PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • bi7 Galatia 1:1-6:18
  • Galatia

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Galatia
  • Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar
Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar
Galatia

SURAT KANGGO JEMAAT ING GALATIA

1 Saka Paulus, rasul sing ora dilantik karo manungsa, nanging dilantik karo Yésus Kristus lan Gusti Allah, yaiku Bapak kita, sing wis nguripké manèh Yésus saka antarané wong mati. 2 Aku nulis surat iki kanggo kowé kabèh, jemaat-jemaat ing Galatia. Kabèh sedulur sing bareng karo aku ngirim salam marang kowé kabèh.

3 Muga-muga kowé kabèh padha nampa welas asih sing nggumunké* lan katentreman saka Gusti Allah, Bapak kita, lan saka Gusti Yésus Kristus. 4 Kristus wis masrahké uripé kanggo dosa-dosa kita, supaya dhèwèké isa nylametké kita saka donya* sing jahat iki, cocog karo kersané Gusti Allah, Bapak kita. 5 Muga-muga Gusti Allah diluhurké nganti saklawas-lawasé. Amin.

6 Aku nggumun merga kowé cepet banget ngedoh saka Gusti Allah, sing wis milih kowé liwat welas asihé Kristus sing nggumunké,* banjur ngrungokké kabar apik liya. 7 Sakjané ora ana kabar apik liya, nanging ana sapérangan wong sing nggawé masalah ing antaramu, nganggo cara ngowahi kabar apik bab Kristus. 8 Nèk ana sing martakké kabar apik liya, sing béda karo sing wis padha tak wartakké marang kowé kabèh, dhèwèké pantes kena laknat, ora soal dhèwèké kuwi salah siji saka antarané aku kabèh utawa malaékat saka swarga. 9 Kaya sing wis padha tak omongké sakdurungé, aku kandha manèh marang kowé: Sapa waé sing martakké kabar apik liya marang kowé, sing béda karo sing wis padha kok tampa, wong kuwi pantes kena laknat.

10 Sakjané, apa aku lagi ngupaya nyenengké manungsa utawa Gusti Allah? Nèk aku isih ngupaya nyenengké manungsa, aku dudu budhaké Kristus. 11 Sedulur-sedulur, aku péngin kowé kabèh padha ngerti nèk kabar apik sing tak wartakké marang kowé, asalé dudu saka manungsa, 12 merga sing mènèhké lan mulangké kuwi marang aku dudu manungsa, nanging Yésus Kristus dhéwé sing nduduhké marang aku.

13 Kowé mesthi wis padha krungu bab tumindakku wektu aku isih nganut agama Yahudi,* yaiku aku nganiaya kanthi kejem* lan ngupaya numpes jemaaté Gusti Allah. 14 Ing agama Yahudi* aku luwih maju ketimbang akèh wong sing sak umuran lan sak bangsa karo aku, lan aku luwih semangat kanggo nindakké tradhisiné leluhurku. 15 Nanging Gusti Allah, sing nggawé aku dilairké, milih aku merga welas asihé sing nggumunké, lan Panjenengané seneng 16 nggunakké aku kanggo martakké kabar apik marang bangsa liya supaya padha kenal karo Putrané. Wektu dipilih, aku ora njaluk naséhaté manungsa saka ngendi waé, 17 lan aku uga ora lunga menyang Yérusalèm kanggo nemoni wong-wong sing wis dadi rasul sakdurungé aku. Nanging, aku lunga menyang negara Arab, banjur bali manèh menyang Damaskus.

18 Telung taun sakwisé kuwi, aku lunga menyang Yérusalèm kanggo marani Kéfas,* lan aku manggon karo dhèwèké 15 dina suwéné. 19 Nanging, aku ora ketemu karo rasul-rasul liyané, sakliyané Yakobus adhiné Gusti. 20 Kabèh sing tak tulis marang kowé kuwi bener. Aku sumpah ing ngarsané Gusti Allah nèk aku ora ngapusi.

21 Sakwisé kuwi, aku lunga menyang wilayah Siria lan Kilikia. 22 Nanging, jemaat-jemaat ing Yudéa sing nyawiji karo Kristus durung tau ketemu karo aku. 23 Wong-wong kuwi mung krungu: ”Wong sing mbiyèn péngin numpes agama kita lan sing sakdurungé nganiaya kita, saiki martakké kabar apik.” 24 Mula, wong-wong kuwi mulai ngluhurké Gusti Allah merga aku.

2 Banjur 14 taun sakwisé kuwi, aku lunga manèh menyang Yérusalèm bareng karo Barnabas, lan aku ngajak Titus. 2 Aku lunga mrana merga apa sing diduduhké Gusti, lan aku ngandhani wong-wong ing kana bab kabar apik sing wis tak wartakké marang bangsa-bangsa liya. Nanging, aku mung nindakké kuwi ing ngarepé sedulur-sedulur sing dihormati banget, kanggo mastèkké nèk pelayanan sing tak tindakké mbiyèn lan uga saiki ora tanpa guna. 3 Senajan Titus sing mèlu aku kuwi wong Yunani, nanging ora ana sing meksa supaya dhèwèké disunat. 4 Nanging kuwi dadi masalah merga sedulur-sedulur palsu wis padha nlusup mlebu ing jemaat kanggo dadi mata-mata. Wong-wong kuwi péngin ngrampas kebébasan sing kita duwèni merga kita nyawiji karo Kristus Yésus, supaya wong-wong kuwi isa nggawé kita dadi budhaké hukum. 5 Senajan ngono, aku kabèh ora ngalah utawa manut karo wong-wong kuwi, sedhéla* waé ora, supaya kabèh wulangan sing bener sing ana ing kabar apik tetep padha kok duwèni.

6 Nanging, bab sedulur-sedulur sing dianggep penting, ora soal wong kuwi kaya apa sakdurungé, kuwi ora penting kanggoku, merga sing Gusti Allah delok dudu apa sing kétok saka njabané. Aku malah ora éntuk bab anyar saka sedulur-sedulur sing dihormati kuwi. 7 Sewaliké, sedulur-sedulur kuwi ngerti nèk aku wis dipercaya kanggo martakké kabar apik marang wong-wong sing dudu Yahudi,* padha kaya Pétrus sing dipercaya kanggo martakké kabar apik marang wong Yahudi.* 8 Gusti Allah nggawé Pétrus sanggup dadi rasul kanggo wong Yahudi,* lan Panjenengané uga nggawé aku sanggup dadi rasul kanggo bangsa-bangsa liya. 9 Sedulur-sedulur kuwi padha ngerti nèk Gusti Allah nduduhké welas asih sing nggumunké* marang aku, mula Yakobus, Kéfas,* lan Yohanes, yaiku wong-wong sing dianggep dadi pemimpin, padha nyalami aku lan Barnabas, sing nduduhké nèk para sedulur kuwi setuju supaya aku lan Barnabas lunga marang bangsa liya, lan para sedulur kuwi lunga marang wong Yahudi.* 10 Para sedulur kuwi mung njaluk supaya aku kabèh tansah éling marang sedulur-sedulur sing miskin, lan kuwi sing tak upayakké kanthi tenanan.

11 Wektu Kéfas* teka ing Antiokhia, aku ngélikké dhèwèké kanthi terus terang, merga dhèwèké nyata-nyata salah. 12 Biasané, dhèwèké kerep mangan bareng karo wong-wong saka bangsa liya. Nanging, wektu wong-wong sing diutus Yakobus teka, dhèwèké ora sesrawungan manèh karo wong-wong kuwi. Dhèwèké ngedoh saka wong-wong kuwi merga wedi karo wong-wong sing ndhukung sunat. 13 Wong-wong Yahudi liyané uga mèlu-mèlu dadi munafik, nganti Barnabas uga mèlu-mèlu. 14 Nanging, wektu aku weruh nèk tumindaké wong-wong kuwi ora cocog karo wulangan sing bener sing ana ing kabar apik, aku ngomong marang Kéfas* ing ngarepé kabèh wong kuwi, ”Kowé kuwi wong Yahudi, nanging kowé tumindak kaya bangsa liya lan ora kaya wong Yahudi. Mula, ngapa kowé ngongkon wong-wong saka bangsa liya manut kebiasaané wong Yahudi?”

15 Kita, sing wong Yahudi asli lan dudu wong dosa saka bangsa liya, 16 ngerti nèk wong dianggep bener mung nèk dhèwèké nduwé iman marang Yésus Kristus, dudu merga nindakké hukum. Mula, kita nduwé iman marang Kristus Yésus, supaya kita dianggep bener merga nduwé iman marang Kristus, dudu merga nindakké hukum. Ora ana wong sing bakal dianggep bener merga nindakké hukum. 17 Nèk kita sing ngupaya dianggep bener liwat Kristus uga dianggep dosa, apa kuwi tegesé Kristus dadi pelayané dosa? Mesthiné ora! 18 Nèk aku mbangun manèh apa sing wis tak ambrukké, aku nduduhké nèk aku nglanggar hukum. 19 Hukum kuwi dhéwé nggawé aku mati ing bab* hukum, supaya aku isa urip kanggo Gusti Allah. 20 Aku dipaku ing cagak bareng karo Kristus. Mula sing urip dudu aku manèh, nanging Kristus sing nyawiji karo aku. Dadi saiki aku urip miturut iman marang Putrané Gusti Allah sing nresnani aku lan masrahké uripé kanggo aku. 21 Aku ora nolak welas asihé Gusti Allah sing nggumunké,* merga nèk wong dianggep bener liwat hukum, Kristus mati tanpa guna.

3 Hé, wong-wong Galatia sing ora masuk akal! Sapa sing wis mblasukké kowé kaya ngéné iki? Kowé kabèh kan wis diterangké kanthi cetha bab Yésus Kristus sing dipaku ing cagak, ta? 2 Mung siji pitakonanku marang kowé: Kowé kabèh kuwi nampa roh suci merga nindakké hukum, utawa merga nduwé iman marang kabar apik sing kok rungokké? 3 Apa kowé bener-bener ora masuk akal? Wiwitané, kowé pancèn tumindak manut tuntunané roh suci, nanging saiki apa kowé akiré arep manut pikirané manungsa sing ora sampurna? 4 Apa akèh kasangsaran sing kok alami seprana-sepréné kuwi tanpa guna? Aku yakin ora kaya ngono. 5 Sakjané, apa wong sing mènèhi kowé roh suci lan sing nindakké akèh mukjijat ing antaramu kuwi nindakké perkara-perkara kuwi merga kowé kabèh nindakké hukum, utawa merga kowé kabèh nduwé iman marang kabar apik sing kok rungokké? 6 Iki padha kaya Abraham. Dhèwèké ”nduwé iman marang Yéhuwah, mula dhèwèké dianggep bener”.

7 Kowé mesthi ngerti nèk putra-putrané Abraham kuwi wong-wong sing nduwé iman. 8 Ndhisik, ana ayat sing kandha nèk Gusti Allah bakal nganggep bener wong-wong saka bangsa liya merga nduwé iman. Kuwi sebabé kabar apik iki diwartakké dhisik marang Abraham, yaiku, ”Liwat kowé, kabèh bangsa bakal diberkahi.” 9 Mula, kabèh wong sing nduwé iman padha diberkahi kaya Abraham sing nduwé iman.

10 Kabèh wong sing ngendelké hukum kuwi dikuwasani laknat, merga ana tulisan sing kandha, ”Kenaa ing laknat saben wong sing ora terus nindakké kabèh sing ditulis ing gulungan hukum Taurat iki.” 11 Apa manèh, cetha banget nèk ora ana wong sing dianggep bener karo Gusti Allah merga saka nindakké hukum, sebab ana tulisan sing kandha, ”Wong sing nindakké apa sing bener bakal tetep urip merga nduwé iman.” 12 Sakliyané kuwi, hukum Taurat dhasaré dudu iman. Merga, ana tulisan sing kandha, ”Saben wong sing nindakké hukum iki bakal urip merga saka kuwi.” 13 Kristus wis nuku kita. Dhèwèké wis mbébaské kita saka laknaté hukum Taurat nganggo cara nggantèni kita dadi wong sing kena laknat, merga ana tulisan sing kandha, ”Kenaa ing laknat saben wong sing dipaku* ing cagak.” 14 Kuwi kelakon supaya liwat Kristus Yésus, kabèh bangsa nampa berkah sing wis dijanjèkké marang Abraham, lan nganggo cara kuwi, kita isa nampa roh suci sing wis dijanjèkké merga kita nduwé iman.

15 Sedulur-sedulur, aku arep nggunakké umpama sing dijupuk saka urip saben dina: Nèk perjanjian wis disahké, ora ana siji-sijia wong sing éntuk mbatalké utawa nambahi apa-apa, senajan perjanjian kuwi mung disahké karo manungsa. 16 Janji-janjiné Gusti Allah digawé kanggo Abraham lan keturunané.* Ayaté ora kandha ”kanggo keturunan-keturunanmu”,* kaya-kayané kanggo akèh wong. Nanging, ayaté kandha ”kanggo keturunanmu”,* maksudé mung kanggo wong siji, yaiku Kristus. 17 Aku uga arep ngomong iki: Hukum Taurat, sing diparingké 430 taun sakbanjuré, ora mbatalké perjanjian sing wis Gusti Allah gawé sakdurungé utawa mbusak janji kuwi. 18 Nèk warisan kuwi diwènèhké merga hukum Taurat, kuwi tegesé warisan kuwi ora diwènèhké merga janji. Nanging sakjané Gusti Allah wis kanthi apik ati maringi Abraham warisan kuwi merga janji.

19 Dadi hukum Taurat kuwi kanggo apa? Hukum kuwi ditambahké kanggo nduduhké nèk ana pelanggaran, lan hukum kuwi digunakké nganti keturunan* sing nampa janji kuwi teka. Hukum kuwi diparingké liwat para malaékat, sing ngumumké kuwi liwat perantara. 20 Perantara dibutuhké mung nèk perjanjiané nglibatké luwih saka sak pihak. Nanging ing bab iki, Gusti Allah kuwi siji-sijiné pihak wektu nggawé janji kuwi. 21 Dadi, apa hukum Taurat kuwi nglawan janji-janjiné Gusti Allah? Babar blas ora! Merga nèk misalé wong éntuk hukum sing isa marahi urip, wong kuwi bakal dianggep bener kanthi cara nindakké hukum kuwi. 22 Nanging, Kitab Suci nggawé kabèh wong dikendhalèni dosa, supaya janji-janji sing dihasilké saka iman marang Yésus Kristus isa ditampa karo wong-wong sing nduwé iman.

23 Wektu iman* kuwi durung teka, hukum njaga kita lan kita dadi dikendhalèni hukum kuwi, kita uga ngentèni iman sing bakal disingkapké kuwi. 24 Mula, hukum Taurat dadi pembimbing* sing nuntun kita marang Kristus, supaya kita isa dianggep bener merga nduwé iman. 25 Nanging saiki, sakwisé iman kuwi teka, kita ora perlu manèh dituntun karo pembimbing* kuwi.

26 Kowé kabèh sakjané putra-putrané Gusti Allah merga nduwé iman marang Kristus Yésus. 27 Kowé kabèh sing wis dibaptis lan saiki nyawiji karo Kristus, wis dadi kaya Kristus. 28 Ora ana manèh bédané antarané wong Yahudi lan wong Yunani, antarané budhak lan wong merdéka, lan antarané wong lanang lan wong wadon, merga kowé kabèh pengikuté Kristus Yésus, mula kowé kabèh padha dadi siji. 29 Apa manèh, nèk kowé kabèh duwèké Kristus, kowé kabèh bener-bener keturunané* Abraham, lan kowé isa nampa warisan sing wis dijanjèkké.

4 Wektu ahli waris isih cilik, dhèwèké padha karo budhak. Senajan dhèwèké sing nduwèni sakabèhé, 2 nanging dhèwèké isih diawasi karo wong sing diwènèhi tanggung jawab lan para pengurus nganti dina sing wis ditemtokké karo bapaké. 3 Semono uga kita. Wektu isih cilik, kita dadi budhak sing manut karo pathokan dhasar lan cara mikiré donya iki. 4 Sakwisé tekan wektuné, Gusti Allah ngutus Putrané, sing dilairké wong wadon lan sing urip miturut hukum, 5 kanggo nebus kita sing urip miturut hukum, supaya Gusti Allah isa ngangkat kita dadi anak-anaké.

6 Saiki merga kowé kuwi anak-anaké Gusti Allah, Panjenengané maringké roh suci ing ati kita, yaiku roh suci sing ana ing Putrané. Lan roh suci kuwi nggawé kita padha nyebut, ”Abba,* Bapak!” 7 Mula kowé dudu budhak manèh, nanging anaké Gusti Allah. Lan nèk kowé kuwi anaké Gusti Allah, Panjenengané uga bakal nggawé kowé dadi ahli waris.

8 Nanging wektu kowé durung kenal Gusti Allah, kowé dadi budhaké allah-allah palsu. 9 Saiki kowé wis kenal Gusti Allah utawa sing luwih pas kowé wis dikenal Gusti Allah, kok isa kowé péngin bali lan dadi budhak sing manut manèh karo pathokan dhasar saka donya iki? 10 Kanthi tliti, kowé padha ngrayakké dina-dina, sasi-sasi, musim-musim,* lan taun-taun. 11 Aku kuwatir nèk upayaku kanggo mbantu kowé dadi tanpa guna.

12 Aku mbiyèn ya kaya kowé. Mula sedulur-sedulur, aku tenanan nyuwun marang kowé supaya dadi kaya aku sing saiki. Kowé ora tumindak salah marang aku. 13 Kowé ngerti nèk merga penyakitku, aku dadi nduwé kesempatan martakké kabar apik marang kowé kanggo sing kapisan. 14 Senajan penyakitku nggawé kowé susah, kowé ora ngrèmèhké aku utawa nganggep aku njijiki, nanging kowé malah nampa aku kaya malaékaté Gusti Allah, kaya Kristus Yésus. 15 Ing ngendi kabungahan sing mbiyén kok rasakké kuwi? Merga aku yakin, nèk isa, mbiyèn kowé mesthi bakal nyungkil mripatmu lan mènèhké kuwi marang aku. 16 Mula, apa aku saiki dadi mungsuhmu merga aku ngandhani sing bener marang kowé? 17 Wong-wong kuwi ngupaya tenanan njupuk atimu, nanging tujuané ala, yaiku kanggo ngadohké kowé saka aku, supaya kowé padha gelem nuruti wong-wong kuwi. 18 Senajan ngono sedulur-sedulur, ora apa-apa nèk ana wong sing njupuk atimu nanging nduwé tujuan sing apik lan ora mung wektu aku ana bareng karo kowé. 19 Anak-anakku, sepisan manèh aku ngrasakké larané wong wadon sing arep nglairké. Aku bakal terus ngrasakké kaya ngono nganti kowé kabèh nduduhké sipat-sipaté Kristus. 20 Aku péngin ana bareng karo kowé saiki lan ngomong luwih alus, merga aku bingung kowé kudu tak kapakké.

21 Kowé sing péngin manut hukum, apa kowé ngerti sing dikandhakké hukum Taurat? 22 Contoné, Kitab Suci kandha nèk Abraham nduwé anak loro, sing siji saka abdi wadon, lan sijiné saka wong wadon sing merdéka.* 23 Sing lair saka abdi wadon kuwi padha kaya kabèh bocah liyané, nanging sing lair saka wong wadon sing merdéka kuwi lair merga janjiné Gusti Allah. 24 Kuwi kabèh dadi gambaran, merga wong wadon loro kuwi nggambarké rong perjanjian. Hagar nggambarké perjanjian sing digawé ing Gunung Sinai, lan kabèh sing klebu ing perjanjian kuwi dadi budhak. 25 Hagar tegesé Gunung Sinai, sing ana ing negara Arab. Dhèwèké padha karo Yérusalèm sing saiki, merga dhèwèké lan anak-anaké dadi budhak. 26 Nanging Yérusalèm sing ana ing ndhuwur kuwi merdéka lan dhèwèké kuwi ibu kita.

27 Kitab Suci kandha, ”Bungaha kowé, wong wadon sing mandul, sing ora tau nglairké anak. Surak-suraka kanthi bungah, kowé wong wadon sing ora ngrasakké lara arep nglairké. Merga wong wadon sing mandul nduwé anak sing luwih akèh ketimbang wong wadon sing nduwé bojo.” 28 Saiki sedulur-sedulur, kowé kuwi anak-anak sing dilairké merga janjiné Gusti Allah, padha kaya Ishak. 29 Mbiyèn, anak sing lair kaya umumé bocah liyané kuwi mulai nganiaya anak sing lair merga roh suci, lan saiki ya isih kaya ngono. 30 Nanging, apa sing dikandhakké Kitab Suci? ”Usiren abdi wadon kuwi lan anaké, merga anak saka abdi wadon kuwi babar blas ora bakal dadi ahli waris bareng karo anak saka wong wadon sing merdéka.” 31 Dadi sedulur-sedulur, kita iki dudu anaké abdi wadon, nanging anaké wong wadon sing merdéka.

5 Kristus wis nggawé kita merdéka supaya kita isa ngrasakké kemerdékaan sing kaya ngono. Mula, padha terusa kukuh lan aja nganti kowé didadèkké budhak manèh.

2 Aku, Paulus, péngin ngandhani kowé kabèh, nèk kowé disunat, apa sing ditindakké Kristus ora bakal mènèhi paédah apa-apa kanggo kowé. 3 Sepisan manèh aku ngélingké saben wong sing péngin disunat, yaiku nèk wong-wong kuwi wajib nindakké kabèh hukum Taurat. 4 Nèk kowé kabèh ngupaya dianggep bener liwat hukum, kowé kabèh wis kepisah saka Kristus lan wis ninggalké welas asihé sing nggumunké.* 5 Nanging, kita nunggu-nunggu kanggo dianggep bener liwat roh suci lan iman. 6 Kanggo wong sing nyawiji karo Kristus Yésus, sing penting kuwi dudu disunat utawa ora, nanging sing penting kuwi iman sing diduduhké liwat katresnan.

7 Mbiyèn kowé mlayu kanthi apik. Sapa sing ngalang-alangi kowé nganti kowé ora manut manèh karo piwulang sing bener? 8 Piwulangé wong-wong sing ngalang-alangi kowé kuwi asalé dudu saka Gusti Allah sing ngundang kowé kabèh. 9 Ragi sathithik isa nyebar ing kabèh adonan.* 10 Aku yakin nèk kowé kabèh sing nyawiji karo Gusti bakal setuju karo aku. Nanging wong-wong sing nyebabké masalah ing antaramu, embuh sapa waé kuwi, mesthi bakal nampa hukuman sing pantes kanggo dhèwèké. 11 Sedulur-sedulur, nèk aku isih mulang bab sunat, wong-wong kuwi ora bakal nganiaya aku, lan piwulangku bab sédané Yésus ing cagak paukuman* ora bakal nggawé wong kesandhung. 12 Muga-muga wong-wong sing nyoba arep nggègèrké kowé bakal ngebiri wong-wong kuwi dhéwé.*

13 Sedulur-sedulur, kowé kabèh wis padha dipilih kanggo merdéka, nanging aja nggunakké kemerdékaan iki kanggo kesempatan nuruti pepénginané badan sing dosa.* Nanging, merga katresnan, dadia budhak kanggo siji lan sijiné. 14 Merga kabèh isiné hukum Taurat wis diringkes ing siji préntah, yaiku: ”Tresnaa marang pepadhamu* kaya kowé nresnani awakmu dhéwé.” 15 Nanging, nèk kowé kabèh padha terus nglarani uga nyerang siji lan sijiné, padha ngati-atia merga isa waé kowé dadi padha nyirnakké siji lan sijiné.

16 Aku péngin ngandhani kowé: Terusa mlaku manut tuntunané roh suci, lan kowé ora bakal nuruti pepénginané badanmu sing dosa.* 17 Pepénginané badan sing dosa* ora cocog karo roh suci, lan roh suci ora cocog karo badan sing dosa. Merga loro-loroné padha memungsuhan, mula kowé ora nindakké apa sing kok péngini. 18 Sakliyané kuwi, nèk kowé kabèh dituntun roh suci, kowé ora bakal nindakké hukum manèh.

19 Tumindak sing dihasilké badan sing dosa kuwi kétok cetha, yaiku hubungan sèks sing ora sah,* tumindak najis, tumindak kurang ajar,* 20 nyembah brahala, spiritisme,* memungsuhan, seneng padu, gampang curiga,* gampang nesu, bebantahan, cecongkrahan, sèkte-sèkte, 21 mèri, mabuk-mabukan, pésta bébas, lan liya-liyané. Sepisan manèh kowé kabèh tak élikké, kaya sing wis tau tak tindakké sakdurungé: Wong-wong sing terus nindakké perkara-perkara kuwi ora bakal nampa warisan Kratoné Allah.

22 Nanging woh sing dihasilké roh suci yaiku katresnan, kabungahan, katentreman, kesabaran, apik ati, apikan, iman, 23 watak sing alus, lan ngendhalèni dhiri. Ora ana hukum sing nglawan bab-bab kuwi. 24 Sakliyané kuwi, wong sing wis dadi duwèké Kristus Yésus wis matèni* kabèh nafsuné lan pepénginan badané sing dosa.*

25 Nèk kita urip manut karo tuntunané roh suci, ayo kita padha terus tumindak manut karo tuntunané roh suci kuwi. 26 Kita aja sombong, saingan, utawa mèri marang siji lan sijiné.

6 Sedulur-sedulur, nèk ana wong sing tumindaké ngarah marang sing salah, malah sakdurungé wong mau sadhar bab kuwi, kowé sing dituntun roh suci kudu mbantu dhèwèké supaya nindakké sing bener manèh. Anggonmu mbantu wong mau kudu nganggo cara sing alus. Lan kowé dhéwé kudu ngati-ati supaya ora kegodha nindakké sing salah. 2 Terusa mbantu mikul beban siji lan sijiné, lan nganggo cara kuwi kowé netepi hukum Kristus. 3 Merga nèk wong mikir dhèwèké kuwi penting, padahal sakjané dudu sapa-sapa, wong kuwi ngapusi dhèwèké dhéwé. 4 Nanging saben wong kudu nggatèkké tumindaké dhéwé, lan dhèwèké bakal bungah merga apa sing wis ditindakké, lan ora merga mbandhingké karo wong liya. 5 Sebab saben wong bakal mikul tanggung jawabé dhéwé-dhéwé.

6 Sakliyané kuwi, wong sing diwulang* pangandikané Gusti Allah kudu seneng mbagi apa sing apik karo wong sing mulang* dhèwèké.

7 Aja kapusan. Gusti Allah ora isa dirèmèhké. Merga apa sing disebar wong, ya kuwi sing bakal dipanèn. 8 Wong sing nyebar miturut pepénginan badan sing dosa* bakal manèn karusakan saka badané.* Nanging sing nyebar miturut tuntunané roh suci bakal manèn urip saklawasé saka roh kuwi. 9 Mula, aja nyerah nindakké apa sing apik. Merga nèk kita ora nyerah, kita bakal manèn pas tekan wektuné. 10 Dadi, mumpung isih ana kesempatan,* ayo kita padha nindakké apa sing apik marang kabèh wong, utamané marang sedulur-sedulur seiman.

11 Aku dhéwé sing nulis surat iki marang kowé. Gatèkna sepira gedhéné huruf-hurufé.

12 Kabèh wong sing meksa kowé supaya disunat kuwi wong-wong sing mung péngin nyenengké wong liya. Wong-wong mau nindakké kuwi supaya ora dianiaya merga cagak paukumané* Kristus. 13 Sakjané, wong-wong sing disunat kuwi dhéwé ora padha nindakké hukum Taurat. Nanging wong-wong kuwi péngin kowé disunat supaya padha isa bangga merga wis isa ngyakinké kowé kanggo disunat. 14 Nanging kanggoku, aku ora bakal bangga sakliyané bab Gusti kita Yésus Kristus sing wis mati ing cagak paukuman.* Kanggoku, donya iki wis dihukum mati liwat dhèwèké, nanging kanggoné donya iki, aku wis dihukum mati liwat dhèwèké. 15 Sing penting kuwi dudu disunat utawa ora, nanging sing penting kuwi ciptaan anyar. 16 Muga-muga katentreman lan welas asih terus ditampa karo wong-wong sing urip manut pathokan kuwi, yaiku Israèl duwèké Gusti Allah.

17 Muga-muga wiwit saiki ora ana wong sing nggawé aku susah, merga ing badanku ana tandha sing nduduhké nèk aku iki budhaké Yésus.

18 Sedulur-sedulur, muga-muga semangat sing kok duduhké diberkahi nganggo welas asih sing nggumunké saka Gusti kita, Yésus Kristus. Amin.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”Yudaisme”.

Utawa ”nganti kebangeten”.

Utawa ”Yudaisme”.

Maksudé, Pétrus.

Lit.: ”sak jam”.

Utawa ”wong-wong sing ora disunat”.

Utawa ”wong sing disunat”.

Utawa ”wong sing disunat”.

Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, Pétrus.

Utawa ”wong sing disunat”.

Maksudé, Pétrus.

Maksudé, Pétrus.

Utawa ”bébas saka”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”digantung”.

Lit.: ”winihé”.

Lit.: ”winih-winihmu”.

Lit.: ”winihmu”.

Lit.: ”winih”.

Kétoké, iki maksudé iman Kristen.

Maksudé, wong sing njaga lan momong bocah-bocah.

Maksudé, wong sing njaga lan momong bocah-bocah.

Lit.: ”winihé”.

Tembung Ibrani utawa Aram sing tegesé ”Bapak!”

Maksudé, dina-dina kusus kanggo riyaya.

Maksudé, wong wadon sing dudu budhak.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”isa nggawé kabèh adonan dadi ngembang”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”bakal dadi sida-sida”. Nganggo cara kaya ngono, wong-wong kuwi dadi ora pantes manèh kanggo nindakké hukum sing didhukung wong-wong kuwi.

Utawa ”pepénginan daging”.

Utawa ”wong liya”.

Utawa ”pepénginan daging”.

Utawa ”Pepénginan daging”.

Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”tumindak ora nduwé isin”. Yunani: aselgeia. Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, jèngkèl merga mèri utawa curiga karo wong liya.

Lit.: ”maku ing cagak”.

Utawa ”pepénginan daging”.

Utawa ”diwulang nganggo cara lisan”.

Utawa ”mulang nganggo cara lisan”.

Utawa ”pepénginan daging”.

Lit.: ”dagingé”.

Lit.: ”wektu sing ditemtokké”.

Deloken ”Cagak paukuman” ing Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim