SURAT KAPINDHO KANGGO JEMAAT ING KORINTUS
1 Saka Paulus, rasulé Kristus Yésus miturut kersané Gusti Allah, lan Timotius sedulur kita, kanggo jemaaté Gusti Allah sing ana ing Korintus, klebu kabèh wong suci sing ana ing Akhaya:
2 Muga-muga kowé kabèh padha nampa welas asih sing nggumunké lan katentreman saka Gusti Allah, Bapak kita, lan saka Gusti Yésus Kristus.
3 Pinujia Gusti Allah, yaiku Bapaké Gusti kita Yésus Kristus, Bapak sing welas asih lan Gusti Allah sing maringi panglipuran ing kahanan apa waé. 4 Panjenengané nglipur* kita ing kabèh pacoban* sing kita alami, supaya kita isa nglipur wong-wong liya sing ngalami pacoban apa waé nganggo panglipuran sing kita tampa saka Panjenengané. 5 Kita ngalami akèh kasangsaran merga dadi pengikuté Kristus, lan merga Kristus, kita uga nampa akèh panglipuran. 6 Nèk aku kabèh ngalami pacoban,* kuwi dadi panglipuran lan keslametanmu. Nèk aku kabèh nampa panglipuran, kuwi kanggo panglipuranmu, sing bakal mbantu kowé tekun ngadhepi kasangsaran sing uga tak alami. 7 Aku kabèh yakin banget marang kowé, merga aku kabèh ngerti nèk kowé wis padha mèlu ngalami kasangsaran, mula kowé uga bakal mèlu nampa panglipuran.
8 Sedulur-sedulur, aku kabèh péngin supaya kowé padha ngerti bab kasangsaran sing padha tak alami ing Provinsi Asia. Kasangsaran sing padha tak alami kuwi abot banget lan ora isa tak adhepi nganggo kekuwatanku dhéwé, nganti aku kabèh padha mikir nèk aku kabèh mesthi mati. 9 Sakjané, aku kabèh ngrasa wis divonis mati, supaya aku kabèh ora ngendelké awakku dhéwé, nanging ngendelké Gusti Allah sing isa nguripké manèh wong mati. 10 Panjenengané wis nylametké aku kabèh saka bahaya pati, lan aku kabèh yakin nèk sukmbèn Panjenengané bakal nylametké aku kabèh. 11 Kowé uga isa mbantu aku kabèh nganggo cara ndonga kanthi tenanan marang Gusti Allah. Merga nèk ana akèh wong sing ndonga kanggo kepentingané aku kabèh, Gusti Allah bakal ngrungokké lan mbantu aku kabèh, lan merga kuwi akèh wong bakal ngucap sokur.
12 Aku kabèh bangga merga iki: Hati nuraniné aku kabèh mènèhi kesaksian, nèk ing donya iki, utamané ing antaramu, aku kabèh urip kanthi suci lan tulus kaya sing Gusti Allah wulangké, lan aku kabèh ngendelké welas asihé Gusti Allah sing nggumunké,* dudu kawicaksanané manungsa.* 13 Aku kabèh nulis marang kowé mung bab perkara-perkara sing isa kok waca* lan kok pahami, lan aku péngin kowé padha paham perkara-perkara iki kanthi lengkap.* 14 Sapérangan saka antaramu wis paham nèk aku kabèh nggawé kowé bangga, padha kaya kowé uga bakal nggawé aku kabèh bangga ing dinané Gusti kita Yésus.
15 Merga aku yakin bab iki, wektu kuwi aku nduwé niat kanggo marani kowé luwih dhisik, supaya kowé padha bungah kanggo kaping pindhoné.* 16 Wektu kuwi, niatku yaiku marani kowé wektu aku arep menyang Makédonia, lan marani kowé manèh saka Makédonia, lan sakwisé kuwi padha kok kancani nganti sebagéan perjalananku menyang Yudéa. 17 Apa aku nggawé rencana kuwi mung asal-asalan waé? Apa aku nggawé rencana kuwi kanggo kepentinganku dhéwé, mula aku isa ngomong ”ya” banjur ngomong ”ora”? 18 Padha kaya Gusti Allah isa dipercaya, apa waé sing padha tak omongké uga isa dipercaya. Aku kabèh ora bakal ngomong ”ya” banjur ngomong ”ora”. 19 Sakliyané kuwi, Putrané Gusti Allah, yaiku Yésus Kristus, sing diwartakké marang kowé kabèh liwat aku, Silvanus,* lan Timotius, ora tau ngomong ”ya” banjur ngomong ”ora”. Nèk dhèwèké ngomong ”ya”, kuwi mesthi ”ya”. 20 Ora soal sepira akèhé janjiné Gusti Allah, kabèh kuwi wis dadi ”ya” liwat dhèwèké. Mula, liwat dhèwèké uga kita ngucapké ”Amin” marang Gusti Allah. Nganggo cara kuwi kita ngluhurké Gusti Allah. 21 Gusti Allah sing maringi jaminan nèk kowé lan aku kabèh duwèké Kristus, lan Gusti Allah sing uga nglantik kita. 22 Panjenengané uga wis ndèlèhké meterainé marang kita, yaiku roh suci ing ati kita, lan kuwi dadi jaminan kanggo apa sing bakal teka.*
23 Aku sumpah demi nyawaku* dhéwé, lan Gusti Allah seksiné, nèk aku durung teka menyang Korintus merga aku ora péngin nggawé kowé kabèh dadi saya sedhih. 24 Aku kabèh dudu majikan tumrap imanmu, nanging kanca nyambut gawé kanggo kabungahanmu. Kowé padha ngadeg jejeg merga imanmu dhéwé.
2 Aku wis mutuské nèk ora bakal nggawé kowé sedhih manèh wektu aku marani kowé mengko. 2 Nèk aku nggawé kowé sedhih, sapa manèh sing bakal nglipur aku, sakliyané wong-wong sing tak gawé sedhih? 3 Wektu kuwi, aku nulis surat marang kowé, supaya wektu aku teka, aku ora bakal digawé sedhih karo wong-wong sing kuduné nggawé aku bungah, merga aku yakin nèk apa sing nggawé aku bungah uga bakal nggawé kowé kabèh padha bungah. 4 Aku nulis marang kowé karo mbrebes mili, merga atiku susah lan sedhih banget. Iki ora supaya kowé sedhih, nanging supaya kowé padha ngerti nèk aku tresna banget marang kowé kabèh.
5 Nèk ana wong sing nggawé kowé padha sedhih, sing digawé sedhih dudu aku, nanging kowé kabèh. Nanging, aku ora péngin kakèhan ngomongké bab iki. 6 Disiplin sing wis diwènèhké karo akèh-akèhé wong saka antaramu kanggo wong sing nindakké dosa kuwi wis cukup. 7 Saiki, apuranen wong kuwi lan wènèhana panglipuran, supaya dhèwèké ora semplah merga saking sedhihé. 8 Mula, aku nyuwun supaya kowé padha nggawé dhèwèké yakin nèk kowé padha nresnani dhèwèké. 9 Wektu kuwi, aku nulis surat marang kowé kabèh kanggo ndelok apa kowé padha manut ing kabèh perkara. 10 Nèk kowé kabèh ngapurani wong, aku uga ngapurani wong kuwi. Sakjané, wektu aku ngapurani, aku nindakké kuwi demi kowé kabèh ing ngarepé Kristus, 11 supaya kowé ora dimanfaatké* Sétan, merga kita wis ngerti siasat-siasaté.*
12 Wektu aku tekan ing Troas kanggo martakké kabar apik bab Kristus, lan ana kesempatan* sing kebukak kanggo nglayani Gusti, 13 atiku ora tenang merga aku ora ketemu karo Titus, sedulurku. Mula, aku pamitan marang sedulur-sedulur lan mangkat menyang Makédonia.
14 Matur nuwun marang Gusti Allah, sing tansah nuntun kita ing pawai kemenangan bareng Kristus, lan sing wis nggunakké kita kanggo nggawé pangertèn bab Panjenengané nyebar* ing ngendi-endi, kaya ambu* sing wangi! 15 Kanggoné Gusti Allah, wektu kita martakké bab Kristus, kita dadi kaya ambu wangi sing nyebar ing antarané wong-wong sing dislametké lan uga wong-wong sing disirnakké. 16 Kanggo sing disirnakké, kuwi kaya ambu sing nggawa pati, nanging kanggo sing dislametké kuwi kaya ambu sing nggawa urip. Sapa sing pantes nindakké tugas iki? 17 Aku kabèh pantes merga aku kabèh ora nggolèk bathi saka* pangandikané Gusti Allah, béda karo sing ditindakké akèh wong. Nanging aku kabèh, yaiku para pengikuté Kristus sing diutus Gusti Allah, ngomong kanthi tulus ing ngarsané Gusti Allah.
3 Apa aku kabèh perlu kenalan manèh karo kowé? Utawa kaya sing ditindakké wong-wong liya, apa aku kabèh perlu mènèhi kowé surat-surat sing mbuktèkké nèk aku kabèh iki abdi? Utawa apa kowé sing kudu mènèhi aku kabèh surat-surat kuwi? 2 Kowé kabèh kuwi suratku saka Kristus, sing padha katulis ing atiku, sing dingertèni lan diwaca karo kabèh wong. 3 Cetha banget nèk kowé kabèh kuwi suraté Kristus, sing ditulis karo aku kabèh yaiku para abdiné Gusti Allah. Kowé kabèh ora ditulis nganggo tinta nanging nganggo roh suciné Gusti Allah sing urip, ora ditulis ing watu* nanging ing ati.*
4 Liwat Kristus, aku kabèh nduwé keyakinan kaya ngéné iki marang Gusti Allah. 5 Aku kabèh ora kandha nèk sanggup nindakké tugas iki merga upayaku dhéwé, nanging merga bantuané Gusti Allah, 6 sing nggawé aku kabèh sanggup dadi abdiné perjanjian anyar, dudu nganggo tuntunané hukum sing ditulis, nanging nganggo tuntunané roh suci. Hukum sing ditulis nggawa hukuman mati, nanging roh suci mènèhi urip.
7 Hukum sing nggawa pati, sing ditulis ing watu, teka nganggo kamulyan sing gedhé, nganti wong-wong Israèl ora isa ndelok wajahé Musa merga kamulyan sing sumunar ing wajahé. Nanging kamulyan kuwi bakal sirna. 8 Mula, mesthiné apa sing ditindakké roh suci kuwi nduwé kamulyan sing luwih gedhé, ta? 9 Nèk hukum sing nggawa hukuman mati waé mulya, pelayanan sing nggawé wong-wong dianggep bener mesthiné luwih mulya! 10 Malah, hukum sing mbiyèné mulya kuwi dadi ora ana artiné dibandhingké kamulyané perjanjian anyar. 11 Nèk hukum sing bakal sirna waé nduwé kamulyan, perjanjian anyar mesthiné nduwé kamulyan sing luwih gedhé!
12 Merga nduwé pangarep-arep kaya ngono, kita nduwé kebébasan kanggo ngomong, 13 lan ora tumindak kaya Musa, sing nutupi wajahé nganggo kain supaya wong-wong Israèl ora ndelok kamulyané* hukum sing bakal sirna kuwi. 14 Pikirané wong-wong kuwi ketutup, lan nganti saiki, pikirané wong-wong kuwi isih ketutup kain sing padha lan wong-wong kuwi ora isa ngertèni perjanjian lawas, merga kain kuwi mung isa disingkirké nganggo bantuané Kristus. 15 Malah, nganti dina iki, saben Hukum Musa diwacakké, atiné wong-wong kuwi isih padha ketutup kain. 16 Nanging, wektu ana wong sing bali marang Yéhuwah, kain kuwi disingkirké. 17 Yéhuwah kuwi Roh, lan ing ngendi ana roh suciné Yéhuwah, ing kono ana kemerdékaan. 18 Kita kabèh, sing wajahé ora ditutupi, kaya cermin sing mantulké kamulyané Yéhuwah. Kita digawé malih kanggo dadi kaya Gusti Allah lan kanggo mantulké kamulyané Gusti Allah sing saya suwé saya gedhé, cocog karo sing dikersakké Yéhuwah, Roh kuwi.*
4 Gusti Allah wis welas asih maringi tugas suci iki marang aku kabèh, mula aku kabèh ora nyerah. 2 Aku kabèh padha nolak tumindak sing ngisin-isini, sing didhelik-dhelikké. Aku kabèh uga ora tumindak licik utawa ngowahi* pangandikané Gusti Allah. Nanging, aku kabèh nggawé wulangan sing bener dadi kétok cetha, lan kuwi sebabé ing ngarsané Gusti Allah aku kabèh dadi conto sing apik kanggo saben wong.* 3 Nèk kabar apik pancèn didhelikké,* kuwi didhelikké saka antarané wong-wong sing arep disirnakké, 4 yaiku wong-wong sing ora nduwé iman, sing pikirané digawé peteng karo allahé donya iki.* Kuwi sebabé wong-wong kuwi ora isa ndelok cahyané* kabar apik sing mulya yaiku kabar bab Kristus, sing nduduhké marang kita kaya apa Gusti Allah kuwi. 5 Aku kabèh ora martakké bab awakku dhéwé, nanging aku martakké nèk Yésus Kristus kuwi Gusti, lan aku kabèh iki budhakmu demi Yésus. 6 Mbiyèn Gusti Allah ngendika, ”Saka ing pepeteng, dadia pepadhang”, lan saiki Panjenengané wis madhangi ati kita nganggo pangertèn sing mulya bab Panjenengané, sing sumunar liwat Kristus.*
7 Aku kabèh nduwé tugas istiméwa iki, senajan aku kabèh mung kaya wadhah sing digawé saka lempung nanging isiné bandha sing aji. Iki kanggo nduduhké nèk kesanggupan sing nggumunké sing padha tak duwèni iki asalé saka Gusti Allah, dudu saka awakku dhéwé. 8 Akèh masalah sing ngepung aku kabèh saka ngendi-endi, nanging ora nggawé aku kabèh nganti ora isa obah. Aku bingung, nanging mesthi ana cara kanggo ngatasi kuwi kabèh.* 9 Aku kabèh dianiaya, nanging Gusti Allah ora ninggalké aku. Aku kabèh diantemi nganti tiba, nanging ora mati. 10 Ing ngendi waé aku kabèh tansah ngadhepi bahaya arep dipatèni kaya sing diadhepi Yésus, mula uripé Yésus dadi nyata ing badané aku kabèh. 11 Ing urip, aku kabèh tansah ngadhepi pati demi Yésus, mula uripé Yésus dadi nyata ing badané aku kabèh. 12 Aku kabèh tansah ngadhepi pati, nanging kuwi ngasilké urip kanggo kowé.
13 Ana ayat sing kandha, ”Aku nduwé iman, kuwi sebabé aku ngomong.” Aku kabèh uga nduduhké nèk nduwé iman sing padha, kuwi sebabé aku kabèh ngomong. 14 Aku kabèh ngerti nèk Gusti Allah, sing nguripké manèh Yésus, uga bakal nguripké manèh aku kabèh kanggo bareng karo Yésus lan nggawa kita marang Yésus. 15 Kuwi kabèh kelakon kanggo kepentinganmu, merga nèk ana luwih akèh wong sing ngluhurké Gusti Allah kanthi cara ngucap sokur marang Panjenengané, welas asihé Gusti Allah sing nggumunké* bakal saya luwih lubèr manèh.
16 Kuwi sebabé kita ora nyerah. Senajan badan kita saya suwé saya rusak, nanging ati lan pikiran kita saya dianyarké saben dinané. 17 Kasangsaran* sing kita adhepi kuwi mung kanggo sawetara wektu waé lan ora abot. Kuwi malah nggawé kita nampa kamulyan sing unggul banget, gedhé, lan langgeng. 18 Kita ora terus nggatèkké perkara-perkara sing kita delok, nanging terus nggatèkké perkara-perkara sing ora kita delok, merga perkara-perkara sing kétok kuwi mung kanggo sawetara wektu waé, nanging perkara-perkara sing ora kétok kuwi langgeng.
5 Kita ngerti nèk omah kita ing bumi yaiku badan kita sing kaya kémah, bakal dirubuhké,* lan Gusti Allah bakal maringi kita omah ing swarga, sing ora digawé nganggo tangané manungsa lan sing bakal terus ana saklawasé. 2 Ing omah* kita sing saiki, kita sambat ing njero ati, merga kita péngin banget nganggo apa sing wis disiapké kanggo kita* ing swarga, 3 supaya wektu kita nganggo kuwi, kita ora wuda manèh. 4 Sakjané, kita sing ana ing kémah iki padha sambat ing njero ati, lan ngrasa kabotan beban. Ora kok merga kita péngin ninggalké omah iki kaya nèk kita nyopot klambi, nanging merga kita péngin nampa omah ing swarga, supaya badan sing isa mati diganti karo urip langgeng. 5 Sing wis nyiapké kita kanggo urip kaya ngono kuwi Gusti Allah. Gusti Allah wis maringi kita roh suci kanggo dadi jaminan marang apa sing bakal teka.*
6 Mula, kita yakin tenan bab kuwi lan kita ngerti nèk saksuwéné kita manggon ing badan iki, kita adoh saka Gusti, 7 merga kita urip miturut iman, dudu miturut apa sing kita delok. 8 Kita yakin lan luwih seneng manggon karo Gusti ketimbang manggon ing badan iki. 9 Kuwi sebabé, ora soal kita manggon ing ngendi, karo Gusti utawa ora, kita terus ngupaya tenanan kanggo nyenengké dhèwèké. 10 Kita kabèh bakal ngadeg* ing ngarep kursi pengadilané Kristus. Saben wong bakal éntuk balesan miturut tumindaké sing apik utawa sing èlèk, sing dilakoni wektu isih nganggo badan manungsa.
11 Aku kabèh ngerti apa tegesé wedi marang Gusti, mula aku kabèh terus ngyakinké wong-wong liya. Gusti Allah bener-bener kenal karo aku kabèh,* lan aku ya péngin kowé kabèh* uga bener-bener kenal karo aku kabèh. 12 Aku ora arep ngalem awakku dhéwé manèh ing ngarepmu. Aku kabèh ngomongké iki kanggo nyemangati kowé supaya kowé bangga marang aku kabèh, lan nganggo cara kuwi, kowé isa njawab wong-wong sing bangga marang apa sing isa didelok, dudu marang apa sing ana ing njero ati. 13 Nèk aku kabèh tumindak kaya wong sing ora waras, aku kabèh nindakké kuwi kanggo Gusti Allah. Lan nèk aku kabèh tumindak nganggo pikiran sing waras, aku nindakké kuwi kanggo kowé kabèh. 14 Katresnané Kristus wis nyemangati aku kabèh, merga iki sing aku kabèh pahami: Wong siji wis mati kanggo kabèh wong, merga sakjané kabèh wong wis mati. 15 Dhèwèké wis mati kanggo kabèh wong, supaya wong-wong sing urip ora urip mung kanggo awaké dhéwé, nanging kanggo Kristus, sing mati kanggo wong-wong kuwi lan sing wis diuripké manèh.
16 Mula, wiwit saiki kita ora ngadili sapa waé miturut pandhangané manungsa. Senajan aku kabèh mbiyèn ndeleng Kristus nganggo cara kuwi, nanging saiki wis ora ngono manèh. 17 Mula, sapa waé sing nyawiji karo Kristus kuwi ciptaan anyar. Perkara-perkara sing lawas wis liwat, lan sing ana saiki kuwi perkara-perkara sing anyar. 18 Kuwi kabèh asalé saka Gusti Allah, sing wis ngrukunké kita karo Panjenengané liwat Kristus. Panjenengané uga maringi aku kabèh tugas kanggo ngrukunké, 19 yaiku tugas kanggo martakké nèk liwat Kristus, Gusti Allah wis ngrukunké donya iki karo Panjenengané. Gusti Allah ora ngétung kesalahané wong-wong kuwi, lan Panjenengané maringi aku kabèh gawéan kanggo ngumumké warta karukunan kuwi.
20 Dadi, aku kabèh iki utusan-utusan* sing dadi wakilé Kristus, lan kaya-kayané Gusti Allah nyuwun marang wong-wong liwat aku kabèh. Merga aku kabèh iki wakilé Kristus, mula aku kabèh nyuwun, ”Rukuna karo Gusti Allah.” 21 Kristus ora tau nindakké dosa lan Gusti Allah maringké dhèwèké dadi kurban kanggo dosa-dosa kita, supaya liwat dhèwèké kita dianggep bener ing ngarsané Gusti Allah.
6 Merga aku kabèh nyambut gawé bareng karo Gusti Allah, aku kabèh njaluk supaya welas asihé Gusti Allah sing nggumunké* sing padha kok tampa aja kok gawé tanpa guna. 2 Panjenengané ngendika, ”Ing mangsa sing Tak kersakké kanggo mènèhi berkah, Aku ngrungokké kowé. Lan ing dina keslametan, Aku nulungi kowé.” Gatèkna! Saiki wektuné Gusti Allah mberkahi kita. Gatèkna! Saiki wektuné Gusti Allah nylametké kita.
3 Ing bab apa waé, aku kabèh ora péngin nggawé wong-wong kesandhung, supaya wong-wong ora nyacad pelayanan sing padha tak tindakké. 4 Nanging, ing kabèh bab, aku kabèh nduduhké nèk aku kabèh iki abdiné Gusti Allah: Aku kabèh tekun ngadhepi akèh pacoban, kasangsaran, kekurangan, lan kahanan sing angèl. 5 Aku kabèh digebugi, dipenjara, dikroyok, nyambut gawé rekasa, kerep ora turu, lan kerep ora mangan. 6 Aku kabèh urip kanthi resik, tumindak miturut pangertèn, nduduhké kesabaran, apikan, manut tuntunané roh suci, nduduhké katresnan sing tulus,* 7 ngomong kanthi jujur, ngendelké kuwasané Gusti Allah, lan ing tangan tengen* lan kiwa* nyekel senjata-senjata sing bener. 8 Aku kabèh diajèni lan dirèmèhké, dièlèk-èlèk lan dialem. Aku kabèh dianggep dadi tukang ngapusi nanging aku kabèh ngomongké apa sing bener, 9 dianggep ora dikenal karo wong-wong nanging dikenal karo Gusti Allah, dianggep mèh mati* nanging isih urip, dianggep dadi wong sing wis dihukum* nanging ora mati, 10 dianggep sedhih nanging tansah bungah, dianggep mlarat nanging aku kabèh nggawé akèh wong dadi sugih, dianggep ora nduwé apa-apa nanging nduwé sakabèhé.
11 Sedulur-sedulur ing Korintus, aku kabèh wis ngomong kanthi terus terang marang kowé kabèh, lan aku kabèh wis mbukak atiku sak amba-ambané. 12 Aku kabèh ora mbatesi* katresnanku marang kowé, nanging kowé kabèh mbatesi katresnanmu marang aku kabèh. 13 Aku ngomong marang kowé kabèh kaya marang anakku dhéwé. Tulung tindakna sing padha marang aku kabèh. Bukaken atimu sak amba-ambané.
14 Aja nyawiji* karo wong-wong sing ora seiman, merga apa ana sing padha antarané apa sing bener lan sing jahat*? Utawa, apa ana sing padha antarané pepadhang lan pepeteng? 15 Banjur, apa Kristus karo Sétan* isa sak pikiran? Utawa, apa wong sing nduwé iman kuwi padha karo wong sing ora nduwé iman? 16 Apa ana hubungané antarané baité Gusti Allah karo brahala? Kita iki bait saka Gusti Allah sing urip, kaya sing Gusti Allah ngendikakké, ”Aku bakal manggon bareng wong-wong kuwi lan Aku bakal ana ing antarané wong-wong kuwi. Aku bakal dadi Gusti Allahé wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi bakal dadi umat-Ku.” 17 ”’Mula, metua saka antarané wong-wong kuwi, lan pisahna awakmu,’ ngendikané Yéhuwah, ’lan aja ndemèk apa sing najis,’” ”’lan aku bakal nampa kowé.’” 18 ”’Aku bakal dadi Bapakmu, lan kowé bakal dadi anak-anak-Ku lanang lan wadon,’ ngendikané Yéhuwah Sing Mahakuwasa.”
7 Mula, sedulur-sedulur sing tak tresnani, merga kita wis nampa janji-janji kuwi, ayo padha nyucèkké urip kita saka apa waé sing nggawé najis badan lan pikiran* kita, supaya anggon kita dadi suci kuwi saya sampurna merga wedi marang Gusti Allah.
2 Wènèhana aku kabèh panggon ana ing atimu. Aku ora nduwé salah marang sapa waé, ora ngrusak sapa waé, lan aku ora nggolèk untung saka sapa waé. 3 Aku ngomongké iki ora kanggo nyalahké kowé kabèh, merga kaya sing wis tak omongké sakdurungé, kowé padha ana ing atiku, ora soal kita urip utawa kita mati. 4 Aku isa ngomong kanthi bébas marang kowé, lan aku bangga marang kowé. Aku kebak panglipuran, lan aku ngrasakké kabungahan kanthi lubèr ing kabèh kasangsaran sing padha tak alami.
5 Sakjané, wektu aku kabèh tekan ing Makédonia, aku kabèh ora ngrasa tenang, lan aku kabèh terus ngalami akèh kasangsaran. Wong-wong padha nentang aku kabèh, lan aku kabèh uga kuwatir bab jemaat. 6 Nanging, Gusti Allah sing nglipur wong-wong sing atiné semplah, nglipur aku kabèh wektu Titus teka. 7 Aku kabèh kelipur ora mung saka tekané Titus, nanging uga saka panglipuran sing dhèwèké tampa merga kowé kabèh. Dhèwèké ngandhani aku kabèh bab rasa kangenmu marang aku, rasa sedhihmu, lan rasa perdulimu sing tulus* marang aku, mula aku saya bungah.
8 Senajan suratku nggawé kowé sedhih, aku ora getun. Wiwitané aku pancèn ngrasa getun merga aku ngerti nèk surat kuwi nggawé kowé sedhih kanggo sawetara wektu. 9 Saiki aku bungah, dudu merga kowé sedhih, nanging merga rasa sedhihmu wis nggawé kowé kabèh padha mertobat. Rasa sedhihmu kuwi cocog karo kersané Gusti Allah. Mula, aku kabèh ora nggawé kowé padha rugi. 10 Rasa sedhih sing cocog karo kersané Gusti Allah ngasilké pertobatan sing nuntun marang keslametan, lan kuwi ora bakal digetuni, nanging rasa sedhih donya iki ngasilké pati. 11 Cetha banget nèk rasa sedhihmu kuwi cocog karo kersané Gusti Allah, lan kuwi nggawé kowé ngupaya tenanan nindakké apa sing bener. Kowé padha nggawé jenengmu dadi apik manèh, jèngkèl merga tumindak sing salah, wedi marang Gusti Allah, nduwé pepénginan sing tulus, lan nduwé semangat kanggo ndandani kesalahan! Ing bab iki, kowé kabèh padha nindakké apa sing bener.* 12 Wektu kuwi, aku nulis surat marang kowé kabèh, dudu demi kepentingané wong sing nindakké salah utawa wong sing digawé rugi. Aku nulis kuwi supaya kowé kabèh isa nduduhké ing ngarsané Gusti Allah nèk kowé padha péngin ngrungokké aku kabèh. 13 Kuwi sebabé aku kabèh kelipur.
Nanging sakliyané kelipur, aku kabèh saya bungah merga Titus bungah, merga kowé kabèh padha nguwatké dhèwèké.* 14 Aku wis tau nduduhké rasa banggaku bab kowé marang Titus, lan aku ora isin. Apa sing padha tak banggakké marang Titus kuwi pancèn bener, semono uga karo kabèh sing padha tak omongké marang kowé. 15 Sakliyané kuwi, Titus saya nresnani kowé kabèh, merga dhèwèké éling piyé kowé kabèh padha manut lan nampa dhèwèké kanthi ngajèni banget. 16 Aku bungah merga ing kabèh bab, aku isa percaya marang kowé kabèh.*
8 Sedulur-sedulur, saiki aku kabèh péngin kowé padha ngerti bab welas asihé Gusti Allah sing nggumunké,* sing diparingké marang jemaat-jemaat ing Makédonia. 2 Saksuwéné wong-wong kuwi padha ngalami kasangsaran sing abot banget, wong-wong kuwi tetep loma lan nduwé kabungahan sing gedhé, senajan wong-wong kuwi miskin banget. 3 Wong-wong kuwi mènèhi miturut kesanggupané, lan malah mènèhi ngluwihi kesanggupané. Aku dhéwé seksiné. 4 Wong-wong kuwi terus nyuwun marang aku kabèh supaya éntuk kaurmatan kanggo nyumbang lan kanggo mèlu mènèhi bantuan marang para wong suci. Kuwi kabèh ditindakké merga pepénginané wong-wong kuwi dhéwé. 5 Sing ditindakké wong-wong kuwi ngungkuli apa sing tak kira. Sing sepisanan wong-wong kuwi ngupaya saktulusé ati kanggo ngabdi marang Gusti lan mbantu aku kabèh miturut kersané Gusti Allah. 6 Mula aku kabèh nyuwun supaya Titus ngrampungké gawéan sing wis dhèwèké wiwiti, yaiku nglumpukké sumbangan sing kok wènèhké kanthi lilané ati. 7 Kowé wis nindakké kabèh perkara kanthi apik. Imanmu kuwat, kowé trampil anggonmu ngomong, kowé nduwé akèh pangertèn, kowé tenanan wektu nindakké apa waé, lan bener-bener nresnani wong liya padha kaya aku kabèh nresnani kowé. Lan saiki, muga-muga kowé kabèh nyumbang kanthi loma.
8 Aku ngomong kaya ngéné dudu tegesé aku mènèhi préntah, nanging supaya kowé kabèh ngerti nèk wong liya kuwi ngupaya tenanan, lan aku uga péngin ndelok sepira tulusé katresnanmu. 9 Merga kowé wis padha ngerti bab welas asih sing nggumunké* saka Gusti kita, Yésus Kristus. Senajan sugih, dhèwèké dadi miskin demi kowé kabèh, supaya kowé dadi sugih merga kemiskinané.
10 Miturut pendapatku, ndang rampungna gawéan iki demi paédahmu. Merga wis setaun kepungkur kowé miwiti gawéan iki lan kowé nindakké kuwi kanthi semangat. 11 Mula saiki, rampungna apa sing wis kok wiwiti kuwi nganggo semangat sing padha, miturut apa sing kok duwèni. 12 Nèk wong mènèhi kanthi tulus, Gusti Allah bakal bungah, merga Panjenengané péngin supaya wong mènèhi miturut apa sing diduwèni, dudu miturut apa sing ora diduwèni. 13 Iki dudu tegesé aku péngin nambahi bebanmu lan nggawé ènthèng bebané wong liya. 14 Aku mung péngin supaya bebané dadi rata: Kaluwihanmu bakal nutupi kekurangané wong-wong kuwi, lan kaluwihané wong-wong kuwi uga bakal nutupi kekuranganmu. 15 Iki cocog karo ayat sing isiné, ”Wong sing nglumpukké akèh ora bakal kakèhan, lan wong sing nglumpukké sithik ora bakal kekurangan.”
16 Aku kabèh matur nuwun marang Gusti Allah merga wis nggawé Titus nggatèkké kowé kabèh, padha kaya aku kabèh nggatèkké kowé, 17 merga Titus wis nanggepi apa sing tak omongké, lan dhèwèké uga péngin nindakké apa sing tak jaluk. Kuwi sebabé saiki dhèwèké teka marani kowé merga karepé dhéwé. 18 Aku uga ngutus sedulur liya kanggo lunga bareng dhèwèké. Sedulur kuwi dialem karo kabèh jemaat merga apa sing wis dhèwèké tindakké demi kabar apik. 19 Ora mung kuwi, dhèwèké uga wis dipilih karo jemaat-jemaat kanggo lunga ngancani aku kabèh wektu aku kabèh mbagi sumbangan iki. Aku kabèh nindakké iki kanggo kamulyané Gusti* lan mbuktèkké nèk aku kabèh siap mbantu wong liya. 20 Mula, aku kabèh ngati-ati supaya ora disalahké sapa-sapa ing bab mbagi dhuwit sumbangan sing cacahé akèh iki. 21 Aku kabèh ’ngupaya nindakké kabèh perkara kanthi jujur, ora mung ing ngarsané Yéhuwah, nanging uga ing ngarepé manungsa’.
22 Sakliyané kuwi, aku kabèh uga ngutus sedulur kita sing liyané manèh kanggo lunga bareng sedulur-sedulur kuwi. Sedulur kita kuwi wis kerep tak uji lan tansah kebukti sregep. Nanging saiki dhèwèké bakal saya sregep merga dhèwèké yakin banget marang kowé kabèh. 23 Nèk ana pitakonan bab Titus, ngomonga nèk dhèwèké kuwi kancaku sing nyambut gawé bareng karo aku demi kepentinganmu. Nèk ana pitakonan bab sedulur-sedulur kita kuwi, omonga nèk sedulur-sedulur kuwi utusané* jemaat-jemaat lan wong-wong kuwi mènèhi kamulyan marang Kristus. 24 Mula, buktèkna nèk kowé nresnani wong-wong kuwi, lan duduhna marang jemaat-jemaat alesané aku kabèh bangga karo kowé.
9 Sakjané, aku ora perlu nulis marang kowé kabèh bab bantuan* kanggo para wong suci, 2 merga aku ngerti nèk kowé padha lila mbantu. Aku ngalem-alem kowé ing ngarepé sedulur-sedulur ing Makédonia. Aku crita nèk wiwit setaun kepungkur kowé kabèh ing Akhaya* wis siap kanggo mbantu. Merga rasa lilamu sing gedhé, akèh sedulur-sedulur mau uga dadi mèlu lila. 3 Mula saiki aku ngirim sedulur-sedulur iki, supaya apa sing wis tak banggak-banggakké saka kowé dudu mung ngomong thok, lan supaya kowé kabèh siap tenan kaya sing wis tak omongké marang sedulur-sedulur mau. 4 Nèk sedulur-sedulur saka Makédonia teka bareng aku lan ndelok kowé durung siap, aku kabèh lan uga kowé bakal kisinan merga aku kabèh wis yakin banget karo kowé kabèh. 5 Mula, aku ngrasa perlu kanggo ngongkon sedulur-sedulur iki teka luwih dhisik marani kowé, lan nglumpukké sumbangan sing wis kok janjèkké. Nèk sumbangan kuwi wis siap, kuwi nduduhké nèk kowé pancèn loma mènèhi kuwi, ora merga kepeksa.
6 Ing bab kuwi, wong sing nyebar sathithik bakal manèn sathithik, nanging wong sing nyebar akèh bakal manèn akèh. 7 Saben wong apiké mènèhi miturut apa sing wis diputuské ing njero atiné, ora kanthi nggrundel utawa kepeksa, merga Gusti Allah nresnani wong sing mènèhi kanthi bungah.
8 Sakliyané kuwi, Gusti Allah sanggup maringi kanthi lubèr welas asihé sing nggumunké* marang kowé kabèh, supaya kowé kabèh tansah kecukupan ing samubarang lan nduwé akèh bab sing dibutuhké kanggo saben tumindak becik. 9 Iki kaya ayat sing kandha, ”Panjenengané seneng maringi; Panjenengané seneng nulungi wong miskin. Kabecikané bakal langgeng ing saklawas-lawasé.” 10 Gusti Allah, sing wis nyedhiakké akèh winih kanggo petani lan roti kanggo dipangan, bakal nyedhiakké winih kanggo disebar lan nyedhiakké kuwi kanthi lubèr, lan bakal mbantu kowé manèn akèh hasil apik saka tumindakmu sing becik. 11 Gusti Allah mberkahi kowé ing kabèh perkara supaya kowé isa mènèhi nganggo akèh cara kanthi loma, lan wong-wong bakal ngucap sokur marang Gusti Allah merga sumbanganmu, sing kok wènèhké marang wong liya liwat aku. 12 Mènèhi bantuan iki ora mung kanggo mbantu nyukupi kebutuhané para wong suci, nanging uga bakal nggawé akèh wong ngucap sokur marang Gusti Allah. 13 Bantuan* sing kok wènèhké bakal mbuktèkké wong kaya apa kowé kuwi. Wong-wong kuwi bakal ngluhurké Gusti Allah merga kowé kabèh manut marang kabar apik bab Kristus, sing padha kok wartakké, lan merga kowé kabèh nyumbang kanthi loma marang wong-wong kuwi lan marang kabèh wong. 14 Wong-wong kuwi bakal padha nresnani kowé lan ndonga tenanan kanggo kowé kabèh, merga lubèré welas asihé Gusti Allah sing nggumunké* ana ing kowé.
15 Aku matur nuwun marang Gusti Allah merga saking gedhéné anugrahé nganti ora isa dijelaské nganggo tembung-tembung.
10 Aku, Paulus, nyuwun marang kowé kanthi sipat alus lan apik ati kaya sing diduwèni Kristus. Ana wong-wong ing antaramu sing kandha nèk aku tanpa daya wektu ketemu kowé langsung, nanging wektu nulis surat marang kowé, aku kendel. 2 Aku péngin supaya wektu aku teka, aku ora perlu tumindak keras marang wong-wong sing nganggep nèk aku kabèh urip miturut pikirané donya.* 3 Senajan aku kabèh urip ing donya iki, nanging aku kabèh ora perang miturut pikirané donya,* 4 merga senjata perang sing padha tak gunakké dudu saka donya iki, nanging saka Gusti Allah sing kebak kuwasa. Mula, kuwi isa ngrubuhké apa waé sing dibèntèngi kanthi kuwat. 5 Aku kabèh ngrubuhké cara mikir sing salah lan ngrubuhké apa waé sing ora cocog karo pangertèn bab Gusti Allah. Aku kabèh ngalahké saben pikiran supaya kuwi dadi manut karo Kristus. 6 Aku kabèh uga siap ngukum sapa waé sing ora manut, sakwisé kowé kabèh nduduhké nèk bener-bener manut.
7 Kowé kabèh padha ngadili perkara-perkara miturut apa sing kétok. Nèk ana wong sing yakin nèk dhèwèké kuwi duwèké Kristus, wong kuwi kudu éling nèk aku kabèh uga duwèké Kristus, padha kaya wong kuwi. 8 Gusti wis mènèhi aku wewenang kanggo nguwatké imanmu lan ora kanggo nggawé kowé cilik ati. Senajan aku rada keliwat bangga karo wewenang sing tak tampa kuwi, aku ora bakal isin. 9 Aku ora péngin kowé padha nduwé pikiran nèk aku arep medèn-medèni kowé nganggo surat-suratku. 10 Ana wong-wong sing kandha, ”Surat-suraté tegas lan keras, nanging nèk dhèwèké ing kéné, dhèwèké tanpa daya lan omongané ora ana artiné.” 11 Wong sing ngomong kaya ngono perlu ngerti nèk apa sing tak omongké ing surat-surat, uga bakal tak tindakké wektu aku kabèh teka. 12 Aku kabèh ora wani kandha nèk aku kabèh iki padha utawa sebandhing karo wong-wong sing nganggep nèk wong kuwi dhéwé sing paling unggul. Wong-wong kuwi ora nduwé pangertèn merga ngadili awaké mung miturut pathokané dhéwé lan mbandhingké awaké mung karo wong-wong kuwi dhéwé.
13 Aku kabèh ora bakal bangga karo bates dhaérah tugas sing dudu bagéanku. Nanging, aku kabèh bakal bangga mung karo bates dhaérah sing wis ditemtokké* Gusti Allah kanggo aku kabèh, lan kowé kabèh uga klebu ing dhaérah kuwi. 14 Saktenané, aku kabèh ora ngliwati bates tugas wektu aku kabèh teka marang kowé, merga aku kabèh sing sepisanan martakké kabar apik bab Kristus marang kowé. 15 Aku kabèh ora bangga karo hasil gawéané wong liya sing ana ing sak njabané bates dhaérah tugasku, nanging aku kabèh péngin supaya imanmu mundhak gedhé, supaya hasil gawéan sing padha tak tindakké ing dhaérah tugasku uga mundhak gedhé. Nganggo cara kuwi dhaérah tugas sing padha tak garap bakal saya amba, 16 lan aku kabèh isa martakké kabar apik ing negara-negara sing luwih adoh saka panggonanmu. Dadi, aku kabèh ora bakal bangga karo hasil gawéané wong liya ing dhaérah tugasé wong-wong kuwi. 17 ”Sapa sing bangga, kudu bangga merga Yéhuwah.” 18 Yéhuwah nresnani wong sing Panjenengané unggulké, nanging dudu wong sing ngunggulké awaké dhéwé.
11 Aku péngin supaya kowé padha sabar marang aku, senajan aku kétoké rada ora masuk akal. Nanging, kowé pancèn sabar marang aku! 2 Aku bener-bener perduli marang kowé kaya Gusti Allah uga perduli marang kowé, aku dhéwé wis ndadèkké kowé tunangané Kristus, lan aku arep mènèhké kowé marang dhèwèké dadi prawan sing suci.* 3 Nanging, aku wedi pikiranmu padha dirusak, kaya Hawa sing kapusan karo kelicikané ula, lan isa nggawé kowé ora setya utawa ora suci* manèh ing ngarepé Kristus kaya sing sakmesthiné. 4 Nyatané, nèk ana sing teka lan martakké bab Yésus sing liya, sing béda karo sing wis padha tak wartakké, utawa ana kuwasa liya sing nuntun pikiranmu, sing béda karo kuwasa sing saksuwéné iki nuntun kowé, utawa ana kabar apik sing béda karo sing wis padha kok tampa, kowé kabèh langsung nampa kuwi. 5 Miturutku, sathithik waé aku ora kalah karo rasul-rasulmu sing hébat banget kuwi. 6 Senajan aku ora pinter ngomong, aku nduwé pangertèn bab Gusti Allah. Aku kabèh wis nduduhké kanthi cetha marang kowé ing kabèh bab lan ing akèh cara.
7 Apa aku nindakké dosa, nèk aku kanthi seneng martakké kabar apik saka Gusti Allah marang kowé kabèh tanpa dibayar, lan ngasorké awakku supaya kowé padha diunggulké? 8 Aku nampa bantuan* saka jemaat-jemaat liya, lan kuwi kaya-kaya aku ngrampok jemaat-jemaat kuwi supaya aku isa nglayani kowé. 9 Malah, wektu aku bareng karo kowé lan ana sing tak butuhké, aku ora dadi beban kanggo sapa waé, merga sedulur-sedulur sing teka saka Makédonia nyedhiakké kabèh kebutuhanku. Aku ngupaya sak isa-isané supaya ora dadi bebanmu, lan aku bakal terus kaya ngono. 10 Yakuwi sing bakal terus tak banggak-banggakké ing wilayah Akhaya saksuwéné aku dadi pengikuté Kristus. 11 Apa sebabé? Apa merga aku ora nresnani kowé? Gusti Allah ngerti nèk aku nresnani kowé kabèh.
12 Ana sapérangan wong sing padha bangga lan kandha nèk wong-wong kuwi dadi rasul-rasul padha kaya aku kabèh. Mula, aku bakal terus nindakké apa sing wis tak tindakké saksuwéné iki, supaya wong-wong kuwi ora nduwé alesan manèh kanggo bangga. 13 Wong-wong sing kaya ngono kuwi sakjané rasul palsu, sing seneng ngapusi lan nyamar dadi rasulé Kristus. 14 Aku ora nggumun karo bab kuwi, merga Sétan dhéwé seneng nyamar dadi malaékat terang. 15 Dadi, lumrah waé nèk para abdiné uga seneng nyamar dadi abdi sing bener. Nanging, wong-wong kuwi akiré bakal ngalami apa sing cocog karo tumindaké.
16 Sepisan manèh aku kandha: Aja ana sing mikir nèk aku iki ora masuk akal. Nanging senajan kowé padha mikir kaya ngono, tetep tampanen aku sing ora masuk akal iki, supaya aku isa rada bangga. 17 Apa sing tak omongké saiki ora miturut tuladhané Gusti. Nanging, aku ngomong kaya wong sing ora masuk akal, sing seneng bangga lan keliwat percaya dhiri. 18 Akèh wong bangga karo perkara-perkara donya,* mula aku uga bakal bangga karo perkara-perkara kuwi. 19 Merga kowé wong sing ”masuk akal” banget, kowé mesthi gelem sabar marang wong sing ora masuk akal. 20 Kowé padha nampa sapa waé sing nggawé kowé dadi budhaké, sing manfaatké kowé, sing ngrampas duwèkmu, sing ngunggulké awaké tumrap kowé, lan sing ngampleng raimu.
21 Aku isin ngomongké iki, merga aku kabèh isa dianggep tanpa daya.
Nanging nèk wong liya wani, aku uga bakal wani, senajan aku bakal ngomong kaya wong sing ora masuk akal. 22 Apa wong-wong kuwi wong Ibrani? Aku iya. Apa wong-wong kuwi wong Israèl? Aku iya. Apa wong-wong kuwi keturunané Abraham? Aku iya. 23 Apa wong-wong kuwi abdiné Kristus? Aku bakal kandha kaya wong sing ora waras, aku luwih hébat ketimbang wong-wong kuwi: Aku nyambut gawé luwih mempeng, luwih kerep dipenjara, digebugi bola-bali nganti ora isa diétung, lan kerep mèh mati. 24 Wis ping lima aku digebugi wong Yahudi, lan saben digebugi, aku digebugi nganti ping 39. 25 Ping telu aku digebugi nganggo tongkat, ping pisan dibandhemi watu, ping telu ngalami kapal kèrem, lan sedina-sewengi ana ing tengah-tengah laut. 26 Aku kerep lunga lan kerep ngadhepi bahaya saka kali, saka perampok, saka wong-wong sing sak bangsa lan saka bangsa liya, ing kutha, ing padhang belantara, ing laut, lan ing antarané sedulur-sedulur palsu. 27 Aku kerep rekasa lan nyambut gawé abot, kerep ora turu, luwé lan ngelak, kerep ora nduwé panganan, kadhemen lan kekurangan klambi.*
28 Sakliyané bab-bab kuwi, saben dina aku uga kuwatir karo kabèh jemaat. 29 Nèk ana sing tanpa daya, aku dadi tanpa daya uga, lan nèk ana sing kesandhung, aku dadi jèngkèl.
30 Nèk aku kudu bangga, aku bakal bangga karo bab-bab sing nduduhké nèk aku tanpa daya. 31 Gusti Allah, yaiku Bapaké Gusti Yésus, sing pantes dipuji kanggo saklawasé, ngerti nèk aku ora ngapusi. 32 Ing Damaskus, gubernur ing pamréntahané Raja Arétas, nugaské para penjaga ing gerbang kutha kanggo nangkep aku, 33 nanging aku diedhunké nganggo kranjang gedhé liwat jendhéla ing témbok kutha kuwi. Nganggo cara kuwi aku isa bébas saka tangané wong-wong kuwi.
12 Aku kudu bangga, mula aku bakal ngomong bab wahyu sing Gusti duduhké marang aku lan warta sing diparingké marang aku, senajan kuwi ora ana paédahé kanggo aku. 2 Aku kenal karo sawijiné wong lanang sing nyawiji karo Kristus, sing 14 taun kepungkur ujug-ujug digawa menyang swarga katelu. Aku ora ngerti apa wong kuwi digawa nganggo badan jasmaniné utawa ora. Gusti Allah sing ngerti. 3 Aku kenal wong kuwi, nanging aku ora ngerti apa wong kuwi digawa nganggo badan jasmaniné utawa ora. Gusti Allah sing ngerti. 4 Wong kuwi ujug-ujug digawa menyang firdaus lan krungu tembung-tembung sing ora éntuk diomongké utawa diucapké manungsa. 5 Aku bakal bangga karo wong iki. Nanging bab awakku dhéwé, aku mung bakal bangga karo kelemahanku. 6 Nèk aku arep bangga, aku bakal dadi wong sing masuk akal, merga aku bakal ngomong sing saktenané. Nanging aku ora bakal bangga, supaya kowé padha ngalem aku miturut apa sing kok delok lan kok rungokké saka aku, 7 dudu merga perkara-perkara sing nggumunké sing diduduhké marang aku.
Supaya ora dadi sombong, aku dikèki eri ing njero daging, kaya-kaya ana malaékaté Sétan sing terus ngamplengi* aku, supaya aku ora dadi sombong. 8 Wis ping telu aku nyuwun marang Gusti* supaya eri kuwi disingkirké saka aku. 9 Nanging Panjenengané ngendika marang aku, ”Welas asih-Ku sing nggumunké* wis cukup kanggomu, merga wektu kowé tanpa daya, kuwasa-Ku dadi nyata.” Mula, kanthi seneng aku bakal bangga karo kelemahanku, supaya kuwasané Kristus terus ngayomi aku kaya kémah. 10 Dadi wektu aku tanpa daya, dirèmèhké, kekurangan, dianiaya, utawa ngadhepi kahanan sing angèl demi Kristus, aku seneng. Wektu aku tanpa daya, aku dadi kuwat.
11 Aku wis dadi ora masuk akal. Kowé kabèh sing nggawé aku dadi kaya ngéné iki, merga kuduné kowé padha ngomongké sing apik bab aku. Senajan aku dudu sapa-sapa, sathithik waé aku ora kalah karo rasul-rasulmu sing hébat kuwi. 12 Malah, kowé wis padha ndelok dhéwé buktiné nèk aku iki pancèn rasul, merga aku terus tekun lan nindakké akèh mukjijat,* perkara-perkara ajaib, lan perkara-perkara sing nggumunké. 13 Nèk dibandhingké jemaat liya, kowé kabèh ora ana kurangé ta? Sing mbédakké mung ing bab aku ora dadi bebanmu. Nèk ing bab iki aku salah, aku njaluk ngapura.
14 Saktenané, iki sing kaping teluné aku siap marani kowé, lan kaya sakdurungé, aku uga ora péngin dadi bebanmu. Merga sing tak péngini dudu bandhamu, nanging kowé dhéwé. Dudu anak-anak sing kuduné ngumpulké bandha kanggo wong tuwané, nanging wong tuwané sing kuduné nindakké kuwi kanggo anak-anaké. 15 Nèk aku, aku bakal seneng mènèhké marang kowé* kabèh sing tak duwèni lan uga nyawaku. Aku tresna banget marang kowé, mula apa pantes nèk kowé kabèh kurang nresnani aku? 16 Senajan ngono, aku ora dadi beban kanggo kowé kabèh. Nanging, kowé malah padha kandha nèk aku ”licik” lan njiret kowé nganggo cara ”ngapusi”. 17 Aku ora njupuk keuntungan saka kowé liwat wong-wong sing tak utus, ta? 18 Wektu aku njaluk supaya Titus marani kowé, lan aku ngutus salah siji sedulur bareng karo dhèwèké, Titus babar blas ora njupuk keuntungan saka kowé, ta? Dhèwèké nduwé pikiran sing padha lan tumindak sing padha kaya aku kabèh, ta?
19 Apa kowé padha mikir nèk aku kabèh lagi nggawé pembélaan ing ngarepmu? Ora kaya ngono. Aku kabèh ngomong kanthi jujur ing ngarsané Gusti Allah, dadi wong sing nyawiji karo Kristus. Saktenané, sedulur-sedulur sing tak tresnani, kabèh sing padha tak tindakké iki kanggo nguwatké kowé. 20 Aku kuwatir nèk wektu aku teka mengko, kowé ora kaya sing tak karepké, lan aku uga ora kaya sing kok karepké. Aku kuwatir ana sing udur-uduran, iri,nesu, padu, ngèlèk-èlèk wong, nggosip, sombong, lan kisruh. 21 Mungkin wektu aku teka manèh, Gusti Allahku bakal nggawé aku isin wektu aku bareng karo kowé, lan aku bakal sedhih banget merga akèh wong sing mbiyèn nindakké dosa isih durung mertobat saka tumindak sing najis, saka hubungan sèks sing ora sah,* lan saka tumindak kurang ajar.*
13 Iki sing kaping teluné aku siap-siap marani kowé. ”Supaya liwat katrangané* loro utawa telu seksi, perkara kuwi isa dadi cetha.” 2 Senajan saiki aku ora ana ing kana, aku rumangsa kaya ana ing kana kanggo sing kaping pindhoné. Mula, aku péngin mènèhi pangéling-éling luwih dhisik marang wong-wong sing sakdurungé nindakké dosa lan marang kowé kabèh: Nèk aku teka manèh, aku ora bakal ngejarké wong-wong sing nindakké apa sing salah. 3 Nganggo cara kuwi, aku bakal mbuktèkké marang kowé kabèh nèk Kristus ngomong liwat aku, lan dhèwèké ora tanpa daya ing ngarepmu nanging tumindak nganggo kuwasa sing gedhé. 4 Dhèwèké pancèn dipatèni ing cagak ing kahanan sing tanpa daya, nanging saiki dhèwèké urip merga kuwasané Gusti Allah. Saiki aku kabèh uga tanpa daya kaya dhèwèké, nanging aku kabèh bakal urip bareng dhèwèké uga merga kuwasané Gusti Allah sing ana ing uripmu.
5 Terus priksanen apa uripmu cocog karo iman Kristen. Terus priksanen kaya apa kowé saktenané. Apa kowé ora sadhar nèk Yésus Kristus nyawiji karo kowé? Kowé kuduné sadhar, kejaba nèk kowé ora ditampa Gusti Allah. 6 Aku ngarep-arep tenanan supaya kowé padha sadhar nèk aku kabèh ditampa Gusti Allah.
7 Aku kabèh ndonga marang Gusti Allah supaya kowé ora padha nindakké salah apa-apa. Tujuanku dudu supaya aku kabèh kétoké ditampa wong-wong, nanging supaya kowé padha nindakké apa sing apik, senajan aku kabèh mbokmenawa ora ditampa wong-wong. 8 Aku kabèh ora isa nglawan apa sing bener. Nanging, aku kabèh mung isa tumindak demi apa sing bener. 9 Aku kabèh mesthi bungah wektu kowé padha kuwat, senajan wektu kuwi aku mungkin lagi tanpa daya. Aku kabèh uga ndonga supaya kowé padha isa nggawé owah-owahan sing dibutuhké. 10 Kuwi sebabé, aku nulis bab-bab iki wektu aku ora ana karo kowé, supaya aku ora perlu tumindak keras wektu bareng karo kowé, merga Gusti mènèhi aku wewenang kanggo nguwatké imanmu, dudu kanggo nggawé kowé cilik ati.
11 Sing pungkasan, sedulur-sedulur, terusa bungah, nggawé owah-owahan, nampa panglipuran, padha sak pikiran, lan urip rukun. Nganggo cara kuwi, Gusti Allah sing kebak katresnan lan katentreman terus ngayomi kowé. 12 Tampanen siji lan sijiné kanthi ramah.* 13 Kabèh wong suci ngirim salam marang kowé kabèh.
14 Muga-muga kowé kabèh padha nampa welas asih sing nggumunké* saka Gusti Yésus Kristus, nampa katresnané Gusti Allah, lan nampa berkah-berkah saka roh suci.
Utawa ”nguwatké”.
Utawa ”kasangsaran”.
Utawa ”kasangsaran”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”daging”.
Utawa mungkin ”mung bab apa sing wis kok ngertèni kanthi apik”.
Lit. ”nganti pungkasan”.
Utawa mungkin ”kowé padha éntuk paédah ping pindho”.
Maksudé, Silas.
Utawa ”dadi dhuwit panjer; dadi janji kanggo apa sing bakal kelakon”.
Utawa ”jiwaku”.
Utawa ”dikalahké; diapusi”.
Utawa ”niaté; rencanané”.
Lit.: ”lawang”.
Utawa ”dingertèni”.
Utawa ”kaya ganda”.
Utawa ”ora dodolan”.
Lit.: ”papan watu”.
Lit.: ”papan daging”.
Utawa ”rampungé; tujuané”.
Utawa mungkin ”cocog karo sing dikersakké rohé Yéhuwah”.
Utawa ”ora malsu”.
Lit.: ”kanggo hati nuraniné manungsa”.
Utawa ”dikrukubi”.
Utawa ”sistem donya iki”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”pepadhangé”.
Lit.: ”wajahé Kristus”.
Utawa mungkin ”nanging ora nganti putus asa”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”pacoban”.
Utawa ”sirna”.
Utawa ”panggonan”.
Utawa ”nganggo panggonan kita”.
Utawa ”dadi dhuwit panjer; dadi janji kanggo apa sing bakal kelakon”.
Utawa ”bakal digawé nyata”.
Utawa ”Aku kabèh nyata kanggo Gusti Allah”.
Lit.: ”hati nuranimu”.
Utawa ”duta-duta”.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”ora munafik”.
Mungkin kanggo nyerang.
Mungkin kanggo nangkis.
Utawa ”dianggep pantes mati”.
Utawa ”didisiplin”.
Utawa ”Aku kabèh nduwé panggonan sing amba kanggo”.
Utawa ”Aja mikul pasangan sing ora imbang”.
Lit.: ”lan pelanggaran hukum”.
Lit.: ”Bélial”. Saka tembung Ibrani sing tegesé ”ora ana gunané”.
Lit.: ”daging lan roh”.
Utawa ”semangatmu”.
Utawa ”kowé kabèh murni; kowé kabèh ora salah”.
Lit.: ”rohé”.
Utawa mungkin ”aku isa dikuwatké merga kowé kabèh”.
Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Yunani: Kyrios. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”rasul-rasulé”.
Utawa ”pelayanan”.
Provinsi ing Roma sing ibu kotané yaiku Korintus.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”Pelayanan”.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”daging”.
Lit.: ”daging”.
Utawa ”dijatah karo”.
Utawa ”murni”.
Utawa ”ora murni”.
Utawa ”tunjangan”.
Lit.: ”miturut daging”.
Lit.: ”wuda”.
Utawa ”nggebugi”.
Yunani: Kyrios. Deloken Daftar Istilah.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”tandha”.
Utawa ”jiwamu”.
Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”tumindak ora nduwé isin”. Yunani: aselgeia. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”cangkemé”.
Lit.: ”nganggo ambungan suci”.
Deloken Daftar Istilah.