora ana sing dilanggar.
16 Dadi merga iman, miturut welas asihé Gusti Allah sing nggumunké,* kabèh keturunané* Abraham mesthi bakal nampa janji kuwi, ora mung wong sing nindakké Hukum Musa nanging uga wong sing nduwé iman kaya Abraham, bapak kita kabèh. 17 (Iki cocog karo ayat sing isiné, ”Aku wis ndadèkké kowé bapaké akèh bangsa.”) Janjiné Gusti Allah mesthi kelakon, lan Abraham nduwé iman marang Gusti Allah, merga Gusti Allah nguripké manèh wong mati lan ngendika bab perkara-perkara sing durung kelakon, kaya-kayané kuwi wis kelakon.* 18 Senajan kétoké ora mungkin, nanging Abraham ngarep-arep lan nduwé iman nèk dhèwèké bakal dadi bapaké akèh bangsa. Dhèwèké percaya karo omongan, ”Semono akèhé bakalé keturunanmu* sukmbèn.” 19 Imané ora dadi kendho, senajan dhèwèké mikir nèk ora isa nduwé anak merga umuré kira-kira wis 100 taun lan bojoné yaiku Sara mandhul. 20 Dhèwèké nduwé iman marang janjiné Gusti Allah, mula dhèwèké babar blas ora ragu. Imané dadi saya kuwat, mula dhèwèké ngluhurké Gusti Allah 21 lan bener-bener yakin nèk Gusti Allah mesthi sanggup nindakké kabèh janjiné. 22 Kuwi sebabé, ”dhèwèké dianggep bener”.
23 Sakjané, tembung ”dhèwèké dianggep bener” kuwi ditulis ora mung kanggo dhèwèké waé, 24 nanging uga kanggo kita. Kita bakal dianggep bener merga kita percaya marang Gusti Allah, sing wis nguripké Yésus, Gusti kita, saka antarané wong mati. 25 Gusti Allah ngejarké Yésus dipatèni kanggo dosa-dosa kita, lan Gusti Allah nguripké manèh Yésus supaya kita isa dianggep bener.
5 Saiki, kita wis dianggep bener merga nduwé iman. Mula, ayo kita ngrasakké hubungan sing rukun* karo Gusti Allah liwat Gusti kita, Yésus Kristus. 2 Merga nduwé iman marang Kristus, dalan kebukak kanggo kita supaya isa nampa welas asih sing nggumunké,* sing saiki kita rasakké. Mula, ayo kita padha bungah* merga nduwé pangarep-arep dimulyakké Gusti Allah. 3 Ora mung kuwi, nanging ayo kita padha bungah* wektu ngalami sengsara, merga kita ngerti nèk sengsara isa nggawé kita tekun. 4 Banjur nèk kita tekun, kuwi bakal nggawé bungahé Gusti Allah, lan nèk Gusti Allah bungah marang kita, kita nduwé pangarep-arep. 5 Pangarep-arep kuwi ora bakal nggawé kita gela, merga Gusti Allah nggunakké roh suciné sing diparingké marang kita kanggo nduduhké nèk Panjenengané nresnani kita.
6 Malah, wektu kita isih dosa,* Kristus mati kanggo wong-wong dosa ing wektu sing wis ditemtokké Gusti Allah. 7 Arang banget ana wong sing lila mati kanggo wong bener. Nanging kanggo wong sing apik, mungkin ana wong sing gelem mati. 8 Senajan ngono, Kristus mati kanggo kita wektu kita isih dosa. Nganggo cara kuwi Gusti Allah nduduhké nèk Panjenengané nresnani kita. 9 Mula, merga kita wis dianggep bener karo Gusti Allah liwat getihé Kristus, kita yakin nèk liwat Kristus, kita bakal dislametké saka murkané Gusti Allah. 10 Wektu kita isih dadi mungsuh waé kita dirukunké karo Gusti Allah liwat sédané Putrané, apa manèh saiki, sakwisé kita dirukunké karo Gusti Allah, kita mesthi luwih yakin nèk kita bakal dislametké merga saiki Kristus urip. 11 Nanging ora mung kuwi, kita uga bungah merga nduwé hubungan sing apik karo Gusti Allah liwat Gusti kita, Yésus Kristus. Liwat Yésus kita dirukunké karo Gusti Allah.
12 Padha kaya dosa mlebu ing donya liwat wong siji, lan pati mlebu liwat dosa, pati nyebar marang kabèh wong merga kabèh wong wis dosa. 13 Dosa wis ana ing donya sakdurungé ana hukum Taurat, nanging ora ana wong siji-sijia sing isa ditudhuh nindakké dosa nèk ora ana hukum. 14 Senajan ngono, wiwit Adam nganti tekan Musa, pati mréntah dadi raja, malah tumrap wong-wong sing ora nindakké dosa sing padha kaya pelanggarané Adam. Adam mirip karo wong sing bakal teka.
15 Anugrahé Gusti Allah béda karo pelanggaran kuwi. Nèk pelanggarané wong siji nggawé akèh wong dadi mati, kita mesthi luwih yakin nèk welas asihé Gusti Allah sing nggumunké* lan anugrahé, sing diparingké liwat welas asih sing nggumunké saka wong siji, yaiku Yésus Kristus, mènèhi paédah kanggo akèh wong. 16 Paédahé anugrah kuwi uga béda karo akibat saka dosané wong siji kuwi. Pelanggaran siji kuwi nggawé kabèh wong dianggep salah, nanging anugrah kuwi, sing diwènèhké merga akèhé pelanggaran, nggawé akèh wong dianggep bener. 17 Nèk kita waé yakin pati mréntah dadi raja liwat wong siji, kita mesthi luwih yakin nèk wong-wong bakal urip lan mréntah dadi raja uga liwat wong siji, yaiku Yésus Kristus, merga wong-wong kuwi éntuk welas asih sing nggumunké* sing lubèr, uga anugrah sing lubèr sing nggawé wong-wong kuwi dianggep bener.
18 Mula, padha kaya pelanggaran siji nggawé kabèh wong dianggep salah, semono uga tumindak bener siji isa nggawé kabèh wong dianggep bener, mula wong-wong kuwi nampa urip. 19 Padha kaya wong siji sing ora manut marang Gusti Allah nyebabké akèh wong dadi dosa, semono uga wong siji sing manut marang Gusti Allah nggawé akèh wong dianggep bener. 20 Hukum Taurat diwènèhké kanggo nduduhké akèhé pelanggaran. Nanging merga dosa sing saya akèh, welas asihé Gusti Allah sing nggumunké* uga saya akèh. 21 Kanggo tujuan apa? Padha kaya dosa lan pati mréntah dadi raja, welas asihé Gusti Allah sing nggumunké* uga mréntah dadi raja, mula wong isa dianggep bener lan nampa urip saklawasé liwat Yésus Kristus, Gusti kita.
6 Terus piyé? Apa kita bakal terus nindakké dosa supaya welas asihé Gusti Allah sing nggumunké* saya akèh? 2 Mesthiné ora! Kita kan wis mati ing bab dosa,* mula apa mungkin kita terus urip ing dosa? 3 Utawa apa kowé ora ngerti nèk kita kabèh sing wis dibaptis lan saiki wis nyawiji karo Kristus Yésus, uga dibaptis ing sédané? 4 Merga kita wis dibaptis ing sédané, kita wis dikubur bareng dhèwèké. Mula, kita isa ngrasakké urip sing anyar, padha kaya Kristus sing wis diuripké manèh saka antarané wong mati liwat kuwasané* Bapak. 5 Nèk kita mati kaya dhèwèké, kita uga mesthi bakal diuripké manèh kaya dhèwèké, lan nganggo cara iki kita nyawiji karo dhèwèké. 6 Kita ngerti nèk kepribadian kita sing lawas wis dipaku ing cagak bareng karo dhèwèké, supaya badan kita sing dosa ora nguwasani manèh, lan kita ora dadi budhaké dosa manèh. 7 Merga nèk wong wis mati, wong kuwi wis dibébaské* saka dosané.
8 Sakliyané kuwi, nèk kita mati bareng karo Kristus, kita yakin nèk kita uga bakal urip bareng dhèwèké. 9 Kita ngerti nèk Kristus, sakwisé diuripké manèh saka antarané wong mati, Kristus ora mati manèh, lan pati ora nguwasani dhèwèké manèh. 10 Merga séda sing dhèwèké alami mbiyèn, kuwi dialami sepisan kanggo saklawasé demi ngilangi dosa, nanging uripé saiki kanggo nindakké kersané Gusti Allah. 11 Semono uga karo kowé kabèh, anggepen awakmu mati ing bab dosa, nanging urip kanggo nindakké kersané Gusti Allah liwat Kristus Yésus.
12 Dadi, aja nganti dosa mréntah kowé kaya raja ing badanmu sing isa mati, supaya kowé ora nuruti manèh pepénginané. 13 Aja padha terus masrahké badanmu marang dosa kanggo nindakké apa sing salah, nanging awakmu pasrahna marang Gusti Allah, kaya wong-wong sing mbiyèn mati lan saiki wis urip manèh. Pasrahna uga badanmu marang Gusti Allah kanggo nindakké apa sing bener. 14 Kowé wis ora dipréntah hukum Taurat manèh, nanging kowé wis nampa welas asihé Gusti Allah sing nggumunké,* mula dosa ora dadi majikanmu manèh.
15 Terus, apa kesimpulané? Merga kita wis ora dipréntah hukum Taurat manèh nanging wis nampa welas asihé Gusti Allah sing nggumunké,* apa kita bakal tumindak dosa? Aja nganti kaya ngono! 16 Apa kowé ora ngerti nèk kowé manut terus karo wong, kuwi tegesé kowé dadi budhaké wong kuwi? Nèk kowé budhaké dosa, kowé bakal mati. Nanging nèk kowé budhaké Gusti Allah lan manut karo Panjenengané, kowé bakal dianggep bener. 17 Aku ngucap sokur marang Gusti Allah merga senajan kowé mbiyèné budhak dosa, saiki kowé kanthi saktulusé ati manut piwulang* sing diparingké marang kowé. 18 Merga kowé kabèh wis dibébaské saka dosa, kowé dadi budhaké Gusti Allah lan nindakké apa sing bener. 19 Aku ngomong nganggo basa sing kok ngertèni merga kowé ora sampurna. Mbiyèn, kowé ndadèkké badanmu dadi budhaké apa sing najis lan apa sing jahat, mula kowé tumindak jahat. Saiki, pasrahna badanmu dadi budhaké apa sing bener lan kowé dadi suci. 20 Wektu kowé dadi budhaké dosa, kowé ora wajib nindakké apa sing bener.
21 Mula, apa hasilé tumindakmu wektu kuwi? Bab-bab sing saiki nggawé kowé isin, sing nyebabké pati. 22 Nanging, merga saiki kowé wis dibébaské saka dosa lan dadi budhaké Gusti Allah, kowé ngasilké urip sing suci, sing marahi urip saklawasé. 23 Opahé dosa kuwi pati, nanging anugrahé Gusti Allah kuwi urip saklawasé liwat Kristus Yésus, Gusti kita.
7 Sedulur-sedulur, apa kowé kabèh padha ora ngerti nèk hukum Taurat nguwasani wong saksuwéné wong kuwi urip? (Aku ngomong marang wong-wong sing ngerti hukum.) 2 Contoné, hukum Taurat kandha nèk wong wadon sing wis nikah kuwi nyawiji* karo bojoné saksuwéné bojoné isih urip. Nanging, nèk bojoné mati, wong wadon kuwi bébas saka hukumé bojoné. 3 Dadi, nèk wong wadon kuwi nikah karo wong lanang liya wektu bojoné isih urip, wong wadon kuwi nindakké laku jina. Nanging nèk bojoné wis mati, wong wadon kuwi bébas saka hukumé bojoné, mula nèk dhèwèké nikah karo wong lanang liya, wong wadon kuwi ora nindakké laku jina.
4 Semono uga kowé, sedulur-sedulurku. Kowé wis mati ing bab hukum Taurat* liwat badané Kristus, mula kowé isa dadi duwèké Kristus, yaiku sing wis diuripké manèh saka antarané wong mati, supaya kita isa ngluhurké* Gusti Allah. 5 Mbiyèn, wektu kita urip miturut pepénginané daging, hukum Taurat nduduhké kanthi cetha nèk pepénginan dosa nggawé badan kita dadi dosa, lan dosa kuwi ngasilké pati. 6 Nanging kita wis mati ing bab hukum Taurat, kuwi sebabé saiki kita bébas saka hukum Taurat. Mula, kita ora dadi budhak sing dituntun karo hukum sing ditulis, nanging kita kudu dadi budhak sing dituntun roh suci.
7 Mula, terus piyé? Apa hukum Taurat kuwi ora sampurna?* Mesthiné ora! Nyatané, aku ora bakal ngerti bab dosa nèk ora ana hukum kuwi. Contoné, nèk hukum kuwi ora kandha, ”Aja nduwé pepénginan marang duwèké wong liya,” aku ya ora bakal ngerti nèk kuwi salah. 8 Nanging merga saka hukum kuwi, dosa dadi éntuk kesempatan kanggo nggawé aku nduwé pepénginan marang duwèké wong liya, merga sakdurungé ana hukum, dosa kuwi mati. 9 Sakjané, mbiyèn aku urip sakdurungé ana hukum. Nanging wektu hukum teka, dosa dadi urip manèh, nanging aku mati. 10 Hukum sing kuduné nuntun marang urip, jebulé malah nuntun marang pati. 11 Merga saka hukum mau, dosa dadi éntuk kesempatan kanggo nggodha lan matèni aku. 12 Dadi hukum Taurat dhéwé kuwi suci, lan préntahé uga suci, bener, lan apik.
13 Nèk ngono, apa kuwi tegesé bab sing apik* kuwi sing matèni aku? Babar blas ora! Nanging dosa sing matèni aku. Liwat bab sing apik, dosa nggawé aku mati supaya kétok cetha apa dosa kuwi. Lan hukum nduduhké nèk dosa kuwi jahat banget. 14 Kita ngerti nèk hukum Taurat kuwi saka Gusti Allah,* nanging aku ora sampurna, sing diedol dadi budhaké dosa. 15 Aku ora nindakké perkara-perkara sing péngin tak tindakké, nanging aku malah nindakké perkara-perkara sing tak sengiti. Aku ora ngerti ngapa aku nindakké kuwi. 16 Nanging senajan aku ora nindakké bab apik sing péngin tak tindakké, aku setuju nèk hukum Taurat kuwi apik. 17 Dadi dudu aku sing nindakké kuwi, nanging dosa sing ana ing aku. 18 Aku ngerti nèk ing awakku, yaiku ing badanku,* ora ana sing apik. Aku péngin nindakké apa sing apik, nanging aku ora sanggup nindakké kuwi. 19 Bab sing apik sing tak péngini ora tak tindakké, nanging bab èlèk sing ora tak péngini malah tak tindakké. 20 Dadi, nèk aku nindakké apa sing ora tak péngini, kuwi tegesé nèk sing nindakké kuwi dudu aku, nanging dosa sing ana ing aku.
21 Mula, iki sing tak rasakké: Wektu aku péngin nindakké apa sing bener, pepénginan kanggo nindakké apa sing èlèk ana ing awakku. 22 Ing njero atiku, aku bener-bener seneng hukumé Gusti Allah, 23 nanging aku ngerti nèk ing badanku ana hukum liya sing perang nglawan hukum pikiranku, lan hukum kuwi nggawé aku dadi tawanan hukum dosa. 24 Sengsara tenan aku iki! Sapa sing bakal nylametké aku saka badan sing nyebabké aku mati iki? 25 Sokur marang Gusti Allah, sing bakal nylametké aku liwat Yésus Kristus, Gusti kita! Mula nganggo pikiranku, aku iki budhak hukumé Gusti Allah, nanging nganggo badanku, aku iki budhak hukumé dosa.
8 Mula, wong sing nyawiji karo Kristus Yésus ora dianggep salah. 2 Hukum roh suci sing mènèhi kowé urip sing nyawiji karo Kristus Yésus wis mbébaské kowé saka hukum dosa lan hukum pati. 3 Apa sing ora isa ditindakké hukum Taurat merga kelemahané manungsa, saiki ditindakké Gusti Allah nganggo cara ngutus Putrané menyang bumi ing wujud manungsa* kanggo ngilangi dosa. Nganggo cara kuwi, Gusti Allah mènèhi hukuman marang dosané manungsa. 4 Mula kita isa nindakké bab-bab sing bener miturut hukum kuwi nèk kita urip manut tuntunané roh suci, dudu pepénginané daging. 5 Wong sing uripé manut pepénginan daging mesthi mikirké pepénginan dagingé kuwi, nanging wong sing uripé manut tuntunan roh suci mesthi mikirké bab-bab sing cocog karo roh suci kuwi. 6 Terus mikirké pepénginan daging kuwi tegesé pati, nanging terus mikirké bab-bab sing cocog karo roh suci kuwi tegesé urip lan katentreman. 7 Wong sing terus mikirké pepénginan daging kuwi tegesé dadi mungsuhé Gusti Allah, merga wong-wong kuwi ora manut hukumé Gusti Allah, lan sakjané ora sanggup manut karo hukum kuwi. 8 Dadi, wong sing manut pepénginan daging ora isa nyenengké Gusti Allah.
9 Nèk roh suci ana ing kowé, kowé bakal manut roh suci kuwi, dudu manut pepénginan daging. Nanging, nèk wong ora nduwé pikirané* Kristus, wong kuwi dudu duwèké Kristus. 10 Nèk kowé nyawiji karo Kristus, senajan badanmu mati merga dosa, nanging roh suci nggawé kowé urip merga kowé dianggep bener. 11 Mula nèk roh suciné Gusti Allah sing nggawé Kristus Yésus urip manèh kuwi ana ing kowé, Gusti Allah bakal nggunakké roh suciné kanggo nggawé badanmu* uga urip manèh.
12 Dadi sedulur-sedulur, kita nduwé kewajiban, nanging dudu kanggo urip manut pepénginan daging. 13 Merga nèk kowé manut pepénginan daging, kowé mesthi bakal mati, nanging nèk kowé matèni tumindakmu sing ala nganggo bantuané roh suci, kowé bakal urip. 14 Kabèh sing dituntun roh suciné Gusti Allah kuwi bener-bener putrané Gusti Allah. 15 Roh suci ora nggawé kita dadi budhak utawa ngrasa wedi manèh, nanging liwat roh suci kuwi, kita diangkat dadi putrané Gusti Allah lan padha nyebut, ”Abba,* Bapak!” 16 Roh suciné Gusti Allah dhéwé mènèhi kesaksian bareng karo ati* kita nèk kita iki putrané Gusti Allah. 17 Nèk kita putrané Gusti Allah, kita bakal nampa warisan saka Gusti Allah bebarengan karo Kristus, lan nèk kita sengsara bareng Kristus, kita uga bakal dimulyakké bareng dhèwèké.
18 Kanggoku, kasangsaran kita saiki ora ana apa-apané dibandhingké kamulyan sing bakal digawé nyata liwat kita. 19 Kabèh ciptaan lagi padha ngarep-arep banget wektuné putra-putrané Gusti Allah digawé nyata.* 20 Kabèh ciptaan digawé tundhuk marang urip sing tanpa guna, dudu merga karepé dhéwé, nanging merga kersané Gusti Allah. Senajan ngono, isih ana pangarep-arep, 21 yaiku nèk kabèh ciptaan bakal dibébaské saka perbudhakan dosa lan pati, lan nduwé kemerdékaan sing mulya kaya sing diduwèni anak-anaké Gusti Allah. 22 Kita ngerti nèk nganti saiki, kabèh ciptaan padha-padha sambat lan ngrasakké lara. 23 Ora mung kuwi, kita dhéwé sing wis éntuk bagéan kapisan saka warisan kuwi,* yaiku roh suci, uga sambat ing ati kita karo ngentèni wektuné kita diangkat dadi putrané Gusti Allah. Liwat tebusan, kita isa dibébaské saka badan kita. 24 Kita dislametké wektu nampa pangarep-arep iki. Nanging wektu apa sing diarep-arep kuwi wis ditampa, kuwi ora disebut pangarep-arep manèh, merga wektu wong wis nampa apa sing diarep-arep, dhèwèké ora bakal ngarep-arep manèh, ta? 25 Nanging nèk kita ngarep-arep apa sing durung kita tampa, kita bakal tekun ngentèni kuwi.
26 Sakliyané kuwi, merga kelemahané kita, kadhang kita perlu ndonga nanging kita ora ngerti apa sing kudu didongakké. Ing wektu kuwi roh suci bakal mbantu kita nganggo cara nyuwun kanggo kita, senajan kita ora isa ngucapké pasambat kita. 27 Nanging, Gusti Allah sing nliti ati kita ngerti apa sing dikarepké roh suci kuwi, merga apa sing disuwun roh suci kuwi cocog karo kersané Gusti Allah lan panyuwun iki digawé kanggo mbantu wong-wong suci.
28 Kita padha ngerti nèk Gusti Allah mastèkké supaya kabèh sing ditindakké kelakon kanthi teratur kanggo paédahé wong-wong sing nresnani Gusti Allah, yaiku sing Panjenengané pilih miturut kersané. 29 Saka wiwitan, wong-wong sing sepisanan Panjenengané gatèkké uga Panjenengané temtokké kanggo dadi mirip karo* Putrané, supaya Putrané dadi sing mbarep ing antarané akèh seduluré. 30 Sakliyané kuwi, wong-wong sing Panjenengané temtokké saka wiwitan kuwi uga Panjenengané pilih, lan wong-wong sing Panjenengané pilih kuwi uga Panjenengané anggep bener. Akiré, wong-wong sing dianggep bener kuwi uga Panjenengané mulyakké.
31 Mula, apa kesimpulan kita saka bab-bab iki? Nèk Gusti Allah ana ing pihak kita, sapa sing bakal nglawan kita? 32 Gusti Allah ora ngalang-alangi Putrané ngalami sengsara nanging malah masrahké kanggo kita kabèh. Mula, mesthiné Panjenengané lan Putrané uga bakal mènèhi kita kabèh bab liyané kanthi apik ati, ta? 33 Merga wong-wong sing dipilih Gusti Allah wis dianggep bener karo Panjenengané, sapa sing isa nggugat wong-wong kuwi? 34 Sapa wong sing isa ngukum wong-wong kuwi? Ora ana, merga Kristus Yésus wis mati, lan malah wis diuripké manèh, lan saiki ana ing sisih tengené Gusti Allah lan nyuwun kanggo kita.
35 Apa ana sing isa misahké kita saka katresnané Kristus? Apa kasangsaran, kasusahan, panganiaya, kurang pangan, kurang klambi,* bebaya, utawa pedhang isa misahké kita saka katresnané Kristus? 36 Kaya sing ditulis ing Kitab Suci, ”Merga setya marang Panjenengan, aku kabèh terus diancem arep dipatèni. Aku kabèh dianggep kaya wedhus sing arep dibelèh.” 37 Nanging nganggo bantuané Kristus sing nresnani kita, kita menang mutlak ngadhepi kuwi kabèh. 38 Sebab aku yakin nèk pati utawa urip, malaékat utawa pamréntah, bab-bab sing ana saiki utawa sing bakal ana sukmbèn, utawa kuwasa, 39 utawa perkara-perkara sing ana ing ndhuwur utawa perkara-perkara sing ana ing ngisor, utawa ciptaan apa waé, ora bakal isa misahké kita saka katresnané Gusti Allah, sing nyata liwat Kristus Yésus, Gusti kita.
9 Aku iki pengikuté Kristus. Hati nuraniku dituntun karo roh suci lan aku ngomongké sing bener. Aku ora ngapusi wektu aku ngomong 2 nèk atiku sedhih banget lan terus-terusan sengsara. 3 Malah aku lila dipisahké saka Kristus dadi wong sing dikutuk kanggo mbantu sedulur-sedulurku, yaiku wong-wong sing sakbangsa karo aku, 4 wong-wong Israèl. Wong-wong kuwi sing wis diangkat dadi putrané Gusti Allah lan diparingi kamulyan, perjanjian-perjanjian, hukum Taurat, tugas suci, lan janji-janji. 5 Wong-wong kuwi uga keturunané wong-wong sing dadi leluhuré Kristus. Muga-muga Gusti Allah sing nguwasani kabèh, diluhurké saklawas-lawasé. Amin.
6 Nanging, iki dudu tegesé nèk pangandikané Gusti Allah ora kelakon, merga ora kabèh keturunan Israèl kuwi wong Israèl sejati. 7 Senajan kabèh keturunané* Abraham, ora kabèh bener-bener anaké Abraham. Nanging ana tulisan, ”Keturunan sing dijanjèkké marang kowé kuwi asalé saka Ishak.” 8 Mula, ora kabèh anaké Abraham bener-bener anaké Gusti Allah, nanging sing lair merga janji kuwi sing dianggep dadi keturunané* Abraham. 9 Gusti Allah janji, ”Taun ngarep, ing wektu sing padha kaya iki, Aku bakal teka lan Sara bakal nduwé anak lanang.” 10 Janji kuwi diparingké ora mung ing wektu kuwi waé, nanging uga wektu Ribka mbobot anak kembar saka Ishak, yaiku leluhur kita. 11 Wektu anak-anak kuwi durung lair utawa nindakké apa waé sing apik utawa sing èlèk, Gusti Allah wis ngendika sakdurungé sing endi sing bakal dipilih. Merga Gusti Allah milih wong miturut kersané, lan ora miturut tumindaké wong kuwi. 12 Kuwi sebabé Gusti Allah ngendika marang Ribka, ”Sing luwih tuwa bakal dadi budhaké sing luwih enom.” 13 Iki cocog karo ayat sing kandha, ”Aku nresnani Yakub, nanging Aku sengit marang Ésau.”
14 Terus piyé? Apa Gusti Allah kuwi ora adil? Ora mungkin kaya ngono! 15 Gusti Allah ngendika marang Musa, ”Aku bakal ngrasa mesakké marang sapa waé sing Tak kersakké, lan Aku bakal nduduhké welas asih marang sapa waé sing Tak kersakké.” 16 Mula Gusti Allah milih wong ora miturut pepénginan utawa upayané wong,* nanging miturut Gusti Allah sing welas asih. 17 Ana ayat sing kandha bab Firaun, ”Aku ngejarké kowé tetep urip supaya Aku isa nduduhké kuwasa-Ku, lan supaya asma-Ku diwartakké ing saklumahing bumi.” 18 Mula Gusti Allah welas marang sapa waé sing dikersakké, nanging Panjenengané ngejarké sing liyané dadi atos atiné.
19 Kowé bakal takon marang aku, ”Nèk ora ana sing isa nglawan kersané Gusti Allah, apa sebabé Panjenengané isih nyalahké wong-wong?” 20 Kowé kuwi sapa ta, kok nganti wani-waniné ngomong nglawan Gusti Allah? Mosok lempung sing digawé isa ngomong karo sing nggawé, ”Ngapa kok aku digawé kaya ngéné?” 21 Apa kowé ora ngerti? Tukang grabah kan nduwé wewenang kanggo nggawé sakepel lempung sing padha dadi rong jenis barang, sing siji barang sing aji lan sijiné barang sing biasa, ta? 22 Dadi, piyé nèk Gusti Allah sabar marang barang sing pantes disirnakké, senajan Panjenengané péngin nduduhké murkané lan kuwasané? 23 Banjur, piyé nèk kuwi ditindakké kanggo nduduhké kamulyané sing gedhé banget marang barang sing pantes dimesakké, sing wis Panjenengané siapké kanggo dimulyakké, 24 yaiku kita, sing wis Panjenengané pilih* ora mung saka antarané wong-wong Yahudi nanging uga saka antarané bangsa-bangsa liya? 25 Iki kaya sing Panjenengané ngendikakké ing kitab Hoséa, ”Wong-wong sing dudu umat-Ku bakal Tak sebut ’umat-Ku’, lan wong wadon sing ora Tak tresnani bakal Tak sebut ’sing Tak tresnani’. 26 Ing panggonan wektu Aku ngendika marang wong-wong kuwi, ’Kowé dudu umat-Ku’, ya ing panggonan kono wong-wong kuwi bakal disebut ’putra-putrané Gusti Allah sing urip’.”
27 Malah, Yésaya ngumumké bab Israèl, ”Senajan cacahé wong-wong Israèl mungkin kaya pasir ing laut, nanging mung sisané sing bakal dislametké. 28 Merga Yéhuwah bakal ngadili wong-wong ing bumi, lan nindakké kuwi kanthi tuntas lan cepet.”* 29 Sakliyané kuwi, Yésaya tau kandha, ”Nèk Yéhuwah Sing Nduwé Pasukan Malaékat ora ninggali keturunan* kanggo kita, kita mesthi wis kaya Sodom, lan kita mesthi wis kaya Gomora.”
30 Dadi, apa kesimpulané? Wong-wong saka bangsa liya ora ngupaya dianggep bener, nanging dianggep bener merga nduwé iman. 31 Nanging, senajan wong Israèl ngupaya manut hukum supaya dianggep bener, nanging upayané gagal. 32 Apa sebabé? Merga wong-wong kuwi ngupaya dianggep bener liwat tumindak, dudu liwat iman. Wong-wong kuwi kesandhung karo ”watu sing nggawé wong kesandhung”, 33 padha karo ayat sing kandha, ”Ing Zion, Aku ndèlèhké watu sing bakal nggawé wong kesandhung lan uga watu sing bakal nggawé wong tiba, nanging wong sing nduwé iman marang dhèwèké ora bakal gela.”
10 Sedulur-sedulur, apa sing tak péngini saka atiku lan sing tak suwun marang Gusti Allah yaiku supaya wong-wong kuwi dislametké. 2 Merga, aku isa ngomong bab wong-wong kuwi, nèk wong-wong kuwi semangat ngabdi marang Gusti Allah nanging ora miturut pangertèn sing bener bab Gusti Allah. 3 Wong-wong kuwi ora ngerti apa sing nggawé wong dianggep bener ing ngarsané Gusti Allah, nanging malah padha ngupaya mbuktèkké nèk wong-wong kuwi bener nganggo carané dhéwé. Mula, wong-wong kuwi ora nindakké pathokané Gusti Allah. 4 Hukum Taurat dipungkasi merga Kristus wis netepi kuwi, mula saben wong sing nduduhké iman isa dianggep bener.
5 Musa nulis bab wong sing dianggep bener miturut hukum Taurat, ”Wong sing nindakké hukum iki bakal urip merga saka kuwi.” 6 Nanging, Kitab Suci nduduhké nèk wong isa dianggep bener merga iman. Kitab Suci kandha, ”Aja mbatin, ’Sapa sing bakal munggah menyang swarga?’ maksudé kanggo nggawa Kristus mudhun, 7 utawa, ’Sapa sing bakal mudhun menyang jurang sing jero banget?’* maksudé, kanggo nggawa Kristus metu saka pati.” 8 Apa manèh sing diomongké Kitab Suci? ”Pangandika kuwi ana ing cedhakmu, yaiku ing tutuk lan ing atimu dhéwé.” Maksudé, ”pangandika” iman, sing lagi kita wartakké. 9 Nèk kowé ngomong ing ngarepé wong akèh nganggo tutukmu nèk Yésus kuwi Gusti, lan nduduhké iman ing atimu nèk Gusti Allah wis nguripké manèh Yésus saka antarané wong mati, kowé bakal dislametké. 10 Nduduhké iman sing asalé saka ati nggawé wong dianggep bener, nanging nyritakké iman kuwi marang wong liya ngasilké keslametan.
11 Ana ayat sing kandha, ”Kabèh wong sing nduwé iman marang dhèwèké ora bakal gela.” 12 Ora ana bédané antarané wong Yahudi lan wong Yunani. Kabèh nduwé Gusti sing padha, sing loma* marang kabèh sing nyebut marang Panjenengané. 13 Merga ”saben wong sing nyebut asmané Yéhuwah bakal dislametké”. 14 Nanging, piyé wong bakal nyebut asmané nèk durung nduwé iman marang Panjenengané? Banjur, piyé wong bakal nduwé iman marang Panjenengané nèk durung tau krungu bab Panjenengané? Banjur, piyé wong bakal krungu bab Panjenengané nèk ora ana sing martakké? 15 Banjur, apa ana sing bakal martakké nèk ora diutus? Kitab Suci kandha, ”Nyenengké banget ndelok wong-wong sing padha teka* martakké kabar apik!”
16 Senajan ngono, ora kabèh wong nampa kabar apik. Yésaya tau kandha, ”Yéhuwah, sapa sing bakal nduwé iman marang warta sing dirungokké wong-wong kuwi saka aku kabèh?” 17 Dadi, wong nduwé iman mung sakwisé dhèwèké ngrungokké warta kuwi, lan warta kuwi dirungokké wektu ana wong sing martakké bab Kristus. 18 Nanging aku takon bab iki: Apa wong-wong kuwi ora krungu warta kuwi? Ora mungkin, merga ”wong-wong ing saklumahing bumi krungu bab warta kuwi, lan wong-wong sing ana ing panggonan adoh ing bumi uga krungu”. 19 Nanging pitakonanku: Apa Israèl ora ngerti? Mesthiné ngerti. Kapisan, Musa ngomongké Pangandikané Gusti Allah, ”Aku bakal nggawé kowé mèri marang wong-wong sing dudu bangsa Israèl. Aku bakal nggawé kowé nesu liwat sawijiné bangsa sing bodho.” 20 Banjur, Yésaya kanthi kendel ngomongké Pangandikané Gusti Allah, ”Aku ditemokké karo wong-wong sing ora nggolèki Aku. Aku dikenal karo wong-wong sing ora nakokké Aku.” 21 Nanging bab Israèl, Yésaya ngomongké Pangandikané Gusti Allah, ”Sedina muput, Aku ngulungké asta-Ku marang bangsa sing seneng nglawan lan ndableg.”
11 Pitakonanku saiki: Apa Gusti Allah nolak umaté? Ora! Aku iki ya wong Israèl, keturunané* Abraham, saka suku Bényamin. 2 Gusti Allah ora nolak umaté, yaiku umat sing sepisanan Panjenengané gatèkké. Apa kowé ora ngerti kandhané sawijiné ayat bab Élia? Élia sambat marang Gusti Allah bab Israèl, 3 ”Yéhuwah, wong-wong kuwi wis matèni nabi-nabiné Panjenengan lan ngrubuhké mésbah-mésbahé Panjenengan. Mung kari aku dhéwé sing isih urip, lan saiki wong-wong kuwi ngupaya matèni aku.” 4 Nanging apa jawabané Gusti Allah marang Élia? ”Ing antarané umat-Ku, isih ana wong 7.000 sing ora sujud kanggo nyembah Baal.” 5 Semono uga ing jaman saiki, ana sisa wong-wong Israèl sing wis dipilih Gusti Allah merga welas asihé sing nggumunké.* 6 Iki tegesé wong-wong kuwi dipilih merga welas asihé Gusti Allah sing nggumunké,* dudu merga tumindaké wong-wong kuwi. Nèk wong-wong kuwi dipilih merga tumindaké, pilihan kuwi dudu manèh merga welas asihé Gusti Allah sing nggumunké.
7 Terus piyé? Bab sing dipéngini banget karo Israèl, malah ora ditampa wong-wong kuwi, nanging sing nampa malah wong-wong pilihan kuwi. Sing liyané wis ora tanggap, 8 padha kaya ayat sing kandha, ”Gusti Allah nggawé wong-wong kuwi dadi kaya wong sing turu angler, mripaté ora isa ndelok, lan kupingé ora isa krungu, nganti saiki.” 9 Daud uga kandha, ”Péstané* wong-wong kuwi bèn waé dadi jiret, dadi jaring, dadi watu sing nggawé wong kesandhung, lan dadi hukuman kanggo wong-wong kuwi. 10 Mripaté wong-wong kuwi bèn waé dadi peteng mula ora isa ndelok, lan gawénen beban uripé dadi abot.”*
11 Mula pitakonanku: Apa wong-wong Israèl kesandhung lan tiba nganti ora isa tangi? Ora! Nanging merga wong-wong kuwi nglanggar hukum, wong-wong saka bangsa liya dislametké, mula wong-wong Israèl kuwi dadi mèri. 12 Saiki nèk wong-wong kuwi nglanggar hukum nanging malah isa dadi berkah kanggo donya, lan cacahé sing suda isa dadi berkah kanggo bangsa liya, berkahé mesthi isa luwih akèh manèh nèk cacahé wong-wong kuwi komplit.
13 Saiki aku ngomong marang kowé yaiku wong-wong saka bangsa liya. Merga aku rasul sing diutus marang bangsa-bangsa liya, aku nganggep mulya gawéan sing tak tindakké kanggo Gusti Allah. 14 Nganggo cara kuwi, mungkin wong-wong Yahudi sing kaya aku dadi mèri karo wong-wong saka bangsa liya, lan mungkin aku isa nylametké sapérangan wong saka wong-wong kuwi. 15 Sebab nèk wong-wong kuwi ditolak waé isa nggawé donya dirukunké karo Gusti Allah, mesthiné nèk wong-wong kuwi ditampa, kuwi bakal nggawé wong-wong sing wis dianggep mati dadi nampa urip, ta? 16 Uga, nèk bagéan adonan sing dijupuk kanggo dadi hasil kapisan* kuwi suci, kabèh adonané mesthi ya suci. Lan nèk oyod sawijiné wit kuwi suci, pang-pangé uga suci.
17 Nanging nèk sebagéan pang saka wit zaitun dikethok, lan kowé, sing dadi pang wit zaitun liar, banjur dicangkokké ing antarané pang-pang kuwi lan éntuk paédah saka oyodé wit zaitun mau, 18 aja sombong marang pang-pang kuwi. Nèk kowé sombong marang pang-pang kuwi, élinga nèk dudu kowé sing nyangga oyod kuwi, nanging oyod kuwi sing nyangga kowé. 19 Terus kowé kandha, ”Pang-pangé dikethok supaya aku isa dicangkokké.” 20 Kuwi bener! Wong-wong kuwi dikethok merga ora nduwé iman, nanging kowé tetep ana ing panggonanmu merga imanmu. Aja dadi sombong. Nanging ngati-atia 21 nèk Gusti Allah waé ngethok pang saka wit zaitun sing asli, apa manèh kowé, uga isa dikethok. 22 Saiki, gatèkna bab welas asihé Gusti Allah lan sikapé Gusti Allah sing tegas. Panjenengané tegas marang pang-pang sing tiba, nanging welas asih marang kowé kabèh nèk kowé netepi syarat bèn isa terus nampa welas asihé Gusti Allah. Nèk ora, kowé uga bakal dikethok. 23 Lan wong-wong kuwi, nèk padha nduwé iman, wong-wong kuwi bakal dicangkok manèh, merga Gusti Allah isa nindakké kuwi. 24 Nèk kowé waé, yaiku pang-pang sing dikethok saka wit zaitun liar isa dicangkok ing wit zaitun sing ditandur lan diopèni ing kebon, senajan kuwi ora lumrah ditindakké, mesthiné pang-pang saka wit asliné luwih isa dicangkokké ing wit zaitun asliné dhéwé.
25 Sedulur-sedulur, aku péngin kowé ngerti rahasia suci iki, supaya kowé ora nganggep awakmu wicaksana: Sebagéan wong Israèl bakal tetep nduwé ati sing ora tanggap, nganti cacahé wong sing diklumpukké saka bangsa liya genep, 26 lan nganggo cara kuwi, kabèh wong Israèl bakal dislametké. Iki cocog karo ayat sing kandha, ”Wong sing mbébaské* kuwi bakal metu saka Zion lan bakal nggawé keturunané Yakub* ninggalké tumindaké sing jahat. 27 Lan iki bakal dadi perjanjianku karo wong-wong kuwi, wektu Aku nyingkirké dosa-dosané wong-wong kuwi.” 28 Pancèn, wong-wong kuwi dadi mungsuhé Gusti Allah merga nolak kabar apik, lan kowé éntuk paédah saka kuwi. Nanging, demi janjiné Gusti Allah marang para leluhuré wong-wong kuwi, Panjenengané milih sapérangan wong saka antarané wong-wong kuwi dadi sahabaté. 29 Gusti Allah ora bakal ngrasa gelo merga maringi bab sing wis Panjenengané paringké, utawa ora bakal getun merga wis milih wong-wong sing wis dipilih. 30 Mbiyèn kowé ora manut marang Gusti Allah, nanging saiki kowé wis nampa welas asihé Gusti Allah merga wong-wong kuwi ora manut. 31 Dadi, kowé nampa welas asih merga wong-wong kuwi ora manut, lan saiki wong-wong kuwi uga isa nampa welas asih. 32 Kabèh wong ora manut, lan Gusti Allah ngurung wong-wong kuwi ing kahanan ora manut kuwi supaya Panjenengané isa nduduhké welas asihé marang kabèh wong.
33 Pancèn nggumunké tenan berkah, kawicaksanan, lan pangertèné Gusti Allah! Keputusané Gusti Allah ora kabèh isa dipahami, lan kita ora sanggup paham kabèh dalan-dalané! 34 Merga, ”sapa sing ngerti pikirané Yéhuwah, utawa sapa sing isa ngandhani Panjenengané bab sing bener kanggo ditindakké Panjenengané?” 35 Utawa, ”sapa sing mènèhi apa-apa marang Gusti Allah luwih dhisik, nganti Panjenengané kudu mbales kuwi?” 36 Kabèh perkara ana merga Panjenengané, liwat Panjenengané, lan kanggo Panjenengané. Muga-muga Panjenengané diluhurké saklawasé. Amin.
12 Mula sedulur-sedulur, merga Gusti Allah kuwi welas asih, aku nyuwun marang kowé kabèh supaya mènèhké badan lan uripmu marang Gusti Allah kaya mènèhké kurban sing suci sing bakal ditampa Gusti Allah. Dadi, gunakna sakwutuhé pikiranmu wektu ngabdi marang Gusti Allah. 2 Aja nganti dipengaruhi* karo donya* iki manèh. Nanging, maliha nganggo cara ngowahi cara mikirmu, supaya kowé isa mbuktèkké dhéwé kersané Gusti Allah sing apik, sing sampurna, lan sing nyenengké Panjenengané.
3 Merga welas asihé Gusti Allah sing nggumunké* sing diparingké marang aku, aku ngandhani saben wong ing antaramu supaya ora nganggep awakmu luwih unggul ketimbang sing sakmesthiné, nanging nganggep awakmu apa anané, miturut iman sing diparingké* Gusti Allah marang saben wong ing antaramu. 4 Padha kaya badan siji nduwé akèh anggota, sing gunané béda-béda, 5 semono uga kita kabèh, senajan akèh, kita iki badan siji merga nyawiji karo Kristus, lan saben wong ing antarané kita iki anggota sing padha mbutuhké siji lan sijiné. 6 Merga welas asihé Gusti Allah sing nggumunké,* kita nampa anugrah sing béda-béda. Mula, nèk kita nampa anugrah kanggo martakké pangandikané Gusti Allah, ayo kita terus martakké miturut iman sing diparingké marang kita. 7 Nèk kuwi anugrah kanggo nglayani, terusa nglayani. Nèk ana sing nduwé anugrah kanggo mulang, terusa mulang. 8 Nèk kuwi anugrah kanggo nguwatké,* terusa nguwatké.* Nèk kuwi anugrah kanggo mènèhi, terusa mènèhi kanthi loma. Nèk kuwi anugrah kanggo mimpin, terusa mimpin kanthi tekun.* Nèk kuwi anugrah kanggo nduduhké welas asih, terusa nduduhké welas asih kuwi kanthi bungah.
9 Katresnanmu kudu tulus.* Kowé kudu bener-bener sengit karo apa sing ala, lan terus nresnani* apa sing apik. 10 Tresnaa marang siji lan sijiné kaya nresnani keluargamu dhéwé. Dadia sing luwih dhisik wektu nduduhké hormat marang liyané. 11 Padha sregepa,* lan aja males-malesan.* Ejarna roh suci nggawé kowé nduwé semangat. Nyambut gawéa dadi budhak kanggo Yéhuwah. 12 Bungaha merga pangarep-arepmu. Tekuna ngadhepi kasangsaran. Ndongaa kanthi tekun. 13 Wènèhana bantuan marang wong-wong suci, miturut karo kebutuhané wong-wong kuwi. Nduwéa kebiasaan kanggo nduduhké sipat seneng nampa tamu. 14 Terus nyuwuna berkah kanggo wong-wong sing nganiaya kowé lan aja nyumpahi wong-wong kuwi. 15 Bungaha karo wong sing bungah, lan nangisa karo wong sing nangis. 16 Anggepen wong liya padha kaya kowé nganggep awakmu dhéwé. Aja sombong. Nanging, nduwéa sikap andhap asor. Aja rumangsa wicaksana.
17 Aja mbales kejahatan nganggo kejahatan marang sapa waé. Ngupayaa nindakké apa sing dianggep apik karo kabèh wong. 18 Ngupayaa sak isa-isané kanggo urip rukun karo kabèh wong. 19 Sedulur-sedulurku, aja balas dendam. Nanging ejarna Gusti Allah waé sing nduduhké murkané, merga ana ayat sing kandha, ”’Aku sing nduwé hak kanggo mbales. Kejahatané wong-wong kuwi bakal Tak bales,’ ngendikané Yéhuwah.” 20 Nanging ”nèk mungsuhmu luwé, wènèhana mangan. Nèk dhèwèké ngelak, wenèhana ngombé. Merga kowé bakal ngluluhké atiné”.* 21 Aja nganti kowé dikalahké karo kejahatan. Nanging, terus kalahna kejahatan nganggo kabecikan.
13 Kabèh wong kudu manut marang pamréntah, merga kabèh kekuwasaan asalé saka Gusti Allah. Lan pamréntah sing ana kuwi padha ditetepké Gusti Allah ing wewenangé dhéwé-dhéwé. 2 Mula, sapa waé sing nglawan pamréntah, kuwi tegesé nglawan pengaturané Gusti Allah, lan wong-wong sing nglawan pengaturan kuwi bakal dihukum. 3 Wong sing tumindak apik ora perlu wedi marang pamréntah, mung wong sing tumindak jahat sing kuduné wedi marang pamréntah. Mula, nèk kowé ora gelem ngrasa wedi marang pamréntah, terusa tumindak apik lan kowé bakal dialem karo pamréntah. 4 Pamréntah kuwi abdiné Gusti Allah lan ditetepké kanggo paédahmu. Nanging nèk kowé nindakké apa sing jahat, kowé kudu wedi, merga pamréntah nduwé kuwasa* kanggo ngukum lan kuwi ana tujuané. Pamréntah kuwi abdiné Gusti Allah kanggo ngukum wong-wong sing nindakké apa sing jahat.
5 Dadi, kowé nduwé alesan sing kuwat kanggo manut, ora mung merga wedi dihukum, nanging uga merga hati nuranimu. 6 Kuwi sebabé kowé mbayar pajeg, merga pamréntah kuwi abdiné Gusti Allah sing terus nglayani wong akèh. 7 Mula, wènèhna apa sing dadi haké pamréntah: Bayaren pajeg marang wong sing nuntut pajeg, lan bayaren upeti marang wong sing nuntut upeti, ajènana* wong sing kudu diajèni,* lan hormatana wong sing kudu dihormati.
8 Aja padha utang apa-apa marang sapa waé, sakliyané nresnani siji lan sijiné, merga wong sing nresnani pepadhané* wis nindakké hukum. 9 Hukum mréntahké, ”Kowé aja laku jina, aja matèni, aja nyolong, aja nduwé pepénginan marang duwèké wong liya,” lan kabèh préntah sing ana, disimpulké nganggo ukara iki, ”Tresnaa marang pepadhamu* kaya kowé nresnani awakmu dhéwé.” 10 Wong sing nduwé katresnan ora tumindak jahat marang pepadhané.* Dadi, wong sing nduwé katresnan kuwi wis nindakké hukum.
11 Tindakna kuwi kabèh merga kowé ngerti ing mangsa kaya apa kita urip. Saiki wektuné kanggo kowé tangi, merga keslametan kita wis luwih cedhak ketimbang wektu kita lagi dadi pengikuté Kristus. 12 Saiki wis saya wengi banget lan sedhéla manèh arep ésuk. Mula ayo kita ninggalké bab-bab sing ditindakké ing pepeteng, lan ayo kita nganggo senjata sing digunakké ing pepadhang. 13 Ayo kita njaga tumindak kita kaya pas wayah awan, ora pésta bébas utawa mabuk-mabukan, ora nindakké hubungan sèks sing ora sah utawa tumindak kurang ajar,* lan ora padu utawa mèri. 14 Nanging, tirunen Gusti Yésus Kristus, lan aja nggawé rencana kanggo nindakké pepénginan daging.*
14 Tampanen wong sing imané ora kuwat, lan aja ngadili dhèwèké nèk pendapaté béda.* 2 Wong sing imané kuwat isa mangan apa waé, nanging liyané, merga imané ora kuwat mung mangan sayuran waé. 3 Wong sing mangan ora olèh ngrèmèhké wong sing ora mangan, lan wong sing ora mangan ora olèh ngadili wong sing mangan, merga Gusti Allah wis nampa wong kuwi. 4 Kowé kuwi sapa ta kok nganti ngadili abdiné wong liya? Majikané sing nduwé hak kanggo mutuské tumindaké wong kuwi bener utawa salah. Malah, merga bantuané Yéhuwah, wong kuwi bakal dianggep bener ing ngarsané Panjenengané.
5 Ana sing nganggep dina siji luwih penting ketimbang dina liyané, nanging ana wong sing nganggep kabèh dina kuwi padha waé. Saben wong kuduné bener-bener yakin karo keputusané dhéwé. 6 Wong sing nganggep sawijiné dina luwih penting, nindakké kuwi kanggo Yéhuwah. Wong sing mangan uga nindakké kuwi kanggo Yéhuwah, merga dhèwèké ngucap sokur marang Gusti Allah. Lan wong sing mung mangan sayuran uga nindakké kuwi kanggo Yéhuwah, merga dhèwèké uga ngucap sokur marang Gusti Allah. 7 Sakjané, ing antarané kita, ora ana sing urip kanggo awaké dhéwé utawa mati kanggo awaké dhéwé. 8 Merga nèk kita urip, kita urip kanggo Yéhuwah, lan nèk kita mati, kita mati kanggo Yéhuwah. Dadi, urip utawa mati, kita duwèké Yéhuwah. 9 Kuwi sebabé Kristus mati lan urip manèh, yaiku supaya dhèwèké dadi Gusti kanggo wong mati lan wong urip.
10 Dadi, ngapa kowé ngadili sedulurmu? Ngapa kowé ngrèmèhké sedulurmu? Kita kabèh bakal ngadeg ing ngarepé kursi pengadilané Gusti Allah. 11 Kitab Suci kandha, ”’Demi Aku sing urip,’ ngendikané Yéhuwah, ’saben wong* bakal padha sujud ing ngarsa-Ku, lan kabèh manungsa* bakal ngakoni kanthi blaka nèk Aku iki Gusti Allah.’” 12 Mula, saben wong ing antarané kita bakal tanggung jawab marang Gusti Allah.
13 Dadi, kita aja ngadili siji lan sijiné manèh, nanging nduwéa tékad kanggo ora ndèlèhké watu sing nggawé kesandhung utawa aling-aling ing ngarepé sedulur kita. 14 Merga aku iki pengikuté Gusti Yésus, aku ngerti lan yakin nèk sakjané ora ana sing najis. Nanging, nèk wong nganggep sawijiné perkara najis, kuwi bakal dadi najis kanggo dhèwèké. 15 Nèk sedulurmu dadi ora kepénak atiné merga apa sing kok pangan, tumindakmu kuwi wis ora miturut katresnan. Aja ngrusak* imané sedulurmu merga pangananmu, sebab Kristus wis mati kanggo dhèwèké. 16 Dadi, aja nganti tumindakmu sing apik nggawé wong ngomong sing èlèk bab kowé. 17 Kanggo mlebu ing Kratoné Allah, sing penting kuwi dudu mangan lan ngombé, nanging nindakké apa sing bener, urip rukun, lan bungah merga roh suci. 18 Wong sing dadi budhaké Kristus nganggo cara kaya ngono, kuwi nyenengké Gusti Allah lan manungsa.
19 Mula, tindakna apa waé sing nggawé rukun karo wong liya lan sing nguwatké siji lan sijiné. 20 Aja ngrusak hasil gawéané Gusti Allah manèh mung merga panganan. Pancèn, ora ana panganan sing najis, nanging nèk wong mangan kuwi lan isa nggawé sandhungan, kuwi dadi ora apik. 21 Luwih becik ora mangan daging, utawa ngombé anggur, utawa nindakké apa waé sing isa nggawé sedulurmu kesandhung. 22 Imanmu kuwi urusanmu dhéwé karo Gusti Allah. Bungah wong sing ora ngadili atiné dhéwé kanggo perkara sing wis dhèwèké putuské. 23 Nanging nèk dhèwèké isih ragu-ragu lan tetep mangan, dhèwèké salah merga nindakké kuwi sakdurungé yakin* nèk kuwi olèh dipangan. Dadi, nèk wong tumindak tanpa iman, kuwi dosa.
15 Kita sing kuwat kudu nanggung kelemahané wong sing ora kuwat, lan aja mung nyenengké awaké dhéwé. 2 Ayo kita padha nyenengké wong liya, lan nindakké apa sing apik kanggo nguwatké wong-wong kuwi, 3 merga Kristus waé ora nyenengké dhèwèké dhéwé. Bab dhèwèké, Kitab Suci kandha, ”Aku nanggung bab-bab sing diomongké lan ditindakké wong kanggo ngèlèk-èlèk Panjenengan.” 4 Kabèh ayat sing ditulis mbiyèn, ditulis kanggo mulang kita lan mènèhi kita pangarep-arep, merga Tulisan-Tulisan Suci kuwi mbantu kita isa tekun lan mènèhi kita panglipuran. 5 Muga-muga, Gusti Allah sing mbantu kita tekun lan éntuk panglipuran, maringi saben wong ing antaramu pikiran sing padha kaya pikirané Kristus Yésus, 6 sing isa nggawé kowé nyawiji lan kanthi tunggal swara* ngluhurké Gusti Allah, yaiku Bapaké Gusti kita, Yésus Kristus.
7 Mula tampanen siji lan sijiné, padha kaya Kristus uga wis nampa kowé, supaya Gusti Allah diluhurké. 8 Aku ngandhani kowé nèk Kristus wis dadi pelayané wong-wong Yahudi* kanggo nduduhké nèk pangandikané Gusti Allah kuwi mesthi bener lan kanggo ngukuhké janji-janjiné Gusti Allah marang para leluhuré wong-wong kuwi, 9 lan nggawé bangsa-bangsa liya padha ngluhurké Gusti Allah merga welas asihé. Kaya ayat sing kandha, ”Kuwi sebabé aku bakal ngakoni Panjenengan kanthi blaka ing antarané bangsa-bangsa, lan aku bakal nyanyi kanggo muji asmané Panjenengan.” 10 Ayat liya uga kandha, ”Bangsa-bangsa, padha bungaha bareng karo umaté Panjenengané.” 11 Ayat liyané manèh kandha, ”Kabèh bangsa, pujinen Yéhuwah, lan muga-muga kabèh suku bangsa muji Panjenengané.” 12 Yésaya uga kandha, ”Ana wong saka keluargané* Isai sing bakal teka lan mréntah akèh bangsa, lan bangsa-bangsa bakal ngarep-arep marang dhèwèké.” 13 Muga-muga Gusti Allah, sing maringi kowé pangarep-arep, nggawé kowé bener-bener bungah lan ngrasakké katentreman merga kowé percaya marang Panjenengané, supaya nganggo kuwasané roh suci pangarep-arepmu isa saya dikuwatké.
14 Sedulur-sedulur, aku dhéwé yakin nèk kowé uga sugih kabecikan lan pangertèn, lan kowé uga isa mènèhi naséhat* marang siji lan sijiné. 15 Nanging, kanthi terus terang, aku nulis marang kowé sapérangan bab kanggo pangéling-éling. Merga Gusti Allah wis nduduhké marang aku welas asihé sing nggumunké,* 16 aku isa dadi abdiné Kristus Yésus lan ngumumké kabar apik kanggo kabèh bangsa. Aku nindakké gawéan sing suci iki supaya wong-wong saka bangsa-bangsa liya isa disucèkké liwat roh suci lan dadi kurban sing ditampa Gusti Allah.
17 Mula aku bungah merga dadi pengikuté Kristus Yésus lan nindakké tugas saka Gusti Allah. 18 Aku ora bakal ngomong bab apa-apa, sakliyané bab sing ditindakké Kristus liwat aku, supaya bangsa-bangsa isa manut karo Kristus. Lan dhèwèké nindakké kuwi liwat omongan lan tumindakku, 19 nganggo mukjijat* lan perkara-perkara ajaib, lan nganggo kuwasa roh suciné Gusti Allah. Mula, aku wis martakké kabar apik bab Kristus nganti rampung, saka Yérusalèm lan mubeng nganti tekan Propinsi Ilirikum. 20 Aku ngupaya sak isa-isané kanggo martakké kabar apik ing panggonan-panggonan sing wong-wongé durung ngerti jenengé Kristus, supaya aku ora neruské gawéan sing wis dimulai wong liya.* 21 Iki cocog karo ayat sing kandha, ”Wong sing durung dikandhani bab dhèwèké bakal kenal dhèwèké, lan wong sing durung tau krungu bakal padha ngerti.”
22 Kuwi sebabé aku ping bola-bali ora isa teka marani kowé. 23 Nanging saiki, ora ana manèh dhaérah sing durung tak parani ing wilayah iki, lan aku pancèn wis pirang-pirang taun péngin teka marani kowé kabèh. 24 Dadi, ing perjalananku menyang Spanyol mengko, muga-muga aku isa ketemu kowé, banjur sakwisé srawung karo kowé kabèh, kowé isa ngancani aku nganti tekan sebagéan perjalananku. 25 Nanging saiki, aku bakal lunga menyang Yérusalèm kanggo nglayani wong-wong suci ing kana, 26 merga sedulur-sedulur ing Makédonia lan Akhaya kanthi seneng mènèhi sumbangan kanggo wong-wong suci sing miskin ing Yérusalèm. 27 Sedulur-sedulur kuwi padha seneng nindakké kuwi, lan sakjané padha ngrasa wajib* nindakké kuwi. Merga wong-wong suci wis mènèhi bab-bab rohani marang para sedulur kuwi, mula para sedulur kuwi uga ngrasa wajib mènèhi bab-bab matèri kanggo wong-wong suci. 28 Mula, aku bakal nggawa sumbangan kuwi lan mastèkké kuwi ditampa karo para wong suci. Lan sakwisé kuwi, aku bakal mampir ing panggonanmu pas perjalanan menyang Spanyol. 29 Aku yakin nèk pas aku teka mengko, aku bakal teka karo nggawa berkah sing lubèr saka Kristus.
30 Sedulur-sedulur, merga kita nduwé iman marang Gusti kita, Yésus Kristus, lan roh suci wis nggawé kita nresnani siji lan sijiné, aku nyuwun tenanan supaya kowé kabèh, kaya aku, ndonga tenanan marang Gusti Allah kanggo aku, 31 supaya aku dislametké saka wong-wong sing ora percaya ing Yudéa, lan supaya pelayananku kanggo wong-wong suci ing Yérusalèm ditampa kanthi apik, 32 lan nèk Gusti Allah ngersakké, aku bakal teka manèh marani kowé kanthi bungah, lan kita isa padha-padha dikuwatké. 33 Muga-muga Gusti Allah sing maringi katentreman terus ana bareng karo kowé. Amin.
16 Aku péngin ngenalké Fébé marang kowé, dhèwèké kuwi sedulur wadon kita sing nglayani ing jemaat sing ana ing Kènkhréa. 2 Tampanen dhèwèké dadi wong sing padha-padha percaya marang Gusti, kaya nèk kowé nampa wong-wong suci. Lan wènèhana bantuan apa waé sing dhèwèké butuhké, merga dhèwèké kuwi ya wis mbantu akèh sedulur, klebu aku dhéwé.
3 Wènèhna salamku kanggo Priska* lan Akuila, sing nyambut gawé bebarengan karo aku kanggo Kristus Yésus, 4 sing wis ngetohké nyawané* kanggo aku. Ora mung aku, nanging kabèh jemaat saka bangsa-bangsa liya uga matur nuwun marang sedulur loro kuwi. 5 Salam uga kanggo jemaat sing ngibadah ing omahé. Salam kanggo Épénétus sing tak tresnani. Dhèwèké kuwi salah siji saka antarané wong-wong sing sepisanan dadi pengikuté Kristus* ing Asia. 6 Salam kanggo Maria sing wis nyambut gawé tenanan kanggo kowé kabèh. 7 Salam kanggo Andronikus lan Yunias, sanak sedulurku. Wong-wong kuwi tau dipenjara bareng aku. Wong-wong kuwi nduwé réputasi sing apik ing antarané para rasul, lan wis dadi pengikuté Kristus luwih suwé ketimbang aku.
8 Wènèhna salamku kanggo Ampliatus sing tak tresnani. Dhèwèké kuwi uga pengikuté Gusti. 9 Salam kanggo Urbanus, kanca nyambut gawé kita kanggo Kristus, lan salam kanggo Stakhis sing tak tresnani. 10 Salam kanggo Apèlès, sing setya marang Kristus. Salam kanggo kabèh sing ana ing omahé Aristobulus. 11 Salam kanggo Hérodion, sanak sedulurku. Salam kanggo kabèh pengikuté Gusti sing ana ing omahé Narkisus. 12 Salam kanggo Triféna lan Trifosa, sedulur-sedulur wadon sing nyambut gawé tenanan kanggo Gusti. Salam kanggo Persis, sedulur wadon sing kita tresnani, sing wis nyambut gawé tenanan kanggo Gusti. 13 Salam kanggo Rufus, abdi sing dipilih Gusti, lan kanggo ibuné sing wis kaya ibuku dhéwé. 14 Salam kanggo Asinkritus, Flégon, Hèrmes, Patrobas, Hèrmas, lan sedulur-sedulur sing ana bareng karo sedulur-sedulur kuwi. 15 Salam kanggo Filologus lan Yulia, kanggo Néréus lan sedulur wadoné, kanggo Olimpas, lan kanggo kabèh wong suci sing ana bareng karo sedulur-sedulur kuwi. 16 Tampanen siji lan sijiné kanthi ramah.* Kabèh jemaaté Kristus titip salam kanggo kowé kabèh.
17 Aku nyuwun marang kowé kabèh, sedulur-sedulurku, padha ngatia-atia karo wong-wong sing nggawé ora rukun lan nggawé wong kesandhung. Bab-bab kuwi babar blas ora cocog karo wulangan sing wis kok sinaoni. Edohana wong-wong kuwi. 18 Wong-wong kaya ngono kuwi dudu budhaké Gusti kita Kristus, nanging budhaké pepénginané* wong-wong kuwi dhéwé. Wong-wong kuwi njupuk atiné wong-wong sing lugu nganggo cara ngalem lan nggunakké tembung-tembung sing mung kanggo nyenengké waé. 19 Kabèh wong nggatèkké kasetyanmu, lan iki nggawé aku bungah. Nanging, aku péngin supaya kowé wicaksana ing perkara-perkara sing apik, lan bodho ing perkara-perkara sing ala. 20 Sedhéla manèh, Gusti Allah sing maringi katentreman bakal ngremuk Sétan ing ngisoré sikilmu. Muga-muga kowé terus nampa welas asih sing nggumunké saka Gusti kita Yésus.
21 Kanca nyambut gawéku, yaiku Timotius, ngirim salam marang kowé. Semono uga sanak sedulurku, yaiku Lusius, Yason, lan Sosipater.
22 (Aku, Tèrtius, wong sing padha-padha percaya marang Gusti, sing uga nulis surat iki, ngirim salam marang kowé.)
23 Gayus uga ngirim salam marang kowé. Aku nginep ing omahé sing uga dienggo ngumpul kabèh jemaat. Érastus bendaharané kutha ngirim salam, semono uga Kuartus seduluré. 24 *——
25 Gusti Allah bakal mbantu kowé dadi kuwat, miturut kabar apik bab Yésus Kristus sing tak wartakké. Kabar apik iki ana hubungané karo rahasia suci sing wis suwé didhelikké nanging saiki wis dibukak karo Gusti Allah. 26 Kuwi wis dibukak lan diwartakké marang kabèh bangsa liwat ayat-ayat* sing ditulis para nabi, miturut karo préntah saka Gusti Allah sing langgeng, sing péngin supaya kabèh nduwé iman lan manut. 27 Muga-muga Gusti Allah, Sing Mahawicaksana diluhurké liwat Yésus Kristus kanggo saklawas-lawasé. Amin.
Lit.: ”winihé”.
Lit.: ”aku kabèh”.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”utang”.
Utawa ”wong sing dudu Yunani”. Lit.: ”wong Barbar”.
Utawa ”ndelok apa sing bener miturut Gusti Allah”.
Utawa ”sing ora isa mati”.
Utawa ”rèptil”.
Utawa ”piwales”.
Utawa ”ora gelem ngerti kaya apa Gusti Allah saktenané”.
Utawa ”pepénginan marang duwèké wong liya”.
Utawa ”seneng nggosip”.
Utawa ”kanggo jiwané saben wong”.
Utawa ”diwulang nganggo cara lisan”.
Lit.: ”ngwutahké getih”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”toléran”.
Lit.: ”ditutup”.
Utawa ”meterai; jaminan”.
Lit.: ”winihé”.
Utawa ”donya anyar”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”winihé”.
Utawa mungkin ”lan nggawé bab-bab sing ora ana dadi ana”.
Lit.: ”winihmu”.
Utawa mungkin ”Mula, kita nduwé hubungan sing rukun”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa mungkin ”Mula, kita bungah”.
Utawa mungkin ”nanging kita bungah”.
Lit.: ”ora nduwé daya”.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”wis bébas saka dosa”.
Lit.: ”kamulyané”.
Utawa ”diapura”.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”bentuk piwulang; pola piwulang”.
Utawa ”kecencang”.
Utawa ”wis bébas saka hukum Taurat”.
Lit.: ”isa ngasilké woh kanggo”.
Lit.: ”dosa”.
Maksudé, Hukum Taurat.
Lit.: ”kuwi rohani”.
Lit.: ”ing dagingku”.
Utawa ”ing badan manungsa kaya kita, yaiku wong-wong sing dosa”.
Lit.: ”rohé”.
Lit.: ”badanmu sing isa mati”.
Tembung Ibrani utawa Aram sing tegesé ”Bapak!”
Lit.: ”roh”.
Utawa ”disingkapké”.
Lit.: ”éntuk woh sing wiwitan”.
Utawa ”kanggo mèlu pola gambaré”.
Lit.: ”wuda”.
Lit.: ”winihé”.
Lit.: ”winihé”.
Lit.: ”ora miturut wong sing péngin utawa wong sing mlayu”.
Lit.: ”undang”.
Lit.: ”mungkasi lan nggawé singkat”.
Lit.: ”winih”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”sugih”.
Lit.: ”ndelok sikilé wong-wong kuwi”.
Lit.: ”winihé”.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”Méjané”.
Utawa ”gawénen gegeré bungkuk”.
Lit.: ”woh sing wiwitan”.
Utawa ”Wong sing nylametké”.
Maksudé, Israèl.
Utawa ”dicétak”.
Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”dijatah; diedumké”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”mènèhi naséhat”.
Utawa ”mènèhi naséhat”.
Utawa ”tenanan”.
Lit.: ”ora munafik”.
Lit.: ”terus nèmplèk marang”.
Utawa ”semangata”.
Utawa ”klélat-klèlèt”.
Lit.: ”numplek mawa ing ndhuwur sirahé.”
Lit.: ”pedhang”.
Utawa ”wedia marang”.
Utawa ”diwedèni”.
Utawa ”wong liya”.
Utawa ”wong liya”.
Utawa ”wong liya”.
Utawa ”tumindak ora nduwé isin”. Yunani: aselgeia. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”pepénginan badan sing dosa”.
Utawa mungkin ”nèk dhèwèké isih nduwé akèh pitakonan ing njero atiné”.
Lit.: ”dhengkul”.
Lit.: ”ilat”.
Utawa ”ngremuk”.
Utawa ”tanpa iman”.
Lit.: ”tutuk”.
Lit.: ”wong-wong sing disunat”.
Lit.: ”Ana oyodé”.
Utawa ”mulang”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”tandha”.
Lit.: ”ora mbangun ing ndhuwur pondhasiné wong liya”.
Utawa ”ngrasa nduwé utang kanggo”.
Uga disebut Priskila.
Lit.: ”guluné”.
Lit.: ”woh sing wiwitan kanggo Kristus”.
Lit.: ”nganggo ambungan suci”.
Lit.: ”wetengé”.
Ana terjemahan-terjemahan Alkitab sing nulis ayat iki, nanging ayat iki ora ditemokké ing manuskrip-manuskrip Yunani kuna sing isa dipercaya.
Utawa ”Tulisan Suci”.