PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • bi7 Éfésus 1:1-6:24
  • Efesus

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Efesus
  • Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar
Kitab-Kitab Yunani Kristen Terjemahan Donya Anyar
Efesus

SURAT KANGGO JEMAAT ING ÉFÉSUS

1 Paulus, sing dadi rasulé Kristus Yésus miturut kersané Gusti Allah, nulis surat iki kanggo para wong suci sing ana ing Éfésus, sing setya nyawiji karo Kristus Yésus.

2 Muga-muga kowé kabèh padha nampa welas asih sing nggumunké* lan katentreman saka Gusti Allah, Bapak kita, lan saka Gusti Yésus Kristus.

3 Muga-muga Gusti Allah, yaiku Bapak saka Gusti kita Yésus Kristus, diluhurké. Panjenengané wis mberkahi kita nganggo kabèh berkah rohani ing swarga, merga kita nyawiji karo Kristus. 4 Sakdurungé wiwitané donya,* Panjenengané wis milih kita kanggo nyawiji karo Kristus, mula kita kudu nduduhké katresnan, dadi suci, lan tanpa cacad ing ngarsané. 5 Saka wiwitan, Panjenengané wis netepké supaya kita diangkat dadi putra-putrané liwat Yésus Kristus, miturut karo apa sing dikersakké lan disenengi Panjenengané, 6 supaya wong-wong padha ngluhurké Gusti Allah, merga Panjenengané wis nggunakké Putrané sing ditresnani kanggo nduduhké welas asihé sing nggumunké* lan sing mulya marang kita. 7 Merga gedhéné welas asihé sing nggumunké,* kita ditebus nganggo getihé Putrané. Kita dibébaské, lan pelanggaran kita diapura.

8 Gusti Allah wis nduduhké welas asihé sing nggumunké* kuwi marang kita kanthi lubèr nganggo cara maringi kita kabèh kawicaksanan lan pangertèn,* 9 lan Panjenengané nyingkapké marang kita rahasia suci bab kersané. Miturut apa sing Panjenengané senengi, Panjenengané wis nemtokké 10 supaya sakwisé wektu sing ditemtokké kuwi entèk, sawijiné pengaturan ditindakké kanggo nglumpukké sakabèhé ing Kristus, yaiku sing ana ing swarga lan ing bumi. Samubarang kabèh bakal diklumpukké ing Kristus. 11 Aku kabèh nyawiji karo Kristus lan dipilih dadi ahli waris bareng dhèwèké. Saka wiwitan, Gusti Allah wis milih aku kabèh miturut rencanané, merga Panjenengané nindakké samubarang kabèh miturut kersané, 12 supaya liwat aku kabèh, yaiku wong-wong sing kapisan nduwé pangarep-arep ing Kristus, Gusti Allah diluhurké lan dipuji. 13 Nanging, kowé uga nduwé pangarep-arep ing Kristus sakwisé kowé krungu wulangan sing bener, yaiku kabar apik bab keslametanmu. Lan sakwisé kowé percaya, Gusti Allah maringi meterai marang kowé nganggo roh suci sing wis dijanjèkké, lan Panjenengané nindakké iki liwat Kristus. 14 Roh suci kuwi dadi jaminan* nèk kita bakal nampa warisan. Gusti Allah nindakké iki supaya Panjenengané isa mbébaské umaté liwat tebusan, lan kuwi nggawé Panjenengané dipuji lan diluhurké.

15 Kuwi sebabé, wiwit aku krungu bab imanmu marang Gusti Yésus lan katresnan sing kok duduhké marang para wong suci, 16 aku ora mandheg ngucap sokur merga kowé kabèh. Aku terus nyebutké kowé kabèh ing donga-dongaku, 17 supaya Bapak sing mulya, yaiku Allahé Gusti kita Yésus Kristus, nggawé kowé wicaksana lan paham perkara-perkara sing Panjenengané singkapké, supaya kowé kabèh nduwé pangertèn sing bener bab Panjenengané. 18 Gusti Allah wis mbukak atimu, supaya kowé kabèh isa ndelok lan ngerti bab pangarep-arep sing Panjenengané paringké marang kowé, lan supaya kowé padha ngerti sepira mulya lan ajiné berkah-berkah sing bakal Panjenengané paringké dadi warisan kanggo para wong suci, 19 lan supaya kowé ngerti nèk kuwasané marang kita sing percaya kuwi hébat banget. Kuwasa lan kekuwatané sing hébat kétok 20 wektu Panjenengané nguripké manèh Kristus saka antarané wong mati lan maringi dhèwèké panggonan kanggo lungguh ing sisih tengené Panjenengané ing swarga, 21 sing luwih unggul ketimbang kabèh pamréntah, pejabat, panguwasa, pemimpin, lan sakabèhé jeneng, ora mung ing jaman* iki, nanging uga ing jaman mbésuk. 22 Gusti Allah uga wis nggawé sakabèhé tundhuk ing ngisor sikilé Kristus lan ndadèkké dhèwèké kepalané samubarang sing ana hubungané karo jemaat. 23 Jemaat kuwi badané Kristus, sing dadi lengkap liwat dhèwèké. Dhèwèké sing nggawé samubarang kabèh lengkap ing sakabèhé.

2 Sakliyané kuwi, Gusti Allah wis maringi kowé urip, senajan kowé wis mati merga pelanggaran lan dosa-dosamu. 2 Mbiyèn, kowé padha urip manut cara uripé donya* iki. Kowé nindakké apa sing dipéngini panguwasa donya iki. Dhèwèké mengaruhi cara mikiré wong-wong sing ora manut lan cara mikir kuwi nyebar ing ngendi-endi kaya udara. 3 Pancèn, kita kabèh tau tumindak miturut pepénginané badan kita sing dosa,* uga nindakké perkara-perkara sing dikarepké badan lan pikiran kita sing dosa. Lan wiwit lair kita iki anak-anak sing pantes kena murkané Gusti Allah kaya wong-wong liyané. 4 Nanging merga Gusti Allah nduwé welas asih sing lubèr lan tresna banget marang kita, 5 senajan kita wis mati merga pelanggaran kita, Panjenengané maringi kita urip lan nggawé kita dadi nyawiji karo Kristus. Welas asihé sing nggumunké* kuwi nggawé kowé kabèh dislametké. 6 Sakliyané kuwi, Gusti Allah wis nguripké manèh kita lan maringi kita panggonan ing swarga merga kita nyawiji karo Kristus Yésus. 7 Gusti Allah nindakké iki supaya ing jaman* mbésuk, Panjenengané isa nduduhké welas asihé sing nggumunké* kanthi luber wektu Panjenengané maringi perkara-perkara sing apik marang kita, yaiku wong-wong sing nyawiji karo Kristus Yésus.

8 Kowé kabèh sing nduwé iman wis dislametké merga welas asihé Gusti Allah sing nggumunké.* Mula, keslametan kuwi dudu merga upayamu dhéwé, nanging kuwi anugrah saka Gusti Allah. 9 Kuwi dudu hasil saka tumindakmu, mula ora ana sing nduwé alesan kanggo bangga. 10 Kita iki ciptaané* Gusti Allah, lan kita diciptakké supaya nyawiji karo Kristus Yésus kanggo nindakké bab-bab sing apik. Kuwi sing wis ditemtokké Gusti Allah saka wiwitan kanggo kita tindakké.

11 Mula, élinga nèk kowé kabèh kuwi, yaiku wong-wong saka bangsa-bangsa liya, ndhisik tau disebut ”wong-wong sing ora disunat” karo wong-wong sing ”disunat”, yaiku wong-wong sing disunat karo manungsa. 12 Wektu kuwi, kowé ora kenal karo Kristus, kepisah saka bangsa Israèl, lan ora klebu ing perjanjian sing dhasaré saka janjiné Gusti Allah. Kowé kabèh ora nduwé pangarep-arep, lan ora kenal karo Gusti Allah ing donya iki. 13 Nanging saiki kowé kabèh nyawiji karo Kristus Yésus. Kuwi kelakon supaya senajan kowé mbiyèn adoh saka Gusti Allah, kowé saiki cedhak karo Pajenengané merga getihé Kristus. 14 Kristus kuwi sing ngrukunké kita, dhèwèké kuwi sing nggawé rong kelompok dadi siji lan ngrubuhké témbok sing misahké rong kelompok kuwi. 15 Kanthi ngurbanké badané, dhèwèké mungkasi hukum Taurat sing isiné préntah sing nggawé rong kelompok kuwi mungsuhan. Nganggo cara kuwi, dhèwèké ngrukunké lan nggawé rong kelompok kuwi, yaiku wong-wong sing nyawiji karo dhèwèké, dadi sak bangsa sing anyar.* 16 Sakliyané kuwi, dhèwèké ngrukunké rong kelompok kuwi karo Gusti Allah liwat cagak paukumané,* supaya rong kelompok kuwi dadi badan siji, merga liwat sédané, dhèwèké mungkasi memungsuhan kuwi. 17 Dhèwèké teka lan martakké kabar apik bab karukunan marang kowé, yaiku wong-wong sing adoh saka Gusti Allah, lan marang wong-wong sing cedhak karo Panjenengané, 18 merga liwat dhèwèké, kita kabèh, yaiku rong kelompok mau, isa nyedhak marang Bapak kanthi bébas merga kita nampa roh suci sing padha.

19 Mula, kowé kabèh dudu wong asing lan penduduk saka negara liya manèh, nanging padha-padha warga negara bareng karo wong suci, lan kowé kabèh kuwi uga anggota keluargané Gusti Allah. 20 Kowé kabèh wis dibangun ing ndhuwuré pondhasi, yaiku para rasul lan para nabi, nanging Kristus Yésus kuwi watu pondhasi sing utama. 21 Bagéan-bagéané bangunan kuwi nyawiji kanthi apik. Lan merga nyawiji karo Kristus, bangunan kuwi mundhak gedhé lan dadi bait suci kanggo Yéhuwah. 22 Mula, merga kowé kabèh nyawiji karo Kristus, kowé kabèh lan wong-wong liyané dibangun bareng-bareng kanggo dadi panggonané Gusti Allah, sebab roh suciné ana ing kana.

3 Aku, Paulus, dipenjara demi Kristus Yésus lan demi kowé kabèh, yaiku wong-wong saka bangsa liya. 2 Kowé kabèh mesthi wis padha krungu nèk aku wis nampa tanggung jawab* kanggo mbantu kowé supaya éntuk paédah saka welas asihé Gusti Allah sing nggumunké.* 3 Gusti Allah wis nyingkapké rahasia suciné marang aku, sing sakdurungé wis tak tulis kanthi singkat marang kowé. 4 Dadi wektu kowé maca iki, kowé kabèh bakal ngerti nèk aku paham rahasia suci bab Kristus. 5 Ing jaman* mbiyèn, Gusti Allah durung nduduhké rahasia iki kanthi cetha marang putra-putrané manungsa. Nanging saiki, liwat roh suci, Panjenengané wis nduduhké rahasia iki kanthi cetha marang para rasul lan para nabiné sing suci. 6 Rahasia kuwi yaiku: Liwat kabar apik, wong-wong saka bangsa liya sing nyawiji karo Kristus Yésus, bakal dadi ahli waris bareng karo Kristus lan dadi anggota saka badan sing padha. Wong-wong kuwi uga bakal nampa bab sing padha, sing wis dijanjèkké Gusti Allah marang aku kabèh. 7 Aku dadi pelayan kanggo rahasia kuwi merga welas asihé Gusti Allah sing nggumunké,* sing diparingké marang aku liwat kuwasané.

8 Aku iki sing paling asor ing antarané para wong suci. Nanging welas asihé sing nggumunké* kuwi diparingké marang aku, supaya aku isa martakké kabar apik marang bangsa-bangsa liya bab berkah saka Kristus sing cacahé nganti ora isa diétung, 9 lan nggawé kabèh wong padha ngerti bab piyé rahasia suci kuwi ditindakké. Wiwit jaman mbiyèn, rahasia kuwi didhelikké karo Gusti Allah sing nggawé samubarang kabèh. 10 Nganggo cara kuwi, liwat jemaat, saiki para pamréntah lan panguwasa ing swarga isa ngerti bab kawicaksanané Gusti Allah sing kétok saka kabèh perkara. 11 Iki mau kabèh cocog karo kersané sing langgeng, sing wis Panjenengané tetepké supaya kelakon liwat Kristus Yésus Gusti kita. 12 Merga nduwé iman marang dhèwèké, kita isa nduwé kebébasan kanggo ngomong lan isa nyedhak marang Gusti Allah kanthi bébas. 13 Mula, aku nyuwun marang kowé supaya kowé aja nganti cilik ati merga ngerti kasangsaran sing tak alami demi kowé, sebab kasangsaranku iki bakal nggawé kowé dimulyakké.

14 Kanggo alesan kuwi aku jèngkèng ing ngarsané Bapak. 15 Kabèh keluarga ing bumi lan ing swarga ana merga Panjenengané.* 16 Aku ndonga marang Gusti Allah sing kebak kamulyan supaya nggunakké kuwasa roh suciné kanggo nguwatké ati lan pikiranmu. 17 Aku uga ndonga marang Gusti Allah supaya liwat imanmu, Kristus lan katresnan sing kudu kok duwèni manggon ing atimu. Muga-muga kowé ngoyod lan kukuh ing ndhuwuré pondhasi kuwi, 18 supaya kaya para wong suci, kowé isa paham tenan bab sepira ambané, dawané, dhuwuré, lan jeroné bab-bab rohani, 19 lan ngerti bab katresnané Kristus sing luwih penting ketimbang pangertèn. Nganggo cara kuwi, kowé isa nampa kabèh sipaté Gusti Allah sing diparingké marang kowé kanthi lengkap.

20 Gusti Allah, liwat kuwasané sing ana ing kita, isa nindakké perkara-perkara sing luwih akèh ketimbang sing kita jaluk utawa pikirké. 21 Mula Panjenengané pantes nampa kamulyan liwat jemaat lan liwat Kristus Yésus, turun-temurun nganti saklawas-lawasé. Amin.

4 Aku, sing dipenjara merga dadi muridé Gusti, nyuwun marang kowé supaya kowé padha tumindak sing pantes kaya wong-wong sing wis dipilih karo Gusti Allah. 2 Kowé kudu terus andhap asor, alus, sabar, tabah marang siji lan sijiné merga tresna. 3 Roh suci wis nggawé kowé nyawiji. Ngupayaa tenanan kanggo tetep nyawiji, nganggo cara rukun karo siji lan sijiné. 4 Mung ana badan siji, lan roh suci siji, padha kaya mung ana pangarep-arep siji sing nggawé kita padha dipilih. 5 Ana Gusti siji, iman siji, baptisan siji, 6 Gusti Allah siji sing dadi Bapaké sakabèhé, sing nguwasani sakabèhé, sing tumindak nggunakké sakabèhé, lan sing kuwasané ana ing sakabèhé.

7 Saben wong ing antarané kita wis nampa welas asih sing nggumunké* saka Gusti Allah, lan Kristus sing mènèhi anugrah kuwi marang kita. 8 Merga Kitab Suci kandha, ”Wektu dhèwèké munggah menyang panggonan sing dhuwur, dhèwèké nggawa para tawanan, lan mènèhké kuwi dadi anugrah sing wujudé manungsa.” 9 Terus, apa maksudé ”dhèwèké munggah”? Kuwi maksudé dhèwèké uga mudhun ing ngisor, yaiku ing bumi. 10 Dhèwèké sing mudhun kuwi ya dhèwèké sing munggah menyang panggonan sing luwih dhuwur ketimbang kabèh langit, supaya dhèwèké isa nggawé kabèh perkara dadi kelakon.

11 Lan dhèwèké mènèhké marang jemaat sapérangan wong kanggo dadi rasul, sapérangan wong kanggo dadi nabi, sapérangan wong kanggo dadi penginjil,* sapérangan wong kanggo dadi pangon lan guru, 12 kanggo mbantu* para wong suci nindakké sing bener, kanggo nglayani, kanggo mbangun badané Kristus,* 13 nganti kita kabèh nyawiji ing iman lan nduwé pangertèn sing bener bab Putrané Gusti Allah, lan kita dadi wong sing bener-bener diwasa, nganti sipat-sipat kita bener-bener kaya wong diwasa, kaya Kristus. 14 Supaya kita ora dadi kaya bocah cilik manèh, sing diobat-abitké ombak lan digawa mrana-mréné karo werna-werna ajaran palsu saka wong-wong sing ngapusi, sing nggunakké cara sing licik. 15 Nanging karo ngomongké apa sing bener, ayo kita padha nresnani lan dadi saya diwasa ing kabèh perkara supaya kita isa dadi kaya Kristus, kepala kita. 16 Liwat dhèwèké, kabèh anggota badan isa nyawiji kanthi apik lan saben anggotané mbantu siji lan sijiné kanggo mènèhi apa sing dibutuhké badan kuwi. Nèk saben anggota nindakké bagéané dhéwé-dhéwé kanthi apik, kuwi isa nggawé badan kuwi saya gedhé, mula badan kuwi dadi kuwat ing katresnan.

17 Dadi, iki sing tak omongké lan tak cethakké marang kowé ing asmané Gusti, yaiku kowé aja urip kaya wong-wong ing donya, merga wong-wong kuwi padha nuruti pikirané sing tanpa guna.* 18 Pikirané wong-wong kuwi peteng lan wong-wong kuwi adoh saka urip sing asalé saka Gusti Allah, merga wong-wong kuwi ora péngin kenal karo Gusti Allah lan merga atiné ora tanggap.* 19 Wong-wong kuwi wis ora ngerti pathokan moral, mulané padha tumindak kurang ajar* lan péngin terus nindakké kabèh perkara sing najis.

20 Nanging kowé wis sinau nèk Kristus ora kaya ngono. 21 Yésus mulang apa sing bener, lan nèk kowé krungu saka dhèwèké lan diwulang liwat dhèwèké, kowé mesthi bener-bener ngerti perkara-perkara kuwi. 22 Kowé wis diwulang kanggo nyingkirké kepribadian lawas, yaiku uripmu mbiyèn sing dirusak karo pepénginan sing nyasarké kowé. 23 Kowé kudu terus dianyarké ing pikiran* lan sikapmu, 24 lan kowé kudu nganggo kepribadian anyar sing digawé miturut kersané Gusti Allah, cocog karo apa sing bener lan kasetyan sing sejati.

25 Saiki, sakwisé kowé nyingkirké kabèh bab sing ora bener, saben wong ing antaramu kudu ngomong sing jujur karo wong liya, merga kita anggotané badan siji. 26 Nèk kowé nesu, aja nindakké dosa. Aja nganti kowé isih nesu wektu srengéngé angslup. 27 Aja mènèhi kesempatan* kanggo Iblis. 28 Wong sing seneng nyolong, aja nyolong manèh, nanging dhèwèké kudu nyambut gawé kanthi mempeng lan nindakké apa sing apik supaya dhèwèké isa mènèhi wong sing kekurangan. 29 Aja nganti ana tembung-tembung sing ora apik metu saka tutukmu, nanging terusa ngomongké apa sing apik kanggo nguwatké, supaya wong sing ngrungokké isa éntuk paédah. 30 Aja nggawé sedhih roh suciné Gusti Allah, merga kowé wis diparingi tandha nganggo meterai, yaiku roh suci, kanggo dislametké liwat tebusan ing dina pembébasan.

31 Singkirna kabèh rasa dendam, rasa nesu, rasa murka, seneng nggetak-nggetak, omongan sing ngrèmèhké, lan kabèh sing ala. 32 Nanging kowé kudu apikan karo siji lan sijiné, nduwé welas asih, lan kanthi saktulusé ati ngapurani siji lan sijiné, kaya Gusti Allah kanthi tulus ngapurani kowé liwat Kristus.

5 Dadi, tirunen Gusti Allah kaya anak-anak sing ditresnani, 2 lan terusa nresnani, kaya Kristus uga nresnani kita* lan masrahké awaké kanggo kita* dadi persembahan lan kurban sing wangi kanggo Gusti Allah.

3 Aja nganti kowé padha ngomongké bab hubungan sèks sing ora sah* lan saben jenis kenajisan utawa kesrakahan, merga kuwi ora pantes kanggo wong-wong suci, 4 uga aja tumindak sing ngisin-isini utawa omongan sing ora ana gunané utawa guyonan sing saru-saru, merga kuwi kabèh ora pantes, nanging kowé padha ngucapa sokur. 5 Merga kowé dhéwé ngerti lan sadhar nèk wong sing nindakké hubungan sèks sing ora sah* utawa wong sing najis utawa wong sing srakah, sing padha karo wong sing nyembah brahala, ora bakal nampa warisan ing Kratoné Allah, sing dipréntah karo Kristus.

6 Aja nganti ana sing ngapusi kowé nganggo tembung-tembung sing ora ana gunané, merga bab-bab kuwi nggawé Gusti Allah murka marang wong-wong sing ora manut. 7 Dadi, aja nindakké apa sing ditindakké* wong-wong kuwi. 8 Mbiyèn, kowé ana ing pepeteng, nanging saiki kowé ana ing pepadhang merga wis dadi duwèké Gusti. Terusa urip dadi anak-anaké pepadhang, 9 merga pepadhang ngasilké kabèh bab sing apik, adil, lan bener. 10 Terus pastèkna apa sing nyenengké Gusti.* 11 Aja mèlu-mèlu manèh nindakké tumindak pepeteng sing ora ana gunané, nanging duduhna nèk kowé ora seneng karo kuwi kabèh. 12 Merga apa sing meneng-meneng ditindakké karo wong-wong kuwi ngisin-isini banget kanggo diomongké. 13 Kabèh perkara kuwi disingkapké karo pepadhang, supaya kabèh perkara sing disingkapké kuwi dadi padhang. 14 Mula Kitab Suci kandha, ”Kowé sing lagi turu, tangia lan uripa manèh saka antarané wong mati, lan Kristus bakal madhangi kowé.”

15 Mula gatèkna tenanan cara uripmu supaya kowé dadi wong sing wicaksana, dudu wong sing ora wicaksana. 16 Gunakna wektumu nganggo cara sing paling apik,* merga saiki kita urip ing jaman sing jahat. 17 Dadi, aja tumindak sing ora masuk akal manèh, nanging terusa pahami apa kersané Yéhuwah. 18 Uga, aja mabuk merga anggur, sebab uripmu bakal rusak.* Nanging terusa dikebaki karo roh suci. 19 Kuwatna siji lan sijiné* nganggo mazmur, lagu pamuji kanggo Gusti Allah, lan lagu rohani. Nyanyia lagu pamuji kanggo Yéhuwah saka atimu. 20 Ing bab apa waé, terusa ngucap sokur marang Gusti Allah, Bapak kita, nganggo jenengé Gusti kita Yésus Kristus.

21 Manuta marang siji lan sijiné merga tenanan ngajèni Kristus. 22 Wong wadon kudu manut marang bojoné, kaya marang Gusti, 23 merga wong lanang kuwi kepalané bojoné, kaya Kristus kuwi kepalané jemaat, yaiku badané, sing wis dhèwèké slametké. 24 Sakjané, kaya jemaat manut marang Kristus, wong wadon uga kudu manut marang bojoné ing kabèh perkara. 25 Wong-wong lanang, terusa nresnani bojomu, kaya Kristus uga nresnani jemaat lan masrahké awaké kanggo jemaat, 26 supaya dhèwèké isa nggawé jemaat dadi suci, ngresiki kuwi nganggo banyu, yaiku pangandikané Gusti Allah. 27 Nganggo cara kuwi, kanggoné Yésus dhéwé, jemaat dadi éndah, ora reged, tanpa kerut utawa karusakan liyané, nanging dadi suci lan tanpa cacad.

28 Nganggo cara sing padha, wong-wong lanang kudu nresnani bojoné kaya nresnani badané dhéwé. Wong lanang sing nresnani bojoné nresnani badané dhéwé, 29 merga ora ana wong sing sengit marang badané* dhéwé, nanging badané mesthi diwènèhi mangan lan diopèni, kaya sing ditindakké Kristus marang jemaat, 30 sebab kita iki anggota badané. 31 ”Kuwi sebabé wong lanang bakal ninggalké bapaké lan ibuné, terus bakal urip bareng* karo bojoné, lan loro-loroné kuwi bakal dadi siji.”* 32 Rahasia suci iki penting. Saiki aku ngomong bab Kristus lan jemaat. 33 Nanging kanggo kowé, saben wong lanang ing antaramu kudu nresnani bojoné kaya nresnani badané dhéwé, semono uga sing wadon kudu bener-bener ngajèni bojoné.

6 Bocah-bocah, manuta marang wong tuwamu kaya kersané Gusti,* merga iki sing bener. 2 ”Ajènana bapakmu lan ibumu” kuwi préntah kapisan sing diparingké bareng karo janji iki: 3 ”Supaya uripmu kepénak* lan umurmu dawa ing bumi.” 4 Lan bapak-bapak, aja nggawé atiné anak-anakmu dadi mangkel, nanging gedhèkna anak-anakmu nganggo didikan* lan naséhaté* Yéhuwah.

5 Para budhak, manuta marang majikanmu sing ana ing bumi, padha wedia lan ngajènana saktulusé atimu, kaya marang Kristus, 6 ora mung wektu ana sing ndelok supaya isa nyenengké manungsa, nanging kaya budhaké Kristus sing nindakké kersané Gusti Allah sakwutuhé kekuwatanmu.* 7 Ladènana majikanmu kanthi lila kaya kanggo Yéhuwah, lan dudu kanggo manungsa. 8 Merga kowé ngerti nèk saben wong, embuh kuwi budhak utawa wong merdéka, bakal diopahi karo Yéhuwah kanggo saben tumindaké sing apik. 9 Semono uga kowé para majikan, tumindaka sing padha marang budhak-budhakmu, ora ngancem, merga kowé ngerti nèk kowé lan budhak-budhakmu nduwé Majikan ing swarga lan Panjenengané kuwi ora mbédak-bédakké wong.

10 Sing pungkasan, terusa ngupaya kanggo éntuk kuwasa saka Gusti* merga Panjenengané nduwé kekuwatan sing gedhé. 11 Nganggoa kabèh perlengkapan perang saka Gusti Allah, supaya kowé isa terus kukuh wektu nglawan siasat liciké Iblis. 12 Merga kita berjuang* ora nglawan manungsa,* nanging nglawan pamréntah, para pemimpin, lan para panguwasa donya sing peteng iki, yaiku roh-roh jahat ing wilayah swarga. 13 Kuwi sebabé, jupuken kabèh perlengkapan perang saka Gusti Allah, supaya kowé isa nglawan wektu ana serangan jahat* lan terus kukuh sakwisé kowé nindakké kabèh sing kudu ditindakké.

14 Mula, terusa kukuh kanthi cara nganggo sabuk yaiku kabèh bab sing bener, nganggo tutup dhadha yaiku tumindak sing bener, 15 lan nganggo sepatu ing sikilmu yaiku siap martakké kabar apik bab katentreman. 16 Sakliyané kuwi kabèh, jupuken tamèng gedhé yaiku iman, lan kowé bakal isa matèni kabèh panah geni saka Sétan* nganggo kuwi. 17 Uga, nganggoa topi wesi yaiku keslametan, lan pedhang roh yaiku pangandikané Gusti Allah, 18 karo terus ndonga nganggo tuntunané roh suci ing saben kesempatan, ing saben bentuk donga lan panyuwun. Terusa jaga-jaga lan nyuwun kanggo kepentingané kabèh wong suci. 19 Uga, dongakna aku, supaya wektu aku mbukak lambéku, aku isa ngomong kanthi kendel kanggo martakké rahasia suci bab kabar apik. 20 Gusti Allah sing ngutus aku kanggo martakké kabar apik. Kuwi sebabé aku diranté kaya ngéné. Dadi dongakna aku supaya isa kendel ngomong bab kabar apik, kaya sing sakmesthiné.

21 Tikhikus, sedulur sing ditresnani lan abdiné Gusti sing setya, bakal ngandhani sakabèhé bab aku marang kowé lan bab kahananku. 22 Aku ngutus dhèwèké marang kowé supaya dhèwèké isa ngandhani kowé bab kahanané aku kabèh lan supaya dhèwèké isa nglipur atimu.

23 Muga-muga, para sedulur nduwé katentreman, katresnan, lan iman sing asalé saka Gusti Allah, Bapak kita lan saka Gusti Yésus Kristus. 24 Muga-muga, kabèh sing bener-bener nresnani Gusti kita Yésus Kristus nampa welas asih sing nggumunké.*

Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, wiwit anak-anaké Adam lan Hawa dilairké.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Dafar Istilah.

Utawa ”akal séhat”.

Utawa ”dadi dhuwit panjer; dadi janji kanggo apa sing bakal kelakon”.

Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”pepénginan daging kita”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”sistem-sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”hasil gawéan astané”.

Lit.: ”sak manungsa anyar”.

Deloken ”Cagak paukuman” ing Daftar Istilah.

Utawa ”wis dadi pengurus”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”generasi-generasi”.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”utang jeneng marang Panjenengané”.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”dadi sing martakké kabar apik”.

Utawa ”nglatih”.

Maksudé, jemaat pengikuté Kristus.

Utawa ”sia-sia”.

Utawa ”kethul”.

Utawa ”tumindak ora nduwé isin”. Yunani: aselgeia. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”ing kekuwatan sing ngarahké pikiranmu”.

Utawa ”panggonan”.

Utawa mungkin ”kowé”.

Utawa mungkin ”kowé”.

Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”aja kekancan karo”.

Yunani: Kyrios. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”Tukunen kabèh wektu sing ana”.

Utawa ”bakal ora isa dikendhalèni”.

Utawa mungkin ”awakmu dhéwé”.

Lit.: ”dagingé”.

Ing basa Yunani, tembung iki maksudé ”rumaket banget, kaya kelèt karo lém”.

Lit.: ”sak daging”.

Yunani: Kyrios. Deloken Daftar Istilah.

Maksudé, makmur.

Utawa ”disiplin”.

Utawa ”tuntunané; arahané”. Lit.: ”lan nglebokké pikirané”.

Lit.: ”jiwamu”. Deloken Daftar Istilah.

Yunani: Kyrios. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”gelut”.

Lit.: ”getih lan daging”.

Lit.: ”ing dina sing jahat”.

Lit.: ”si jahat”.

Deloken Daftar Istilah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim