SURAT KAPISAN KANGGO JEMAAT ING KORINTUS
1 Saka Paulus, sing dipilih dadi rasulé Kristus Yésus miturut kersané Gusti Allah, lan Sostenes sedulur kita, 2 kanggo jemaaté Gusti Allah ing Korintus, sing wis disucèkké kanggo nyawiji karo Kristus Yésus lan dilantik kanggo dadi wong-wong suci, uga kanggo kabèh wong ing ngendi-endi sing nyebut marang jenengé Gusti Yésus Kristus, yaiku Gusti kita.
3 Muga-muga kowé kabèh nampa welas asih sing nggumunké* lan katentreman saka Gusti Allah, Bapak kita, lan saka Gusti Yésus Kristus.
4 Aku tansah ngucap sokur marang Gusti Allah, merga Panjenengané wis maringi kowé kabèh welas asih sing nggumunké* liwat Kristus Yésus. 5 Kowé wis nyawiji karo Kristus, mula kowé nampa kabèh perkara, klebu kesanggupan kanggo isa martakké lan isa ngerti tenan pangandikané Gusti Allah, 6 merga kesaksian bab Kristus wis bener-bener ngoyod ing antaramu. 7 Kuwi sebabé, kowé ora kekurangan apa-apa saksuwéné kowé ngentèni Gusti kita Yésus Kristus nduduhké kuwasané. 8 Gusti Allah uga bakal nggawé kowé kabèh tetep kuwat nganti pungkasan, supaya sukmbèn wektu Gusti kita Yésus Kristus teka, ora ana sing nduwé dhasar kanggo nudhuh kowé. 9 Gusti Allah kuwi setya, lan Panjenengané sing wis nglantik kowé kabèh kanggo dadi kanca nyambut gawéné Putrané, yaiku Yésus Kristus, Gusti kita.
10 Sedulur-sedulur, ing jenengé Gusti kita Yésus Kristus, aku nyuwun supaya kowé bener-bener nyawiji ing bab omongan lan aja nganti ana cecongkrahan ing antaramu. Kowé kabèh kudu bener-bener nduwé pikiran lan pendapat sing padha. 11 Sedulur-sedulur, ana sapérangan wong saka keluargané Kloé ngandhani aku nèk ana bebantahan ing antaramu. 12 Maksudku ngéné, sing siji kandha, ”Aku pengikuté Paulus.” Sing liyané kandha, ”Aku pengikuté Apolos.” Ana manèh sing kandha, ”Aku pengikuté Kéfas.”* Sing liyané manèh kandha, ”Aku pengikuté Kristus.” 13 Apa jemaaté Kristus wis kepisah-pisah dadi pirang-pirang golongan? Paulus ora dipatèni ing cagak kanggo kowé, ta? Utawa, apa kowé dibaptis nganggo jenengé Paulus? 14 Aku ngucap sokur marang Gusti Allah merga aku ora mbaptis sapa-sapa ing antaramu kejaba mung Krispus lan Gayus, 15 supaya ora ana siji-sijia wong ing antaramu sing isa ngomong nèk kowé dibaptis nganggo jenengku. 16 Sakliyané kuwi, aku uga mbaptis kabèh sing ana ing omahé Stéfanas. Sak élingku, ya mung wong-wong kuwi sing tak baptis. 17 Aku diutus Kristus kanggo martakké kabar apik, ora kanggo mbaptis wong. Aku uga ora diutus kanggo martakké nganggo tembung-tembungé wong sing wicaksana,* supaya cagak paukumané* Kristus ora dadi tanpa guna.
18 Kanggo wong-wong sing bakal disirnakké, warta bab cagak paukumané Kristus kuwi tanpa guna, nanging kanggo kita sing dislametké, kuwi nduduhké kuwasané Gusti Allah. 19 Kitab Suci kandha, ”Aku bakal nyirnakké kawicaksanané wong-wong sing wicaksana, lan nolak kapinterané wong-wong sing pinter.” 20 Ing ngendi wong sing wicaksana? Ing ngendi para ahli Taurat?* Ing ngendi wong-wong sing pinter bebantahan ing donya* iki? Gusti Allah kan wis nduduhké nèk kawicaksanané donya iki tanpa guna, ta? 21 Merga percaya karo kawicaksanané dhéwé, wong-wong ing donya iki dadi ora kenal karo Gusti Allah. Nanging liwat warta sing dianggep tanpa guna iki, Gusti Allah mutuské kanggo nylametké wong-wong sing percaya. Nganggo cara kuwi, kawicaksanané Gusti Allah kétok nyata.
22 Wong Yahudi padha njaluk mukjijat,* lan wong Yunani padha nggolèk kawicaksanan, 23 nanging kita martakké bab Kristus sing wis dipatèni ing cagak. Bab kuwi angèl banget ditampa karo* wong-wong Yahudi, lan dianggep tanpa guna karo bangsa-bangsa liya. 24 Senajan ngono, kanggoné wong-wong sing wis dipilih, klebu wong Yahudi lan wong Yunani, Kristus dadi bukti kuwasané lan kawicaksanané Gusti Allah. 25 Manungsa isa waé nganggep bab-bab saka Gusti Allah kuwi tanpa guna lan tanpa daya, nanging bab-bab kuwi luwih wicaksana lan luwih kuwat ketimbang manungsa.
26 Sedulur-sedulur, kowé kabèh wis padha ngerti nèk ing antaramu sing wis dipilih, ora akèh sing wicaksana kanggoné manungsa, ora akèh sing nduwé kuwasa, lan ora akèh sing asalé saka keluarga bangsawan. 27 Nanging, Gusti Allah milih bab-bab sing dianggep donya iki tanpa guna kanggo ngisin-isinké sing wicaksana. Gusti Allah milih bab-bab tanpa daya ing donya iki kanggo ngisin-isinké sing kuwat. 28 Gusti Allah milih apa sing ora penting ing donya iki, sing dirèmèhké, lan sing ora ana ajiné, kanggo nyirnakké bab-bab sing aji, 29 mula ora ana siji-sijia sing isa bangga ing ngarsané Gusti Allah. 30 Merga Panjenengané, kowé kabèh saiki nyawiji karo Kristus Yésus. Kristus dadi bukti kawicaksanané Gusti Allah kanggo kita, uga nggawé kita dianggep bener lan suci, lan mbébaské kita liwat tebusan. 31 Mula, cocog kaya ayat sing kandha, ”Sapa sing bangga, kudu bangga merga Yéhuwah.”
2 Mula sedulur-sedulur, mbiyèn pas aku teka kanggo martakké rahasia suciné Gusti Allah, aku ora nggunakké tembung-tembung sing dhuwur utawa mamèrké kawicaksanan, 2 merga aku mutuské kanggo ngarahké kowé supaya mung nggatèkké Yésus Kristus, sing wis dipatèni ing cagak. 3 Wektu aku teka marani kowé, aku tanpa daya, wedi, lan ndredheg banget. 4 Wektu aku ngomong lan mulang, aku ora ngomong nganggo tembung-tembung wicaksana sing ngyakinké, nanging nganggo tembung-tembung sing mbuktèkké kuwasané roh suci, 5 supaya kowé nduwé iman marang kuwasané Gusti Allah, dudu marang kawicaksanané manungsa.
6 Saiki, kita ngomong bab kawicaksanan ing antarané wong-wong sing imané kuwat nanging ora bab kawicaksanané donya* iki, utawa ora bab kawicaksanané para panguwasa ing donya iki, sing bakal sirna. 7 Nanging kita ngomong bab kawicaksanané Gusti Allah sing didhelikké ing rahasia suci. Gusti Allah wis netepké kawicaksanan iki sakdurungé donya* sing jahat iki ana, supaya kita dimulyakké. 8 Kawicaksanan iki ora dingertèni karo para panguwasa ing donya* iki, merga nèk wong-wong kuwi ngerti, mesthiné ora bakal matèni* Gusti kita sing mulya. 9 Iki cocog karo ayat sing kandha, ”Bab sing wis disiapké Gusti Allah kanggo wong-wong sing nresnani Panjenengané durung tau didelok nganggo mripat, dirungokké nganggo kuping, utawa dibayangké manungsa.” 10 Senajan ngono, Gusti Allah nggunakké roh suciné kanggo nyingkapké bab-bab kuwi marang kita, merga roh suciné Gusti Allah nliti samubarang kabèh, klebu pikirané Gusti Allah sing jero.
11 Apa ana wong sing isa ngerti pikirané manungsa? Mesthiné wong kuwi dhéwé sing ngerti, ta? Semono uga, ora ana sing ngerti pikirané Gusti Allah kejaba kuwi disingkapké karo roh suciné Gusti Allah. 12 Kita dituntun karo roh suciné Gusti Allah, dudu pikirané* donya iki, mula kita isa ngerti bab-bab sing diparingké Gusti Allah kanthi apik ati. 13 Uga, kita ngomongké bab-bab iki, ora nganggo tembung-tembung sing diwulangké saka kawicaksanané manungsa, nanging nganggo tembung-tembung sing diwulangké roh suci. Kita nerangké bab-bab rohani nganggo tembung-tembung rohani.
14 Wong sing urip manut pepénginané donya* ora nampa bab-bab sing disingkapké roh suciné Gusti Allah, merga dhèwèké nganggep kuwi tanpa guna. Dhèwèké ora isa ngerti bab-bab kuwi merga bab-bab kuwi kudu ditliti nganggo tuntunané roh suci. 15 Nanging wong sing dituntun roh suciné Gusti Allah* nliti samubarang kabèh, lan ora ana sing isa ngadili dhèwèké. 16 Kitab Suci kandha, ”Sapa sing isa ngerti pikirané Yéhuwah kok nganti isa mulang Panjenengané?” Senajan ngono, kita nduwé pikirané Kristus.
3 Sedulur-sedulur, aku mbiyèn ora isa ngomong marang kowé kaya ngomong marang wong sing dituntun roh suciné Gusti Allah,* nanging kaya ngomong marang wong sing urip manut pepénginané donya,* sing isih kaya bayi ana ing Kristus. 2 Aku mènèhi kowé susu, dudu pangan sing akas merga kowé durung kuwat. Malah, nganti saiki kowé iya isih durung kuwat 3 merga kowé isih nduwé pikiran donya.* Nèk kowé padha mèri marang siji lan sijiné lan padha padu, apa kuwi ora tegesé nèk kowé isih nduwé pikiran donya lan uripmu isih kaya wong-wong umumé? 4 Nèk sing siji kandha, ”aku pengikuté Paulus”, lan sing sijiné kandha, ”aku pengikuté Apolos”, apa kuwi ora tegesé nèk tumindakmu padha waé karo wong-wong liyané?
5 Sakjané sapa ta Apolos kuwi? Sapa Paulus kuwi? Aku kabèh iki mung abdi sing nindakké tugas saka Gusti.* Aku mung nulungi kowé dadi wong sing percaya. 6 Aku sing nandur, Apolos sing nyirami, nanging Gusti Allah sing nukulké. 7 Dadi, sing penting kuwi dudu sing nandur utawa sing nyirami, nanging Gusti Allah sing nukulké. 8 Sing nandur lan sing nyirami loro-loroné nduwé tujuan sing padha,* nanging wong-wong kuwi bakal nampa opah miturut gawéané dhéwé-dhéwé. 9 Aku kabèh iki kanca nyambut gawéné Gusti Allah, lan kowé kabèh kuwi ladhang sing digarap Gusti Allah, bangunané Gusti Allah.
10 Gusti Allah wis maringi aku welas asihé sing nggumunké,* kuwi sebabé aku masang pondhasi kaya tukang bangunan sing trampil,* nanging wong liya sing mbangun ing ndhuwur pondhasi kuwi. Mula saben wong kudu terus nggatèkké carané mbangun ing ndhuwur pondhasi kuwi. 11 Ora ana sing isa masang pondhasi liya kanggo nggentèni pondhasi sing wis dipasang, yaiku Yésus Kristus. 12 Ing ndhuwur pondhasi kuwi, ana sing mbangun nganggo emas, pérak, watu-watu sing aji, kayu, suket garing, utawa dami. 13 Nanging gawéané saben wong bakal kétok nyata wektu dina kanggo nguji teka, kuwi bakal diuji nganggo geni. Lan geni bakal mbuktèkké kaya apa mutuné bangunan sing wis digarap kuwi. 14 Nèk apa sing dibangun wong ing ndhuwur pondhasi kuwi ora kobong, wong kuwi bakal nampa opah. 15 Nèk kuwi kobong, dhèwèké bakal rugi banget. Senajan ngono dhèwèké dhéwé bakal slamet, nanging kaya wong sing slamet saka kobongan.
16 Apa kowé ora ngerti nèk kowé kabèh kuwi baité Gusti Allah, lan roh suciné Gusti Allah manggon ing antaramu? 17 Nèk wong nyirnakké baité Gusti Allah, wong kuwi bakal disirnakké Gusti Allah. Baité Gusti Allah kuwi suci, lan kowé kabèh kuwi baité Gusti Allah.
18 Kowé aja padha ngapusi awakmu dhéwé. Nèk ana ing antaramu sing rumangsa wicaksana ing ngarepé donya* iki, luwih becik nèk wong kuwi dadi bodho, supaya wong kuwi wicaksana ing ngarsané Gusti Allah. 19 Kanggoné Gusti Allah kawicaksanané donya kuwi tanpa guna, merga Kitab Suci kandha, ”Panjenengané njebak wong sing wicaksana nganggo kepinterané wong-wong kuwi dhéwé.” 20 Kitab Suci uga kandha, ”Yéhuwah ngerti nèk pikirané wong wicaksana kuwi ora ana gunané.” 21 Mula aja bangga karo apa sing ditindakké manungsa. Samubarang kabèh kuwi duwèkmu. 22 Paulus, Apolos, Kéfas,* donya iki, urip, pati, bab-bab sing ana saiki, utawa bab-bab sing bakal teka, kuwi kabèh duwèkmu. 23 Nanging, kowé kabèh kuwi duwèké Kristus, lan Kristus duwèké Gusti Allah.
4 Aku péngin wong-wong nganggep aku kabèh iki pelayané Kristus lan pengurus sing dipercaya kanggo ngurus rahasia suciné Gusti Allah. 2 Wong sing dadi pengurus kudu setya. 3 Kanggoku, kok adili utawa diadili karo pengadilané manungsa kuwi ora penting. Aku malah ora ngadili awakku dhéwé, 4 merga aku ora rumangsa nindakké salah. Nanging iki dudu tegesé aku wong sing bener. Sing ngadili aku kuwi mung Yéhuwah. 5 Mula, aja ngadili sapa-sapa sakdurungé wektuné, nanging entènana nganti Gusti teka. Dhèwèké bakal nggawa menyang pepadhang bab-bab sing didhelikké ing pepeteng lan bakal nyingkapké apa sing ana ing ati kita. Banjur saben wong bakal éntuk pujian sing pantes ditampa saka Gusti Allah.
6 Sedulur-sedulur, apa sing tak omongké mau kanggo paédahmu. Aku nggunakké awakku dhéwé lan Apolos dadi conto supaya kowé isa ngerti aturan iki: ”Aja ngungkuli perkara-perkara sing wis ditulis.” Nèk nindakké kuwi, kowé ora bakal dadi sombong lan ora bakal nganggep wong siji luwih apik ketimbang liyané. 7 Apa sing nggawé kowé rumangsa luwih apik ketimbang wong liya? Apa dudu Gusti Allah sing maringi kabèh sing kok duwèni? Nèk Panjenengané maringi kowé samubarang sing kok duwèni, ngapa kok kowé bangga kaya-kayané kabèh kuwi hasil upayamu dhéwé?
8 Apa kowé wis rumangsa puas? Apa kowé wis padha sugih? Apa kowé wis mulai mréntah dadi raja tanpa aku kabèh? Aku pancèn ngarep-arep kowé kabèh wis mulai mréntah dadi raja, supaya aku kabèh uga isa mréntah dadi raja bareng karo kowé. 9 Kaya-kayané, Gusti Allah wis ndadèkké aku kabèh, yaiku para rasul, dadi kelompok sing pungkasan sing dilebokké ing stadion kanggo dadi tontonan, merga aku kabèh wis divonis mati. Aku kabèh ditonton karo donya, malaékat, lan manungsa. 10 Aku kabèh dadi wong-wong sing bodho merga Kristus, nanging kowé wicaksana merga dadi pengikuté Kristus. Aku kabèh tanpa daya nanging kowé kuwat. Kowé dihormati nanging aku kabèh dirèmèhké. 11 Nganti saiki aku isih kaliren, ngelak, kekurangan klambi,* digebugi, ora nduwé omah 12 lan nyambut gawé rekasa. Wektu dirèmèhké, aku kabèh nanggepi kanthi apik. Wektu dianiaya, aku kabèh tetep tekun kanthi sabar. 13 Wektu dipitenah, aku kabèh njawab kanthi alus. Nganti saiki, aku kabèh dianggep kaya sampah donya lan sampah masyarakat.
14 Aku nulis kabèh iki ora kanggo ngisin-isinké kowé, nanging kanggo mènèhi naséhat marang kowé kaya anak-anakku dhéwé sing tak tresnani. 15 Senajan kowé nduwé 10.000 guru* sing mulang kowé carané ngetutké Kristus, nanging kowé ora nduwé akèh bapak. Senajan ngono, aku dadi bapakmu merga aku mènèhi kabar apik bab Kristus Yésus marang kowé kabèh. 16 Dadi, aku nyuwun supaya kowé kabèh padha niru aku. 17 Kuwi sebabé aku ngutus Timotius marang kowé kabèh, merga dhèwèké kuwi anak sing tak tresnani, sing setya ngabdi marang Gusti. Dhèwèké bakal ngélingké kowé kabèh bab cara-cara* sing tak tindakké wektu ngabdi marang Kristus Yésus, kaya sing wis tak wulangké ing saben jemaat.
18 Sapérangan wong saka antaramu nduwé sikap sombong merga ngira nèk aku ora bakal teka. 19 Nanging, ora suwé manèh aku bakal teka, nèk kuwi kersané Yéhuwah. Aku péngin ngerti wong-wong sombong kuwi, ora kanggo ngerti omongané, nanging kanggo ngerti apa wong-wong kuwi dituntun kuwasané Gusti Allah apa ora, 20 merga Kratoné Allah ora diduduhké nganggo omongan, nanging nganggo kuwasané Gusti Allah. 21 Banjur endi sing kok pilih? Apa kowé péngin aku teka karo nggawa penthung, utawa aku teka nganggo katresnan lan watak sing alus?
5 Aku krungu nèk ing antaramu ana sing nindakké hubungan sèks sing ora sah,* yaiku wong lanang sing njupuk bojoné bapaké. Hubungan sèks sing ora sah kaya ngono kuwi malah ora tau kelakon ing antarané bangsa-bangsa. 2 Nanging kuwi malah nggawé kowé bangga. Kuduné kowé padha sedhih lan nyingkirké wong sing nindakké dosa kuwi saka antaramu, ta? 3 Senajan aku ora ana ing kana, nanging pikiranku* ana ing kana. Lan aku wis ngadili wong sing nindakké dosa kuwi kaya-kayané aku ana ing antaramu. 4 Wektu kowé padha ngumpul, pikiranku lan kuwasané Gusti kita Yésus ana bareng karo kowé. Mula, nganggo jenengé Gusti kita Yésus, 5 pasrahna wong kaya ngono kuwi marang Sétan, supaya pengaruhé sing ala disirnakké* lan kahanan rohaniné jemaat tetep kejaga saksuwéné dinané Gusti.
6 Ora pantes nèk kowé bangga kaya ngono. Apa kowé ora ngerti nèk ragi sathithik isa nyebar ing kabèh adonan?* 7 Buwangen ragi sing lawas supaya kowé dadi adonan sing anyar, merga kowé kabèh wis bébas saka ragi wiwit Kristus dikurbanké. Kristus kuwi Cempé Paskah kita. 8 Mula, ayo kita padha ngrayakké riyaya sakbanjuré* ora nganggo ragi sing lawas utawa ragi dosa lan sing ala, nanging nganggo roti tanpa ragi sing nglambangké kabecikan lan apa sing bener.
9 Aku wis nulis surat marang kowé supaya kowé mandheg sesrawungan karo wong sing nindakké hubungan sèks sing ora sah.* 10 Sing tak maksudké kuwi dudu mandheg sesrawungan karo kabèh wong ing donya iki sing nindakké hubungan sèks sing ora sah,* utawa wong sing srakah, rampok, lan wong sing nyembah brahala, merga nèk kaya ngono, kowé mesthi kudu metu saka donya iki. 11 Saiki, aku nulis surat iki supaya kowé kabèh mandheg sesrawungan karo sedulur seiman sing nindakké hubungan sèks sing ora sah,* sing srakah, sing nyembah brahala, sing seneng ngrèmèhké,* sing seneng mendem, utawa sing ngrampok, malah aja mangan bareng karo wong kaya ngono kuwi. 12 Ngadili wong ing njaba jemaat kuwi kan dudu urusanku, ta? Mesthiné kowé ta sing kuduné ngadili wong ing njero jemaat, 13 lan Gusti Allah sing ngadili wong ing njaba jemaat? ”Singkirna wong sing tumindak ala kuwi saka ing antaramu.”
6 Wektu kowé padha udur-uduran, ngapa kowé kok nganti lunga menyang pengadilan kanggo diadili karo wong-wong sing ora manut hukumé Gusti Allah, lan ora diadili karo wong-wong suci? 2 Apa kowé ora ngerti nèk wong-wong suci bakal ngadili donya? Nèk kowé bakal ngadili donya iki, apa kowé ora isa ngadili perkara-perkara sing cilik? 3 Apa kowé ora ngerti nèk kita bakal ngadili para malaékat? Dadi, ngapa kok masalah-masalah lumrah sing kelakon saiki ora isa kita tangani? 4 Nèk ana masalah-masalah lumrah sing kelakon saiki lan kudu ditangani, ngapa kok kowé milih wong-wong sing ora ditampa karo jemaat kanggo dadi hakim tumrap kowé? 5 Aku ngomong kaya ngono supaya kowé isin. Apa ing antaramu ora ana siji-sijia wong sing wicaksana, sing isa nangani masalah sing kelakon ing antarané para seduluré? 6 Nanging, kowé malah nglawan sedulur-sedulurmu ing pengadilan, ing ngarepé wong-wong sing ora seiman!
7 Sakjané, kuwi tegesé kowé wis kalah nèk kowé padha nuntut siji lan sijiné ing pengadilan. Apa ora luwih becik kowé ngejarké waé awakmu digawé rugi karo wong liya? Ngapa kok kowé ora ngejarké waé awakmu diapusi? 8 Kowé malah nggawé rugi lan ngapusi sedulur-sedulurmu!
9 Apa kowé ora ngerti nèk wong sing ora bener ora bakal nampa warisan Kratoné Allah? Aja padha ngapusi awakmu dhéwé! Wong sing nindakké hubungan sèks sing ora sah,* wong sing nyembah brahala, wong sing laku jina, wong lanang sing gelem digunakké kanggo homosèks, wong lanang sing nindakké homosèks,* 10 maling, wong sing srakah, wong sing seneng mabuk, wong sing seneng ngrèmèhké,* lan rampok ora bakal nampa warisan Kratoné Allah. 11 Mbiyèn, cara uripé sapérangan wong ing antaramu kaya ngono. Nanging saiki kowé wis digawé resik, digawé suci lan dianggep bener ing jenengé Gusti Yésus Kristus lan nganggo roh suciné Gusti Allah kita.
12 Kanggoku, kabèh bab éntuk ditindakké, nanging ora kabèh maédahi. Senajan kanggoku kabèh bab éntuk ditindakké, aku ora gelem dikendhalèni* apa waé. 13 Panganan kuwi kanggo weteng, lan weteng kanggo panganan, nanging loro-loroné bakal dipungkasi karo Gusti Allah. Badan kuwi ora kanggo hubungan sèks sing ora sah* nanging kanggo kepentingané Gusti, lan Gusti kanggo kepentingané badan. 14 Gusti Allah wis nguripké manèh Gusti, lan Panjenengané uga bakal nguripké manèh kita nganggo kuwasané.
15 Apa kowé ora ngerti nèk badanmu kuwi bagéan saka badané Kristus? Mula, apa aku bakal njupuk bagéan saka badané Kristus kanggo tak dadèkké siji karo badané pelacur? Mesthiné ora! 16 Apa kowé ora ngerti nèk wong sing hubungan sèks karo pelacur bakal dadi sak badan karo dhèwèké? Gusti Allah ngendika, ”Loro-loroné kuwi bakal dadi siji.”* 17 Nanging wong sing nyawiji karo Gusti bakal nduwé pikiran sing padha kaya dhèwèké.* 18 Cepet nyingkira saka* hubungan sèks sing ora sah!* Ora ana dosa liyané sing kaya ngono. Wong sing nindakké hubungan sèks sing ora sah nggawé dosa marang badané dhéwé. 19 Apa kowé ora ngerti nèk badanmu kuwi baité roh suci sing ana ing awakmu, sing kok tampa saka Gusti Allah? Kowé dudu duwèké awakmu dhéwé, nanging kowé duwèké Gusti Allah, 20 merga kowé wis dituku nganggo rega sing larang. Dadi, gunakna badanmu kanggo ngluhurké Gusti Allah.
7 Iki jawaban saka pitakonan sing kok tulis: Luwih becik wong lanang ora nindakké hubungan sèks karo* wong wadon. 2 Nanging merga hubungan sèks sing ora sah* wis ditindakké ing ngendi-endi, saben wong lanang olèh nduwé bojo dhéwé, lan saben wong wadon olèh nduwé bojo dhéwé. 3 Wong lanang kudu mènèhké haké* bojoné, semono uga wong wadon marang bojoné. 4 Wong wadon ora nduwé kuwasa tumrap badané dhéwé, nanging bojoné sing nduwé kuwasa tumrap badané. Semono uga, wong lanang ora nduwé kuwasa tumrap badané dhéwé, nanging sing nduwé kuwasa tumrap badané kuwi bojoné. 5 Aja padha nahan haké* bojomu, kejaba kowé setuju nindakké kuwi kanggo sawetara wektu, supaya kowé isa nggunakké wektu kusus kanggo ndonga. Sakwisé kuwi, kowé kudu nyawiji manèh, supaya kowé ora terus digodha Sétan merga ora isa ngendhalèni dhiri. 6 Apa sing tak omongké kuwi olèh kok tindakké, nanging kuwi dudu préntah. 7 Aku péngin kabèh wong kaya aku. Senajan ngono, saben wong nampa anugrahé dhéwé-dhéwé saka Gusti Allah, sing siji nampa anugrah iki, sing liyané nampa anugrah kuwi.
8 Kanggo wong-wong sing durung nikah lan para randha, aku arep ngomong nèk luwih becik wong-wong kuwi tetep kaya aku. 9 Nanging nèk ora isa ngendhalèni dhiri, luwih becik nikah ketimbang ora isa ngendhalèni nafsuné.
10 Kanggo wong-wong sing wis nikah, aku mènèhi tuntunan. Sakjané iki dudu tuntunanku, nanging tuntunané Gusti, yaiku nèk wong wadon ora olèh pisah saka bojoné. 11 Nanging nèk pisah, wong wadon kuwi kudu tetep ora nikah. Utawa, wong wadon kuwi kudu rukun manèh karo bojoné. Wong lanang uga ora olèh ninggalké bojoné.
12 Kanggo sing liyané aku ngomongké iki, nanging iki saka aku, dudu saka Gusti: Nèk ana sedulur lanang nduwé bojo sing ora seiman, lan bojoné kuwi gelem manggon bareng karo dhèwèké, sedulur lanang kuwi ora olèh ninggalké bojoné. 13 Lan nèk sedulur wadon nduwé bojo sing ora seiman, lan bojoné kuwi gelem manggon bareng karo dhèwèké, sedulur wadon kuwi ora olèh ninggalké bojoné. 14 Wong lanang sing ora seiman dianggep suci merga sedulur wadon kuwi, lan wong wadon sing ora seiman dianggep suci merga sedulur lanang kuwi. Nèk ora, anak-anakmu bakal najis. Nanging saiki, anak-anakmu kuwi suci. 15 Nèk bojo sing ora seiman kuwi milih kanggo pisah, ejarna dhèwèké lunga. Ing kahanan kaya ngono, sedulur lanang utawa sedulur wadon ora wajib kanggo terus manggon bareng karo bojoné. Gusti Allah wis maringi kowé katentreman. 16 Wong-wong wadon, piyé kowé ngerti nèk kowé ora isa nylametké bojomu? Utawa wong-wong lanang, piyé kowé ngerti nèk kowé ora isa nylametké bojomu?
17 Senajan ngono, saben wong luwih becik urip manut karo apa sing wis diparingké Yéhuwah, yaiku miturut kahanané mbiyèn wektu Gusti Allah milih dhèwèké kanggo dadi wong percaya. Aku mènèhi tuntunan iki ing kabèh jemaat. 18 Apa ana wong sing wis disunat wektu dhèwèké mulai dadi wong percaya? Luwih becik nèk dhèwèké tetep kaya ngono. Apa ana wong sing durung disunat wektu dhèwèké mulai dadi wong percaya? Luwih becik nèk dhèwèké tetep ora disunat. 19 Disunat apa ora kuwi ora penting. Sing penting kuwi nindakké préntahé Gusti Allah. 20 Luwih becik saben wong tetep ana ing kahanan kaya pas dhèwèké mulai dadi wong percaya. 21 Apa kowé kuwi budhak wektu kowé mulai dadi wong percaya? Aja nguwatirké bab kuwi. Nanging nèk kowé nduwé kesempatan kanggo bébas, gunakna kesempatan kuwi. 22 Saben muridé Gusti sing mbiyèné dadi budhak wektu mulai dadi wong percaya, kuwi wis dibébaské lan dadi duwèké Gusti. Semono uga wong merdéka, wektu dhèwèké mulai dadi wong percaya, wong kuwi budhaké Kristus. 23 Kowé wis dituku nganggo rega sing larang banget. Mula aja dadi budhaké manungsa manèh. 24 Sedulur-sedulur, ora soal ing kahanan apa waé wektu kowé mulai dadi wong percaya, luwih becik kowé tetep urip miturut kahanan kuwi ing ngarsané Gusti Allah.
25 Saiki kanggo wong sing durung nikah,* aku ora nampa préntah saka Gusti, nanging merga aku wong sing setya sing éntuk welas asihé Gusti, aku mènèhi naséhat iki: 26 Miturutku, luwih becik wong lanang tetep ing kahanané saiki, merga kita urip ing jaman sing rekasa. 27 Nèk kowé wong lanang sing wis nduwé bojo, aja ngupaya pisah saka bojomu. Nèk kowé wong lanang sing ora nduwé bojo, aja nggolèk bojo. 28 Nanging nèk kowé nikah, kowé ora nindakké dosa. Lan nèk wong sing durung nikah* akiré nikah, dhèwèké ora nindakké dosa. Nanging, wong sing nikah bakal ngalami akèh kasusahan.* Aku péngin nglindhungi kowé saka bab kuwi.
29 Sakliyané kuwi, sedulur-sedulur, wektuné mung kari sathithik. Wiwit saiki, luwih becik wong lanang sing nduwé bojo dadi kaya wong sing ora nduwé bojo, 30 wong sing nangis dadi kaya wong sing ora nangis, wong sing bungah dadi kaya wong sing ora bungah, wong sing tuku barang-barang dadi kaya wong sing ora nduwé barang-barang kuwi, 31 lan wong sing nggunakké perkara-perkara ing donya iki dadi kaya wong sing ora nggunakké kuwi sakabèhé. Sebab, donya sing kita kenal saiki wis arep sirna.* 32 Sakjané, aku péngin kowé bébas saka rasa kuwatir. Wong lanang sing ora nikah mung kuwatir bab nindakké gawéané Gusti merga dhèwèké péngin nyenengké Gusti. 33 Nanging wong lanang sing nikah kuwatir karo perkara-perkara ing donya iki, merga dhèwèké péngin nyenengké bojoné, 34 mula pikirané dadi kebagi. Wong wadon sing ora nikah uga para prawan kuwatir bab nindakké gawéané Gusti, supaya badan lan pikirané* tetep suci. Nanging wong wadon sing nikah kuwatir karo perkara-perkara ing donya iki, merga dhèwèké péngin nyenengké bojoné. 35 Aku ngomongké iki kanggo paédahmu, dudu kanggo mbatesi* kowé. Aku péngin nggawé kowé semangat kanggo nindakké apa sing apik lan terus ngabdi marang Gusti tanpa alangan.
36 Nèk ana sing durung nikah* lan rumangsa ora isa ngendhalèni nafsuné, lan dhèwèké wis cukup umur, luwih becik dhèwèké nikah. Kuwi dudu dosa. 37 Nanging, nèk wong mutuské ing atiné kanggo ora nikah lan yakin tenan karo keputusané kuwi, merga dhèwèké rumangsa ora perlu nikah lan isa ngendhalèni nafsuné, dhèwèké bakal éntuk paédah. 38 Dadi, wong sing nikah éntuk paédah, nanging wong sing ora nikah éntuk paédah luwih akèh.
39 Wong wadon sing wis nikah nyawiji* karo bojoné saksuwéné bojoné isih urip. Nèk bojoné wis mati, wong wadon kuwi bébas nikah karo sapa waé sing dipéngini, nanging wong wadon kuwi mung éntuk nikah karo pengikuté Gusti. 40 Lan miturutku, wong wadon kuwi bakal luwih bungah nèk ora nikah manèh. Aku yakin nèk aku uga nduwé roh suciné Gusti Allah.
8 Saiki, bab panganan sing dikurbanké marang brahala: Kita ngerti nèk kita kabèh nduwé pangertèn bab iki. Pangertèn isa nggawé wong dadi sombong, nanging katresnan isa nguwatké wong. 2 Nèk wong rumangsa wis ngerti sawijiné perkara, sakjané wong kuwi durung ngerti sakabèhé. 3 Nanging nèk wong nresnani Gusti Allah, dhèwèké dikenal karo Gusti Allah.
4 Bab mangan panganan sing dikurbanké marang brahala, kita ngerti nèk brahala kuwi ora ana artiné babar blas, lan Gusti Allah kuwi mung siji. 5 Senajan ana sing disebut allah, ing swarga uga ing bumi, lan pancèn ana akèh sing disebut ”allah” lan ”gusti”, 6 kanggo kita mung ana Gusti Allah siji, yaiku Bapak kita. Panjenengané kuwi sing nggawé samubarang kabèh, lan kita urip kanggo Panjenengané. Uga, mung ana Gusti siji yaiku Yésus Kristus. Liwat dhèwèké samubarang kabèh digawé lan kita urip liwat dhèwèké.
7 Nanging ora kabèh wong nduwé pangertèn iki. Merga mbiyèné nyembah brahala, ana sebagéan wong sing mangan panganan kuwi nganggep nèk panganan kuwi dikurbanké marang brahala, mula hati nuraniné sing ringkih dadi keganggu.* 8 Sakjané, panganan ora nggawé kita luwih cedhak karo Gusti Allah. Kita ora rugi nèk ora mangan, lan kita ya ora untung nèk mangan. 9 Nanging ngati-atia, aja nganti kebébasanmu kanggo milih nggawé wong-wong sing ringkih dadi kesandhung. 10 Nèk ana wong sing ndelok kowé mangan panganan ing kuil brahala, padahal kowé kuwi wong sing nduwé pangertèn, mesthiné hati nuraniné wong sing ringkih kuwi bakal mengaruhi dhèwèké kanggo mèlu-mèlu mangan panganan sing dikurbanké marang brahala, ta? 11 Nèk kaya ngono, pangertènmu ngrusak imané wong sing ringkih kuwi, padahal dhèwèké kuwi sedulurmu, lan Kristus wis mati kanggo dhèwèké. 12 Nèk kowé nggawé dosa marang sedulurmu nganggo cara kaya ngono lan nglarani hati nuraniné sing ringkih, kowé dosa marang Kristus. 13 Mula, nèk panganan nggawé sedulurku kesandhung, aku ora bakal mangan daging manèh supaya aku ora nggawé sedulurku kesandhung.
9 Aku iki kan bébas nindakké apa waé sing tak péngini, ta? Aku iki kan rasul, ta? Aku kan ya wis tau ndelok Yésus Gusti kita, ta? Kowé kuwi kan hasil anggonku nyambut gawé ana ing Gusti, ta? 2 Senajan aku dudu rasul kanggo wong liya, nanging aku rasul kanggo kowé kabèh! Kowé kabèh kuwi bukti* sing nduduhké nèk aku iki rasul kanggo Gusti.
3 Iki pembélaanku marang wong-wong sing ngadili aku: 4 Aku kabèh nduwé hak kanggo mangan lan ngombé, ta? 5 Kaya rasul-rasul liyané, adhi-adhiné Gusti kita, lan Kéfas,* aku kabèh kan nduwé hak kanggo nikah karo wong wadon Kristen lan nggawa bojoku kuwi lunga bareng karo aku, ta? 6 Utawa, apa mung Barnabas lan aku sing ora nduwé hak kanggo mandheg golèk pangan? 7 Apa ana prajurit sing nindakké tugas nganggo ragadé dhéwé? Apa ana wong sing nandur anggur nanging ora mangan wohé? Utawa apa ana pangon sing ora ngombé susu saka wedhusé dhéwé?
8 Apa omonganku iki mung saka pikirané manungsa? Hukum Taurat kan ya ngomong kaya ngono, ta? 9 Ing Hukum Musa ana tulisan ngéné, ”Aja mbrangus cangkemé sapi sing lagi nggiling gandum.” Apa sing digatèkké Gusti Allah kuwi sapi-sapi mau? 10 Utawa kuwi ditulis kanggo paédahé kita? Kuwi pancèn ditulis kanggo paédahé kita, merga wong sing mbajak lan sing nggiling mesthi ngarep-arep éntuk bagéan.
11 Merga aku kabèh wis nandur bab-bab rohani ing antaramu, apa salah nèk aku kabèh nampa bantuan matèri saka kowé? 12 Nèk wong liya waé nduwé hak kanggo nampa bantuan matèri saka kowé, mesthiné aku kabèh luwih nduwé hak, ta? Senajan ngono, aku ora nggunakké hak kuwi. Aku malah nanggung sakabèhé supaya aja nganti ngalang-alangi anggoné kita martakké kabar apik bab Kristus. 13 Apa kowé ora ngerti nèk wong sing nindakké tugas suci ing bait éntuk panganan saka bait, lan sing tugas ing mésbah éntuk jatah saka mésbah kuwi? 14 Semono uga, Gusti ngongkon wong-wong sing martakké kabar apik kanggo urip saka anggoné martakké kabar apik.
15 Nanging, aku babar blas ora nggunakké pengaturan iki. Aku ora nulis iki supaya kuwi kabèh disedhiakké kanggo aku. Luwih becik aku mati ketimbang aku kélangan alesan kanggo bangga. 16 Senajan aku martakké kabar apik, iki dudu alesan kanggo aku ngrasa bangga, merga iki wis dadi kewajibanku. Malah, aku bakal cilaka nèk aku ora martakké kabar apik! 17 Nèk aku nindakké kuwi kanthi lila, aku bakal éntuk opah. Saumpama aku nindakké kuwi kanthi kepeksa, aku ya tetep dipercaya kanggo nindakké tugas kuwi. 18 Mula, apa opahku? Opahku yaiku wektu aku martakké kabar apik, aku isa nindakké kuwi tanpa dibayar. Nganggo cara kuwi, aku ora nggunakké hakku ing bab martakké kabar apik nganggo cara sing salah.
19 Senajan aku dudu budhaké sapa-sapa, aku ndadèkké awakku budhaké kabèh wong, supaya aku isa mbantu sak akèh-akèhé wong. 20 Marang wong Yahudi, aku dadi wong Yahudi supaya aku isa mbantu wong Yahudi. Marang wong sing nindakké hukum, aku dadi wong sing nindakké hukum supaya aku isa mbantu wong-wong kuwi, senajan aku dhéwé ora nindakké hukum. 21 Marang wong sing ora nindakké hukum, aku dadi wong sing ora nindakké hukum supaya aku isa mbantu wong-wong kuwi, senajan aku dhéwé nindakké hukumé Gusti Allah lan hukumé Kristus. 22 Marang wong sing ringkih, aku dadi wong ringkih supaya isa mbantu wong-wong kuwi. Aku wis nindakké sak isa-isaku kanggo mbantu kabèh wong, supaya nganggo cara apa waé aku isa nylametké sapérangan wong. 23 Apa waé tak tindakké kanggo kepentingané kabar apik lan kanggo martakké kuwi marang wong liya.
24 Apa kowé padha ora ngerti nèk ing balapan mlayu, kabèh wong padha mlayu nanging mung siji sing nampa hadiah? Mlayua sak kuwat tenagamu supaya kowé isa nampa hadiah kuwi. 25 Saben wong sing mèlu balapan mlayu* ngendhalèni dhiri ing kabèh perkara. Wong-wong padha nindakké kuwi supaya éntuk mahkota sing isa sirna, nanging kita nindakké kuwi supaya kita isa éntuk mahkota sing ora isa sirna. 26 Kuwi sebabé anggonku mlayu ora tanpa tujuan, lan anggonku njotos ora kaya njotos angin. 27 Aku nggebugi* awakku dhéwé lan ndadèkké kuwi budhakku, supaya aja nganti aku dhéwé, sing wis mulang wong liya, malah ditolak* karo Gusti Allah.
10 Sedulur-sedulur, aku péngin kowé ngerti nèk kabèh leluhur kita padha mlaku ing ngisoré méga lan nyebrangi laut. 2 Kabèh dibaptis dadi pengikuté Musa wektu mlaku ing ngisoré méga lan nyebrangi laut. 3 Kabèh mangan panganan rohani sing padha, 4 lan kabèh ngombé ombènan rohani sing padha. Wong-wong kuwi biasa ngombé saka watu rohani sing lunga bareng wong-wong kuwi, yaiku* Kristus. 5 Senajan ngono, Gusti Allah ora seneng karo akèh-akèhé wong saka ing antarané para leluhur kita, buktiné wong-wong kuwi dipatèni ing padhang belantara.
6 Kabèh bab kuwi dadi piwulang* kanggo kita, supaya kita ora dadi kaya wong-wong kuwi sing péngin nindakké bab-bab sing ala. 7 Aja nyembah brahala, kaya sing ditindakké sapérangan wong saka ing antarané para leluhur kita. Ana tulisan sing kandha, ”Wong-wong kuwi padha mangan lan ngombé, banjur padha seneng-seneng.” 8 Aja nindakké hubungan sèks sing ora sah* kaya sing ditindakké sapérangan wong saka ing antarané para leluhur kita, sing nyebabké 23.000 wong mati ing wektu sedina. 9 Aja nguji Yéhuwah kaya sing mbiyèn ditindakké sapérangan wong saka ing antarané para leluhur kita sing nyebabké wong-wong kuwi padha mati dicokot ula. 10 Aja seneng nggrundel* kaya wong-wong kuwi, sing akiré dipatèni karo malaékat. 11 Kabèh sing dialami wong-wong kuwi dadi piwulang,* lan ditulis dadi pangéling-éling kanggo kita sing urip ing akir jaman* iki.
12 Mula, wong sing rumangsa nèk dhèwèké lagi ngadeg jejeg, kudu ngati-ati supaya ora tiba. 13 Kowé ngadhepi godhaan sing biasa diadhepi karo wong-wong. Nanging Gusti Allah kuwi setya, lan Panjenengané ora bakal ngejarké kowé digodha ngluwihi apa sing isa kok tanggung. Malah, Panjenengané bakal mbantu kowé supaya kowé isa tekun ngadhepi godhaan kuwi.
14 Mula, sedulur-sedulur sing tak tresnani, mlayua saka penyembahan brahala. 15 Kowé kabèh kuwi wong-wong sing wicaksana, mula putusna dhéwé apa sing tak omongké iki bener apa ora. 16 Cawan ucapan sokur marang Gusti Allah nglambangké getihé Kristus, ta? Roti sing kita cuwil-cuwil nglambangké badané Kristus, ta? 17 Roti kuwi mung ana siji, lan kita kabèh mangan roti kuwi. Mula, senajan kita ana akèh, nanging kita iki sak badan.
18 Padha éling-élingen bab wong-wong Israèl jasmani: Wong sing mangan kurban ing mésbah kuwi kan kaya mangan bareng karo Gusti Allah, ta? 19 Apa maksudku? Apa brahala lan perkara-perkara sing dikurbanké marang brahala kuwi penting? 20 Ora. Nanging sing tak maksud yaiku nèk perkara-perkara sing dikurbanké bangsa-bangsa kuwi dikurbanké marang roh-roh jahat, dudu marang Gusti Allah, lan aku ora péngin kowé mangan bareng karo roh-roh jahat. 21 Kowé ora isa ngombé saka cawané Yéhuwah lan ing wektu sing padha uga ngombé saka cawané roh-roh jahat, utawa mangan ing ”méjané Yéhuwah” lan ing wektu sing padha uga mangan saka méjané roh-roh jahat. 22 Utawa ’apa kita arep nggawé Yéhuwah cemburu’? Kita kan ora luwih kuwat ketimbang Panjenengané, ta?
23 Kabèh bab éntuk ditindakké, nanging ora kabèh ana paédahé. Kabèh bab éntuk ditindakké, nanging ora kabèh nguwatké. 24 Saben wong kudu mikirké kepentingané wong liya, dudu kepentingané dhéwé.
25 Mangana daging apa waé sing diedol ing pasar. Lan ora perlu takon-takon merga wedi nèk hati nuranimu keganggu. 26 Sebab ”bumi lan sak isiné kuwi duwèké Yéhuwah”. 27 Nèk kowé diundang mangan karo wong sing ora seiman lan kowé gelem teka, panganen apa waé sing disuguhké marang kowé. Kowé ora perlu takon-takon merga wedi nèk hati nuranimu keganggu. 28 Nanging nèk ana sing kandha, ”Panganan iki dikurbanké marang brahala”, aja kok pangan. Iki kok tindakké demi wong sing ngandhani mau lan demi hati nurani. 29 Maksudku dudu hati nuranimu, nanging hati nuraniné wong kuwi. Aku ora péngin kebébasanku nggawé aku diadili karo hati nuraniné wong liya. 30 Senajan aku mangan lan ngucap sokur marang Gusti Allah kanggo panganan kuwi, apa kuwi ya kudu tetep tak pangan nèk kuwi isa nggawé wong-wong nyacad aku?
31 Dadi, ora soal kowé mangan, utawa ngombé, utawa nindakké apa waé, tindakna samubarang kabèh demi kamulyané Gusti Allah. 32 Aja nganti kowé kabèh nggawé wong Yahudi, wong Yunani, utawa jemaaté Gusti Allah dadi kesandhung. 33 Dadia kaya aku, sing ngupaya nyenengké kabèh wong ing kabèh bab, ora mung mikirké kepentinganku dhéwé nanging kepentingané wong-wong, supaya wong-wong kuwi dislametké.
11 Tirunen aku, kaya aku niru Kristus.
2 Aku ngalem kowé kabèh merga kowé tansah kèlingan karo aku lan padha terus manut tuntunan* sing tak wènèhké marang kowé. 3 Nanging aku péngin kowé ngerti nèk kepalané saben wong lanang kuwi Kristus, kepalané saben wong wadon kuwi wong lanang, lan kepalané Kristus kuwi Gusti Allah. 4 Saben wong lanang sing ngudhungi sirahé wektu ndonga utawa martakké warta saka Gusti Allah, dhèwèké ngisin-isinké kepalané. 5 Nèk wong wadon ndonga utawa martakké warta saka Gusti Allah tanpa ngudhungi sirahé, dhèwèké ngisin-isinké kepalané, merga dhèwèké padha kaya wong wadon sing rambuté dicukur entèk. 6 Nèk wong wadon ora ngudhungi sirahé, luwih becik rambuté dikethok. Nanging nèk dhèwèké isin nèk rambuté dikethok utawa dicukur entèk, dhèwèké kudu ngudhungi sirahé.
7 Wong lanang ora éntuk ngudhungi sirahé merga wong lanang digawé miturut gambaré Gusti Allah, lan mantulké kamulyané Gusti Allah. Nanging wong wadon mantulké kamulyané wong lanang. 8 Gusti Allah ora nggawé wong lanang saka badané wong wadon, nanging Gusti Allah nggawé wong wadon saka badané wong lanang. 9 Apa manèh, Gusti Allah ora nggawé wong lanang kanggo kepentingané wong wadon, nanging Gusti Allah nggawé wong wadon kanggo kepentingané wong lanang. 10 Kuwi sebabé, demi para malaékat, wong wadon kudu ngudhungi sirahé kanggo tandha nèk dhèwèké manut karo kepalané.
11 Senajan ngono, ing antarané para pengikuté Gusti, wong wadon ora éntuk kepisah saka wong lanang, lan wong lanang ora éntuk kepisah saka wong wadon. 12 Merga padha kaya wong wadon digawé saka badané wong lanang, semono uga wong lanang lair saka wong wadon, nanging kabèh asalé saka Gusti Allah. 13 Putusna dhéwé: Apa ya pantes nèk wong wadon ndonga marang Gusti Allah tanpa ngudhungi sirahé? 14 Nèk disawang saka carané manungsa digawé, wong lanang sing rambuté dawa kuwi kan ngasorké wong kuwi dhéwé, ta? 15 Nanging nèk wong wadon rambuté dawa, kuwi malah nggawé dhèwèké diajèni, ta? Merga wong wadon diwènèhi rambut dawa kanggo ngudhungi sirahé. 16 Senajan ngono, nèk ana sing ora setuju lan péngin nindakké kebiasaan liyané, kita ngerti nèk kita lan kabèh jemaaté Gusti Allah ora nduwé kebiasaan liya.
17 Wektu aku mènèhi tuntunan iki marang kowé, aku ora ngalem kowé, merga anggoné kowé padha ngumpul kuwi ora maédahi, malah mbebayani. 18 Sebab aku krungu nèk wektu kowé padha ngumpul ing jemaat, kowé padha kepisah-pisah dadi pirang-pirang golongan. Lan tak pikir kabar kuwi ana beneré. 19 Ing antaramu mesthi bakal ana sèkte-sèkte. Nganggo cara kuwi, wong-wong sing ditampa Gusti Allah bakal kétok cetha.
20 Wektu kowé padha ngumpul bebarengan kanggo mangan Perjamuan Dalu Gusti, sakjané tujuanmu padha ngumpul dudu kanggo kuwi. 21 Merga pas tekan wektuné kanggo mangan perjamuan kuwi, ana sapérangan wong ing antaramu sing wis padha mangan wengi dhisik. Mula ana wong ing antaramu sing luwé, lan ana sing mendem. 22 Apa kowé padha ora nduwé omah kanggo mangan lan ngombé? Apa kowé ngrèmèhké jemaaté Gusti Allah lan péngin ngisin-isinké wong sing miskin? Aku kudu ngomong apa marang kowé? Apa aku kudu ngalem kowé? Ing bab iki aku ora ngalem kowé.
23 Apa sing tak tampa saka Gusti, ya kuwi sing tak wulangké marang kowé. Ing wengi sakdurungé dikhianati, Gusti Yésus njupuk roti, 24 lan sakwisé ngucap sokur, dhèwèké nyuwil-nyuwil roti kuwi lan kandha, ”Iki nglambangké badanku sing tak pasrahké kanggo kepentinganmu. Terus tindakna iki kanggo ngéling-éling aku.” 25 Yésus nindakké sing padha kanggo cawan kuwi, sakwisé Yésus lan murid-muridé mangan. Yésus kandha, ”Cawan iki nglambangké perjanjian anyar, sing disahké nganggo getihku. Saben kowé ngombé iki, tindakna kuwi kanggo ngéling-éling aku.” 26 Mula, saben kowé mangan roti iki lan ngombé cawan iki, kowé martakké sédané Gusti nganti dhèwèké teka.
27 Kuwi sebabé, nèk ana wong sing mangan roti kuwi lan ngombé cawané Gusti padahal dhèwèké ora pantes, dhèwèké bakal salah merga ora ngajèni badan lan getihé Gusti. 28 Wong kudu mastèkké dhisik apa dhèwèké pantes, banjur dhèwèké lagi éntuk mangan roti lan ngombé cawan kuwi. 29 Nèk wong mangan lan ngombé tanpa ngerti apa sing dilambangké karo badan kuwi, wong kuwi nggawé dhèwèké dhéwé dihukum. 30 Kuwi sebabé, akèh ing antaramu sing ringkih, lara, lan mati.* 31 Nanging menawa kita wis mastèkké nèk kita pancèn pantes, kita ora bakal diadili. 32 Nèk kita diadili, kita didisiplin Yéhuwah, supaya kita ora dihukum bareng karo donya iki. 33 Mula, sedulur-sedulur, wektu kowé padha ngumpul kanggo mangan perjamuan kuwi, kowé kudu ngentèni kabèh padha teka. 34 Nèk ana sing luwé, mangana dhisik ing omah, supaya wektu ngumpul kowé ora nyebabké awakmu dhéwé dihukum. Bab-bab liyané bakal tak urus wektu aku tekan ing kono.
12 Saiki, sedulur-sedulur, aku péngin kowé kabèh ngerti bab anugrah-anugrah rohani. 2 Kowé kabèh padha ngerti nèk wektu kowé isih durung dadi wong percaya,* kowé dipengaruhi lan disesatké kanggo nyembah brahala sing bisu, lan kowé ngetutké ing ngendi waé kowé digawa. 3 Saiki, aku péngin kowé ngerti nèk wong sing ngomong nganggo tuntunan saka roh suciné Gusti Allah, ora isa kandha, ”Yésus kena ing laknat!” lan mung wong sing dituntun roh suci sing isa kandha, ”Yésus kuwi Gusti!”
4 Ana anugrah sing béda-béda, nanging kuwi kabèh diwènèhké saka roh suci sing padha. 5 Ana akèh gawéan kanggo ngabdi marang Gusti Allah, nanging kuwi kabèh ditindakké kanggo Gusti sing padha. 6 Ana akèh kegiatan sing béda-béda. Nanging, Gusti Allah sing nggawé akèh wong nindakké kabèh kegiatan kuwi Gusti Allah sing padha. 7 Bantuané roh suci kétok cetha ing saben wong, lan Gusti Allah maringké kuwi kanggo paédahé kabèh wong. 8 Liwat roh suci saka Gusti Allah ana wong sing isa ngomong kanthi wicaksana, lan liwat roh suci sing padha ana wong sing isa ngomong nganggo pangertèn, 9 liwat roh suci sing padha kuwi uga, ana wong sing isa nduwé iman, lan sing liyané isa marèkké wong lara, 10 ana sing isa nindakké mukjijat, sing liyané isa martakké pangandikané Gusti Allah, liyané manèh ana sing isa nemtokké apa sing diwulangké kuwi asalé saka Gusti Allah apa dudu, uga ana sing isa ngomong nganggo basa liya, lan ana sing isa nerjemahké basa. 11 Kabèh kuwi ditindakké karo roh suci sing padha, lan diedumké marang saben wong miturut kersané Gusti Allah.*
12 Badan siji nduwé akèh anggota, lan kabèh anggotané senajan akèh, dadi sak badan. Semono uga badané Kristus. 13 Kita kabèh, klebu wong Yahudi utawa wong Yunani, budhak utawa wong merdéka, padha dibaptis nganggo roh suci sing padha supaya kita dadi sak badan, lan kita kabèh éntuk* roh suci sing padha.
14 Badan nduwé akèh anggota, ora mung siji. 15 Senajan sikil kandha, ”Aku kan dudu tangan, dadi aku dudu bagéan saka badan,” nanging tetep waé sikil kuwi bagéan saka badan. 16 Senajan kuping kandha, ”Aku kan dudu mripat, dadi aku dudu bagéan saka badan,” nanging tetep waé kuping kuwi bagéan saka badan. 17 Nèk sak badan kabèh kuwi mripat, nganggo apa kita ngrungokké? Nèk sak badan kabèh kuwi kuping, nganggo apa kita ngambu? 18 Nanging Gusti Allah wis ndèlèhké saben anggota badan ing panggonané dhéwé-dhéwé, kaya sing Panjenengané kersakké.
19 Nèk kabèh anggota badan kuwi padha, kaya apa dadiné badan kuwi? 20 Anggotané pancèn akèh, nanging badané mung siji. 21 Mripat ora isa kandha marang tangan, ”Aku ora butuh kowé.” Lan sirah uga ora isa kandha marang sikil, ”Aku ora butuh kowé.” 22 Nanging sewaliké, anggota badan sing kétoké ora pati penting, kuwi malah dibutuhké, 23 lan bagéan badan sing kita anggep kurang aji, malah luwih kita gatèkké. Dadi, bagéan sing kétoké kurang apik, kita gawé luwih apik, 24 nanging bagéan sing wis apik, ora perlu dikapak-kapakké manèh. Gusti Allah wis nata badan kaya ngono kuwi, nganggo cara luwih nggatèkké bagéan sing kurang aji, 25 supaya badan ora kepisah-pisah, lan anggota-anggotané padha nggatèkké siji lan sijiné. 26 Nèk ana siji anggota sing sengsara, kabèh anggota liyané mèlu sengsara. Lan nèk siji anggota dialem, kabèh anggota liyané mèlu seneng.
27 Kowé kabèh kuwi badané Kristus, lan saben wong ing antaramu anggotané badan kuwi. 28 Gusti Allah wis netepké supaya ing saben jemaat ana: kapisan rasul-rasul, kapindho nabi-nabi, katelu guru-guru, banjur mukjijat, anugrah kanggo marèkké, anugrah kanggo mènèhi bantuan, kesanggupan kanggo mimpin, lan anugrah kanggo ngomong nganggo basa liya. 29 Apa kabèh dadi rasul? Apa kabèh dadi nabi? Apa kabèh dadi guru? Apa kabèh isa nggawé mukjijat? 30 Apa kabèh nduwé anugrah kanggo marèkké? Apa kabèh isa ngomong nganggo basa liya? Apa kabèh isa nerjemahké basa? Mesthiné ora, ta? 31 Mula, terusa ngupaya kanggo éntuk anugrah-anugrah sing luwih gedhé. Nanging aku bakal nduduhké marang kowé sawijiné dalan sing luwih unggul.
13 Nèk aku ngomong nganggo basané manungsa lan basané malaékat, nanging ora nduwé katresnan, aku padha waé kaya gong utawa simbal* sing mung mbrebegi kuping. 2 Nèk aku nduwé anugrah kanggo ngomongké pangandika sing diparingké Gusti Allah marang aku, lan aku isa ngerti sakabèhé rahasia suci lan pangertèn, uga nduwé iman sing kuwat banget nganti isa mindhah gunung, nanging aku ora nduwé katresnan, apa sing tak tindakké kuwi ora ana gunané babar blas. 3 Nèk aku nggunakké kabèh duwèkku kanggo ngopèni wong liya, lan nèk aku ngurbanké nyawaku* supaya aku bangga, nanging aku ora nduwé katresnan, aku ora bakal éntuk paédah apa-apa.
4 Wong sing nduwé katresnan kuwi sabar lan apikan. Dhèwèké ora seneng iri, ora ngunggul-unggulké awaké dhéwé, ora sombong, 5 ora tumindak kasar,* ora mung mikirké kepentingané dhéwé, lan ora gampang nesu. Dhèwèké uga ora ngéling-éling salahé* wong liya. 6 Dhèwèké ora bungah merga apa sing ora bener, nanging bungah merga apa sing bener. 7 Wong sing nduwé katresnan kuwi nanggung samubarang kabèh, percaya samubarang kabèh, tansah nduwé pangarep-arep, lan tekun ngadhepi samubarang kabèh.
8 Katresnan kuwi ora ana entèké.* Nanging, anugrah kanggo ngomongké pangandika sing diparingké Gusti Allah, anugrah kanggo ngomong nganggo basa liya, lan kanggo éntuk pangertèn, kuwi kabèh bakal sirna. 9 Merga, pangertèn kita ora lengkap, lan pangandika sing kita omongké ya ora lengkap, 10 nanging wektu sing lengkap wis teka, apa sing ora lengkap mau bakal sirna. 11 Wektu aku isih bocah, aku ngomong kaya bocah, mikir kaya bocah, lan nggawé pertimbangan kaya bocah. Nanging sakwisé aku gedhé, aku ora tumindak kaya bocah manèh. 12 Saiki, kita mung ndelok bayangan sing lamat-lamat liwat cermin sing digawé saka logam, nanging sukmbèn kita bakal ndelok kanthi cetha, kaya ndelok adhep-adhepan. Saiki pangertènku bab Gusti Allah ora lengkap, nanging sukmbèn aku bakal ngerti tenan* bab Gusti Allah, padha kaya Panjenengané ngerti tenan bab aku. 13 Senajan ngono, telung bab iki bakal tetep ana: iman, pangarep-arep, lan katresnan. Nanging sing paling unggul saka antarané kabèh kuwi yaiku katresnan.
14 Terus duduhna katresnan, ngupayaa éntuk* anugrah-anugrah rohani, utamané anugrah kanggo mènèhi ramalan.* 2 Wong sing ngomong nganggo basa liya ngomong marang Gusti Allah, dudu marang manungsa. Senajan dhèwèké ngomong bab rahasia suci liwat roh suci, nanging ora ana sing isa ngerti. 3 Nanging, wong sing mènèhi ramalan isa nguwatké, mbantu, lan nglipur wong liya nganggo tembung-tembungé. 4 Wong sing ngomong nganggo basa liya mung nguwatké dhèwèké dhéwé, nanging wong sing mènèhi ramalan nguwatké jemaat. 5 Aku péngin kowé kabèh ngomong nganggo basa liya, nanging aku luwih seneng nèk kowé mènèhi ramalan. Mènèhi ramalan luwih becik ketimbang ngomong nganggo basa liya, kejaba nèk kuwi diterjemahké, dadi jemaat isa dikuwatké. 6 Sedulur-sedulur, nèk aku teka lan ngomong nganggo basa liya, piyé aku isa mbantu kowé? Nèk aku péngin mbantu kowé, aku kudu ngomong nganggo pangertèn, utawa ramalan, utawa pangandika lan piwulang sing tak tampa saka Gusti Allah.
7 Padha kaya alat musik, contoné suling utawa harpa,* nèk nada sing dimainké ora cetha, piyé wong isa ngerti lagu apa sing lagi dimainké? 8 Nèk swara trompèté ora cetha, sapa sing bakal siap-siap kanggo perang? 9 Semono uga nèk omonganmu angèl dingertèni, piyé wong bakal ngerti kowé lagi ngomong apa? Sakjané, kuwi kaya kowé ngomong karo angin. 10 Ing donya iki ana akèh basa sing diomongké, lan kabèh isa dingertèni. 11 Nèk aku ora ngerti apa sing diomongké wong marang aku, aku bakal dadi wong asing kanggo dhèwèké, lan dhèwèké bakal dadi wong asing kanggo aku. 12 Semono uga kowé, nèk kowé péngin banget éntuk anugrah-anugrah rohani, ngupayaa supaya kowé isa éntuk anugrah-anugrah kuwi kanthi lubèr kanggo nguwatké jemaat.
13 Mula, wong sing ngomong nganggo basa liya kudu ndonga supaya isa nerjemahké. 14 Nèk aku ndonga nganggo basa liya, dudu aku sing ngomong, nanging anugrah rohani sing diparingké marang aku. Kuwi sebabé aku ora ngerti apa sing tak omongké. 15 Terus aku kudu piyé? Aku bakal ndonga nganggo anugrah rohani lan aku uga bakal ndonga supaya apa sing tak omongké isa dingertèni. Aku bakal nyanyi lagu pamuji nganggo anugrah rohani lan aku uga bakal nyanyi lagu pamuji supaya apa sing tak omongké isa dingertèni. 16 Nèk kowé ngucap sokur marang Gusti Allah nganggo anugrah rohani, nanging wong biasa sing ana ing antaramu ora ngerti sing kok omongké, piyé wong kuwi isa ngomong ”Amin” sakwisé kowé ngucap sokur? 17 Pancèn, kowé ngucap sokur kanthi apik, nanging wong kuwi ora bakal dikuwatké. 18 Aku matur nuwun marang Gusti Allah merga aku isa ngomong nganggo luwih akèh basa ketimbang kowé kabèh. 19 Senajan ngono, wektu ing jemaat, luwih becik aku ngucapké limang tembung sing isa dingertèni supaya aku isa mulang wong-wong,* ketimbang ngucapké sepuluh èwu tembung nganggo basa sing ora dingertèni.
20 Sedulur-sedulur, aja mikir kaya bocah, kowé kudu mikir kaya wong sing diwasa. Nanging ing bab kejahatan, kowé kudu kaya bocah. 21 Hukum Taurat kandha, ”’Aku bakal ngomong marang wong-wong iki nganggo basané wong asing lan tembung-tembungé wong sing ora dikenal, nanging wong-wong iki tetep ora gelem ngrungokké Aku,’ ngendikané Yéhuwah.” 22 Mula, anugrah nganggo basa liya kuwi bukti kanggo wong sing ora nduwé iman, dudu kanggo wong sing nduwé iman. Nanging, anugrah kanggo mènèhi ramalan kuwi bukti kanggo wong sing nduwé iman, dudu kanggo wong sing ora nduwé iman. 23 Nèk kabèh jemaat ngumpul bareng lan kabèh ngomong nganggo basa liya, banjur ana wong biasa utawa sing durung dadi wong percaya uga teka, apa wong-wong kuwi ora bakal ngira nèk kowé kabèh kuwi ora waras? 24 Nanging, nèk kowé kabèh ngomongké ramalan, banjur ana wong biasa utawa sing durung dadi wong percaya uga teka, dhèwèké bakal rumangsa diélikké lan bakal nliti apa sing ana ing atiné. 25 Dhèwèké bakal ngerti rahasia sing ana ing atiné, banjur dhèwèké bakal sujud lan nyembah Gusti Allah. Wong kuwi bakal kandha, ”Gusti Allah ana ing antaramu.”
26 Terus piyé, sedulur-sedulur? Wektu kowé ngumpul bareng, ana sing nyanyi kanggo muji Gusti Allah, ana sing mulang, ana sing nduduhké pangandika lan piwulang sing ditampa saka Gusti Allah, ana sing ngomong nganggo basa liya, lan ana sing nerjemahké. Tindakna kabèh mau kanggo nguwatké jemaat. 27 Nèk ana sing ngomong nganggo basa liya, beciké mung wong loro utawa akèh-akèhé telu waé lan nindakké kuwi nganggo cara giliran, uga kudu ana sing nerjemahké. 28 Nèk ora ana wong sing nerjemahké, wong kuwi kudu meneng waé ing jemaat lan ngomong marang Gusti Allah ing njero atiné. 29 Nèk ana nabi, loro utawa telu nabi kuwi bakal ngomong, lan sing liyané bakal ngupaya ngerti apa maksudé. 30 Nanging, nèk Gusti Allah maringi pangandika lan piwulang marang sawijiné wong sing lagi lungguh ing kana, wong sing lagi ngomong kudu meneng. 31 Kowé kabèh isa gentènan mènèhi ramalan supaya kabèh wong isa sinau lan dikuwatké. 32 Para nabi kudu nggunakké anugrah rohani sing ditampa nganggo cara sing bener. 33 Gusti Allah kuwi dudu Gusti Allah sing kisruh, nanging Gusti Allah sing tentrem.
Padha kaya ing kabèh jemaaté para wong suci, 34 wong-wong wadon kudu meneng ing jemaat. Merga wong-wong wadon ora diijinké kanggo ngomong. Nanging, wong-wong wadon kudu manut, padha kaya sing dikandhakké ing hukum Taurat. 35 Nèk péngin ngerti sawijiné bab, wong-wong wadon kuwi kudu takon marang bojoné ing omah, merga ora pantes nèk wong wadon ngomong ing jemaat.
36 Apa pangandikané Gusti Allah asalé saka kowé, utawa apa kuwi mung diparingké marang kowé?
37 Nèk ana wong sing rumangsa nèk dhèwèké kuwi nabi utawa diparingi anugrah rohani, dhèwèké kudu ngakoni nèk apa sing tak tulis marang kowé iki préntahé Gusti.* 38 Nèk ana sing ngrèmèhké iki, dhèwèké uga bakal dirèmèhké.* 39 Mula sedulur-sedulur, terusa ngupaya éntuk anugrah kanggo mènèhi ramalan, nanging aja nglarang wong ngomong nganggo basa liya. 40 Kabèh perkara kudu kelakon kanthi apik* lan tumata.*
15 Sedulur-sedulur, aku péngin ngélingké kowé bab kabar apik sing wis tak wartakké, sing wis padha kok tampa lan terus kok gondhèli. 2 Nèk kowé terus padha nggondhèli tenanan kabar apik sing tak wartakké, kowé bakal dislametké. Nèk ora, anggonmu dadi pengikuté Kristus kuwi ora ana gunané.
3 Bab sing paling penting sing tak tampa wis tak omongké marang kowé, yaiku nèk Kristus mati kanggo dosa-dosa kita kaya sing wis ditulis ing Kitab Suci, 4 lan dhèwèké dikubur, banjur diuripké manèh ing dina katelu kaya sing wis ditulis ing Kitab Suci, 5 lan dhèwèké nemoni Kéfas,* banjur nemoni 12 rasul. 6 Sakwisé kuwi dhèwèké nemoni luwih saka 500 sedulur ing sak panggonan, sing akèh-akèhé saka sedulur-sedulur kuwi isih ana bareng kita, nanging sing liyané wis mati.* 7 Sakwisé kuwi dhèwèké nemoni Yakobus, banjur nemoni kabèh para rasul. 8 Lan sing pungkasan, dhèwèké uga nemoni aku kaya-kaya marang bayi sing lair sakdurungé wektuné.
9 Aku iki sing paling asor ing antarané para rasul, lan aku ora pantes disebut rasul, merga aku nganiaya jemaaté Gusti Allah. 10 Nanging merga welas asihé Gusti Allah sing nggumunké,* aku dadi kaya saiki. Welas asihé Gusti Allah sing nggumunké sing diparingké marang aku kuwi ora tanpa guna, merga aku kerja luwih mempeng ketimbang para rasul liyané. Senajan ngono, kabèh kuwi dudu merga upayaku dhéwé, nanging merga welas asihé Gusti Allah sing nggumunké sing tak tampa. 11 Dadi, ora soal sing martakké kuwi aku utawa rasul-rasul liyané, warta sing tak wartakké kuwi padha, lan kuwi sing padha kok percaya.
12 Saiki nèk Kristus wis diuripké manèh saka antarané wong mati kaya sing kita wartakké, apa sebabé ing antaramu ana sing ngomong nèk wong mati ora bakal diuripké manèh? 13 Nèk pancèn wong mati ora bakal diuripké manèh, Kristus uga ora diuripké manèh. 14 Nanging nèk Kristus ora diuripké manèh, anggoné kita martakké ora ana gunané, lan imanmu uga ora ana gunané. 15 Sakliyané kuwi, nèk wong mati pancèn ora bakal diuripké manèh, Gusti Allah uga ora bakal nguripké Kristus, lan kuwi tegesé kita mènèhi kesaksian palsu bab Gusti Allah, merga kita mènèhi kesaksian nèk Panjenengané nguripké manèh Kristus. 16 Nèk wong mati pancèn ora bakal diuripké manèh, Kristus uga ora diuripké manèh. 17 Banjur, nèk Kristus ora diuripké manèh, imanmu ora ana gunané, lan kowé tetep dadi wong dosa. 18 Kuwi uga tegesé nèk wong Kristen sing wis mati* sirna saklawasé. 19 Nèk pangarep-arepé kita marang Kristus mung kanggo urip saiki, kita dadi wong sing paling mesakké ing antarané kabèh wong.
20 Nanging saiki, Kristus wis diuripké manèh lan dadi sing sepisanan* diuripké saka antarané wong-wong sing wis mati.* 21 Padha kaya pati teka liwat wong siji, wong mati diuripké manèh uga liwat wong siji. 22 Kabèh mati merga Adam, lan kabèh bakal diuripké merga Kristus. 23 Nanging, saben wong diuripké miturut urutané: Kristus sing sepisanan,* banjur wong-wong sing dadi duwèké Kristus diuripké manèh saksuwéné rawuhé Kristus. 24 Lan akiré, sakwisé nyirnakké kabèh pamréntahan lan kabèh sing nduwé kuwasa, dhèwèké bakal nyerahké Kraton kuwi marang Gusti Allah, Bapaké. 25 Dhèwèké bakal mréntah dadi raja nganti Gusti Allah ngalahké kabèh mungsuhé. 26 Lan mungsuh sing pungkasan yaiku pati bakal disirnakké. 27 Gusti Allah ”nggawé sakabèhé padha tundhuk ana ing ngisor wewenangé* Kristus”. Nanging senajan diomongké ’sakabèhé wis digawé tundhuk’, mesthiné iki ora klebu Gusti Allah, sing wis nggawé sakabèhé tundhuk marang Kristus. 28 Nanging, sakwisé kabèh digawé tundhuk marang dhèwèké, Putra dhéwé bakal tundhuk marang Gusti Allah sing wis nggawé kabèh padha tundhuk marang Putra. Nganggo cara kuwi, Gusti Allah dadi Panguwasa siji-sijiné kanggo sakabèhé.
29 Nèk wong mati ora bakal diuripké manèh, terus piyé karo wong-wong sing dibaptis kanggo dadi wong mati? Kanggo apa wong-wong kuwi dibaptis nganggo tujuan kaya ngono? 30 Lan kanggo apa aku kabèh padha ngadhepi bahaya saben wektu? 31 Saben dina aku ngadhepi pati. Sedulur-sedulur, omongan iki padha beneré karo omonganku nèk aku bangga karo kowé kabèh, murid-muridé Kristus Yésus Gusti kita. 32 Nèk aku tarung karo kéwan-kéwan buas ing Éfésus, kaya sing ditindakké wong-wong liya,* apa gunané kuwi kanggoku? Nèk wong mati pancèn ora bakal diuripké manèh, ”ayo kita padha mangan lan ngombé, merga sésuk kita bakal mati.” 33 Aja padha ngapusi awakmu dhéwé. Sesrawungan sing ala ngrusak kebiasaan* sing apik. 34 Kowé kudu sadhar lan nindakké apa sing bener, lan aja terus nindakké dosa, merga sebagéan saka antaramu ora nduwé pangertèn bab Gusti Allah. Aku ngomong kaya ngéné supaya kowé padha ngrasa isin.
35 Senajan ngono, mungkin ana sing takon, ”Piyé wong mati bakal diuripké manèh? Badan kaya apa sing bakal diduwèni wong-wong sing diuripké manèh?” 36 Kowé kabèh ora masuk akal! Winih sing kok sebar ora bakal urip kejaba winih kuwi dadi bosok* luwih dhisik. 37 Apa sing kok sebar kuwi dudu apa sing wis thukul, nanging winih, kaya winih gandum utawa winih liyané. 38 Nanging, Gusti Allah nggawé winih kuwi thukul* kaya sing dadi kersané, lan saben winih thukulé ora padha.* 39 Ora kabèh badan kuwi padha. Nanging, ana badan manungsa, badan kéwan ingon-ingon, badan manuk, lan badan iwak. 40 Sing ana ing swarga nduwé badan sing béda karo sing ana ing bumi, lan kabèh nduwèni kamulyané dhéwé-dhéwé. 41 Srengéngé nduwé kamulyané dhéwé, bulan nduwé kamulyané dhéwé, lan bintang-bintang uga nduwé kamulyané dhéwé. Sakjané, saben bintang nduwé kamulyané dhéwé-dhéwé.
42 Semono uga karo wong mati sing diuripké manèh. Badané sing dikubur* isa sirna, nanging badané sing diuripké manèh ora isa sirna. 43 Wektu dikubur badan kuwi ora aji lan ringkih, nanging wektu diuripké manèh badan kuwi dadi mulya lan kuwat. 44 Wektu dikubur kuwi badan jasmani, nanging wektu diuripké manèh dadi badan rohani. Nèk ana badan jasmani, ya uga ana badan rohani. 45 Kaya sing wis ditulis, ”Adam sing kapisan dadi wong* sing urip.” Adam sing pungkasan dadi makhluk roh sing mènèhi urip. 46 Nanging, badan sing kapisan dudu badan rohani. Sing kapisan kuwi badan jasmani, lan sing sakwisé kuwi badan rohani. 47 Manungsa sing kapisan asalé saka bumi lan digawé saka lebu, nanging manungsa sing kapindho asalé saka swarga. 48 Kabèh sing digawé saka lebu padha karo manungsa sing digawé saka lebu kuwi, lan kabèh sing ana ing swarga padha karo sing asalé saka swarga kuwi. 49 Padha kaya kita mirip* dhèwèké sing digawé saka lebu, sukmbèn kita uga bakal mirip karo dhèwèké sing asalé saka swarga.
50 Sedulur-sedulur, aku ngandhani kowé nèk daging lan getih ora isa nampa warisan Kratoné Allah, lan apa sing isa sirna, ora isa nampa warisan sing ora isa sirna. 51 Gatèkna rahasia suci sing tak omongké iki: Ora kabèh saka antarané kita bakal mati,* nanging kita kabèh bakal digawé malih, 52 ing wektu sing singkat banget, ing sak kedhèpan mata, wektu trompèt sing pungkasan muni. Wektu trompèt kuwi muni, wong mati bakal diuripké manèh nganggo badan sing ora isa sirna, lan kita kabèh bakal digawé malih. 53 Badan sing isa sirna kudu digawé malih dadi badan sing ora isa sirna, lan badan sing isa mati kudu digawé malih dadi badan sing ora isa mati. 54 Wektu badan sing isa sirna digawé malih dadi badan sing ora isa sirna, lan badan sing isa mati digawé malih dadi badan sing ora isa mati, apa sing ditulis ing ayat iki kelakon, ”Pati disingkirké* kanggo saklawasé.” 55 ”Pati, ing ngendi kekuwatanmu? Hé pati, ing ngendi entupmu?” 56 Entup sing isa matèni kuwi dosa, lan dosa nduwé kuwasa merga hukum Taurat. 57 Nanging matur nuwun marang Gusti Allah, sing wis maringi kita kemenangan liwat Gusti kita, Yésus Kristus!
58 Mula, sedulur-sedulur sing tak tresnani, dadia kukuh, ora goyah, lan tansah sibuk nindakké akèh gawéan kanggo Gusti,* merga kowé kabèh padha ngerti nèk anggonmu kerja kanthi mempeng kanggo nglayani Gusti* kuwi ora tanpa guna.
16 Saiki, bab nglumpukké sumbangan kanggo para wong suci, kowé isa manut tuntunan sing wis tak wènèhké marang jemaat-jemaat ing Galatia. 2 Ing dina kapisan saben minggu, saben wong ing antaramu kudu nyisihké dhuwit miturut kesanggupané dhéwé-dhéwé, supaya kowé ora perlu nglumpukké dhuwit kuwi wektu aku teka. 3 Sakwisé tekan kana, aku bakal ngutus sedulur-sedulur lanang sing wis kok setujoni ing surat-suratmu kanggo nggawa sumbangan sing kok wènèhké kanthi lila ati menyang Yérusalèm. 4 Nanging, nèk kétoké luwih becik aku kudu mrana, aku bakal mrana bareng wong-wong kuwi.
5 Saiki, aku arep lunga menyang Makédonia, lan sakwisé lunga menyang Makédonia, aku bakal marani kowé. 6 Aku bakal manggon karo kowé kanggo sawetara wektu, mungkin malah nganti musim dingin rampung. Supaya sakwisé kuwi, kowé isa ngeterké aku nganti sebagéan perjalananku. 7 Merga aku ora mung péngin mampir thok kanggo ketemu kowé saiki, sebab nèk Yéhuwah ngijinké, aku péngin manggon rada suwé karo kowé. 8 Saiki, aku arep tetep ing kéné, yaiku ing Éfésus, nganti Riyaya Péntakosta, 9 merga ana kesempatan gedhé sing diwènèhké marang aku* kanggo ngrampungké gawéan nginjilku. Nanging ana akèh sing nentang.
10 Pas Timotius teka, upayakna supaya dhèwèké ora wedi wektu bareng karo kowé, merga dhèwèké nyambut gawé kanggo Yéhuwah, padha kaya aku. 11 Mula, aja nganti ana wong sing ngrèmèhké dhèwèké. Bantunen dhèwèké neruské perjalanané kanthi slamet, supaya dhèwèké isa teka marani aku, merga aku lan sedulur-sedulur liyané nunggu dhèwèké.
12 Bab Apolos sedulur kita, aku wis ngupaya tenanan njaluk marang dhèwèké kanggo marani kowé kabèh bareng sedulur-sedulur liyané. Nanging, dhèwèké durung gelem teka saiki. Apolos bakal teka wektu ana kesempatan.
13 Tetepa sadhar, gegemen kenceng imanmu, tetepa kendel, lan dadia kuwat. 14 Tindakna kabèh perkara nganggo katresnan.
15 Kowé ngerti nèk kabèh wong sing ana ing omahé Stéfanas kuwi murid-murid sing sepisanan* ing Akhaya, lan wong-wong kuwi tansah siap ngladèni para wong suci. Mula, iki sing dadi penjalukku marang kowé, sedulur-sedulur: 16 Terusa manut marang wong-wong sing kaya ngono lan marang kabèh wong sing wis nyambut gawé bareng lan nyambut gawé kanthi mempeng. 17 Aku bungah merga Stéfanas, Fortunatus, lan Akhaikus teka. Wong-wong kuwi wis akèh mbantu aku wektu kowé kabèh ora ana ing kéné. 18 Wong-wong kuwi wis nyemangati aku* lan kowé. Mula, ajènana wong-wong sing kaya ngono kuwi.
19 Jemaat-jemaat ing Provinsi Asia ngirim salam marang kowé kabèh. Akuila lan Priska,* bareng karo jemaat sing ngibadah ing omahé, uga ngirim salam katresnan merga padha-padha pengikuté Gusti. 20 Kabèh sedulur titip salam kanggo kowé. Tampanana siji lan sijiné kanthi ramah.*
21 Iki salam saka aku, Paulus, sing tak tulis dhéwé.
22 Nèk ana wong sing ora nresnani Gusti, dhèwèké pantes kena laknat. Muga-muga Gusti ndang teka. 23 Muga-muga kowé terus nampa welas asih sing nggumunké* saka Gusti Yésus. 24 Aku nresnani kowé kabèh sing nyawiji karo Kristus Yésus.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Maksudé, Pétrus.
Utawa ”wong sing pinter”.
Deloken ”Cagak paukuman” ing Daftar Istilah.
Lit.: ”para penulis”.
Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”tandha”.
Lit.: ”dadi sandhungan kanggo”.
Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”sistem-sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”matèni ing cagak”.
Lit.: ”rohé”.
Lit.: ”Manungsa jasmani”.
Utawa ”manungsa rohani”.
Utawa ”manungsa rohani”.
Utawa ”manungsa jasmani”.
Lit.: ”kadagingan”.
Yunani: Kyrios. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”kuwi siji”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”kaya mandhor sing wicaksana”.
Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Maksudé, Pétrus.
Lit.: ”wuda”.
Utawa ”penuntun”.
Utawa ”métodhe-métodhe”.
Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”rohku”.
Lit.: ”dagingé sirna”.
Utawa ”isa nggawé kabèh adonan dadi ngembang”.
Maksudé, Riyaya Tanpa Ragi.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”omongané kasar”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”wong lanang sing turu karo wong lanang”.
Utawa ”omongané kasar”.
Utawa ”dikuwasani”.
Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”sak daging”.
Lit.: ”bakal dadi sak roh karo dhèwèké”.
Lit.: ”Mlayua saka”.
Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”ora ndemèk”.
Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.
Maksudé, kanggo nyukupi kebutuhan sèks.
Maksudé, kanggo nyukupi kebutuhan sèks.
Lit.: ”prawan”.
Lit.: ”prawan”.
Lit.: ”kasangsaran ing daging”.
Lit.: ”adégan donya iki lagi malih”.
Lit.: ”rohé”.
Lit.: ”ngekang”.
Lit.: ”prawan”.
Utawa ”kecencang”.
Lit.: ”najis”.
Lit.: ”meterai”.
Maksudé, Pétrus.
Utawa ”Saben atlét”.
Utawa ”ngukum; ngekang”.
Utawa ”dianggep ora pantes”.
Utawa ”sing tegesé”.
Lit.: ”conto”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”sambat”.
Lit.: ”conto”.
Utawa ”sistem-sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nggondhèli tradhisi”.
Iki maksudé dudu mati tenanan, nanging wong-wong kuwi kélangan hubungan sing apik karo Gusti Allah.
Lit.: ”isih dadi wong saka bangsa-bangsa”.
Utawa ”miturut roh suciné Gusti Allah”.
Lit.: ”ngombé”.
Maksudé, alat musik saka logam sing bentuké bunder cèpèr.
Lit.: ”badanku”.
Utawa ”ora tumindak ora sopan”.
Utawa ”ora nyathet kesalahané”.
Utawa ”ora bakal gagal”.
Utawa ”ngerti sakabèhé”.
Utawa ”terusa nggolèk kanthi semangat”.
Iki isa waé klebu nerangké ramalan utawa warta saka Gusti Allah, utawa ngumumké warta saka Gusti Allah.
Maksudé, alat musik sing ana senaré kaya gitar, nanging bentuké ora kaya gitar.
Utawa ”mulang wong-wong nganggo cara lisan”.
Yunani: Kyrios. Deloken Daftar Istilah.
Utawa mungkin ”Nèk ana sing kurang pangertèn, dhèwèké bakal tetep kurang pangertèn”.
Utawa ”kanthi sopan”.
Utawa ”tertib”.
Maksudé, Pétrus.
Lit.: ”turu ing pati”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”turu ing pati”.
Lit.: ”woh sing wiwitan”.
Lit.: ”turu ing pati”.
Lit.: ”woh sing wiwitan”.
Lit.: ”sikilé”.
Utawa mungkin ”miturut pandhangané manungsa”.
Utawa ”moral”.
Lit.: ”mati”.
Lit.: ”nduwé badan”.
Lit.: ”nduwé badan dhéwé-dhéwé”.
Lit.: ”disebar”.
Utawa ”jiwa”.
Lit.: ”nganggo rupa kaya”.
Lit.: ”turu ing pati”.
Lit.: ”diuntal”.
Yunani: Kyrios. Deloken Daftar Istilah.
Yunani: Kyrios. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”ana lawang amba sing kebukak kanggo aku”.
Lit.: ”kuwi woh sing wiwitan”.
Lit.: ”nyegerké rohku”.
Maksudé, Priskila.
Lit.: ”nganggo ambungan suci”.
Deloken Daftar Istilah.